Anda di halaman 1dari 2

Kidang Kencana

Raden Rama kue anak lanange Prabu Dasarata,lan Dewi Koslaya. Prabu Dasarata raja
ning Ayodya. Sawijine dina Raden Rama ngembara karo bojone Dewi Sinta, lan adine Raden
Laksmana, wektu tengahe alas Dewi Sinta weruh mlayune kidang kencana, kidang kencana
warnane emas. Kidang kencana sekitar perek panggonan mau.
Karna seneng endahe kidang kencana,Dewi Sinta jaluk ning bojone nyekel kidang mau.
Saking senenge ning bojone Raden Rama nuruti panjaluke Dewi Sinta.Raden Rama ngudag
kidang kencana,ngerti di udag kidang kencana mlebu ning alas.Raden Rama ngudag kidang
kencana sing mlebu ning alas dadine pisah koro bojo lan adine.
Kidang kencana anjog alas sing petheng dedet.Kumlebating kidang kecana Raden Rama
manah kidang mau kena awake lan mati.Nalika kidang guling terus metu suara nggema mirip
suarane Raden Rama.Raden Rama kena apus.
Suara mau nganjog pangone Dewi Sinta lan Raden Laksmana. Dewi Sinta ngira suara
mau, suara bojone nanging Raden Laksmana ngerti kuwi dudu suarane Raden Rama. Dewi
Sinta meksa ngonkonRaden Laksmana nyusul nulungi Raden Rama.
Tengahing dalan Raden Rama ketemu Raden Laksmana. Sawise crita nembe kedadean,
wong loro balik ning panggone Dewi Sinta. Dewi Sinta wis ora ana, terus Raden Rama karo
Raden Laksmana nggoleti Dewi Sinta.
Ning tengahing alas,Raden Rama karo Raden laksamana ketemu karo manuk Jatayu sing
nyitake yen Dewi Sinta digawa ning Rahwana,raja negeri Alengka.Jatayu natuni Rahwana
karna Jatayu mbela lan arep nyametake Dewi Sinta,sawise crita manuk Jatayu mati.
Raden Rama karo Raden Laksmana terus mlaku nggoleti Dewi Sinta. Tengahing dalan
ketemu karo kethek putih Anoman. Anoman pan ngabdi karo Raden Rama karo Raden
Laksmana ngoleti Dewi Sinta.

1.kesengsem = ketarik
2.garwa = bojo
3.wana =alas
4.swanten = suara
5. papan = panggonan
6.dhawuh = kongkon
7. bidhal = lunga
8.margi = dalan
9.peksi = manuk
10.madasi =nggilisi
11 ngabdi = bekti
12.kakung = lanang
13.sesarengan = bebarengan
14.cariyos = cerita

Anda mungkin juga menyukai