Anda di halaman 1dari 3

PERTAPAN KENDHALISADA

Wonten gumuk alit dumunung aneng tepining kali Kenanga, Wreksa gung hangrembuyung kang hangayomi, tetela katingal menjila prenahing gumuk. Pasiten inggil sinung wit pucang jajar sanga, ing ngandhap tinaneman pari gaga lan palawija, tumpangsari datan keri, taneman lombok terong manggen ing pamijen. Saking ngandhap manghayat minggah, pinapar winaradin kinarya marga, dupi magut wiwaraning gapura, marga manghayat winangun talundhagan, dumadi saking sela sumayana tinata tinundha-tundha. Dupi wus prapteng palataran jembar, pinggire linis banon pinulas jenar, hing mriku katingal wonten padhepokan adhapur joglo, sirape kayu cendhanasari, kinancing wuwung tembaga sinangling, saben sacengkang sinung rerenggan pratima selaka pinetha peksi garudha kang arsa ngambah nggegana. Saka guru kayu jatiwasesa, ukiran lunging gadhung rumambat minggah. Ing nginggil cinakep ukup parunggusari cakrik sekar cepaka. Ompak geng sangganing saka nenggih sela kresna kinepyur akik linebur. Dupi wanci dalu kasoroting damar lisah jarak lan gala-gala, katingal mobyar pindha sudama kang lagya panjrah.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Jerambah jejobinan sela marmer sindura, hanjog talundhagan gya sinebaran pasir nilapakaja. Kanan tanapi kering sinung balumbang kinarya miyara mina. Tengahing balumbang karengga pratima embane kenya remaja ingkang lagya hangangsu toya. Padoning pendhapi tinon kukus kumendheng ngawiyat sinartan ganda arum menyan ratus myang garu rasamala. Anenggih punika kinarya pratandha ing mriku sramaning brahmana, awasta pertapan Kendhalisada, Kundhalini inggih sinebat padhepokan Gebalsada. Lah sinten ta ingkang madhepok wonten pertapan Kendhalisada? tuhu punika pandhita linangkung, kaladuk sekti mandraguna turta kinasih dening Sanghywang Prabancana. Wenang sinebutna dasanamanira sang wikudibya, peparab Begawan Anoman, Senggana, Maruti, Bayusiwi, Ramandayapati, Mayangkara, Kapiwara inggih sang Anjanisuta. Sang brahmana wujud rewanda kusika seta, hangrasuk busana kadewatan Swarga Panglawung, anenggih gelung minangkara cinandhi rengga, pupuk mas rineka jaroting kamal, sumping pudhak sinumpet, anting-anting panunggul maniking warih. Sang Senggana ugi hangagem sangsangan naga banda, kelat bahu rineka balibar manggis, gelang candra kirana, kampuh poleng bang bintulu
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

adi rupa abang, putih, ireng kuning lan ijo mayamaya. Paningset cindhe bara binelah numpang wentis, porong dhapur naga raja minangka kekancing. Aja dupeh wujud wanara, yekti sang Anoman gentur tapa, mantheng semedi turta hambeg berbudi bawa leksana. Ing nguni tilas senopati andeling kewuh Prabu Ramawijaya ngantya katelah gembong Swelagiri. Nyarengi hari Respati tabuh nawa, Beghawan Anoman lenggah madyaning pracabakan, labet hanampi tamu para Bimasuta nenggih satriya Pringgondani Raden Harya Gathutkaca, satriya Jangkarbumi Raden Antareja dalah satriya Girikadhasar Raden Antasena. Para Bimasuta lagya nandhang dhuhkita, katitik saking lekering wadana tepunging wimba. Satriya tetiga samya prihatos labet tinilar murca para pepundhen Ngamarta mangka mboten pepoyan. Sru dhuhkitaning penggalih, Dyan Gathutkaca nulya matur aminta pepajar, mangkana ature sang Purbaya.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai