Anda di halaman 1dari 27

Materi Anoman Dhuta

July 13, 2020 3 min read

BAHAN AJAR

A. PARAGA LAN WEWATAKANE

1. Sri Rama

Ramawijaya iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama mijil saka garwa prameswari asma
Dewi Ragu utawa Dewi Sukasalya. Garwane Rama aran Dewi Shinta putrine Prabu Janaka ing
Mantili.

Ing wana Dhandhaka Dewi Shinta dicidra dening Dasamuka. Rama kekurangan prajurit
kanggo ngranasa menyang Ngalengka. Dumadakan ana kethek abang aran Sugriwa. Sugriwa
njaluk tulung marang Rama. Yen Rama gelem nulungi, Sugriwa sedya mbantu kersane Rama lan
babasan gelem dadi abdine. Jejere satriyatama yen dijaluki tulung mesthi sumadiya. Jebul
Sugriwa kepingin mateni kangmase kang aran Subali. Rama ora bisa cidra ing janji senajan
ngerti tumindake Sugriwa nistha.

Sugriwa sawadyabala kethek mbiyantu Rama merangi Ngalengka njaluk Dewi Shinta.

Watake Prabu Rama: bebudene luhur, ora cidra ing janji, lan tresna marang garwa dibelani, yen
perlu ditohi pati.

1. Dewi Shinta

Dewi Shinta uga disebut Shinta Dewi, Rakyan Shinta, Janaki, utawa Mantili. Dewi Shinta
putrane Mantili lan Prabu Janaka.Dewi Shinta titisan saka widodari ing kayangan yaiku Dewi Sri
Widowati. Dewi Shinta dadi prameswarine Sri Rama raja Ayodya. Duwe watak setia lan bekti
marang garwa. Bab iki dibuktekake nalika Dewi Shinta diculik Rahwana, panjenengane bisa
tetep ngugemi kasucene. Nalika kasucene diuji denong Sri Rama nganggo cara diobong Shinto
bisa slamet saka geni.

2. Rahwana

Disebut uga Dasamuka, Rawana, Dasawadana, , Dasawaktra, Dasasalira, Wingsatibahu.


Manggon ing Ngalengka (Ngalengka Diraja). Putra Bagawan Wiswara lan Dewi Sukesi.
Dasamuka dadi raja Ngalengka. Ing Ngalengka ngnggenteni Kakekne asmane Prabu Sumali.
Patihe Dasamuka asma Prahastha. Garwane Dasamuka samane Dewi Tari. Kagungan Putra
mahkota asma Indrajit. Putra putrine asmane Trisirah, Trikaya, Trinetra, Dewantaka lan
Dewatumut.
Dasamuka kagungan aji Pancasona sing bisa urip meneh yen ndemok lemah saben-saben
dikalahake mungsuh. Dasamuka duwe sifat angkara murka, nganiaya, ora gelem kalah, lan kabeh
kekarepane kudu keturutan. Sajrone uripe Dasamuka duwe kekarepan nggarwa titisane Dewi Sri
Widowati, kang salah sijine nitis marang Dewi Shinta.

4. Anoman

Anoman iku putrane Bathara Guru karo Dewi Anjani. Dewi Anjani putrine Resi Gutama lan
Dewi Windradi. Sesebutan liyane Anoman uga Bambang Senggana, Bayu Putra, Anjani Putra,
Maruti, Kapiwara, Ramadayapati (amarga tau dadi senapatine Prabu Rama), Bayutanaya
(amarga duwe daya angin).Sawise madeg resi mapan ing gunung Kendhalisada peparab
Begawan Mayangkara.

Anoman duwe sedulur tunggal bayu (duwe daya angin amarga sihe Bathara Bayu), yaiku
Bima, Begawan Maenaka, Liman Situbanda, Garudha Mahambira, Naga Kurawa, lan Dewa
Ruci. Amarga duwe daya angin, mula yen lumaku mesthi dibarengi swara angin.

Garwane Anoman ana loro, yaiku Dewi Purwati lan Dewi Urangayu. Karo Dewi Purwati
peputra Dewi Purwaganti. Karo Dewi Urangayu peputra Trigangga.

Anoman iku gedhe lelabuhane marang sapapadhaning titah. Sanajan wujude wanara
(kethek) nanging duwe jiwa satriya, seneng bela bebener lan nyingkirake angkara murka, juur,
lila legawa, enthengan. Tau dadi senapatine Prabu Rama. Setya tuhu marang titise Bathara
Wisnu yaiku Rama lan Kresna. Anoman uga melu dadi pamomonging para Pandhawa.

Wani ing bebener, setyatuhu marang pimpinan, lila legawa lan suka tumindaki Anoman
duwe watak:bebudene luhur, duwe jiwa satriya, Wani ing bebener, setyatuhu marang pimpinan,
lila legawa lan suka tumindak ing liyan.

(Kapethik saking buku Mutyara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan anggitanipun Warih Jati
Rahayu lan Suwarna Pringga Widagda)lan saking sumber sanesipun.

B. Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta ragam

ANOMAN DHUTA

Ramawijaya Tindak mbebedhag/golek kewan ing alas. Sadurunge tindak, Prabu Rama
wis weling marang garwane yaitu Dewi Shinta. Shinta diweling ora kepareng nerak wewaler
utawa garis mistik saka Prabu Rama. Tindake Rama diweruhi wadayabalane Rahwana lan padha
golek sisik melik kango ndhusta Shinta. Sawuse oleh sisik melik, Rahwana banjur mbudidaya
supaya bisa mboyong Shinta. Kanthi maneka cara dilakoni, supaya penggalihe Shinta kapilut
dening Rahwana. Rahwana malik rupa, sing pungkasan malik rupa dadi kidang kencana/kidang
emas kang minangka klangenane/kesenengane Shinta. Penggalihe Shinta seneng campur gumun
ana kewan apik minangka klangenan mula enggal-enggal dicedhaki. Ora ngertiya kidang
kencana iku mau minangka penjelmaan Rahwana. Sanalika Shinta kaboyong lan kabopong
Rahwana digawa mabur menyang ngakasa.

Sawise Ramawijaya kondur mbebedhag, pranyata Shinta ora ana. Prabu Rama banjur
utusan marang wadyabala Rama golek sisik melik dumununge Shinta. Gancaring carita Prabu
Rama golek sisik melik / mata-mata ngenani kahanane Dewi Shinta kang wis didhusta dening
Rahwana. Wis pirang-pirang dina Rama pisah Dewi Shinta andadekake penggalihe Prabu Rama
sungkawa utawa sedhih. Kang diutus utawa dadi duta yaiku kethek putih kang aran Anoman.

Anoman dadi utusane Prabu Ramawijaya banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing
kono Anoman bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri
Rama menyang Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kahanan liyane, Anoman banjur bali.
Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengka diraja lan dirangket nuli
disowanake marang Prabu Rahwana Dening Rahwana, Anoman kapatrapan paukuman yaiku
bakal diobong ing Alun-alun Ngalengka.

Ngadhepi kahanan kang kaya mangkono, Rewanda Seta utawa Kapi Seta tatag tanggon
tanpa miris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh prakara kang bener bakal pener lan prakara
kang luput/salah bakal seleh. Iki minangka watak ksatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi
paukuman, nanging paukuman kang wedi marang bebener.

Kacarita, kethek putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong


Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sadhuwuring kraton.
Omah, bangunan liyane lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka
sing maune apik, asri saiki dadi lautan geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit
supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran
marang Prabu Rama.

(Pustaka Candra Edisi 8,


kabesut saperlune)

Soal :

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester : IX/ 1

Materi : Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta

1. Kapadosana menggah punapa tegesipun tetembungan ing ngandhap punika adhedhasar


wacan cariyos Ramayana lakon Anoman Dhuta!

No. Tembung ingkang angel Tegesipun


1 Duta …………………………………………………………………………….

2 Nerak …………………………………………………………………………….

3 Wewaler …………………………………………………………………………….

4 Penggalihe …………………………………………………………………………….

5 Pungkasan …………………………………………………………………………….

6 Kencana …………………………………………………………………………….

7 Sungkawa …………………………………………………………………………….

8 Kapi …………………………………………………………………………….

9 Seta …………………………………………………………………………….

10 miris …………………………………………………………………………….

1. Kawangsulana menggah pitakenan-pitakenan ing ngandhap punika adhedhasar wacan


cariyos Ramayana lakon Anoman Dhuta mawa basa krama ingkang trep!

1. Sapa kang prelu digoleki?

2. Sapa kang diutus golek sisik melik?


3. Sapa kang didhusta dening Rahwana?

4. Ing Taman Keputren Rewanda Seta/kethek putih bisa ketemu sapa wae?

5. Apa kang diaturake Anoman marang Dewi Shinta?

6. Sapa kang ngonangi nalika Anoman arep bali?

7. Sawise kecekel Anoman terus dikapakake?

8. Apa wujud paukuman kang bakal ditampa Anoman saka Rahwana?

9. Kepriye kahanane Anoman nalika diobong?

10. Kepriye kahanane bangunan lan omah-omah sawise diencoki Anoman?


Materi Teks Piwulang Serat Wulangreh
pupuh Dhandhanggula
July 27, 2020 5 min read

1. Serat Wulangreh

Serat Wulangreh menika yasanipun swargi Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV nata ing Kraton
Surakarta Adiningrat kang kondhang ngagem jejuluk Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun
Kanjeng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin
Panatagama Khalifatullah IV (dipunwaos: ingkang jumeneng kaping sekawan). Nalika taksih
timur, panjenengan dalem kaparingan asma Raden Mas Subadya, putranipun swargi Sinuhun
Pakubuwana III ingkang seda 1788. Panjenengan dalem wiyos ing surya kaping 2 September
1768. Lajeng jumeneng nata wiwit 29 November 1788. Nalika ngasta pusaraning praja ing
kraton Surakarta, panjenengan dalem ugi asring sinebat Sunan Bagus, awit taksih nem
anggenipun jumeneng nata ugi bagus pasuryanipun. Panjenenganipun seda ing surya kaping 1
Oktober 1820.

Naskah Serat Wulangreh ingkang asli samenika taksih karumat wonten Museum Radya Pustaka
ing Surakarta. Wulang ateges piwulang utawi pitutur, dene reh ateges margi, laku, utawi
tuntunan. Dados Wulangreh ateges pitutur ingkang nedahaken dhateng margining kamulyan.

Serat wulangreh menika ngemu 13 pupuh, nun inggih: Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada,
Gambuh 17 pada, Pangkur 16 pada, Maskumambang 30 pada, Dudukwuluh/ Megatruh 17 pada,
Durma 12 pada, Wirangrong 27 pada, Pocung 22 pada, Mijil 25 pada, Asmaradana 26 pada,
Sinom 33 pada, Girisa 25 pada.

Dudutanipun saking serat menika nun inggih bilih pangarsa/ pemimpin sejati inggih menika
ingkang sepi ing sipat loyo, lemer, genjah, angrong pasanakan, nyumur gumiling, ambuntut arit,
adigang, adigung, tuwin adiguna. Sejatining pemimpin menika kedah kandel ing sipat jujur, sepi
ing pamrih, sregep ngibadah, sarta satuhu tulus ngabdi saha ngupadi murih tentreming bebrayan
agung.

WULANGREH

Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV

PUPUH I

DHANDHANGGULA
PADA CAKEPAN TEGESE TEMBUNG

pamedhare = pamulange,
ngandhakake, membicarakan.
medhar sabda = sesorah, pidato.
wasita = warsita, wursita, wewarah,
piwulang, nasehat.
cumanthaka = kumawani,
kumendel, memberanikan diri.
Pamedhare wasitaning ati,
dhahat = banget, sangat.
cumanthaka aniru pujangga,
mudha = bodho, balilu,
dhahat mudha ing batine,
punggung, bodoh.
nanging kedah ginunggung,
ginunggung = gunggung + in =
datan wruh yen akeh ngesemi,
1 dibombong, dibesarkan hatinya.
ameksa angrumpaka,
angrumpaka = nganggit,
basa kang kalantur,
ngripta, mengarang.
tutur kang katula-tula,
kalantur = kaladuk, ngayawara, omong
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
kosong.
mrih padhanging sasmita.
katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana
ajine.
rinuruh = ruruh + in = 1. pasuryan
kang semu dhungkluk

ririh= lirih, alon, pelan.


sasmita = sandi, kode, isyarat.

Sasmitaning ngaurip puniki,


mapan ewuh yen ora weruha, ewuh = ribet, ora kepenak, repot.
tan jumeneng ing uripe, tan jumeneng = ora ngenggoni, ora
akeh kang ngaku-aku, mangerteni, tidak mengetahui.
pangrasane sampun udani, udani = weruh, tahu, faham.
2
tur durung wruhing rasa, darapon = supaya, supadi, supadya,
rasa kang satuhu, supaya.
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
Jroning Qur’an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga, yekti = temen, sesungguhnya,
kajaba lawan tuduhe, sebenarnya.
nora kena den awur, uninga = weruh, tahu.
ing satemah nora pinanggih, satemah = wusanane, akhirnya.
3
mundhak katalanjukan, katalanjukan = ora bener, ora
temah sasar susur, pas, tidak benar
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.

wirangi = wara’ , wong kang ngedohi


Nanging yen sira nggeguru kaki, larang (maksiat), jauh dari perbuatan
amiliha manungsa kang nyata, dosa.
ingkang becik martabate, khukum = hukum,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi, wirangi = ngerti isin,
4
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul, pawewehing = pemberian,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki, amungkul = umuk
sartane kawruhana.
kawruhana = ngertia, ketahuilah

5 Lamun ana wong micareng ngelmi, micareng = micara + ing , mulang,


tan mupakat ing patang prakara, ngandhakake, berbicara tentang.
aja sira age-age, mupakat = cocok, setuju, cocok.
anganggep nyatanipun, nyatanipun = benere, benar.
saringana dipun baresih, baresih = resik, tliti, teliti.
limbangen lan kang patang, limbangen = dipikir,
prakara rumuhun, ditandhingake, ditimbang.
dalil kadis lan ijemak, rumuhun = dhisik, terdahulu.
lan kiyase papat iku salah siji, dalil = hukum adhedhasar Al Qur’an
anaa kang mupakat. kadis = hukum adhedhasar
pangandikane, tindake Kanjeng Nabi
ijemak = hukum adhedhasar
pamanggihe para ulama.
kiyas = hukum adhedhasar lelakon
kang nate kedadean.

Ana uga kena denantepi,


legetane = dadine, wusanane, isine
yen ucul saka patang prakara,
perkara(?)
nora enak legetane,
angengkoki = bener, jumeneng, pada
tan wurung tinggal wektu,
tempatnya.
panganggepe wus angengkoki,
6 katengsun = garisku
aja kudu sembahyang,
kat = khat = garis.
wus salat katengsun,
sarengat = syari’at, aturan agama kang
banjure mbuwang sarengat,
kudu dilakoni.
batal karam nora nganggo den rawati,
den rawati = diopeni, dipelihara.
bubrah sakehing tata.

Angel temen ing jaman samangkin,


samangkin = saiki, sekarang.
ingkang pantes kena ginuronan,
ginuronan = diguroni, digurui.
akeh wong jaja ngelmune,
jaja = adol, menjajakan.
lan arang ingkang manut,
asesenengan = manut karepe dhewe-
yen wong ngelmu ingkang netepi,
7 dhewe, menurut kehendaknya pribadi.
ing panggawening sarak,
kakarepaneki = kakarepan + iki =
denarani luput,
karepe iki, kehendaknya
nanging ta asesenengan,
papancene = jatah, takdir.
nora kena den wor kakarepaneki,
priyangga = dhewe, sendiri.
papancene priyangga.

Ingkang lumrah ing mangsa puniki,


mapan guru ingkang golek sabat,
mangsa = waktu, jaman, waktu.
tuhu kuwalik karepe,
sabat = sahabat, murid.
kang wus lumrah karuhun,
naruthuk = thruthukan, pergi kesana
jaman kuna mapan si murid,
8 ke mari.
ingkang padha ngupaya,
ngupaya = golek, mencari.
kudu anggeguru,
kanthinira = bature, rewange,
ing mengko iki tan ora,
muride, muridnya.
kyai guru naruthuk ngupaya murid,
dadia kanthinira.

 Pertemuan Kedua
WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA

(01)Pamedare wasitaning ati, cumantaka aniru Pujangga, dahat muda ing batine, Nanging kedah
ginunggung, datan weruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur,
turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padanging sasmita.

Inilah curahan hati, Berlagak meniru pujanggA, Tapi merasa harus disanjung, Tak sadar
banyak yang mencibir, Memaksa diri merangkai kata, bahasa yang (justru) ngelantur, Bahasa
yang carut marut, yang (jika) dicermati, (hanyalah) untuk terangnya isyarat (kata hati) semata.

(02) Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh
kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasakang satuhu, rasaning
rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.

Makna kehidupan itu sungguh sayang bila tak tahu, tidak kokoh hidupnya,
banyak orang mengaku, perasaannya sudah utama, padahal belum tahu rasa, rasa yang
sesungguhnya, hakikat rasa itu adalah, usahakan supaya diri sempurna, dalam kehidupan.

(03) Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen
sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, sira anggugurua.

Dalam Qur’an tempat rasa jati, tapi jarang orang tahu, keluar dari petunjuk,
tak dapat asal-asalan, akhirnya tidak ketemu, malahan terjerumus, akhirnya kesasar, kalau
kamu ingin peka, agar hidupmu sempurna,maka bergurulah.

(04) Nanging yen sira nggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing khukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang
wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane kawruhana.

Namun apabila kamu berguru, pilihlah manusia nyata, yang baik martabatnya
serta tahu hukum, yang beribadah dan sederhana, syukur dapat pertapa yang sudah
menanggalkan pamrih pemberian orang itu pantas kamu berguru serta ketahuilah

(05) Lamun ana wong micara kaki, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep
nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis
lan ijemak, lan kijase papat iku salah siji, ana-a kang mupakat.

Kalau ada orang bicara ilmu, tak setuju empat perkara, jangan cepat-cepat, percaya padanya
saringlah yang teliti, pertimbangkan empat hal, perkara terdahulu, dalil hadis dan ijma’
dan keempat qiyas semua, telah disepakati
(06)
Ana uga kang sira antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal
wektu, panganggepe wus angenggoki, aja kudu sembah hyang, wus salat kateng-sun,
banjure mbuwang sarengat, batal haram nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.

Ada juga yang manta, kalau tepat empat perkara, sungguh tidak tepat
hanya meninggalkan waktu, menganggap sudah tepat, hendak tidak shalat
hanya bikin tanggung, lalu membuang syariat, batal haram tak peduli, lalu bikin kacau

(07) Angel temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya ngelmune,
lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani
luput, nanging ta asenengan, nora kena den wor kakarepaneki, pancene parijangga.

Sungguh sulit jaman sekarang, Mana yang pantas diteladani,(Meski) banyak yang hebat
ilmunya,Tetapi jarang yang taat, Jikalau orang berilmu yang menjelaskan.
Jika orang berbuat baik, Dikatakan salah Tetapi jika hanya bersenang-senang,Tak bisa
dimengerti apa maksudnya, Betul-betul orang hebat

(08)
Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu angguguru,
ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.

Umumnya dijaman sekarang, Justru guru yang mencari teman, Benar-benar terbalik
keadaanya, Jamaknya (begitulah) yang biasa terjadi,Kalau jaman dulu, muridlah, Yang mencari
guru, Tapi sekarang tidak

 Pertemuan Ketiga

Ayo gatekna katrangan ing ngisor iki kanggo dhasar rembugan gawe cakepan tembang
Dhandhanggula!

1. Apa sing arep kokjlentrehake?

Pitakon iki bisa kanggo miwiti nalika arep gawe cakepan tembang Kinanthi. Nalika arep gawe
cakepan tembang “topik” kudu ditemtokake dhisik. Bisa bab sinau, nyambut gawe, sopan santun,
budaya jawa, lan liyan-liyane

2. Pira cacahe gatra tembang Dhandhanggula

Gatra utawa larik tembang sing arep digawe kudu dimangerteni. Tembang Dhandhanggula iku
cacahe larik ana 10. Dadi kanggo nggawe cakepan tembang Dhandhanggula kudu nyepakakake
cengkorongan larik cacah 10.
3. Pira cacahe Wanda kecap saben gatra larik tembang Dhandhanggula.

Saben Gatra utawa larik Tembang Dhandanggula iku duwe wanda dhewe-dhewe. Tembang
Dhandhanggula nduweni wanda 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.

4. Kepriye guru lagune tembang Dhandhanggula?

Guru lagu tembang Dhandhannggula yaiku i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

5. Ayo gladhen gawe sakpada cakepan Dhandhanggula kanthi milih topik ing ngisor iki!

 Ngleluri budaya Jawa


 Budi pakerti kang becik
 Sregep sinau supaya pinter
 Ngedohi tumindak ala
 Rukun karo kanca

6. Tuladha cakepan tembang Dhandhanggula

Gesang Mulya Sekeca Bawa Setya Tuhu

Dhuh Pengeran kang satuhu adil Pamintaku nimas sida asih

Kula nyuwun gesang istikomah Atut runtut tansah reruntungan

Mulya lan mukti uripe Ing sarina sawengine

Tebih saking bebendu Datan ginggang sarambut

Tansah cukup rasaning ati Lamun adoh caket ing ati

Bisa mangan lan nyandhang Yen cedhak tansah mulat

Sakabehe cukup Sida asih tuhu

Nganti pinaringan garwa Pindha mimi lan mintuna

Kang nggadhahi watak kang utama yekti Ayo nimas bareng anetepi wajib
Pejah khusnul khotimah Sida asih bebrayan

Dening Ahmad Nurhamid Dening Ki Nartosabdo

7. Paugeranipun tembang Macapat Dhandhanggula ….


1. Watak : luwes, ngresepake.
2. Sasmita/ pralambang : manis, sardula, madu, gula, gendhis

 Guru gatra : 10

1. Guru Wilangan : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7


2. Guru Lagu : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a

Materi Teks Sandiwara


August 8, 2020 10 min read
BAHAN AJAR

Sandiwara asale saka tembung sandi (rahasia) lan warah (ajaran). Sandiwara tegese ajaran sing
diwulangake kanthi rahasia utawa ora kanthi blak-blakan. Kang ngemot amanat tumrap para
panontone.

Miturut jenis /penyajian lakon sandiwara bisa kaperang dadi wolung jenis!

1. Tragedi, yaiku lara lapane/duka. cerita sandiwara kang isine kebak kasedihan.

Pelaku utama ing ngriki saka wiwitan nganti pungkasan pagelaran nasibipun awon, kepara ing
pungkasan crita peran utamanipun dipundhut Sang Illahi. Saengga penonton ndherek
ngrasosaken rasa sedih. Ex. Romeo and Juliet, Malin Kundang,

2. Komedi, yaiku suka gembirane cerita sandiwara kang bisa nuwuhake rasa lucu tumrap
para penontone. Kelucuan ing sajrone drama asring ngandut sindiran kritikan lan amanat
kangge anggota masyarakat tartamtu, pramila kedadeyan-kedadeyan
3. Tragekomedi, yaiku cerita sandiwara kang isine kebak kasedihan ananging uga ngandhut
perkara-perkara kang bisa andadekake guyuning ati. Sedih lan gumujeng asring silih
geganten.
4. Opera, yaiku cerita sandiwara kang pacelathone dilagokake kanthi kairing
musik/gamelan. Drama punika luwih ngutamakake lagu lan musik tinimbang lakon.
Lakon namung minangka sarana mawon. Opera kang cendek diarani OPERET
5. Melodrama,yaiku cerita sandiwara kang pacelathone diucapake kanthi iringan
musik/gamelan.
6. Farce, yaiku sandiwara kang wujude ora adoh saka dhagelan, kang diutamakake ing
cerita iki peran lucu kang bisa gawe guyune penonton Lan krasa bungah
7. Tablo, yaiku jenis sandiwara kang ngutamakake obahing paraga utawa kaprigelane rikala
akting. Para paraga boten ngucapake dialog, ananging namung gerak-gerik kemawun
kang ditampilake.
8. Sendratari, yaiku minangka kolaborasi antarane seni sandiwara/drama lan seni tari, para
paragane padha nduweni kaprigelan nari. Rangkaian prastawane asring diwujudake
kanthi tarian kang diiringi musik tanpa dialog. Nanging wonten narasi singkat kang
dipocapake kanggo ngerteni prastawa apa kang lagi kapentasaken.ex. sendratari
Ramayana ing Prambanan Yogyakarta.

Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara kaperang dadi 6!

1. Sandiwara panggung, diparagakake ing panggung pertunjukan lan penonton wonten ing
sakiwa tengene panggung saengga penonton saged mirsani, mirengake, lan ngraba para
paragane. Sacara langsung.
2. Sandiwara radio, pagelaran ingkang namung saget dipun mirengaken ananging boten
saget dipunpirsani.
3. Sandiwara TV, drama TV sadet dimirengake lan dipersani nanging boten saged
dipunraba. Pamentasanipun saget sacara langsung lan uga saged sacara rekaman.
4. Sandiwara Film, drama kang migunakake layar lebar lan pertunjukane biasane digelar ing
jero bioskop.
5. Sandiwara wayang, ciri khas tontonan drama inggih punika wonten cerita lan dialog. Para
paraga digambarake nganggo wayang. Lan biasane dimainake dening dhalang.
6. Sandiwara boneka,

Miturut arane, naskah kaperang dadi loro yaiku :

1. Sandiwara tradisional, yaiku tontonan sandiwara kang tanpa migunakake naskah.


Watak, tokoh, dialog, lan gerak-gerik kaserahake kabeh tumrap para paraga.ex. kethoprak
(Jateng), Ludruk (Jatim), Lenong (Betawi)
2. Sandiwara modern, yaiku sandiwara kang migunakake naskah, naskah kang isine dialog
lan gerak-gerike para paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan paraga/gerak-gerik
kang ditampilake padha karo naskah kang diapalake.

Unsur lakon sandiwara :

1. tema, pikiran pokok kang ndasari lakon drama. Ide awal pementasan. Ex. Masalah
keluarga, religi, ekonomi, lsp. Tema lebih sempit lagi dinamakan topik (masalah
keluarga: pilih kasih), dan topik baru lakon.(masalah keluarga (tema): pilih kasih (topik):
Cinderella (lakon)).
2. amanat, pesan moral kang disampaikake penulis marang pamaos naskah utawa penonton
drama.
3. plot,
4. karakter,
5. dialog,
6. setting,
7. basa, lan
8. Pemanfaatan kehidupan masyarakat sebagai sumber gagasan dalam menulis cerita

Unsur pementasan Sandiwara

1. naskah drama
2. pemain
3. sutradara
4. tata busana
5. tata panggung
6. tata suara
7. penonton

NASKAH SANDIWARA “ANDHE-ANDHE LUMUT’

1. Tema : Golek Garwa


2. Cerita apa : Ande-ande Lumut
3. Ceritane kaya piye :

Panji Asmara Bangun mangembarra kanggo golek pengalaman uri lan garwa sisihaning gesang.
Nalika mangembara dheweke ketemu karo Mbok Rondho Dhadhapan, lajeng dipek anak lan
dijenengi Ande-ande Lumut. Mbok Rondho Dhadhapan golekna garwa kanggo Ande-nde Lumut
kanthi cara nganakna saembara nyanyi kang diarani “Sinden Idol”. Sing melu saembara yaiku
Klenting abang, Klenting ijo, Klenting biru lan Klenting kuning. Sanajan Klenting abang,
klenting ijo lan klenting biru ayu-ayu, nanging wis disisani yuyu kangkang. Lha bedo karo
klenting kuning, dheweke rupane digawe elek mbok rondho klenting, ambune ora enak nanging
ora sisane yuyu kangkang lan uga sae penggalihe. Akhire Klenting kuning sing dipilih Ande-
ande lumut dadi garwane.

4. Tokoh :

1. Pangeran (ande-ande lumut) : wicaksana, sae penggalihipun lan satriya.


2. Bejo : manut marang junjungane lan lucu.
3. Mbok Rondho Dhadhapan : kasih marang putra.
4. Mbok Rondho Klenting : pilih kasih, angkuh lan seneng nyiksa.
5. Klenting abang : edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
6. Klenting ijo : manja, edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
7. Klenting biru : edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa.
8. Klenting kuning : sabar, lan sae penggalihipun.
9. Widodari : welas asih.
10. Yuyu kangkang : gelem nulung yen ana imbalane (pamrih).
11. Alur : Maju

Konflik :

1. Mbok rondho klenting >< klenting kuning · Mbok rondho klenting nyiksa klenting
kuning.
2. Konflik batine klenting kuning · Rumangsa digawe susah utawa diseksa.
3. Klenting kuning >< yuyu kangkang · Yuyu kangkang ngenyek rupane klenting kuning.
4. Mbok rondho dhadhapan >< klenting kuning · Mbok rondho dhadhapan ora setuju yen
ande-ande lumut mlih klenting kuning.
5. klenting >< klenting kuning · Klenting-klenting ngremehake klenting kuning.

6. Setting/latar
7. Panggonan :

 Ing alas
 Ing omahe mbok rondho klenting
 Ing kali ü Ing omahe mbok rondho dhadhapan
1. Wekdal : Esuk, awan, sore
2. Swasana :

 Bingung
 Susah
 Gething
 Seneng

“Ande-Ande lumut”

Prolog : kadadosan ing negari ingkang gemah rimpah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja.
Wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwa kacekapan. Pangeran menika
putra mahkota ingkang badhe nglajengake tahta kerajaan. Ananging pangeran kalawau mboten
marem kalih gesangipun ingkang kacekapan. Pangeran kepingin lelono. Nglamahi wono.
Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi pengalaman gesang. Saking mriku kawiwitan
lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih menika lare
wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.

BABAK 1 :

(ing alas) kalih tiyang kaneman mlampah nglewati wana ingkang rimbun. Ningali kiwo tengene
mboten wonten kewan utawa peksi ingkang saget dipunburu. Kaneman bagus kalihan
pandhereke wau sakyektosipun inggih menika pangeran ingkang lelono kangge pados jati
dirinipun.

(kalih tiyang mlahpah kanthi wasadapa ngingeti ana ngisor lan ndhuwure nggoleki kewan kang
iso diburu).

Pangeran : “jo… bejo… kowe neng endi? Jo…. Bejo.”

Bejo : “pangeran…. Pangeran ….panjenengan wonten pundi pangeran?” (mlampah


mundur, lajeng tabrakan nganti gelimpungan)

Pangeran : “aduh… kowe kuwi ati- ati ta.”

Bejo : “hehehe…ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran wonten


wingking kula.”

Pangeran : “rene jo rene!!!…. Aku arep cerita.”

Bejo : “wonten napa pangeran?” (kalih tiyang lenggah bareng lan padha crita)

Pangeran : “kok ra ana kewan dina iki ya jo?”


Bejo : “injih pangeran sepi sanget!” (pangeran lan pandhereke ngadek, kaget weroh

wong ing ngarepe)

Pangeran : “sapa kuwi jo?”

Bejo : “kula mboten ngertos pangeran. Sinten nggih niku?”

Pangeran : “ngapunten mbok, kula badhe tanglet?” (ingkang ditakoni meneng, ora njawab,
repot karo kayune)

Pangeran : “kulanuwun… mbok.” (pangeran nyedak marang mbok rondho, mbok rondho
kaget weroh pangeran)

Mbok rondho dhadhap an : “walahdalah…. Mangga. Sapa kowe?”

Pangeran : “kula pengembara mbok… ngapunten niki dusun napa?”

Mbok rondho dhadhap an : “iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa neng kene?”

Pangeran : “kula badhe mangembara mbok… ananging kula nyasar mboten ngertos dalane.”

Mbok rondho dhadhap an : “wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le? Tak dadekne anak
angkatku yen kowe gelem.”

Pangeran : “wah… injih mbok kula purun.”

Mbok rondho dhadhapan : “kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke ande-ande lumut
ya le?”

Pangeran : “inggih mbok.”

BABAK 2 :

(Ing omahe klenting-klenting) Wonten enjing ingkang terang mbok rondho klenting nyawiji
kalihan putri-putrinipun. Putri-putri mbok rondho klenting sanget ayu pasuryane. Piyambake
inggih menika klenting abang, klenting ijo, klenting biru lan salah satunggaling putri tirinipun
ingkang nama klenting kuning. Mbok rondho klenting sanget remen lan tresna kaliyan putri-
putrinipun, ananging benten kaliyan klenting kuning ingkang dados putri tiri, piyambake sanget
dibentenake katresnanipun. Klenting kuning didhawuhi nyapu, ngresiki griya lan ugi nyambut
damel ing sawah. Sanget mrihatinake.
(klenting kuning teko nggawa sapu, nyapu lan ngepel jogan. Lingeh mojok ana ruangan. Ora
suwe mbok rondho teko ngawasi klenting kuning. Nyusul sedulure klenting abang, klenting ijo
lan klenting biru)

Mbok rondho klenting : “Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug!”

Klenting-klenting : “Injih mbok, wonten napa?”

Mbok rondho klenting : “Ngene ndug, ana warta sing penting banget.”

Klenting abang : “Warta apa ta mbok?” (dewasa)

Klenting ijo : “Inggih mbok enten napa ta?” (manja, nyedak karo nyekel
tangane mbok rondho klenting)

Klenting biru : “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”

Mbok rondho klenting : “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing duwe anak
bagus banget, jenenge ande- ande lumut?”

klenting-klenting : “Owh…ande-ande lumut…bagus!!! Wah gelem no.”

Mbok rondho klenting : “iya… mbok rondho dhadhapan gawe sayembara “sinden idol”
kanggo anake ande- ande lumut sing lagi goleki garwa pendamping.”

Klenting-klenting : “wah… purun sanget mbok.”

Mbok rondho klenting : “iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe supaya dadi putri
sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-ande lumut.

Klenting-klenting : “iya mbok.. Purun.”

Klenting abang : “wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…”

Klenting ijo : “ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.”

Klenting biru : “ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune
mbakyu-mbakyu ngalah karo aku!”

Klenting abang : “heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku
dadi mbakyumu!”

Mbok rondho klenting : “wes-wes ta!! Rasah padu…anak-anake mbok kan ayu-ayu, rasah
do udur!! Gek neng njero,,siap-siap dandan!!”
Klenting-klenting : “injih mbok…” (klenting abang, ijo, lan biri ninggal mbok
rondho lan mlebu omah) klenting kuning kawit wau mirengake pirembugane simbok lan
sedherekipun. Klenting kuning marani mbok rondho lan ngomong marang mbok rondho.

Klenting kuning : “mbok… kula badhe matur.”

Mbok rondho klenting : “matur apa….? Apa kowe wes rampung nyapune?”

Klenting kuning : “sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek
saembara “sinden idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu
klenting.”

Mbok rondho klenting : “owh ya wis…rene tak dandani kowe.” (mbok rondho menehi
angus lan ambu- ambu kang ora enak marang klenting kuning)

Mbok rondho klenting : “ya wis sakiki kowe ngumbahi klambi- klambine mbakyumu karo
gone mbok neng kali kono.” (mbok rondho nyurung klengting kuning kanthi kasar banget)

Klenting kuning : “injih mbok…”(klenting kuning ninggalno mbok rondho lan


mlaku marak pawon)

Mbok rondho klenting : “hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwane ande-ane lumut
yaiku salah sijine anak-anakku, dudu klenting kuning.”

Klenting kuning nampi menapa ingkang dipunutus dening mbok rondho lan dilampahi kanthi
sabar. (ing omahe klenting-klenting)

BABAK : 3

(perjalanan marak ing kali) klenting kuning saben dinten nyambut damel ngresiki griya, ugi
nyambut damel wonten lading. Mboten kraos sayah lan keluh kesah. Sinaos piyambake
dipundamel mboten sae kaliyan mbok rondho klenting lan para sedulure. Naming piyambake ugi
gusti allah ingkang ngertos sengkowo piyambake. Piymbake ngajengaken gusti allah badhe
maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.

