Anda di halaman 1dari 4

PASANGGRAHAN RATU SEWU

Sanjawining kitharaja taksih kalebet wewengkon negari Magada, wonten sasana jembar meh sak yojana tebanira, dumadi saking lemah bang tuwin padhas curi ingkang tinepi taru turus cemara pecut, lamtara tuwin wreksa sengon laut. Anenggih ing mriku dununging pasanggrahan endah sarwi bawera, awasta pasanggrahan Terate kencana, dadya palenggahanira para ratu sewu negari ingkang samya hangayunaken Dewi Citrawati. Jajar-jajar meh warata hadeging pasanggrahan, pinayu tendha sarwi pengkuh tur sentosa. Adeg-adeg wesi balitung, blandar malang wesi mangangkang, tinuwak cagak wesi pulosrani, jejed wesi janur jinangkepan uwat-uwat tali dhadhung sak lengen agengira. Sanadyan hamung wujud tendha nanging tan ebah dening rosaning prahara tuwin datan gonjing dening lindhu prakempa. Sasana jembar winangun nginggiling padhas winaradin, pinggire tinepi pager pacak suji saking warastra. Saben tendha jinangkepan bangsal kinarya palereman, wondene ngajenging pasanggrahan tinon
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

gapura wiwarane winangun menara. Pramila pantes kinarya pasanggrahan labet papane inggil, prajurit kang rumeksa tungguk kemit saindhenging pasanggrahan saget premana nyawang kubenging sasana. Sinten ta tetuwangganing narendra sewu ingkang masanggrah wonten Terate kencana? anenggih punika narendra saking Parang Gubarja Prabu Sasra Dewaka tuwin narendra Parang Rukmi Prabu Sasra Hadimurti. Pengapit narendra kekalih nenggih Prabu Sudirgapati wingking saking praja Ngembat Landheyan dalah Prabu Dhentawiyandana saking negari Timbul Tahunan. Para narendra sangkep sawadya balane samya asikep kaprajuritan, tumbak ngrangap kaya jati ngarang, candrasa nggabag pindha parasu, warastra yayah landhak sewu, jinajaran gendera rontek lan umbul-umbul hangendhanu pindha himanda. Nuju hari sajuga, sang nata Prabu Sasra Dewaka kepareng lelenggahan wonten madyaning pendhapi, lenggah munggweng dhampar dhenta, sesemek babut premadani tinepi renda jenar madyane ginambar sekar terate. Dhasar narendra taksih mudha, bagus
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

warnanira turta hangrasuk busana keprabon, pramila katingal mrabu mrabawa yayah Bathara Mahadewa hangejawantah kahayap para hapsari, Denira sumewa kahadhep narendra Parangrukmi Prabu Sasra Hadimurti. Sembadeng warna, pengawak tirta guwaya teja, dedeg waringin sungsang kawimbuh sekti mandraguna. Hamung kuciwa narendra kekalih hanggung hangugung dhiri, karem ngendhak gunaning liyan, paring pidana tanpa pradata murih kasembadan anggenira nyuwargakaken raga. Datan kantun tinon pasebanira narendra Ngembat Landheyan Prabu Gentawiyandana tuwin narendra Timbul Tahunan Prabu Sudirgapati. Kekalihira ugi kasinungan kasekten linangkung, bebasan tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning grenda, tanapi tedhaning kikir. Sembada dedeg ronggah, prakosa turta birawa. Rikma den adhul prapteng wadigang, netra mencorong yayah mripate singa barong, grana mungal yayah canthiking palwa, godheg wok simbar jaja, rawis sakepel pinalintir pindha naga nglangi. Waja pinasah belah kedhaton, jatha modot
Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

saka gedhang mas, pundhak lir dhendha suksara, kusika mbregadag yayah tembaga, wuluning angga dhiwut-dhiwut kadya singgang ing mangsa labuh. Ing njawi beg handher sowanira para narendra tetelukan nenggih Prabu Jaya Sudarga saking negari Pager Pucang, Prabu Sudirganata saking negari Kindarba, Prabu Gupalayaksa saking negari Sindukalang tuwin Prabu Baranjana saking praja Pudhak Sategal. Wusnya katingal sumewa, Prabu Sasra Dewaka sigra ngendika dhumateng para kadang narendra sewu negari, mangkana wijiling sabda ingkang kawiyosing lesan.

Sumber: Janturan Jangkep Wayang Purwo

Anda mungkin juga menyukai