Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Innalilahi Wa Innalihai Rojiun

Sedaya ingkang gumelar wonten ing alam donya menika kagunganipun Allah SWT,
tartamtu benjang ugi badhe wangsul wonten ngarsanipun gusti kang maha kawasa.

Sinartan sinukertaning budirahayu dalasan sarwi hangluhuraken asmaning Gusti


ingkang murbeng dumadi, humiring sowan kula marak wonten ngrasanipun sagung
asung bela sungkawa kakung sumawana putri ingkang luhuring budi, saksana
bangkit hanyandang myang hayandong rumentahing berkah dalasan sih
wilasanipun, tansaha tumendak tumanduk konjuk asung bela sungkawa sedaya
linuberna dateng kawula sumrambah sagung gesang.

Ingsaklajengipun nyuwun pangapunten ingkang kathah hambok bilih kula marak


mangarsa wonten arsa panjenengan sedaya, inggih karana mestuti dalasan
hanyendikani dawuh saking (……………..) dalasan baraya ingkang nedheng
hanawung duhkita, kula ingkang sinaraya kinarya pambiwara nderekaken upacara
pangruktining sariralayu ing kalenggahan menika, awit konduripun (……………..)
wonten pangayunanging gusti

Kinarya marbuka wiwaraning atur sumangga nun kula nderekaken hangluruhaken


asmaning Allah SWT, awit inggih karana rumentahing berkah dalasan sih
wilasanipun kula lan panjengan maksih pinarengaken makempal mratelaken sih
sutresna dhumateng baraya ingkang nandhang dhukita inggih menika kluarga
……………….. awit sedanipun ………………

Keparengna kula maosaken titilaksana duhkitacara ingkang badhe kelampahan,


purwa madya wasana kasinggihan mekaten :

1. Pambuka
2. Sholat Jenazah
3. Pambagyaharja dalasan aturpanuwun
4. Hastungkara Pandonga bidaling sasiralayu
5. Pripurna

Mekaten kalawau reroncening upacara pangruktining sariralaya ing kalenggahan


menika, keparengna kula hamngrempili mbaka sawiji tata upacara menika, nyuwun
tambahing pangestu mugi lampahing pangruktining sariralayu ……………… tansah
manggih yuwana lir ing sambikala. Aamiin.

1. (Pambuka)
Ngancik upacara angka sawiji inggih menika pambuka, sumangga langkung
rumiyin ingkang ngrasuk agami islam kula nderekaken maos basmallah
sesarengan, dene ingkang ngrasuk agami sanes kasumanggaken dedonga
pambuka jumbuh kalawan kapitadosan sowang sowang, maos basmallah
sesarengan, “Bismillahirohmanirohim” mugi kanthi sih wilasaning gusti tansah
rumentah ing sakmadyaning upacara menika lan hanyembuha dateng rancaging
upacara menika

2. (Sholat Jenazah)
Laju urut reroncening upacara sariralayu inggih menika sholat jenazah, atur
uninga bilih sholat jenazah sampun diadani kanthi banyu mili lan sampun
makaping kaping, awit saking menika konjuk asung belasungkawa ingkang
dereng nyolataken jenazah, kasumanggaken lumebu wonten dalem duhkita
saperlu nindakaken sholat jenazah.

3. (Pambagyaharjo)
Lumintuning rantaman duhkitacara urut saklajengipun non inggih atur
pambagyaharjo dalasan atur panuwun.
Sagung asung bela sungkawa kang mahambeg dharma, ing sekawit Bp/Ibu
………….. badhe matur kiyambak wonten arsa panjenengan sedaya, ananging
karana nandhang sungkawa ingkang lebet, tan kuwawi matur kiyambak
satemah nyuwun sanjata pitulungan dateng ingkang nyepeng song song agung
ing Desa Manjung inggih menika Bapa Kepala Desa, Bapa …………. , ingkang
menika konjuk Bapa ………… sasana kang wus pinanci kasumanggaken
sawetahipun. Nuwun

4. (Hastungkara)
Lumebu upacara saklajengipun inggih menika hastungkara pandonga, konjuk
Bapa ………… ingkang sampun kapiji, kersaa jengkar saking papan pilenggahan
tumuju papan kang sampun pinji, saperlu nderekaken para asung bela
sungkawa dedonga wonten ngarsani gusti kang maha agung. Nuwun

(Biasane langsung diberangkatkan karo pembaca doa, yen ora kamu acarani sek,
yen ono susupan yo susupan sek, setelah itu, langsung aja kata katane bidaling
sasiralayu sakmenika, terus baca lailahailallah)

5. (Panutup)
Sugeng Tindak ………………., mugi kanthi humiring donga pamuji, tansah
langgeng mulya ing loka baka caket mring gusti Allah SWT.
Sagunga sung bela sungkawa, mekaten sembadaning upacara pangruktilaya
……………… ingkang sampun tinimbalan Gusti.
Kula kang maraga pinangka pambiwara tartamtu taksih katah kuciwanipun,
ingkang menika kanthi andap asoring manah nyuwung lumunturing samodra
pangaksami.
Wonten tuna lepat, kithaling tembung tuwin kirang wijang wijiling wicara mugi
diagung ing pangaksami.
Maturnuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai