Anda di halaman 1dari 4

TAWANG GANTUNGAN

Kumendheng kelun nggegana nenggih kukusing menyan seta, ndedel ngambara ngawiyat, kethap-kethap sumusup ing himahimantaka, wor sajuga klayan mega lamat, saya dangu dadya mendhung tumiyung hanggembuleng ngalingi prabaning basanta. Hamung bedane, lamun mendhung limrah kasrambah ing maruta manda sangsaya andhap dadya jawah, sinela caleret sunaring kilat klawan thathit. Hanging mendhung kang asalira saking kukusing sendawa, gala-gala dalah padupan menyan seta, katiuping samirana sangsaya inggil. Kalamun sinawang srana netra walaka, ingkang kawistara muhung mega malang kadya golonganing peksi sriti kang lagya ngalayang. Parandene lamun pinandeng srana socaning pramanajati, yekti ing mriku kinarya sramaning janma ingkang wus abadan kumara. Para yitma samya reraton sarwi angambah alaming palemunan. Anenggih punika ingkang awasta Sasana Pangrantunan inggih sinebat Swarga Bandhang, ugi winastan Tawang Gantungan.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Pramila sinebat Sasana Pangrantunan mengku werdi jagading kumara nglambrang ngantos mbenjang dumugi pungkasaning dinten. Swarga Bandhang ya Swarga pangangen-angen yekti sramaning badan alus yitmaning titah pujangkara ingkang hanggendhong hangindhit dosa dhuk nalika sungengira. Tawang Gantungan mengku werdi sasana ingkang dumunung aneng awang uwung nut laku jantraning angin, binasakaken sasana kendhang kebaraten kandhang langit sesingep mega. Jagading bangsa alus kaperang dadya tiga nenggih kahyangan, kajiman tuwin Tawang Gantungan. Kahyangan dadya sramaning para dewa dumunung aneng pucaking haldaka klawan pusering bumi, kajiman nenggih alaming bangsa gandarwa, jim setan priprayangan, dumunung aneng wana, imbanging harga, kayu aeng watu angker lemah sangar, wondene Tawang Gantungan tuhu alaming bangsa kumara ingkang dumunung aneng mega malang. Tanpa beda jawata klawan bangsaning jim setan, bangsa kumara ugi winengku dening narendra kang wenang mangreh tangeh purun
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

kaparentah. Lah sinten ta ingkang hangratoni sasana nyepeng gada sumawana tameng, pramila lamun pinuju menga mineping kori, hanyarengi swaraning bremara hambrengengeng, kapyarsa pindha panggerenging yaksa gora kang hanggegirisi. Pramila lamun katemben uninga, datan mastani punika jejering pratima wujud gupala nanging sinengguh Bathara Cingkarabala tuwin Balaupata kang ngreksakori sela matangkep hing kahyangan Suralaya. Dhasar negari Astina papan bawera winaradin pasir nila pakoja, toya wening tinalangan, hanjoge manjing kedhaton. Lamun hanyarengi para kenya lan abdi putri siram aneng pancuran, ilining toya arum mangambar kalunturan layoning sekaa kang kintir ing warih. Wiwit Pagelaran, Siti hinggil, Kamandungan trus Srimanganti tumekeng Jagalan lan Baluwarti sinebaran pasir samodra ingkang sinung watu lintang klawan nila pakoja, pramila lamun nedheng bibar pasewakan, ponang pasir sinampar sinandhung para-para kang lagya lumaksana, katingal pating galebyar yayah walataga sobeng pegagan. Labet kathahing rerenggan tuwin
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

pepasren kang sarwa retna, nganti tan ana bedane antarane rahina klawan ratri. Lamun rahina padhange hanelahi, lamun ratri kaya rahina. Minangka tandha gantining wanci, muhung peksi manyura lamun saba yekti wanci rahina, lamun minggah jejodhohan mring kandhangira yekti wus wanci ratri. Dupi wus tapis denira hanitipriksa, sang nata Prabu Suyudana sigra paring sasmita dhumateng emban ingkang munggweng ngarsa, piniji lumebet dhatulaya atur wuninga dhumateng sang nareswari ratu dayinta Dewi Banowati, bilih sang nata wus arsa ngedhaton.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai