Anda di halaman 1dari 1

” Hong ilaheng ,hong ilaheng hawignam hastu nama sidham, mastu silah mring

Hyang Jagad Karana , siran tandha kawisesaning bisana, sana sinawung langening
wilapa ,estu maksih lestantun lampahing carita Mahabbarata, winursita ngupama
prameng niskara, karanta dyan tumiyeng jamana purwa,winisudha trahingkang di
nama-dama, pinardi tameng lelata mangkya tekap wasananing gupita, tanwing
pralambang matumpa-tumpa, marma panggung, panggeng, panggunggung sang
murweng kata , Hoong,, ”
“Hong ilaheng ,hong ilaheng awigena mastuhu purnama sidham, Mastu silap mring
Hyang Jagad Karana siran tandha kawisesaning bisana, sana sinawung langening
wilapa. Estu maksih lestantun lampahing buda, jinantur tutur katula tula tetela tulat
mring labdeng paradya. Winursita ngupama prameng niskara, karanta dyan
tumiyeng jamana purwa,winisudha trahingkang di nama-dama. Pinardi tameng lelata
mangkya tekap wasananing gupita, anuwung pralambang matumpa-tumpa,
Rinengga panggung, panggeng, panggunggung sang murweng kata , Hoong,, ”

“Nenggih kang winurweng gupita kang kaeka adi dasa purwa Eko sawiji, adi linuwih,
dasa sepuluh, purwa araning kawiwitan. Senajan angupaya praja sewu tan sedasa
satus tan ngatur kalih sajuga kang kinarya purwaning kanda. ing kono
kagambaraken adeging kraton……… “

Anda mungkin juga menyukai