Anda di halaman 1dari 2

JANTURAN NAGARI HASTINAPURA JAMAN PRABU PANDU

Swuh rep data pitana,


Hanenggih nagari pundi tha kang kaeka adi dasa purwa.
Eka sawiji adi luwih dasa sepuluh purwa wiwitan.
Nadyan kathah titahing jawata ingkang Kangkulan ing angkasa, sinangga ing pertiwi, kinupit ing
samodra kathah ingkang samya anggana raras.
Nanging datan kadi nagari Hastina, ya negara ing Gajah Oya, Liman Benawi, ya ing Kuru Jenggala.
Mila winastan nagara Hastina duk’ing uni kedhatoning Prabu Hastimurti. Mila winastan Gajah oya
kang yasa Prabu Gajah Oya.

Yen ngupaya satus tan antuk kalih sewu tan jangkep sedasa. Ora mokal lamun minangka bebukaning
carita dhasar negara panjang, apunjung, pasir, wukir, gemah ripah, loh jinawi, karta, tata raharja.
Panjang dawa pocapane, punjung luhur kawibawane, Pasir samodra, wukir gunung. Pranyata Negari
Hastina ngungkurake pagunungan ngeringaken bengawan nengenaken pasabinan, miwah
ngayunaken bandaran agung.

Gemah kathah para nahkoda kang samya lumaku dedagangan anglur selur tan ana pedhote, labet
datan ana sangsayane margi. Aripah kathah para janma manca negari ingkang samya katrem bebale
wisma salebeting kitha Nagari Hastina, jejel apipit, aben cukit tepung taritis papan wiyar katingal
rupak.

Loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku. Karta para kawula ing padhusunan
ngungkulaken pangolahing tetanen, ingon-ingon kebo, sapi, pitik, iwen tan ana cinancangan rahina
aglar ing pangonan lamun dalu bali marang kandhange dhewe-dhewe. Raharja tegese tebih
parangmuka karana para mantri bupati wicaksana limpating kawruh tan kendhat denya ambudi daya
kaluhuraning sri narapati.

Marmaning Negara Ngastina jeneng anempuh bebasan gedhe obore padhang jagade dhuwur
kukuse, adoh kuncarane. Ora ngemungake kanan kiring kewala, senadyan ing praja maha praja
kathah ingkang samya tumungkul datan sarana linawan bandayuda, amung kayungyung poyane
kautaman. Bebasan ingkang celak samya manglung ingkang tebih mentiyung, asok bulu bekti,
glondhong pengareng-areng, peni-peni raja peni, guru bakal guru dadi.

Wenang den ucapna jejuluke sang nata ajejuluk Maha Prabu Pandu Dewanata, ya Maha Prabu
Pandu Dewayana, ya sang Gandawastra, ya sang Sudarmo.
Narendra amiguna ing aguna tan ngendhak gunaning jalma, remen ganjar kawula wisuda ingkang
saking pamrih. Lelabuhan sang nata paring payung wong kudanan, paring kudung wong kepanasen,
paring teken wong kang kalunyon, paring boga wong kaluwen, paring sandang kaudan, maluyakaken
sesakit, miwah karya sukaning prihatin.

Yen ta ginunggunga wiyare jajahan miwah luhuring kaprabon saratri tan ana pedhote.
Sinigek pinunggel kang murweng kawi nuju ari sajuga sang nata tedhak siniwaka ing siti hinggil
binatu rata lenggah ing dhampar dhenta ingkang pinalipit kancana, pinatik nawa retna Linemekan
babut premadani, sinebaran sari-sari ginanda wida jebat kasturi.
Ginarebek sagunging para kenya biyada, badhaya, srimpi, manggung, katanggung jaka palara-lara
kang samya nampil upacaraning keprabon Banyak dhalang, hardawalika, kacu mas, sawunggaling
dwipangga kang sarwa retna Ginebutan laring manyura kanan kiring sumerbak gandaning sang nata
dumugi pangurakan. Tan Mantra-mantra Manungsaning arpata yayah Sang Hyang Darma
dewataning sesanggeman hangejawantah.

Rep sidem premanem, datan ana sabawane walang awisik gegodongan tan ana ebah samirana datan
lumampah, ingkang kapiyarsa amung swaraning abdi kriya, gending, myang kemasan ingkang sami
nambut kardi pating carengkling imbal ganti lir mandaraga.

Sinten tha ing kepareng ngayun mlakune kaya sang mantri pangarsa, patih wasesaning praja Hastina.
Sajrohing wang rumiyin jajal kasih Raden Gandamana, ya Raden Patih Kura Gandamana. Boten
antos wios pangandikaninpun sang nata dateng sang rekyana patih wonten gedrek angoning
pesowanan jawi. Kehing kang para wadya kang samya mara seba polahe kaya gabah den interi.
Karana angormati rawuhing narendra ing mandala Prabu Basudewa. Mandap saking narata
keprabon kinurmatan weling kiayi Kalasangka kaping tigang dasa tiga, pating jalegur swarane.
Gyo tanggap panggrahita Prabu Pandu sak semandat saking kalenggahan. Mapakaken naipun
ngraka nata mandura Prabu Basudewa. Gyo gegandengan asta sapala setingacara nenggah satata
jer mangkana pangujasmaning penggalih sang nata Prabu Pandu Dewanata lamun tha dereng
kawijiling lesan.

Anda mungkin juga menyukai