Anda di halaman 1dari 1

Bedhol kembar mayang

Dupi smya hanguningani, Minangka rerengganing adicara


Pahargyan mirunggan rikalenggahan punika, Ingacarannan pindha dhauping sri
naranata, nenggih sri narata raja sajuga

Hana cahya cumalorot, Mancer pindha sada lanang,


Samaptya yudha manggala, yo manggala yudho
Kang hangreksa kawilujenganipun sekar cepaka mulya, Pratiwa manggala, talangpati
ya canthang balung, Sinaraya minangka cucuking lampah

Sigra asung sasmita, Pacak baris pindha patrape sinatriya


Risang gathutkoco, Jumangkah tumuju sasana mulya
Sinartan sinatriya kembar, Harsa hambedhol kembarmayang

PANYANDRA BEDHOL KEMBARMAYANG


{ ketawang kasatriyan sl. 9 }

Mangarsa nujweng sasana mulya, Alon-alon tindakira


Risang manggala yudha, pratiwa manggala, Talang pati ya canthang balung

Sinatriyo trahing ngawirya rembesing madu, Bagus wadana ira Arya Anubhawa
Arya tuhunipun trahing kusuma, Anubawa kang merbawani
Hanenggih raden gatutkoco, Bagus sapta mangga gunawan

Datan prabeda nayaka nirbita, Nayaka teges prajurit


Nirbita tuhu jirih ing getih, Gagah pideksa Bhirawa Anaraga

Mangarsani lampah greksa kawilujengan , Suba manggala, manggala suba ya


sinatriya kembar
Ingkang janari sadu budi, Janari, midha tumaruna, sadu luhur bebudene

Panyayah prapteng sasana pinanci, Tinampi ring bapa lan ibu,,,{.........},,,,,,,


Sigra binedhalna ubarambe dhauping pengantin, Tanda yekti pawiwahan kapurwanan

Sekar adi kembarmayang, Winastan kayu klepu dewandaru


Lan jayandaru ugi kalpataru, Pisang mas pupus cindhe
Sinom parijatha kencana

Rinonce mring catur hapsari, Dewi gagar mayang, irim-irim


Wilutama lan suprabawati, Duk ing nguni

Roning wandira, tuhu pangayoman, Roning apa-apa kalis saking rubeda


Janur kuning saking tembung, Jannah lan nur, tegese cahyane kasuwargan

Kuning pratape mujahadah, Manekung puja semedi


Maharseng gusti Dzat kang muweng Dzat, Kun fayajkun hawit pikolalehe hening

Marma sigra tumuju wonten sasana palereman

Nguntapaken para pangombyong, Pendherek pengantin kakung


Mertandhani praptanipun sang cepaka mula

Anda mungkin juga menyukai