Anda di halaman 1dari 30

1. A.

     Parikan

Parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu
kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana
sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun
kilat. Ciri-cirining parikan :

1)      Nduweni purwakanthi ab-ab.

2)      Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen
dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.

3)      Endhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang
larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.

4)      Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.

Tuladha parikan sing pedhotan 4 – 4, 4 – 4

1. Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)

pitutur

Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)

1. Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)

pitutur

Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)

1. Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)

pitutur

Yen sinau, dadi pinter       (4 – 4 =======  Isi)

Tuladha pedhotan 4 – 8, 4 – 8 :

1. Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)

pitutur

Watak putrid, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )

1. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)


pitutur

Lamun sabar, bisa lejar serta binger (4 – 8)

1. Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)

pitutur

Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)

1. Esuk nakir sore nakir (8)

Sing ditaksir godhong ploso (8)

Nyemoni

Esuk mikir sore mikir (8)

Sing dipikir ora krasa (8)

1. Jangan kacang jangan kara (8)

Kaduk uyah kurang gula (8)

Da gula ada semut                                                         pitutur

Piwelingku mring pra mudha (8)

Aja wedi ing rekasa (8)

1. Yen kembang kembang cempaka (8)

Dudu kembang arum dalu (8)

Pitutur

Mumpung sira isih mudha (8)

Den asregep ngudi ngelmu (8)

Tembang ing ngisor iki nganggo ukara-ukara kang ngandhut parikan . Coba golekana parikane!

 
 

JAMBU  ALAS

Kelingan manis eseme

Trus kelingan ramah gemuyune

Tresna lan kasih, kasih sayange

Kapan iku klakon dadi bojone

Sayangewisduwe bojo

….

Nelangsa rasaning ati

Yen aku ra klakon melu nduweni

Jambu alas sakulite ijo

Sing digagaswisduwe bojo

Adagula ada semut

Durung randha aja direbut

….

Jambu alas manis rasane

Senajan tilas tak enteni randhane

….

Parikan Paugerane Katrangan

1. B.     Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen
kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.

Tuladha wangsalan :
1. Wah, kok njamur gunung, kadingaren njenengan tindak mrene.

(jamur gunung = aren : kadingaren)

1. Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang

(ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese)

1. Aja njenang gula, lho, le, yen diutus ibu; mengko kowe lali

(jenang gula = glali : lali)

1. Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.

(godhong garing  = klaras; nglaras)

1. Balung klapa, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.

(balung klapa = bathok = ethok-ethok

IV.       PENDALAMAN MATERI

Gawea kelompok sing gunggunge 5 siswa. Saben kelompok nggarap tugas-tugas ing ngisor iki !

1. Gawea parikan kanthi paugeran ing ndhuwur (purwakanthi, sampiran, la nisi, pedhotan) !

a)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

b)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4

…………………………………………………………………………………………………

c)      pedhotan  4 – 8, 4 – 8

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

d)      pedhotan  8 – 8, 8 – 8
…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

1. 2.          Wangsalan iki terangna tegese !

Tuladha : mbalung geni, mbok menawa aku entuk rejeki dina iki !

Mbalung geni = mawa dadine, mbok menawa

a)      Balung jagung ta, le, aja janggelan !

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

b)      Aja mutra bebek, wira-wiri ana apa ?

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

c)      Dadi bocah apa seneng nglemadi bengkah, ta, kok nyela-nyela !

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

d)      Wah….pasar cilik tenan ki, sida wurung anggonku lungan

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

e)      Awas kowe kancing jaja tenan, titenana

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

f)       Mesin tulis, Mas witikna aku kudu kepriye ?

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

g)      Senengane kok nyega mambu, pamer sepatune sing anyar !

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

h)      Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

i)        Damar mancung, Mas, cinupet samene dhisik anggone rembugan

Wangsulan ………………………………………………………………………………….
j)        Bantal dawa ya, Ngger, elinge mrang Kang Maha Kuwasa

Wangsulan ………………………………………………………………………………….

Tembang ing ngisor iki nganggo ukara-ukara kang ngandhut parikan . Coba golekana parikane
lan wangsalane!

JENANG GULA

Jenang gula kowe aja lali marangaku iki ya, Kangmas

Nalikane nandhang susah sapa sing ngancani

Dhek semono aku tetep tresna lan tetep setya, dhuh, Kangmas

Dereng nate gawe gelo lan gawe kuciwo

Ning saiki bareng mukti

Kowe kok banjur lali marang aku

Sithik-sithik mesthi nesu banjur ngajak padu

Jo ngono ajo ngono

Apa kowe pancen ra kelingan

Jamane dhek biyen, dhuh, Kangmas….

V. TUGAS

Gollekana tembang-tembang Jawa kang nduweni parikan utawa wangsalan!

MAOS LAN NYERAT AKSARA JAWA

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : X / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah


Waktu                          : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan
Kompetensi Dasar lan Indikator.
2. Uga maca Materi Bab MAOS LAN NYERAT AKSARA JAWA.
3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi     :

4 MENULIS

1. Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis
karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan
unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa

3. MEMBACA

Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa
dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.

Kompetensi Dasar :

4.1 Menulis ringkasan wacana nonsastra tentang budaya jawa

3.2Membaca pemahaman wacana berhuruf Jawa 10-15  kalimat

Indikator          :

1. Menulis kalimat yang mengandung angka ke dalam huruf jawa

2. Menulis kalimat yang mengandung aksara swara dalam huruf  jawa

3. Menulis wacana sederhana dengan topik tertentu ke dalam huruf jawa

4. Manyunting wacana yang ditulis  dalam huruf jawa oleh temannya


5. Melakukan transliterasi pada wacana berhuruf jawa

1. 6.      Membaca wacana berhuruf jawa dengan pemenggalan dan  intonasi/pelafalan yang
tepat
2. 7.      Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan bacaan

III.        INFORMASI  MATERI

AKSARA JAWA

 AKSARA JAWA CARAKAN/NGLEGENA

Huruf Pengetikan Aksara Jawa Huruf Pengetikan Aksara Jawa


Ha a a pa p p
Na n n dha d d
Ca c c ja j j
Ra r r ya y y
Ka k k nya v v
Da f f ma m m
Ta t t ga g g
Sa s s ba b b
Wa w w tha q q
La l l nga z z

1. AKSARA JAWA PASANGAN

H H H p P P
N N N dh Dh D
C C C j J J
R R R y Y Y
K K K ny V V
D F F m M M
T T T g G G
S S S b B B
W W W th Q Q
L L L ng Z Z

2. AKSARA JAWA SWARA


AKSARA LATIN PENGETIKAN AKSARA JAWA
A A A
I I I
U U U
E E E
O O O

D. AKSARA MURDA

Aksara latin Pengetikan Aksara murda


Na ! !
Ka @ @
Ta # #
Sa $ $
Pa % %
Nya ^ ^
Ga & &
Ba * *

E. AKSARA REKAN/REKAAN

AKSARA LATIN PENGETIKAN AKSARA JAWA


Kh k+ K+
F p+ P+
Dz f+ F+
Gh g+ G+
Z j+ J+

F. AKSARA WILANGAN JAWA

Aksara latin Aksara jawa Pengetikan Aksara jawa


1 1 6 6
2 2 7 7
3 3 8 8
4 4 9 9
5 5 0 0

G. AKSARA SANDHANGAN                 

NAMA AKSARA LATIN PENGETIKAN AKSARA JAWA


SANDHANGAN
Wulu I I I
suku U U U
taling E [ {
pepet E E E
Taling tarung O [o [  o
layar _r / /
wignyan _h H H
cecak _ng = =
Pangkon/pangku \ \
pengkal _ya - (minus) -
cakra _ra ] ]
keret _re } }
Adeg-adeg Awal kalimat ? ?
Pada lungsi Titik . .
Pada lingsa Koma , ,
Pada pangkat Mengapit angka “ “   “

IV. PENDALAMAN MATERI

I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara a, b, c, d, utawa e ana wangsulan kang paling
bener!

 Wacanen aksara jawa ing ngisor iki!

?kyk=aumu[mMwisFisumurupPi,Uns\:2010:zsilL[kA=kkelulusSnK=sy[m]o

[sot\,secrnsi[yonl\A=kkelulusSn\UnsHi=se[kolhanSeti=kt\s,m,A,taun\:2010:mu=:89,88:pe/
[sn\,ategesM|dunFibnDi=k[roA=kkelulusSn\UnsTaun\:2009:k=cch[a:94,85:pe/
[sn\,a[nh[a,A=kkegglLn\UnsHikik=pli=duwu/mlhtinemuai=[yogYk/t,k=aumu[mMfia=gepMi[
no=kb[ro[mte/[rpenDidiknHi=
I[nDo[nsiyh.miturut\sTtisTik\ti=kt\A=kkegglLn\UnsHi=[yogYk/tmunDk\:400:pe/
[snFibnDi=k[roA=kkegglLnTaun\:2009:m=k[yogYaikufibijikfi[f[n
pelkSnUnsK=pli=juju/.ai[k[naikiategesSi=juju/mlhaju/.akib[tT,
[aorwuru=kef[fynHikimesQibklN|wuha[krstidtidlnK|r=pe/cymr=asi[lLUns\,

1. Isi paragraph ing ndhuwur ngrembuk babagan ing ngisor iki kajaba ….

1. Asile Unas tahun 2010 ajur


2. Asile Unas tahun 2009 luwih apik
3. Asile Unas ing Yogya malah ajur
4. Ana rasa tidha-tidha lan kurang percaya marang asile Unas
5. Unas tahun 2010 luwih apik tinimbang tahun 2009

2. Asile Unas ing tahun 2010 …%


a. 88,88%         b. 89,88%         c.99,88%                      d. 88,98%         e. 89,89%

3. Dene ing tahun 2009 asile UNas …%

a. 88,88%         b. 89,88%         c. 94,95%         d. 94,85%         e. 85,94%

4.Kotasing paling jeblog anggone entuk-entukan Unas yakuwi ….

a.Semarang      b.Bandung        c.Surabaya       d. Yogyakarta    e.Jakarta

5. Tingkat kegagalan UNas ingkotasing jeblog mau mundhak dadi … persen.

a. 100               b. 200               c. 300               d. 400               e. 500

6. Kutha sing jeblog anggone pikolehan Unas ana paragraf ing ndhuwur, cocok menawa
diwenehi unen-unen….

1. Sapa sing jujur balak tinemu slamet


2. Sapa sing jujur bakal ajur
3. Wong temen bakal tinemu
4. Alon-alon waton klakon
5. Wong sing temen bakal sukses

?saunTraikua=grn\UnsHugmunDkH[khbzet\,
[ynHi=taun;2009;rgf\Uns\k=[goswe/nni=ti=ktTnM|
=;483;milY/rupiyh,taun\;2010;aikip]sstMe[vCo

[lotFfi;592;miilY/rupiyh.si=fikuwti/r[k,ajajasike[pPpama[rnThk=sj[kZo[totTetepMe/tanN
[kUnsMauang[nD=[c[n=[zk[roanFefe[lLa=g/rnMau.

li[r,UnsHxpFif[fkK[k[p]o[y[kFni=OkN|mT/temT|.

7. Pira ragade Unas ing tahun 2009?

a.  480 milyar    b. 481 milyar                 c. 482 milyar     d. 483 milyar     e. 484 milyar

8. Dene Unas tahun 2010 ngentekake ragad ….

a. 589 milyar     b. 592 milyar     c. 529 milyar     d. 952 milyar     e. 259 milyar

10. Pira kacekke ragad UNas ing tahun 2009 karo tahun 2010?

a.  7 milyar        b. 8 milyar         c. 9 milyar         d. 10 milyar

II. Aksra jawa ing dhuwur salinen nganggo aksara latin!


1.  ?kyk=aumu[mMwisFisumurupPi,Uns\:2010:zsilL[kA=kkelulusSnK=sy[m]o

[sot\,secrnsi[yonl\A=kkelulusSn\UnsHi=se[kolhanSeti=kt\s,m,A,taun\:2010:mu=:89,88:pe/
[sn\,ategesM|dunFibnDi=k[roA=kkelulusSn\UnsTaun\:2009:k=cch[a:94,85:pe/
[sn\,a[nh[a,A=kkegglLn\UnsHikik=pli=duwu/mlhtinemuai=[yogYk/t,k=aumu[mMfia=gepMi[
no=kb[ro[mte/[rpenDidiknHi=
I[nDo[nsiyh.miturut\sTtisTik\ti=kt\A=kkegglLn\UnsHi=[yogYk/tmunDk\:400:pe/
[snFibnDi=k[roA=kkegglLnTaun\:2009:m=k[yogYaikufibijikfi[f[n
pelkSnUnsK=pli=juju/.ai[k[naikiategesSi=juju/mlhaju/.akib[tT,
[aorwuru=kef[fynHikimesQibklN|wuha[krstidtidlnK|r=pe/cymr=asi[lLUns\,

Wangsulan:

______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________

2. ?saunTraikua=grn\UnsHugmunDkH[khbzet\,
[ynHi=taun;2009;rgf\Uns\k=[goswe/nni=ti=ktTnM|
=;483;milY/rupiyh,taun\;2010;aikip]sstMe[vCo

[lotFfi;592;miilY/rupiyh.si=fikuwti/r[k,ajajasike[pPpama[rnThk=sj[kZo[totTetepMe/tanN
[kUnsMauang[nD=[c[n=[zk[roanFefe[lLa=g/rnMau.

li[r,UnsHxpFif[fkK[k[p]o[y[kFni=OkN|mT/temT|.

Wangsulan:

______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
___________________________
III. Paragraf ing ngisor iki salinen nganggo aksara jawa!

1.  Argumentasi menawa UNAS mujudake standardisasi tumrap bocah-bocahIndonesiamujudake


alesan kang digawe-gawe. Sebab, kepriye kita biisa meksa-meksa nemtokake standar tumrap
samubarang kang nyatane kahanane pancen beda? Beda kang ora sethithik kok arep diukur
mawa standar kang padha.Wisgenah ora tinemu nalar blas.

Wangsulan:

______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
___________________________

2. adhedhasar apa kang katur kabeh mau, kaya-kaya saiki iki timbul kontradiksi Anggaran
pendidikan kena diarani wis luwih saka cukup, dana kanggo Unas mundhak terus, nanging
mutune pendidikan prasasat ora ana majune.

Wangsulan:

______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
______________________________________________________________________________
___________________________

V. TUGAS

Aksara Jawa ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas!

kuqslaisihfuru=fu[wcirik+sB|fy
?a[kh[w=osi=pdvebutK|qslmi[n=okkuqbufy,am/gk]
[tonSurk/tafini=rtWisFia[konimi[n=oksumBe/ri=bufyjw,nzi=k[bhmau,mnutZenFik[n$inuwu
n\[#

[jowulnHiki,cirik+[sSfuru=k[ton\mlhpentanK|
qslaisihsem]wut\aisihpdk[rokuqkuqliy[n,furu=anF|
[wnicirik+sMi[n=okkuqbufy,mlhkeprsem]wut\,m=[ko[nop][tl[n$inuwun\[#jwuln\,

?$inuwun\[#jwul[nMo[nomi[n=okslhsiji[nput]
%@u#uw!;12;si=fia=gepHmB[l[lo[fni=sefulu/sefulu/
[r,am/gae[mohz[konNi[yn\g,p,a,az[bhai,k=m

[sS,zed[tonMi[n=ok%@u#uw!;13;a=ge[nTnNikX=gha[nNrm[n.mulg,p,a,[t[jowul!BvJ|/
[aovCtSkk]
[tonSurk/tafini=rtBvJ|/mfegMi[n=oks,I,k,s,p,b,;13;ai=ssnpu/nmb]n\surk/tsi=pe/nh[aansisihku
[lonK`[tonSurk/t.

?bukTii[n,p][tl[nN[t[jowul!\nlik[w=owiwit\m<bugpurwtesK|
qznTiai=je[rokuqsl,rs[n[aorzes\pdk[rom<bukuqliyaumu[mM.[bfk[robblisii=anF|
[wnicirik+s\mLigi.

?sbvJu/[r[t[jowul!HugzenFik,pm[rnTh[kotslkufugeXmZ|riauribufy[loklK|qsl,s[a=gpentanK|
qsl[aortmBhsem]wut\nzi=

MIRENGAKEN CRITA RAKYAT

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : X / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah

Waktu                          : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan
Kompetensi Dasar lan Indikator.
2. Uga maca Materi Bab MIRENGAKEN CRITA RAKYAT
3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
II.        KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi     :

1. MENDENGARKAN

Mampu mendengarkan dan lisan smemahani wacana astra maupun nonsastra dalam berbagai
ragam bahasa Jawa

Kompetensi Dasar                      :

1.3 Mendengarkan cerita rakyat yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman

Indikator                                       :

1. menyebutkan tema cerita rakyat yang didengarkannya

1. Menyebutkan pelaku/tokoh dari cerita rakyat yang didengarkannya


2. menjelaskan perwatakan tokoh-tokoh tersebut
3. menyebutkan setting dengan diberi contoh kalimat pendukungnya
4. Menjelaskan alur cerita rakyat yang didengarkannya dengan disertai contoh kalimat
pendukungnya
5. menjelaskan amanat yang terkandung dalam cerita rakyat yang didengarkannya
6. 7.      menuliskan rangkuman dengan ragam bahasa sendiri/berbeda cerita rakyat  yang
didengarkannya
7. 8.      menceritakan kembali secara lisan cerita rakyat  yang didengarkannya

III.  INFORMASI  MATERI

Crita rakyat ing ngisor iki wacanen kanthi permat !

NYI PUSPO CEMPOKO

           

Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adhem senajan ora njekut, nangingwisnyebabake wong
wegah metu. Kejaba sing pancen duwe kebutuhan ndheseg pilih njintel neng ngomah. Nyetel tv,
mangan enak lan liyane maneh sing sarwa enak.

Angen-angen kaya kuwi jian pas ceples kaya angen-angene Jaiman, joko tuwa sing njingkrung
kemulan sarung lungset ing becake. Becak sing biasa mangkal neng pojok prapatan Gendingan
Pemuda. Dina-dinane biasane rame tarikan penumpang saka blanja ing Sri Ratu Supermarket,
utawa sing lagi mlaku-mlaku  ing Bojng. Ning wis rong ndina iki prasasat pasa merga udane
nggrejeh saka esuk nganti sore. Nyoba mbecak jatah wengi, malah luwih nelangsa maneh.
Penumpang bisa diitung driji. Nggo setoran becak bae nombok. Kayadene awan kuwi pangirane
ya bakal tombok setoran maneh. Mangka setoran rong dina wingi durung kebayar. Ngkoh Mboe
wis ngabani yen dina iki wancine setoran. Ning wiwit esuk ora entuk narik becake maneh. Sida
kojur, arep nyambut gawe apa maneh ?

Kelunta-lunta tekan Semarang ibukotane Jawa Tengah, sengaja ngumbara golek upa. Omah lan
sawah sailat ing ndesane Boyolaliwiskendhang di dol. Kanggo nambakke simbokne
singwisrandha. Larane kaya larane wong sugih, komplikasi diabetes, liver ditambah
jantung,wiskomplit. Siji ditamani liyane kumat, gonta-ganti nganti kemput digolekake tamba, ya
dhukun, dokter klebu wong pinter paranormal. Tekan wancine entek alas entek kandhang malah
nyawane ora ngukup. Adhine lanang siji ndhil Jaikun, wis ora gelem ngurusi simbokne. Kalah
pengaruh karo bojone sing sugih, Jaikun pilih mapan ing Jakarta. Kabare saiki dadi pemborong
sing cukup sukses.

