Anda di halaman 1dari 3

KASATRIYAN JANGKARBUMI

Remu-remu soroting Hywang Pratanggapati, labet kalingan lariking mega nggegana. Surem sorote tan padhang, hamung katingal nggameng wit randhu jajar-jajar, anenggih punika dununging kasatriyan Jangkarbumi inggih awasta Puser Bawana, ugi sinebut kasatriyan Randhuwatang. Pendhapi kasatriyan winangun joglo pinayu sesirapan pinetha sisiking taksaka. Saka guru sela sumayana tinatah tinatu rengga, sinungging rerenyepan, pethane pinetha naga kawara. Cinakep ukup sela kartika angemba laring Hywang Anantaboga. Umpak geng kang kinarya nyangga saka guru, dumadi saking sela kresna pinatik akik linebur, ganthane pinetha reca angemba mustakane Hywang Nagaraja. Jerambah jejobinan sela prabata tinalasah sela kaca, naratas prapteng talundhagan tinundhatundha, talundhage cinandhi hanjog mring paningrat. Madyaning palataran jembar rinengga balumbang kang wening tirtane, tinepi banon sinung pepasren pratima sela gilang, pinetha sarpa naga ingkang lagya mangsah yoga. Kembang-kembang jinembangan, pepak
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

panjrahing puspita hangambar wangi yayah rumabasing durgandana. Gedhah benggala ginapit gangsa sinangling hanggung angrenggani saben selaning paningal temah amimbuhi endahing pura. Damar sasra madyaning pendhapi pinara-para sunare saking gagang tembaga rinukmi gadhing. Mubyar soroting damar isi lisah jarak myang gegala, yayah arebut praba klayan soroting Hywang Candra. Lah sinten ta ingkang kepareng lenggah wonten kasatriyan Randhuwatang? anenggih punika yogane sang Bathari Nagagini inggih atmajane sang panenggak Pandhawa Dyan Wrekodara. Satriya gagah sembadeng warna, kekasih Raden Naga Tawingnya inggih Dyan Hanantareja, Antareja inggih Dyan Nagabagindha. Prakosa gagah birawa, godheg wok simbarjaja sinung kadigdayan linangkung, binasakaken tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning grenda, tanapi tedhaning kikir. Raden Antareja darbe mustika peparinge Hywang Antaboga awasta mustika Napakawaca, kuwasane saget ambles bantala, ngambah telenging toya tanpa beda kaya ing ndharatan. Peparinge sang ibu nenggih mustika manik bumi
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

isi wisa marcundha tuwin tirta rasacundha. Kuwasane wisa marcundha, lamun kinecohaken mring sela, padhasakala ponang sela sumyur dadya bledug, wondene kuwasane tirta rasacundha, kinarya nggesangaken kunarpa ingkang dereng winanci. Nuju hari Anggara ing wulan Kasada tinengeran wuku Maktal, Raden Hanantareja kepareng miyos ing pendhapi kasatriyan Jangkarbumi, lenggah munggweng dhampar sinasotya, sesemek babut premadhani sinebaran urap sari ginanda wida. Ingkang kepareng ngayun ngabyantara nenggih punika atmajaning Dewi Ulupi klayan Raden Harjuna, wingking saking pertapan Yasarata inggih Candhi Bungalang, kekasih Raden Irawan inggih Dyan Gambiranom. Bagus warnane, ruruh pasemone, ngudanasih lamun ngandika. Pengawak tirta guwaya teja, dedeg waringin sungsang. Cinaket mring Dyan Antareja yayah renggang gula kumepyur pulut. Dangu dereng wonten sambeting pangandika satriya kekalih, katungka sowane satriya Giri Kadhasar Raden Antasena marak mring ngarsahe kang raka Randhuwatang, kagyat Dyan Antareja nulya mrepeki ingkang rayi Antasena, mangkana wijiling pangandika ingkang kawiyosing lesan.
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai