Anda di halaman 1dari 5

PERTAPAN JATISARANA

Ana gunung cilik winastan gunung Tunon, pucake pinarapal winaradin dadya padhepokan, anenggih punika dununging pertapan Grestina. Asri lamun dinulu pepasren ing gunung Tunon, krana pasiten miring ingkang winaradin dadya talundhagan. Sukuning harga sinung tlaga

ingkang wening tirtane, awasta tlaga Madirda. Tepining tlaga kinembong ijeming gegodhongan saking wreksa kang manglung sanginggiling tlaga. Sesekaran samya abyor mancawarna, sekar mawar, kenanga, kanthil melathi, menur dadu, sekar tanjung, datan kantun sekar purbandaru katingal panjrah sekare akarya sengsem kang samya tumingal. Marga manghayat lengkehing taksaka gunung, nglangi.

menggak-menggok

yayah

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Tepining marga tinunu turus turi, lamtara tuwin mahoni. Saking ngandhap prapteng padhepokan tinata sela seta, selane sinasapan pasir jenar cinampur padhas linebur. Lengkehing haldaka sinung gapura, pucake pinetha menara,

ngajenging gapura rinengga pratisara saking tembaga, embane pinetha kenya remaja kang lagya hangangsu toya. Naratas saking nginggil mangandhap, saluran ilining toya manjing padesan. Kekucahe tinampi bendungan kinarya papan pangguyanganing kebo sapi tuwin dadya pasabaning menthok lan meri. Lamun mulat kubenging gunung, wus aglar tandur gumadhung, sinela pategalan ingkang tinaneman sawarnining taneman pala, nenggih palawija, pala gumandhul, pala kasimpar tuwin

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

pala kapendhem. Asri lariking karang kitri myang tumpangsari, tinunu runtut urut pinggiring beji. Padhepokan Grestina winangun sarwa

prasaja. Bale wisma winangun limasan, pinayu rapak, sinangga saka guru wreksa jatiwasesa wetah sak klikane. Blandar tengah ngaglah saking janglot walikukun pengeret wreksa cendhana,

usuk lan reng saking deling gadhing. Jerambah sela tinata tinalasah sela kaca, naratas prapteng talundhagan katingal tinundha-tundha. Palataran jembar, saben padon rinengga tlaga anakan awujud balumbang ingkang tinengga pratima ngemba wanara samya reraton. Oceh-ocehan taksih jangkep, dupi wus gagat enjang ngantya plethekmg surya, manguwuh ocehe akarya sengsem kang samnya midhanget. Peksi jiwa-jiwa, peksi kathik, derkuku, perkutut,
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

cocak rawa, kuthilang lan peksi prenjak. Sedaya samya munya ngoceh gilir gumanti dadya regeng senen hing pucaking gunung Tunon. Lah sinten ta ingkang madeg dadya raja pandhita ing pertapan Grestina, anenggih punika ingkang peparab Begawan Gutama inggih Resi Gautama Purnawedha. Pandhita sekti

mandraguna, mantheng semedine, ngreksaka gigire, murup mbun-mbunane, tan kena pinidak wewayangane, apa kang sinabda numusi. Dhasar wiwit timur wus gentur tarak brata teteki manjing wana, pramila sapandurat kewala wus katingal saking letering wadana lamun Resi Gutama tuhu pandhita limpating kawruh, lantip panggrahitane, datan kasamaran marang obah osiking jagad. Nuju ari prayogi, sang Wikudibya miyos ing pracabakan den adhep para siswa ingkang
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

tinindhihan cantrik Jembawan miwah Swedha. Datan pantara dangu, katungka sowane putra kekalih nenggih Bambang Guwarsa klayan Bambang Guwarsi marak mring ngarsane sang rama. Kekalihira sami rebatan mustika awasta Cupu Manik Astagina. Kagyat sang Resi Gutama mulat mustika kang mawa cahya, daya-daya sang wiku handangu marang putra kang lagya

ngabyantara, mangkana pangandikane sang ayogi ingkang kawiyosing lesan.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai