Anda di halaman 1dari 7

RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA

KELAS VI (ENAM)
TAHUN PELAJARAN 2019/2020

1. Struktur teks geguritan (puisi).


a. Tembung : tembung kang dipilih ana sing ngemu teges lugu (denotatif) lan entar (konotatif)
b. Larik : larik ing geguritan bisa mung wujud satembung atawa wujud ukara
c. Pada/bait : mujudake kumpulan larik, saben sapada dumadi siji gagasan.
d. Uni/swara : kawangun saka purwakanthi lan wirama.
e. Surasa/makna : isi lan pese (amanat) saka geguritan.

2. Menentukan sinonim salah satu kata yang ada pada geguritan


Tuladha: urip = gesang sehat = waras
Apik = becik ati = manah

3. Menjelaskan arti (negesi) salah satu kata dalam teks puisi (geguritan).
Tuladha : teks geguritan “Gusti”
Dalem namung tuyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti....
Dalem namung tiyang ingkang gampil grimpil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti....
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem ing margi kang padhang gusti
Tegese tembung glanggang yaiku ....

4. Melengkapi percakapan (pacelathon) dengan benar


Tuladha:
Ahmadi : “Lho, kok mlaku Bud, kenek apa sepedha montormu?”
Budiman : “Ya Mad, awit mung cedhak wae!”
Ahmad : “Klebu njanur gunung kowe iki Bud!”
Budiman : “Karepku pancen pengiritan tur ya njaga kesehatan, Mad.”
Ahmad : “Wow, ..........................................................?”
Budiman : “Ya, belajar ngrit energi lan njaga kesehatan.”
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....

5. Melengkapi percakapan (pacelathon) dengan kata (tembung krama) dengan benar.


Tuladha:
Adi : Pakdhe, sonten-sonten kok taksih ten kebon?
Pakdhe : Iyo Di, urung rampung iki
Adi : ..........................................?
Pakdhe : Resik-resik di
Adi : Lha niku, punapa ingkang panjenengan lampahi pakdhe?
Pakdhe : iki aku ugo arep nandur wit gedhang sing di jaluk karo budhemu kae
Adi : oalah, nalika wingi sonten kula nggi mireng menawi budhe sambat kaliyan pakdhe
babagan punika
Pakdhe : ora mung kuwi tujuane, nanging iki uga ana manfaate kanggo lingkungan
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....

6. Menentukan tanda baca pada teks dialog (pacelathon).


Tanda baca ingkang kurang ing pacelathon soal nomer 5 yaiku...... (“ ”)

7. Menentukan isi teks dialog (pacelathon).


Isi teks pacelathon soal nomer 7 yaiku ....

8. Menentukan tokoh utama pada cerita rakyat.


Tuladha: penggalan cerita rakyat
.........................................................................................
Saben dina penggaweane Sekar Arum mung prentah marang Timun Emas, prentahe iku aneh-aneh
karo nyentak-nyentak.
Ing sawijining dina Sekar Arum ngongkon Timun Emas ngumbah klambine sing wis amoh kudu bisa
dadi anyar. Timun Emas budhal menyang kali karo nangis sesenggukan. Bareng wis tekan kali kanca rakete
Timun Emas yaiku Bango Thonthong teko karo kandha: “Timun Emas, kowe ora perlu susah, ayo tak rewangi
ngumbah klambine mbakyumu.”
.........................................................................................
Tokoh cerita ing dhuwur yaiku ….

9. Menentukan gagasan pokok pada cerita rakyat.

1
Gagasan pokok cerita rakyat ing wacana nomer 9 yaiku …
10. Menentukan amanat dari salah satu cerita rakyat.
Amanat cerita rakyat ing wacana nomer 10 yaiku …

11. Beberapa jenis tembang


Tembang dolanan, tembang pucung, temang macapat

12. Ciri-ciri tembang dolanan


a. Basane sedherhana, gampang dingerteni.
b. Wujude lan cengkoke sedherhana
c. Cakepane ora dawa nemen lan ora cendhak nemen, gampang diapalne.
d. Tembange lucu
e. Isine dicocokne karo kahanane bocah.