Klenting kuning : “duh gusti ngeten niki gesangipun kula… mugi-mugi kula saget nampi
kanti lemah manah.”

Widodari : (wong kang ora disangka mara) “hei… cah ayu.”

Klenting kuning : “sapa kuwi?”

Widodari : “kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!”

Klenting kuning : “ameh ngapa kowe?”


widodari : “aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo- mugo
pusaka iki keguna kanggo kowe. Iki jenenge jimat kalimosodo. Tampanen cah ayu.”

Klenting kuning : “injih matur nuwun.”

Widodari : “ati-ati, gunakno pusaka kuwi kanggo kabecikan!”

Klenting kuning : “injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.” (klenting kuning
ninggalno kali lan nggawa pusaka sing diwenehke widodari)

Babak : 4

Ing salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer banget, wonten mriku yuyu kangkang
gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika. Piyambake si yuyu kangkang ingkang julik.
(yuyu kangkang sing njaga leen lagi mondar-mandir ngwasi menawa ana wong teko)

Yuyu kangkan g : “hohohoho….godong waru kok bolong- bolong… bocah ayu kok
moblong- moblong….sapa kae sing teko?” (lajeng teko klenting abang, ijo lan biru mara ing
pinggir kali)

Klenting abang : “wah… kaline banjir.”

Klenting ijo : “iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??”

Klenting biru : “iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu
saembarane mbok rondho dhadhapan?!”

Klenting abang : “kosek-kosek…kae ana yuyu kangkang ta?”

Klenting ijo lan biru : “wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu.”

Klenting abang : “iya …yuyu kangkang… yuyu kangkang…”

Yuyu kangkan g : “hahaha… ana apa cah ayu-ayu?”

Klenting abang : “yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tulung sebrangke aku lan
adhik-adikku lewat kali iki…”

Yuyu kangkan g : “wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah ayu….enek
imbalane.”

Klenting abang : “imbalane apa ta…kon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe kuwi mata
duwitan!”

Klenting ijo : “ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..”
Klenting biru : “ya… piro jalukmu mengko tak bayar!!”

Yuyu kangkang : “dudu duwit…aku rak doyan…. Hahaha”

Klenting- klenting : “prett…”

Yuyu kangkan g : “imbalane yaiku nganggo tangamu..”

Klenting abang : “apa tanganku??? Ameh bok kapakne??”

Yuyu kangkan g : “ora tak kapak- kapakne…mung tak ambung sitik…”

Klenting biru : “he!!! Apa?”

Klenting ijo : “iihhhhh,,,emohh ahh….gilani…”

Klenting abang : “iya,,apa ra enek imbalan liyane..?? Mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi??Hiiiii”

Yuyu kangkan g : “ya wis yen wegah… yen suwe-suwe mengko imbalane nambah…”
(klenting abang, ijo lan biru padha rembugan)

Klenting abang : “ya wis,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….” (yuyu kangkang
nyebrangke klenting abang, ijo lan biru kanthi giliran)

Yuyu kangkan g : “wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..”
(klenting kuning teko arep nyabrang)

Yuyu kangkan g : “hohoho.. Apa kuwi??.. Ambune rak enak,,,rupane elek banget.”

Klenting kuning : “wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek
yuyu kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne kali
iki.”

Yuyu kangkan g : “hahaha… apa sebrangke?aku wegah.”

Klenting kuning : “mengko tak wenehi duwit…”

Yuyu kangkan g : “aku wegah… wes kono lunga.. Aja rene meneh! Dasar wong wadon
elek.”

Klenting kuning : “alah…kowe kok jahat ta yuyu kangkang…” (klenting kuning ngetokno
pusakane)

Klenting kuning : “ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
Yuyu kangkan g : “hahaha… apa ya iso?” Dumadan lepen menika asat, yuyu kangkang
kacilakan lajeng kesah tebih lan mati. Sak lajengipun klenting kuning saget lumprah nyebrang
lepen menuju griya mbok rondho dhadhapan, griyanipun si ande-ande lumut.

Babak 5 :

(ing omahe mbok rondho dhadhapan) salah sawijining dusun ingkang nama dhadhapan, mbok
rondho nembe nyapu griya, wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten
salah swijining surau. Ngentosi gegantilaning manah ingkang dipunjanjiaken gusti allah kangge
piyambake. (mbok rondho lagi nyapu ing omahe, ujuk-ujuk teko rombongane wong wadon ayu-
ayu yaiku klenting abang, ijo lan biru).

Klenting- klenting : “assalamu’alaikum…”

Mbok rondho dhadhap an : “wa’alaikumsalam… sapa ya?”

Klenting abang : “kula mbok… klenting abang.”

Klenting ijo : “kula klenting ijo mbok..”

Klenting biru : “lan kula klenting biru mbok.”

Mbok rondho dhadhap an : “wah.. Cah wadon ayu- ayu…arep ngapa iki?”

Klenting- klenting : “badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane
ande-ande lumut mbok…”

Mbok rondho dhadhap an : “owalah… arep melu saembara ta… ayo nyanyi siji-siji?!”

Klenting- klenting : “inggih mbok..” (klenting-klenting gantian nunjukno kapinterane


nyanyi) klenting abang : (nyanyi “nyidam sari”) mbok rondho dhadhap an : “lumayan-lumayan.

Next….”

Klenting ijo : (nyanyi “lungiting asmara”) mbok rondho dhadhap an : “padha


wae lumayan.

Next…”

Klenting biru : (nyanyi “tanjung mas ninggal janji”) mbok rondho dhadhap an :
“waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande lumut . Mlebu siji-siji ya!”
Klenting- klenting : “oke… siaaaaaaappp!” (klenting abang mlebu pisanan, banju
mbok rondho nyanyi)

Mbok rondho dhadhap an : “putraku si ande-ande lumut.. Temuruna ana putri kang unggah-
unggahi… putrine ngger sing ayu rupane… klenting abang iku kang dadi asmane.”

Ande- ande lumut : “duh ibu…kula mboten purun.. Duh ibu… kula mboten meduun..
Najan ayu sisane si yuyu kangkang.”

Mbok rondho dhadhap an : “wah ora gelem ki nduk!”

Klenting abang : “wah kurang ajar kuwe kuwi… aku ayune ngene diarani sisane
yuyu kangkang.” (klenting abang metu banjur klenting ijo sing ganti mlebu)

Klenting ijo : “cobi kula mbok…”

Mbok rondho dhadhap an : “putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putrid kang unggah-
unggahi… putrine ngger sing ayu rupane.. Klenting ijo iku kang dadi asmane.”

Ande- ande lumut : “duh ibu… kula mboten purun.. Duh ibu… kula mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.”

Mbok rondho dhadhap an : “wah ya padha ora gelem ki nduk.”

Klenting biru : “mbok,,,cobi kula.”

Mbok rondho dhadhap an : “putraku si ande-ande lumut…temuruna ana utri kang unggah-
unggahi…putrine ngger sing ayu rupane… klenting biru iku kang dadi asmane.”

Ande- ande lumut : “duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.”

Mbok rondho dhadhap an : “waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…” (klenting kuning
teko mara ing omahe mbok rondho dhadhapan)

Klenting kuning : “assalamu’alaikum…”

Mbok rondho dhadhap an : “wa’alaikumsalam… sapa ya kuwi?”

Klenting kuning : “kula klenting kuning mbok…badhe melu saembara “sinden


idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut.”

Mbok rondho dhadhap an : “apa?… Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta kuwe
iki?”
Klenting abang : “lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu
ditolak kok apa mneh kuwe?”

Klenting kuning : “dicoba ndhisik mbok…”

Mbok rondho dhadhap an : “ya wis kono ndang nyanyi.”

Klenting kuning : (nyanyi “cidro”) (klenting kuning melu mlebu mbok rondho)

Mbok rondho dhadhap an : “putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putrid kang unggah-
unggahi…putrine kang ala rupane… klenting kuning iku kang dadi asmane.”

Ande- ande lumut : “duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe
medun… najan ala menika kang putra suwun.”

Mbok rondho dhadhap an : “lho…apa ra salah kowe le tole?”

Ande- ande lumut : “mboten mbok…niki sampun dadi pilihane kula.” (klenting-
klenting kusak-kusuk)

Mbok rondho dhadhap an : “owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.”

Ande- ande lumut : “mbok, kula badhe ngmong jujur ngenani jati dirine kula.”

Mbok rondho dhadhap an : “apa kuwi ngger?”

Ande- ande lumut : “mbok, kula menika sakjane pangeran ing kang mangembara
golek pengalaman urip lan sisihing urip.”

Klenting- klenting : “haaa!!!…??? Pangeran??? (klenting-klenting semaput)


pungkasane klenting kuning dados sisihanipun ande-ande lumut, pasuryanipun ingkang awon
ugi mambet dumadekake dados putri ingkang ayu. Sejatosiun klenting kuning menika putri
sekartaji lan ande-andhe lumut menika raja ngetosi ramanipun. Pengeran ugi klenting kuning,
gesang slaras saklawase.

Teks Deskriptif Upacara Adat


November 10, 2020 1 min read

BAHAN AJAR

1. Ringkasan Materi

Saben tlatah utawa wewengkon nduweni tata cara utawa adat dhewe – dhewe. Tlatah siji lan
sijine adat tata carane ora padha nanging duweni maksud kang padha. Adat tata cara gumantung
kultur budaya masyarakat. Kultur masyarakat lan pakulinan sing kaya mangkono angel diilangi
amarga wis mbalung sungsum lan turun temmurun.

Upacara mitoni yaiku upacara kang dileksanakake nalika jabang bayi isih ana ing kandhutan
calon ibu nalika umur 7 wulan. Maksud mitoni yaiku supaya jabang bayi kang dikandhut calon
ibu slamet lan bisa lair kanthi gampang ora ana alangan lan diparingi rupa bagus yen lanang lan
ayu menawa wadon.

1. Teks Materi

UPACARA ADAT MITONI

Upacara adat mitoni minangka upacara adat kang wus lumaku ing tanah jawa, mligine jawa
tengah. Mitoni minangka slah sijine adat pakulinan bebarayan jawa, yaiku nylameti si jabang
bayi sing isih ana ing kandhutan calon ibune sawise umur pitung sasi mligine anak sepisan.

Maksud mitoni yaiku supya jabang bayi kang dikandhut dening calon ibune bisa slamet ora ana
alangan apa – apa mengkone mawana lair diparingi gampang. Mitoni bisa dileksanakake ing dina
apa wae, nanging adat saben dipilih dina kang apik, yaiku Senin awan nganti bengilan Jumat
awan nganti bengi, dianakake ing wektu awan utawa sore.

Adat saben upacara mitoni dipandhegani dening dukun bayi. Upacara mitoni adat saben dilakoni
kanthi urutan kaya mangken, nanging bisa owah gingsir urutane upamane :

1. Siraman
2. Nglebokake endhog kampung sajroning kain / sarung
3. Brojolan
4. Ganti busana ping pitu
5. Ngethok lawe / kain putih / janur
6. Mecah priuk lan gayung bathok utawa siwur
7. Ngombe jamu surungan / jamu gendhong
8. Njupuk endhog
9. Dhodhol dhawet lan rujak
10. Donga

Siraman minangka tandha utawa simbol ngresiki badan, ngresiki dhiri calon ibu marang dosa –
dosa kang wis dilakoni saengga besuk yen babaran utawa nglairake bisa lancar ora ana langan
apa – apa. Bayine resik, calon ibune ya resik saka dosa mau. Sesuci iki dileksakake ing kamar
mandhi utawa ing papan padhusan kang wis pinilih kang dipimpin utawa dipandhegani dening
dukun bayi utawa saka keluwarga kang dianggep sepuh.

………………………………………………………………………………………………………
……………………..

( Kapethik saking Buku Marsudi Basa lan sastra Jawa kaca 54 – 55 )

Anda mungkin juga menyukai