Anda di halaman 1dari 2

Upacara Adat Nguras Enceh

Tradisi nguras enceh sampun dipun wontennaken wiwit 400 taun kepungkur nalika
jamaneipun Sultan Agung. Tradhisi nguras enceh menika salasatunggaling upacara rutin ingkang
dipunwontenaken ing wulan Sura ing Kompleks Makam Raja-Raja Mataram Imogiri, wonten ing
tlatah Pajimatan, Girirejo, Imogiri, Bantul. Enceh (genthong) menika dipun ginakaken kangge
nyimpen banyu, enceh menika tilaranipun Sultan Agung. Nguras enceh nduweni tujuan banyu ing
gentong. Upacara menika dipuntindakaken dening abdi dalem Kraton Surakarta saha
Ngayogyakarta. Upacara menika dipunwontenaken ing dinten Jumat Kliwon utawi Selasa Kliwon
minggu kaping setunggal. Enceh utawi genthong ingkang dipunkuras menika cacahipun wonten
sekawan, nalika jaman semanten enceh menika digunaake kagem sesuci para abdi kraton. Upacara
kasebut dipunadani minangka wujud kurmatipun saha kapitadosanipun warga dhumateng
kaluhuranipun Sultan Agung.

Enceh utawi genthong ingkang dipunkuras menika cacahipun wonten sekawan genthong.
Enceh utawa gentong sing ana ing sarean raja-raja iki ono 4, pendhak enceh kuwi duwe jeneng
dewe-dewe. Ana sing jenenge Kyai Danumaya asale saka Kerajaan Aceh, Nyai Siyem sing asale
saka Kerajaan Siam (Thailand), Kyai Mendung asale saka Kerajaan Ngerum (Turki) lan Nyai
Danumurti asale saka Kerajaan Palembang. Sekawan enceh menika wujud tanda mata utawi tanda
persahabatan saking kerajaan-kerajaan wau, kagem Kerajaan Mataram. Sultan Agung raja ingkang
ngadhai wibawa lan desenengi kalian raja-raja ing kerajaan liyane. Nalika semana enceh wau
minagka tanda tresna saka negara liya, amarga Sultan Agung mboten purun diparingi tanda mata
awujud emas, intan, lan berlian. Sultan agung namung nyuwun enceh-enceh ing pangajab supados
sak mangke banyu enceh wau bisa dadi berkah kanggo sedaya rakyat Mataram.

Reroncening upacara nguras enceh yaiku :

Mengarak siwur
Pembukaan,
Tahlil
Wilujengan,
Pembacaan doa,
Pengalungan untaian kembang ning enceh, lan sing jupuk banyu kudu abdi dalem sing
pangkate tumenggung utawa ngabei.
Bar kuwi abdi dalem direwangi karo warga jupuk banyu cidukan kuwi.

Acara ingkang sepisan inggih menika mendhet sepasang siwur. Sepasang siwur sing digawa
nduweni teges nyawijining Kraton Kasunanan Surakarta lan Kraton Kasultanan Ngayogyakarta.
Sedina sakdurunge dilaksanakake upacara nguras enceh, dianakake upacara ngarak siwur (gayung
banyu sing digawe saka batok kambil lan gagangnge saka pring). Siwur dipunpendhet dening abdi
dalem makam imogiri ingkang nembe jagi, saking dalem juru kunci makam imogiri. Anggenipun
mendhet siwur ugi dipundamelaken tumpeng saha gunungan. Lan siwur kasebut lajeng
dipunparingaken wonten ing jodhang lajeng dipunpikul kanthi dipunarak prajurit dumugi makam
imogiri. Lagi nembe esuke dianake upacara nguras enceh.

Upacara nguras enceh dipunwiwiti kanti waosan tahlil sesarengan ingkang dipunpimpin abdi
dalem.

Acara salajengipun yaiku wilujengan utawi slametan. Upacara menika gadah tujuan supados
tansah dipunparingi kawilujengan saking gusti ing sadaya kemawon. Wonten ing prosesi slametan,
ugi dipuncawisaken mawarni-warni sajen. Antawisipun tumpeng, jenang, jangan/sayur, lawuh
ingkung saha daging. Ugi wonten pisang raja, bumbon, gegodhongan, kembang. Saha
dipuncawisaken wadhah sesaji.

salajengipun Waosan donga sesarengan ing sakngarepe sekawan enceh wau, penyerahan
sesaji yang antara lain berupa kembang setaman, kemenyan, lan tumpeng. Waosan donga dipun
pimpin kaliyan abdidalem lan juru kunci makan imogiri.

Sakwise waosan donga rampung, para kerabat kraton lan para abdi dalem ngawa roncen
kembang mlati lan sesaji didelehake lan enceh-enceh wau dipunkalungkan roncen kembang mlati.
Lan para abdi dalem ngiringi ngawa siwur.

Acara salajengipun inggih menika nguras enceh. Ingkang saged nguras enceh menika namung
abdi dalem sing pangkate tumenggung utawa ngabei, ingkang dipunparingi amanah supados nguras
enceh. Prosesi dipunwiwiti dening abdi dalem Surakarta ingkang dipunpimpin juru kunci Surakarta
KPH Haryo Suryanagara. Sasampunipun maos donga saha panyuwunan, lajeng ingkang
salajengipun nguras kalih genthong, ingkang menika Kyai Mendung lan Nyai Siyem. Kalajengaken
abdi dalem Ngayogyakarta ingkang dipunpimpin juru kunci Purulaya KRT Hastanagara nindakaken
ritual nguras genthong Kyai Danumaya dan Nyai Danumurti. Bar kuwi abdi dalem direwangi karo
warga jupuk banyu cidukan kuwi. Banyu kurasan saking enceh-enceh wau dadi rebutaning para
warga masyarakat.sakwise banyu ing wonten incen wau dikuras lajeng dipunganti bayu sing anyar.
Enceh wiwit diisi kerabat keraton lan abdi dalem. Lan banyu kang dienggo ngisi enceh wau
dipunpendet saking Sendang Bekung ingkang kirang langkung 2 km saking makam imogiri.

Para warga masyarakat kang kumpul ing makam imogiri disukani sego gurih. Kange
masyarakat kan pikantuk banyu lan sego gurih wujudake berkah.

Banyu saking kurasan enceh menika saged dipunsuwun deneing warga, ingkang dipunpitadosi
saged nebihaken saking sadaya sesakit, kanggo kesuksesan. Banyu sakin enceh langkung sae
menawi langsung dipun unjuk. Banyu kurasan enceh dipunpitadosi gadhai khasiat minagka ngobati
sesakit, menyuburkan tanduran, menehi ketentreman dan keslametan, lancare rezeki, enteng jodoh.

Anda mungkin juga menyukai