Anda di halaman 1dari 12

SADEWA

KELOMPOK 5 (XII IPS 2)


ANGGOTA KELOMPOK:
• ERZA PERDANA PUTRA (13)
• FISKAWULAN LISMIRAMDANI (14)
• KURNIA GISCHA TRISTIYA (17)
• LARISA YOVITA SARI (18)
• MUHAMAD NOORUZZAMAN (22)
• NADITA HANIN NASYWA (23)
CIRI-CIRI SADEWA
Sadewa migunakake busana, yaiku: irah-
irahan gelung sapit urang, sumping
surengpati, kalung penanggalan, kelat bahu
ngangrangan, gelang tangan calumpringan,
gelang sikil ngangrangan, lan nganggo kain
bokongan bunder sembulihan. Sadewa
gadhah mata liyepan, irung walimiring,
lambe salitan tanpa kumis, driji tangan driji
jalma, arah rai lanyap, posisi sikil rapet.
Sunggingan awak werna emas, dene raine
werna ireng/peteng. Sadewa nduweni
awak cilik lan suwara cilik.

https://www.kompasiana.com
PUTRANIPUN

ttps://www.wayangnusantara.site

Saka bagan kasebat, Sadewa yaiku putranipun Prabu Pandu Dewanata (Raja Ngastinapura)
kaliyan Dewi Madrim (Dewi Mandaraka). Raden Sadewa uga gadhah kembaran, ingkang
asmanipun Raden Nakula. Satriya kembar iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo
Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna. Sadewa menika titisane Bathara Aswin.
NAMA SANES LAN JULUKAN
Raden Sadewa gadhah nama sanes lan julukan, yaiku:
a) Tangsen: jeneng cilike Sadewa kang gadhah arti tanduran kang
godhonge bisa kanggo obat.
b) Tantripala.
c) Darmapranti.
d) Sudamala: ingkang gadhah makna ”iso ngilangke penyakit".
NEGARA
Sadewa asalipun saking Negara Hastinapura. Hastinapura pancen
negara asal muasal Pandawa Lima lan Kurawa ingkang dados papan
penting saka kisah Mahabharata. Sadewa yaiku satriya ing negara
Sawojajar.
GARWA LAN LARE
• Sadewa gadhah garwa lan lare, yaiku :

DROPADI SURATAKARNA
WIJAYA SUHOTRA

• Garwa Sadewa versi pewayangan namung satunggaling tiyang, yaiku Perdapa


putri Resi Tambrapetra. Saking perkawinan iku lahir kalih tiyang anak asmanipun
Niken Sayekti lan Bambang Sabekti.
PUSAKA, GEGAMAN, LAN AJI-AJI
Pusaka & Gaman
Maniktira, pedang, panah, lan tombak.
Aji-Aji
Sadewa gadhah aji-aji purnamajati yaiku aji-aji sukanan Ditya Sapulebu;
Senapati Nagari Mretani; ingkang gadhah kasiat saget ngertos lan eling
jelas ing kabeh prastawa.
KEAHLIAN SADEWA
a) Sadewa remen kaliyan ilmu perbintangan, mila Sadewa gadhah keahlian ing bidang ilmu
astronomi.

b) Sadewa uga pinter ngramalaken prastawa.

c) Saliyane iku, kaya jenenge Nakula lan Sadewa lantip ing babagan obat-obatan amarga
satriya saklorone kuwi titisane dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib.

d) Sadewa uga pinter anggone ngrawat sapi (peternakan). Mula, nalika para pandhawa
njalani hukuman nyamar kurang luih 1 tahun ing Kerajaan Matsya, Sadewa uga milih
peran dados gembala sapi ingkang asma Tantripala.
WATAK
Sadewa gadhah watak, yaiku:
a) Jujur.
b) Bijaksana.
c) Setya janji.
d) Bekti marang wong tuo.
e) Welas asih.
f) Mbela kebecikan.
g) Pinter babagan ilmu pengetahuan.
h) Lembah manah.
PERAN SADEWA ING PERANG
BARATAYUDHA
Kasetyan Sadewa ugi dipuntunjukaken nalika geger Perang
Bharatayuda. Piyambake ugi tulus nderek perang sareng ngadepi pak-lik’e
piyambak yaiku Prabu Salya (sederekipun Dewi Madrim). Sadewa menika
salah satunggaling tokoh perang Pandhawa, ingkang dados pengatur
strategi perang, amargi Sadewa kondhang babagan kapinteran.
Ngantos akhiripun, Prabu Salya pejah lan paring wasiat dhateng
Nakula lan Sadewa yaiku mbocori ilmu abadine amargi piyambakipun
sedaya duweni ati ingkang tulus. Sakliyanipun, Prabu Salaya konjuk
gumantosaken kedudukan raja Prabu Salya ing Negeri Mandraka amargi
Prabu Salya mboten nggadhahi Putra. Lajeng Sawojajar sakebakipun
diserahaken dhateng Sadewa.
SEDANE SADEWA
Ing cerita sedane Pandawa, Sadewa dikisahke seda nalika minggah
Gunung Himalaya sareng keluarga Pandawa yaku Drupadi, Nakula,
Arjuna, Bima, lan Puntadewa. Sedane Sadewa amargi dhawah saking
gunung, sakdurunge Drupadi sampun mati rumiyin ugi amargi dawah.
Matine Sadewa ugi dadi bukti uripe anggota Pandawa sing mboten
lepat saking dosa. Sadewa menika sakdangunipun gesang tansah
menggalih yen awakke piyambak ingkang pinter lan cakap dewe ing
keluarga Pandawa, mula Sadewa mati pas minggah Gunung Himalaya
ingkang dingge dugi kahyangan.

Anda mungkin juga menyukai