13. Menjelaskan isi tembang dolanan.


Padhang Bulan
Yo para kanca dolanan ing jaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane eh sing awe-awe
Ngelingake aja padha turu sore
Isi tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

14. Menentukan bentuk sandhangan aksara jawa

15. Menentukan letak penulisan sandhngan


Tuladha:
Surti maca buku = Toni sinau =

16. Melengkapi bentuk imbuhan (ater-ater, seselan, lan panambang)


Ater-ater
a. ater-ater : a (ma)
a + kudhung = akudhung a + karya = akarya (makarya)
a + tulis = anulis
b. ater-ater : ka
ka + gawa = kagawa ka + tabrak = katabrak
ka + tuku = katuku
c. ater-ater : dak, ko, di
dak + suwek = daksuwek dak + pangan = dakpangan
ko + suwek = kosuwek ko + pangan = kopangan
di + suwek = disuwek di + pangan = dipangan
d. ater-ater : n, ny, ng, m
n + tandur = nandur ng + ombe = ngombe
ny + sapu = nyapu m + pundhut = mundhut
e. ater-ater : sa, pa, pi, pra, pari, tar
sa + wengi = sawengi pari + wara = pariwara
pa + mudha = pamudha tar + kadhang = tarkadhang
pi + tutur = pitutur
f. ater-ater : kuma, kami, kapi
kuma + lancing = kumalancang kapi + tuna (n) = kapitunan
kami + gila (n) = kamigilan

2
Panambang
a. panambang : ku, mu, e
buku + ku = bukuku buku + e = bukune (dudu bukue)
buku + mu = bukumu sega + e = segane (dudu segae)
b. panambang : an
pangan + an = panganan lali + an = lalen (dudu lalian)
turu + an = turon (dudu turuan) gawa + an = gawan (dudu gawaan)
c. panambang : i
suwek + i = suweki tali + i = taleni (dudu talii)
ombe + i = ombeni (ombei) gawa + I = gawani (dudu gawai)
tuku + i = tukoni ( dudu tukui)
d. panambang : a, na, ana, en
jupuk + a = jupuka sapu + a = (ny) sapu + a = nyapua
jupuk + na = jupukna sapu + na = sapokna (dudu sapuna)
jupuk + ana = jupukana sapu + ana = saponana (dudu sapuana)
jupuk + en = jupuken sapu + en = sapunen (dudu sapunen)
e. panambang : ake
tali + ake = tulekake (dudu taliake)
ombe + ake = ombekake (dudu ombeake)
tuku + ake = tukokake (dudu tukuake)
gawa + ake = gawakake (dudu gawaake)
tulis + ake = tulisake
kanggo + ake = kanggokake (dudu kanggoake)
f. panambang : ne, ing
laku + ne = lakune wujud + ing = wujuding/wujude
bapak + ne = bapakne/bapake jobo + ing = joboning/jobone
ibu + ne = ibune/ibuke jero + ing = jeroning/ jerone
abang + ing = abanging/abange

seselan
a. seselan : in
sigar+ in = sinegar adhug + in (g) = ingadhug
tugel + in = tinugel ideg + in = ingideg
b. seselan : um
teka + um = t + um + eka = tumeka
sebar +um = s + um + ebar = sumebar
tindak + um = t + um + indak = tumindak
c. seselan : l, r
tudhung + l = t + l + udhung = tludhung
centhel + r = c + r + enthel = crenthe
siwer + l = s + l + iwer = sliwer
kelip + r = k + r + elip = krelip

17. Melengkapi kalimat dengan imbuhan gabungan (konfiks)


nguihake = ng + ulih + ake
ditakoni = di + takon + i
dakgambari = dak + gambari + i

18. Disajikan teks narasi siswa dapat menentukan jenis teks (wacan)
Jenis paragraf = narasi

19. Disajikan teks narasi siswa dapat menentukan ciri-ciri teks narasi
Titikane teks narasi, yaiku :
a. Kronologis (nyritakake kedadean urut wektune)
b. Paraga lan watake/penokohan
c. Latar : wektu, papapn lan swasanane kedaean

20. Disajikan teks deskripsi, siswa dapat menentukan ciri-ciri teks deskripsi
Titikane teks deskripsi, yaiku :
a. Nggambarake kedadean kanthi cetha
b. Ngandharake bagean-bagean obyek kanthi rinci
c. Nggambarake objek, panggon, utawa kedadean kanthi njlimet/rinci
d. Sing maca nganti rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake penulis

21. Disajikan teks deskripsi, siswa dapat menentukan membedakan teks (wacan) dheskripsi dan
narasi

3
a. Dheskripsi : Menehi gambaran samubarang marang kang maca, nganti sing maca kaya ngrasakake,
nyawang, ngungokake, lan ngalami dhewe
b. Narasi : nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami tenan
22. Disajikan teks faktual siswa dapat menentukan ciri-ciri kalimat berita pada teks (kalimat
berita/teks pawarta)
Titikane teks pawarta :
a. Ngandharake fakta
b. Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik
c. Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat

23. Disajikan teks faktual siswa dapat menentukan isi teks


Dina minggu jam setengah wolu, ing alon-alon wis kebak uwong iki ana Festival Dolanan Tradhisional
sa-kabupaten. Pesertane para siswa saka 9 kecamatan. Sing bakal tendhingan yaiku wakil saka kecamatan-
kecamatan mau. Dolanan sing dilombakake, yaiku : egrang, balap karung, bag sodor, dhakon, lan liya-liyane.
Sakliyane peserta, alun-alun uga kebak karo wali murid sing padha ngetene.
Isi : .................................................................................................................................

24. Disajikan kalimat rumpang, siswa dapat melengkapi dengan tembung saroja yang tepat.
Tembung Saroja, yaiku tembung kang kadiri saking loro tembung, banjur digabung lan saged nuwuhake
pangerten ingkang luwih teges. Contone tembung saroja migunakake tembung ing dhuwur lan tegese,
antarane :  
1. Babak Belur, tegese bonyok, lukane serius.
Contohne : Bapak iku melu lomba tinju kanthi babak belur.
2. Campur Bawur, tegese Campur adhuk.
Contohne : Wong lanang lan wong wadon iku ra keno campur bawur dadi
sak panggon.
3. Budi Pakarti, tegese nduweni budi utawa karakter diri sing becik lan
apik
Contohne : Bocah iku Budi pakartine marang wong sing luwih tuwa apik
tenan.
4. Gagah prakosa, tegese gagah banget utawa kuat banget.
Contohne : Bapakku ganteng lan awake gagah prakosa.
5. Guyub rukun, tegese uripe padha tetulungan marang sakpadha.  
Contohne : Guyub rukun iku kunci supaya uripe tentrem lan adem.
6. Kocap kacarita, tegese akhir cerita.
Contohne : Kocap kacaritane film iku nggaweni nangis.
7. Kadhang kala, tegese kadang-kadang.
Contohne : Ojo mung kerja wae, kadhang kala eling marang wong tua.
8. Donga puji, tegese pengarepan ingkang gede.
Contohne : Kabeh warga pada donga puji marang Gusti Allah supados
diparingi medune banyu langit.
9. Jungkir walik, tegese kerja keras.
Contohne : Bapakku sing kerja kanthi jungkir walik golek duwit.
10. Coong jupuk, tegese njupuk utawa maling.
Contohne : Bocah iku senenange coong jupuk barang marang kancane.

25. Disajikan sebuah kalimat siswa menentukan arti kata (tembung) camboran
Tembung camboran yoiku loro tembung kang dirangkep dadi siji
Tembung camboran asline ono patang macem , nanging seng asring diwulang-ake marang bocah ing
pamulangan namung rong macem-macem"e tembung camboran
1)  Tembung camboran tunggal : Tembung loro sing bedha tegese,dikanggo
bebarengan, nanging nuwuhake teges anyar.
Tuladha : Naga sari, Semar mendhem, Randha royal, Plinteng Semar
2) Tembung camboran wudhar : tembung loro sing bedha tegese, dikanggo
bebarengan, nanging tegese tetep.
Tuladha : Meja kursi, Pager wesi, Pager kayu, Sawo mateng
3) Tembung camboran wutuh : Tembung kang anggotane kalebu tembung
Camboran wudhar karo camboran tunggal.
Tuladha          : Meja Kursi, Naga sari, Bibit kawit, Bapa biyung
4) Tembung camboran tugel : Ana tembung sing diwancah
Tuladha          : dhelik        : gedhe cilik
Barbeh      : bubar kabeh
Bangjo      : abang ijo
Nasgithel  : panas legi kenthel

26. Disajikan sebuah kalimat siswa menentukan arti kata tembung entar
Tembung Entar utawa Tembung Kiasan yaiku tembung ingkang ora kena ditegese sawantahe. Tuladhane
Tembung Entar, antarane :  
1. Dawa Ususe, tegese sabar.

4
Tuladha = Wong kuwi wis bola bali diece tetep wae dawa ususe.
2. Adus Keringet, tegese kerja keras/nyambot gawe tenanan.
Tuladha = Bapakku sing makarya kanthi adus keringet.
3. Dawa Tangane, tegese seneng nyolong/nyolongan.
Tuladha = Dadi bocah ampun dawa tangane, mundak cilaka mburine.
4. Landep Nalare, tegese pinter.
Tuladha = Amarga sregep sinau, bocah kuwi dadi landep nalare.
5. Gedhe Endhase, tegese sombong, angkuh.
Tuladha = Dadi manungsa aja gedhe endhase, nanging gede pambudine.

27. Disajikan tembang Macapat, siswa dapat menyebutkan guru gatra dari teks tembang Macapat
Bapak pucung rupane amemba gunung,
Tan ana kang tresna,
Kabeh uwong mesthi sengit,
Kang kanggonan den lus elus tinangisan.
Guru gatra : cacahing gatra/larik saben sapada/bait
Guru gatrane : 4

28. Disajikan tembang Macapat, siswa dapat menyebutkan guru lagu


Guru lagu/swara : dhong-dhing/tibaning swara (vokal : a,i,u,e,o) ing saben pungkasane gatra.
Guru lagune : u, a, i, a, (nomor 27) (nomor 27)

29. Disajikan tembang Macapat, siswa dapat menyebutkan guru wilangan dari teks tembang
Macapat
Guru wilangan : cacahing wanda/suku kata saben sagatra
Guru wilangane : 12, 6, 8, 12 (nomor 27)

30. Disajikan teks wayang, siswa dapat menyebutkan tokoh dalam teks
Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, sakujur awake Dewi Sekartaji krasa gatel, padha mlepuh,
lan ngetokake ganda amis. Dewi Sekartaji banjur sowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan Guwa
Selomangleng. “Laramu iki ora lara sembarangan, nanging kowe aja was sumelang. Yen kowe bisa sabar,
gelem ngupaya golek tamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kuwasa, kowe malah bakal oleh
kanuragan,” ngendikane Dewi Kilisuci manteb.
Tokoh cerita : Dewi Sekartaji

URAIAN 31-40
31. Disajikan teks cerita wayang siswa dapat menentukan latar cerita
pada teks
Bima putrane Dewi Kunti lan Prabu Pandu lair awujud bungkus kang ora bisa di suwek. Bima tinggal
ana ing Ngalas Mandalasara. Wolung taun Bima glundhang glundhung ana ing ngalas, wit-witan pada mati,
telaga pada kering, kewan-kewan pada mlayu-mlayu, jin-jin pada keganggu lan ratune para jin Batari Durga
nglapurake Bima marang batara guru. Batara guru mrentah Batari Durga, Gajah Sena, gajah tunggangane
Indra lan Naradha. Batari Durga ngagemi Bima saurunge Gajah Sena nyubles bungkuse karo gadinge kang
terus di idek-idek. Bima ora mati utawa ora cacat, lan terus nendang Gajah Sena. Bungkuse di mantrani
dening Begawan Sapwani supados dadi putra kang gagah prakosa. Nalika isih nom jenenge Werkudara lan
Bratasena.
Latar panggonan : Ngalas Mandalasara
Latar suasana : nelangsa

32. Disajikan teks cerita wayang siswa dapat menentukan tema cerita
Tema cerita rakyat nomor 31 : laire bratasena kang awujud bungkus

33. Disajikan teks cerita wayang siswa dapat menentukan pesan moral yang terkandung di dalam
cerita wayang
Pesan moral/ amanat cerita rakyat nomor 31 : sapa sing gelem usaha bakal entuk sing dikarepake

34. Disajikan sebuah teks informasi, siswa dapat menentukan kalimat utama
Uwuh utama sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti rasa tikel. Kahanan mau bisa
didelok sakiwa tengene awake dhewe. Uwuh mambu ngendi-endi nyepedi mripat ambune nduleg irung,
amis campur basin
Kalimat utama yaiku : ……………………………………

Ciri kalimat utama di antaranya:


1. mengandung permasalahan yang dapat diuraikan lebih lanjut;
2. biasanya berupa kalimat lengkap yang dapat berdiri sendiri;
3. mempunyai arti jelas tanpa dihubungkan dengan kalimat lain;
4. dapat dibentuk tanpa kata sambung transisi; dan
5. dalam paragraf induktif, kalimat utama sering ditandai kata-kata kunci, seperti jadi atau dengan demikian.

5
35. Disajikan sebuah teks informasi, siswa dapat menentukan kalimat penjelas
Sedangkan kalimat penjelas memiliki ciri-ciri sebagai berikut :
1. Sering merupakan kalimat yang tidak dapat berdiri sendiri
2. Arti kalimatnya baru jelas setelah dihubungkan dengan kalimat lain dalam
satu alinea
3. Pembentukannya sering memerlukan bantuan kata sambung atau frasa
penghubung atau kalimat transisi
4. Isinya berupa rincian, keterangan, contoh, dan data lain yang bersifat
mendukung kalimat topik

36. Disajikan sebuah teks informasi, siswa dapat memprediksi peristiwa

37. Disajikan kalimat yang mengandung paribasan, siswa dapat mengartikannya


Tembung Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa
pepindhan. (Yaitu rangkaian kata yang tetap penggunaanya, tidak mengandung makna pengandaian, dan
bermakna konotatif)
Tuladhane :  
1. Aja Dumeh (Aja mentang-mentang)
Ameh bapakmu Presiden, Kakangmu Menteri, Ibumu Direktur, sing penting kowe aja dumeh!
2. Aja gugu karepe dhwew (aja polah sak seneng awake dewe)
Urip ning masyarakat iku aja gugu karepe dhewe.
3. Alon-alon waton kelakon (ora perlu kesusu sing tandang gawe)
Yen motoran ning dalan kuwi sing penting alon-alon waton kelakon.
4. Bathok bolu isi madu (wong asor nanging sugih kepinteran)
Wong sing senengane golek sampah kuwi jebul bathok bolu isi madu.
5. Angon mangsa (Ngerti wektu/wayah)
Dadi bocah yen dolan kuwi angon mangsa.
6. Sepi ing pamrih rame ing gawe (nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih)
Yen tandang gawe iku sing sepi ing pamrih rame ing gawe.

38. Disajikan sebuah kalimat saloka, siswa dapat mengartikannya


Tuladhane tembung saloka, antarane :  
Bathok bolu (bolong telu) isi madu, tegese wong asor nanging sugih kapinteran.
Duka yayah sanipi, jaja bang mawinga-winga, tegese wong kang nesu banget.
Gagak nganggo lare merak, tegese wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur (Gedhe)
Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah, tegese wong gedhe kang padha pasulayan, wong cilik
sing dadi korban.
Garang garing, tegese wong semugih nanging sejatine kekurangan.
Iwak lumebu wuwu, wong kena apus kanthi gampang.
Jaran kerubuhan empyak, wong wis kanji (Kapok banget)
Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega, tegese wong sing ora duwe papan panggonan.
Kaya banyu karo lenga, tegese wong kang ora bisa rukun.
Kebo bule mati setra, tegese wong pinter ning ora ana sing merlokake.
Kenes ora ethes, wong sugih umuk nanging bodho.
Kere nemoni malem, tegese wong kang bedhigasan/serakah.
Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang, tegese wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing
tetep.
Krokot ing galeng, tegese wong kang mlarat banget.
Kurung munggah lumbung, tegese wong asor didadeke wong gedhe.

39. Disajikan sebuah cangkriman, siswa dapat menafsirkan/menebak isi cangkriman


1. bang-abang dudu kidang, pesegi dudu pipisan. Jawaban: batu bata
2. Ana titah duwe gulu tanpa sirah, suwe silit nanging ora tau bebuwang
Jawab: botol
3. Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk.
Jawab: Bunga (jantung) pisang
4. Bocah cilik blusak blusuk nang kebon. Jawab: Jarum
5. Bocah cilik nggendong omah. Jawaban: Siput
6. Dicakot bongkot e sing kalong pucuke. Jawab: rokok
7. Dijupuki malah dadi mundhak. Jawab: Orang menggali lubang.
8. Duwe rambut ora duwe endhas. Jawab: Jagung
9. Dikethok malah tambah dhuwur. Jawab: Celana panjang
10. Emboke diidak idak anake dielus-elus jawab : tangga bambu
11. Emboke wuda anake tapihan Jawab: Pohon bambu dan anaknya(rebung)
6
12. Ing ngisor kedhung ing ndhuwur payung Jawab: Orang menanak nasi
pakai dandang
13. Burnas kopen: Bubur panas kokopen
14. Buta buri: Tebu ditata mlebu lori
15. Gerbong tulis: Pager kobong watune mendhelis
16. Gowang pelot: Jagone ana lawang cempene mencolot
17. Tembang Pucung: Bapak pucung cangkemu marep mandhuwur; Sabane ing sendhang; pencokane
lambung kering; Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya
Jawab:  Klenthing tempat air
18. Tembang Pucung: Bapak pucung dudu watu dudu gunung; Sangkamu ing
sabrang; Ngon ingone sang Bupati; Yen lumampah si pucung lembehan
grana . Jawab: gajah
19. Tembang Pucung: Bapak pucung renten-renteng kaya kalung; Dawa kaya ula; Pencokanmu wesi miring;
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Jawab: kereta api
20.  Lawa telu kalong loro ana pira? (Kelelawar tiga kalong dua jumlahnya berapa? Jawab: 

40. Disajikan teks pidato, siswa dapat melengkapi kalimat penutup yang sesuai
Tuladha :
Cekap sementenn ingkang saget kulo aturaken angganing babagan sumpah
pemuda. Cekap semanten mbok bilih wonten klentunipun kula aturaken
agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatu
Teks penutup pidato bahasa jawa dalam rangka ulang tahun
Cekap sementen ingkang dados atur kula,menawi wonten kelepataning atur
lan wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih
panjenengan sedaya,kula nyuwu agunging samodra pangaksami.nuwun..
wasalamualaikum wr.wb
Teks penutup pidato bahasa jawa dalam rangka perpisahan
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengapunten.
Wasaalamualaikum.Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai