Anda di halaman 1dari 7

JEJER MAESPATI

Swuh Rep data pitana Sesanti Bhinneka Tunggal Ika Tan Hanna Darma Mangrowa, bedaning nusa, basa Klawan agama datan dadya pepalang hanggayuh rukuning bebrayan, labet ing mriku tan wonten lelabuhan ingkang hamangro tingal, sajuga kang dadya sarana, sawiji ingkang kaesthi anenggih pagelaran wayang purwa tumuju dhateng luhur kuncaraning bangsa. Wayang sembada dadya piwulang hangajap rukuning rowang, wiwit purwa tumekeng duksina dennya asung tuladha datan pa kemba, jer lungiding carita miwah sanggit sandyakala kang ginedhong jroning wayang purwa, tuhu dadya senajata kinarya hambrastha budi nistha hambeg candhala. Wiwitan ngantya tancep kayon tansah asung pasemon, pepali miwah palupi ingkang sadaya hangesthi dhateng luhuring tatakrami. Narbuka wiwaraning kandha sarana hambedhah lungiding carita, anenggih punika gumelaring praja ingkang kaeka adi dasa purwa. Tuhu punika negari ingkang ginupit ing dalu mangke, awasta Praja Maepati inggih sinebat negari Meriyapura. Pramila sinebat Maespati labet negari ingkang dipun suyuti
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

narendra mahambeg paramarta. Meriyapura karana negari yasane Prabu Meriya. Negari Maespati dumunung aneng madyaning nusa, banjaraning pulo kadya rante kencana ingkang saben pulo pinasak harga. Biru maya pucaking haldaka kinemulan salju memplak kadya kapuk den wusoni. Datan kantun tinon sungapaning toya benawi katingal ngelangut, kapantog uruting ancala kadya ginaris anut tepining cakrawala. Ombaking samodra mbalabar aglar ing pasir gumelar. Kaladuking panyandra negari Maespati binasakaken panjang, punjung, wukir, gemah, ripah, loh jinawi, tata tur raharja. Panjang pinardawa pocapane, punjung luhur pangaribawane, pasir araning wedhi, wukir gunung, gemah kehing janma kang lagya kontap makarti katingal kumrembyah, satemah kuruping pakarti turah, keluarga dadya sakinah lire dhemen pradhah ngamal jariyah. Ripah kehing kawula kacekapan gesangira temah tan wonten warga ingkang kasangsaya ngulandara papariman dadya bangsa ingkang ngucira. Wisma-wisma bebanjengan aben cukit tepung taritis, upama ora ana larangane ana randha kawasa ngingu gajah prapteng wantilan, macan tumeka krangkeng.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Loh tegese tulus kang sarwa kang tinandur murakapi, wiji tinandur dadya sempulur tan wonten lemah nglengkara bebasan lemah kapur samya den luhur, lemah cengkar dadya subur sadhengah tinandur mesthi dadi wohe kumrembyah hangemohemohi. Jinawi mengku werdi murah kang sarwa tinuku, dagang blantik daton kesluru, saben hari samya lumintu, candhak kulak tan kena piniyak, kaladuking panyandra pasar gumelar ngondhangake lamun adoh kumandhange. Karta tebih ing tindak dursila, brandhal kecu samya sumire datan ginecak sarana bandayuda muhung ajrih rukuning warga. Siang ratri tan wonten kori kinancingan kandhang pinalangan, rajakaya aglar ing pangonan, suruping arka wangsul mring kandhangira datan wonten kang cicir sajuga kewala. Tata prenatan dadya ugeran, gesanging warga mat sinamadan, watak candhala samya kabrastha temah raharja kawula sapraja. Negari Maespati lagya kumbul kuncarane binasakake ngancik jaman kencana, pramila kathah narendra pat mancapraja samya aliru duta tandha sihing kekadangan. Kalamun rinumpaka srana adining basa panyandra, sedalu datan ana pedhote. Lah sinten ta ingkang ngasta pusaraning praja Maespati? wenang sinebut dasanamanira, mapan
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

wus ana pilahe lamun kethek araning pragosa, buta praceka, dewa wewisik, pandhita peparab lamun ratu wenang ajejuluk. Jejuluk Prabu Harjuna Wijaya inggih Sri Harjuna Sasrabahu, Danuwatiyoga inggih jejuluk Prabu Tanaya Partawirya. Pramila Jejuluk Prabu Wisnupati yekti dadya pangejawantahe Sang hwyang Wisnu. Harjuna Wijaya narendra ingkang karem olah kaprajuritan. Sri Harjuna Sasrabahu, mengku werdi sinung aji balasrewu lamun winateg sang nata awujud brahala bebahu sewu. Danuwati yoga punika atmajane Dewi Danuwati. Tanaya Partiwirya karana sang nata atmajane Prabu Partawirya. Prabu Harjunasasra tuhu narendra binathara, gedhe dedanane, adhem parentahe, ngreksaka gigire, murub mbun-mbunane, tatan kena pinidak wewayange. Lelabuhane sang nata tansah paring boga wong kaluwen, paring sandhang wong kawudan, dana tirta wong kasadan, aweh teken wong keluwen, asung obor ing wanci panglong, maluyakaken wong nandhang wiyodi temah akarya suka asung prihatin. Ngasta pusaraning praja linambaran paugeran catur wara nenggih sama, beda, dana dhendha. Lampahing pangadilan anindakaken dana wesiasat, lire datan hambaukapine. Kondhangingrat sang nata
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Harjuna Wijaya narendra ingkang mahambeg darmahita, darmahita, danahita klawan sarahita. Pramila mboten mokal lamun kathah narendra manca ingkang samya sumuyud karana kayungyun dhateng pepoyaning kautaman. Tumungkuling kawula minggahing sentana tumus lahir tumekeng delahan labet saking karoban sihing sang sri narapati. Anyarkara nyarengi tabuh nawa ing hari Soma, sang nata miyos siniwaka aneng pendhapi agung praja Maespati, lenggah dhampar denta sinasotya ukiran lunging gadhung, sesemek babud premadhani sinebaran sari-sari ginanda wida, jebat kesturi kongas Mangambar gandane pan yayah rumabasing durgandana. Wiyosing sang nata ginarebeg para abdi kenya bedhaya srimpi kawandasa lajur sisih, datan kantun abdi dalem biyada manggung ketanggung, jaka palara-lara ingkang samya hangampil upacara nata anenggih banyak dhalang, sawung galing hardawalika, kacu mas dwipangga kang sarwa retna, mubyar ing angkasa sinongsongan kertas jene, katempuk soroting pratanggapati katingal pating galebyar yayah kartika asilih prenah. Sirna kamanungsane sang nata pindha Bathara Wisnu ngejawantah kahayap para hapsari.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Hing njawi tinon andher pasebane para wadhya hanggantung seba, jejel riyel atopang dhenkul yayah robbing samodra wutah ing dharatan. Maneka warna busanane yayah panjrahing puspita. Hangendanu dwaja lelayu, gendera panunggulyuda, rontek lan umbul-umbul sinela payung motha ingkang nedheng megar kadya jamur barating mangsa rendheng. Rep sidhem premanem tan ana baneke walang salisik, ron-ronan datah obah, samirana datan lumampah, sesekaran katingal panjrah. Ingkang kapyarsa muhung swaraning pradangga munya ngrangin kabarung pangeliking waranggana. Datan kantun para abdi pandhe, mranggi myang gusali kang lagya makarti, pating carengklang pating carengkling imbal gantya lir mandyaraga. Sedaya nora saru malah kepara gawe senen asring panangkilan. Lah sinten ta ingkang kepareng mangarsa ? anenggih punika kadang sinarawadi saking Atasangin Prabu Kalingga Murti. Sumambung pisowanipun abdi saking Kindarba Raden Candrakestu miwah Raden Mandrakestu. Ingkang katingal mabukuh yayah prayitneng kewuh, wadana tumungkul konjem ing bantala, tuhu punika wrangka nata saking kepatihan sang Rekyana patih Kartanadi. Suwiteng sri nata dadya dhadhaning kewuh sembada
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

hengejum gumbala. Wusnya katingal ngabyantara para nayaka miwah, sentananing nata, datan pantara dangu kapireng tengara ungeling mriyem kagungan nata Kyai Brastha dursila, asung sasmita kalamun sang nata arsa paring dhawuh, mangkana aris sabdane sang sri narapati.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai