Anda di halaman 1dari 10

Crita Ramayana

Crita Ramayana

Ramayana iku saka basa Sansekerta


Ramayana, yaiku saka tembung Rama
Ian Ayana sing tegese Lakuning Rama
salah sawijining crita epos
(kepahlawanan) saka tanah India
anggitane Resi Walmiki (Valmiki).
 Crita
Ramayana ing kasusatran Jawa awujud Kakawin
Ramayana mawa basa Jawa Kuna. Ramayana
kawujudan saka 7 (sapta) kandha/kitab
Balakandha
 isine nyritakake Prabu Dasarata ing Ayodya sing duwe
garwa telu (Kosalya, Kekayi, lan Sumitra). Saka garwa mau
banjur peputra Rama, Bharata, Laksmana, lan Satrughna.
Sabanjure Sang Rama kasil menang sayembara lan
nggarwa Dewi Sinta, puteri Prabu Janaka.
Ayodyakandha
 isine ngenani nglembarane Rama ana alas Dhandhaka
bareng karo Dewi Sinta lan Laksmana amarga saka
panjaluke Dewi Kekayi. Prabu Dasarata seda amarga wis
tuwa lan Bharata ora gelem dijumenengake raja malah
banjur nyusul Rama ing alas. Rama wegah bali menyang
kraton, pungkasane Bharata kapeksa marentah dadi ratu
makili Sang Rama.
Aranyakandha
 isine crita Rama, Sinta , lan Leksmana ing tengah
alas lara lapa nglembara nganti Sinta kesengsem
kidang kencana banjur dicolong Rahwana lan
perange antarane Jatayu karo Rahwana.
Kiskindhakandha

 isine nyritakake ketemune Rama karo Sugriwa, lan perang kakang adhi
antarane Sugriwa karo Subali. Amarga pambyantune Rama, Sugriwa bisa
menang banjur nyawiji kanggo nglurug perang mungsuh Rahwana ing
Ngalengka.
Sundarakandha
 isine bala wanara andhahane Sugriwa mbangun kreteg
kanggo liwat prajurit saka dharatan Indhia nyabrang
segara tekan Alengka. Banjur rama ngutus Anoman dadi
sisik melik menyang Ngalengka. Anoman kecekel diobong
nanging bisa slamet bali ngadhep Rama.
Yuddhakandha
 isine perang gedhe antarane Rama sing dibantu dening
Sugriwa sabalane mungsuh Rahwana lan prajurit reseksa.
Amarga saka pambyantune Wibisana adhine Rahwana sing
katundhung lunga, Rama bisa menangake paperangan
Rahwana tumekaning pralaya. Rama banjur bali bereng
Dewi Sinta ing Ayodya.
Uttarakandha
 isine nyritakake Rama kang, banjur mbuwang Dewi Sinta
amarga Sang Rama midhanget lan banjur percaya kabar
kabur saka para kawula ing Ayodya ngenani kasucene Dewi
Sinta sing wis suwe dicidra dening Rahwana. Sabanjure
Dewi Sinta mapan ana ing pertapane Resi WaImiki Ian
baniur nglairake Kusa Ian Lawa. Kusa Ian Lawa tumeka ing
kraton ngadhep Sang Rama pas pinuju dianakake upacara
Aswamedha. Ing wektu iku banjur dheweke sakeloron
padha nembangake Ramayana yasane Resi Walmiki.

Anda mungkin juga menyukai