Anda di halaman 1dari 2

KIDANG KENCANA

Ringkesan

Kacarita, Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh kaprabon. Rama
ginadhang-gadhang nggentosi kalenggahanipun ingkang rama. Ananging, Dewi Kekayi boten
narimakaken manawi Rama kawisudha minangka Raja Ayodya.Dewi Kekayi ngersakaken
Barata, putranipun ingkang jumeneng nata.Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi
Kekayi dipunsembadani dening Prabu Dasarata.Wusananipun Rama kedah nglampahi
gesang ing wana dangunipun 14 warsa.
Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah
Laksmana.Lampahipun dumugi ing Wana Dhandhaka.Ing papan punika, tetiganipun
kapanggih Sarpakenaka, rayinipun Prabu Rahwana, Raja Alengkadiraja.Sarpakenaka ingkang
asipat raseksa wanodya punika kepencut kabagusaning Rama.Rama boten
nglanggati.Sarpakenaka lajeng manggihi Laksmana. Laksmana babar pisan boten kirang
weweka. Raseksa wanodya, rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha
kaperung talinganipun.Piyambakipun lajeng ngadhep ingkang raka.Rakanipun karerepa
murih malesaken wirangipun.Prabu Rahwanaraja sagah.Lampahipun Prabu Dasamuka
tumuju Wana Dhandhaka nitih kreta kencana ngambah kadherekaken Kala Marica.
Dumugi Wana Dhandhaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados
kidang kencana, kidang elok ing warni asisik emas endah ngelam-elami, ngengreng merak
ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga.Sinta sumerep
kabregasaning kidang.Piyambakipun gawokk, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah
kidang rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut
manah punika, ananging Rama matur menawi Dewi Shinta mboten purun mlampah-
mlampah saking gubug puniku.
Kidang dipuntut wingking dening Raden Rama arsa kacepeng.Kidang nebih.Rama
ngetut malih.Kidang mlajeng sangsaya tebih.Rama ngetog karosanipun kanthi nututi
mlajeng. Danguning dangu plajenging kidang tebih saking dununging pakuwon. Raden
Rama suda kasabaranipun.Putra Ayodya punika lajeng menthang gendhewa nglepasaken
jemparing.Kidang kapanah, kenging cumeprot.Sakala kidang njola, mbekik sarosanipun
ngantos kapireng dening Sinta.Pambekiking kidang lamat-lamat kados pisambatipun Raden
Rama.Dewi Sinta ndugi bilih Rama manggih katiwasan.Laksmana kapurih nglari puruging
swanten. Kanthi gegancangan, Laksmana ngestokaken dhawuh.Samangke Sinta tanpa
rowang.
Amanat

Piwulang ingkang saged kapendhet saking cerita Kidang Kencana inggih menika mboten pareng
sumringah marang barang utawi punapa ingkang sae, amargi punika ingkang mboten temtu sae
kagem piyambakipun. Piyambakipun kedah tulung tinulung kalian sederekipun,

RESI JATAYU
Ringkesan

Rahwana saged ngapusi Dewi Shinta medal saking garis kalangan ingkang dipundamel
Leksmana, kanthi dumadi pendita ingkang keluwen. Sasampunipun, Rahwana nyaut tanganipun
Dewi Shinta. Dewi Shinta mbengok sarosanipun, amargi ing wana mboten wonten tiyang ingkang
badhe maringi pitulungan. Nanging ing nginggil pucuk wit, wonten peksi warni pethak yaiku Resi
Jatayu. Jatayu menika mitranipun Ramawijaya. Mila Jatayu lajeng ngetuteken Rahwana ingkang
nyulik Dewi Shinta. Saking nginggil Resi Jtayu saged ngabruk Rahwana, ingkang dadosaken Rahwana
kontal. Rahwana ingkang sampun siyaga saged ngantem swiwinipun Resi Jatayu kanthi sengkleh.
Jatayu tatu sanget mila piyambakipun mboten saged dipunslametaken.

Saderengipun tiwas, Ramawijaya kaliyan Leksmana sampun mangertos bilih Dewi Shinta
dipunculik Rahwana, amargi Jatayu sampun ngendika dateng Ramawijaya kaliyan Leksmana. Mila
Ramawijaya kaliyan Leksmana enggal-enggal nglajengaken lampah madosi Dewi Shinta ingkang
dipunculik dening Rahwana.

Amanat

Piwulang ingkang saged kapendhet saking cerita resi jatayu menika yaiku piyambakipun kedah
tansah tulung tinulung kalian sinten mawon, kalian menawi tulung tinulung kedah kanthi ikhlas tanpi
pamrih.

ANOMAN OBONG
Ringkesan

nang buku tugas

Amanat

Piwulang ingkang saged kapendhet saking cerita anoman obong menika yaiku, piyambakipun kedah
tansah tulung tinulung kalian sinten mawon, setya kalian pandawuh, kalian ampun gadah sikap
ingkang kementhus.

Anda mungkin juga menyukai