Anda di halaman 1dari 1

Banjaran Sadewa

Raden Sadewa putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile Pandhawa.
Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar
rupa, swara, lan busana. Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane
Sadewa ing Bumiretawu.
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : Prabu Puntadewa, Raden Wrekudara, Raden Janaka.
Wong lima kabeh kui mau sinebut Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese
putra Pandhu. Raden Sadewa iku titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah
dening Dewi Kunthi. Wujude Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur
lan bekti marang sedulur tuwa.
Ing lakon Babad Alas Mretani, nalikane para pandhawa lagi duwe gawe yaiku mbangun
negara. Raden bratasena mbabat alas kang angker. Alas kui dadi negarane jim sing duweni ratu
jejuluk jim Yudhistira. Ana ing lakon kui Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim Sadewa,
satemah Jim Sadewa mau masrahake kasatriyane, yaiku Bumiretawu lan paring Aji Pramanajati
kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah. Kanthi dayane Aji Pramanajati kabukti Raden
Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman “sejatining lanang, sejatining wadon”. Banjur
didhaupake klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra.
Sabanjure peputra Sidapeksa.
Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat
Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari
Raden Sadewa pinaringan asma “Sudamala” tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan
nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.

Anda mungkin juga menyukai