Anda di halaman 1dari 4

Materi Anoman Dhuta

July 13, 2020 3 min read

BAHAN AJAR

A. PARAGA LAN WEWATAKANE

Sri Rama

Ramawijaya iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama mijil saka garwa prameswari asma Dewi Ragu
utawa Dewi Sukasalya. Garwane Rama aran Dewi Shinta putrine Prabu Janaka ing Mantili.

Ing wana Dhandhaka Dewi Shinta dicidra dening Dasamuka. Rama kekurangan prajurit kanggo
ngranasa menyang Ngalengka. Dumadakan ana kethek abang aran Sugriwa. Sugriwa njaluk tulung
marang Rama. Yen Rama gelem nulungi, Sugriwa sedya mbantu kersane Rama lan babasan gelem dadi
abdine. Jejere satriyatama yen dijaluki tulung mesthi sumadiya. Jebul Sugriwa kepingin mateni
kangmase kang aran Subali. Rama ora bisa cidra ing janji senajan ngerti tumindake Sugriwa nistha.

Sugriwa sawadyabala kethek mbiyantu Rama merangi Ngalengka njaluk Dewi Shinta.

Watake Prabu Rama: bebudene luhur, ora cidra ing janji, lan tresna marang garwa dibelani, yen perlu
ditohi pati.

Dewi Shinta

Dewi Shinta uga disebut Shinta Dewi, Rakyan Shinta, Janaki, utawa Mantili. Dewi Shinta putrane
Mantili lan Prabu Janaka.Dewi Shinta titisan saka widodari ing kayangan yaiku Dewi Sri Widowati. Dewi
Shinta dadi prameswarine Sri Rama raja Ayodya. Duwe watak setia lan bekti marang garwa. Bab iki
dibuktekake nalika Dewi Shinta diculik Rahwana, panjenengane bisa tetep ngugemi kasucene. Nalika
kasucene diuji denong Sri Rama nganggo cara diobong Shinto bisa slamet saka geni.
Rahwana

Disebut uga Dasamuka, Rawana, Dasawadana, , Dasawaktra, Dasasalira, Wingsatibahu. Manggon ing
Ngalengka (Ngalengka Diraja). Putra Bagawan Wiswara lan Dewi Sukesi. Dasamuka dadi raja Ngalengka.
Ing Ngalengka ngnggenteni Kakekne asmane Prabu Sumali. Patihe Dasamuka asma Prahastha. Garwane
Dasamuka samane Dewi Tari. Kagungan Putra mahkota asma Indrajit. Putra putrine asmane Trisirah,
Trikaya, Trinetra, Dewantaka lan Dewatumut.

Dasamuka kagungan aji Pancasona sing bisa urip meneh yen ndemok lemah saben-saben
dikalahake mungsuh. Dasamuka duwe sifat angkara murka, nganiaya, ora gelem kalah, lan kabeh
kekarepane kudu keturutan. Sajrone uripe Dasamuka duwe kekarepan nggarwa titisane Dewi Sri
Widowati, kang salah sijine nitis marang Dewi Shinta.

Anoman

Anoman iku putrane Bathara Guru karo Dewi Anjani. Dewi Anjani putrine Resi Gutama lan Dewi
Windradi. Sesebutan liyane Anoman uga Bambang Senggana, Bayu Putra, Anjani Putra, Maruti,
Kapiwara, Ramadayapati (amarga tau dadi senapatine Prabu Rama), Bayutanaya (amarga duwe daya
angin).Sawise madeg resi mapan ing gunung Kendhalisada peparab Begawan Mayangkara.

Anoman duwe sedulur tunggal bayu (duwe daya angin amarga sihe Bathara Bayu), yaiku Bima,
Begawan Maenaka, Liman Situbanda, Garudha Mahambira, Naga Kurawa, lan Dewa Ruci. Amarga duwe
daya angin, mula yen lumaku mesthi dibarengi swara angin.

Garwane Anoman ana loro, yaiku Dewi Purwati lan Dewi Urangayu. Karo Dewi Purwati peputra
Dewi Purwaganti. Karo Dewi Urangayu peputra Trigangga.

Anoman iku gedhe lelabuhane marang sapapadhaning titah. Sanajan wujude wanara (kethek)
nanging duwe jiwa satriya, seneng bela bebener lan nyingkirake angkara murka, juur, lila legawa,
enthengan. Tau dadi senapatine Prabu Rama. Setya tuhu marang titise Bathara Wisnu yaiku Rama lan
Kresna. Anoman uga melu dadi pamomonging para Pandhawa.
Wani ing bebener, setyatuhu marang pimpinan, lila legawa lan suka tumindaki Anoman duwe
watak:bebudene luhur, duwe jiwa satriya, Wani ing bebener, setyatuhu marang pimpinan, lila legawa
lan suka tumindak ing liyan.

(Kapethik saking buku Mutyara Rinonce Budi pekerti ing Pewayangan anggitanipun Warih Jati Rahayu
lan Suwarna Pringga Widagda)lan saking sumber sanesipun.

B. Teks cerita wayang Ramayana lakon Anoman Dhuta ragam

ANOMAN DHUTA

Ramawijaya Tindak mbebedhag/golek kewan ing alas. Sadurunge tindak, Prabu Rama wis weling
marang garwane yaitu Dewi Shinta. Shinta diweling ora kepareng nerak wewaler utawa garis mistik saka
Prabu Rama. Tindake Rama diweruhi wadayabalane Rahwana lan padha golek sisik melik kango ndhusta
Shinta. Sawuse oleh sisik melik, Rahwana banjur mbudidaya supaya bisa mboyong Shinta. Kanthi
maneka cara dilakoni, supaya penggalihe Shinta kapilut dening Rahwana. Rahwana malik rupa, sing
pungkasan malik rupa dadi kidang kencana/kidang emas kang minangka klangenane/kesenengane
Shinta. Penggalihe Shinta seneng campur gumun ana kewan apik minangka klangenan mula enggal-
enggal dicedhaki. Ora ngertiya kidang kencana iku mau minangka penjelmaan Rahwana. Sanalika Shinta
kaboyong lan kabopong Rahwana digawa mabur menyang ngakasa.

Sawise Ramawijaya kondur mbebedhag, pranyata Shinta ora ana. Prabu Rama banjur utusan
marang wadyabala Rama golek sisik melik dumununge Shinta. Gancaring carita Prabu Rama golek sisik
melik / mata-mata ngenani kahanane Dewi Shinta kang wis didhusta dening Rahwana. Wis pirang-pirang
dina Rama pisah Dewi Shinta andadekake penggalihe Prabu Rama sungkawa utawa sedhih. Kang diutus
utawa dadi duta yaiku kethek putih kang aran Anoman.

Anoman dadi utusane Prabu Ramawijaya banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing kono
Anoman bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri Rama menyang
Dewi Shinta. Sawise oleh sisik melik lan kahanan liyane, Anoman banjur bali. Nanging nalika arep pamit
bali, konangan para prajurit Alengka diraja lan dirangket nuli disowanake marang Prabu Rahwana
Dening Rahwana, Anoman kapatrapan paukuman yaiku bakal diobong ing Alun-alun Ngalengka.
Ngadhepi kahanan kang kaya mangkono, Rewanda Seta utawa Kapi Seta tatag tanggon tanpa
miris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh prakara kang bener bakal pener lan prakara kang
luput/salah bakal seleh. Iki minangka watak ksatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman,
nanging paukuman kang wedi marang bebener.

Kacarita, kethek putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senajan diobong Anoman ora bisa
kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sadhuwuring kraton. Omah, bangunan liyane lan
wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka sing maune apik, asri saiki dadi lautan
geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil
lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Prabu Rama.

(Pustaka Candra Edisi 8, kabesut saperlune)

Anda mungkin juga menyukai