Meh kabeh gaweyan kasar wis dilakoni Jaiman. Saka nguli batu, nguli reresik uwuh ing pasar
pecinan Gang Baru, buruh lepas pabrik batako lan liyane. Ora bisa netep awit kabeh gaweyan
sing diayahi mau mung tenaga musiman. Arep nyoba nguli manol ning Pasa Johar, Pedamaran
utawa Beteng, dheweke ora duwe modal setor kanggo nuku lahan. Rega sing dipathok dening
mandor sepuluh nganti limalas yuta. Dhuwit saka ngendi ?

Kanggo ngawekani hawa adhem lan rasa bosen, ketambahan sumpek njintek ing njeron becak
sing krukuban, Jaiman mbukak sendheman jok. Ing kono dislempitake plastik jas udan lan
lembaran tabloid mistik sing dijupuk saka tumpukan koran lan buku bekas, nalika ngangkut
bakul rombengan wingenane. Tabloid kuwi ngemot artikel bab mistik pesugihan, ditulis kahanan
papan lan carane njaluk pesugihan. “Nyi Puspo Cempoko”. Merga mung tamatan SD, anggone
maca ya grothal-grathul. Diwaca tuntas syarat-syarat lan akibat tembe mburine. Atine banget
ketarik nanging tidha-tidha, antarane nerusake kekarepan apa mundur sadurung melangkah.
Ngelingi kahanane uripe sing ngrekasa prasasat ora nduwe masa depan, atine dadi gilig. Nanging
ngelingi khotbahe Ustadz Munawar mau bengi ing mushola, dheweke dadi gojak-gajek maneh.

Esuk kuwi Jaiman wis nangkring ing ndhuwur bis ekonomi jurusan lasem. Liyer-liyer sawise
wareg mangan mi kopyok ing Terminal Terboyo – Semarang. Jenenge bae bis bumel, yen
jamane cilikane Jaiman sejajar karo sepur truthuk. Saben ana wong nyetop dindhegi. Bis gedhe
kuwi rasane sumpeg mambu kringet campur swara serak asal muni, saka pengamen mbarang
nganggo kencrung.

“Oooo kowe meh lunga mrana ta le …… pa wis mbok antepi tenan tekadmu kuwi ? Tebusane
pancen enak-enak neng ya rekasa uga. Nyai-ne iku kejem lo le, nek kowe wani nganti
slingkuh……. Woo sida njengking tenan mengkone!” Kandhane penumpang setengah tuwa, sing
lungguh ing sandhinge. Wola-wali senajan mung lirih  supaya ora krungu penumpang liyane ,
ngandhani Jaiman  sing ketrucut sedyane marang penumpang lanang setengah tuwa kuwi.

”Mpun pokoke mpun kula tekadi kok lik, timbang urip mung mecak ngaten terus, nggih njajal
ngrasake urip penak ngoten lik. Lha jenenge  usaha  rak nggih kudu dikendeli lan lan diwaneni
ngoten,” sumaure Jaiman mbalik kaya wong ngajarari.
Penumpang mau meneng sedhela karo mandeng menjaba. “Lha kowe wis ngerti ancer-ancere
papan kuwi le?”

“Nggih dereng lik, napa sampeyan ngertos utawi nate ngrika?”

Wong lanang kuwi nyedhot rokok, asape disebul nglepus’ ora urusan ngganggu penumpang
liyane, jaragan bis ekonomi tanpa AC. Banjur bisik-bisik maneh ancer-ancer dununge makam
kramat Kabongan ing  Rembang, papan pesugihan Nyi Puspo Cempoko. “Aku mbiyen nate
ngeterake dulur misanku mrana….. kira-kira wis sepuluh tahunan kepungkur. Uripe njur mubra-
mubru, nyampar nyandhung tiba kepenak dadi wong sugih….. nanging setengah taun kepungkur,
matine ngenes banget …..”.

“Ngenes dos pundi lik ?!” pitakone Jaiman ngangseg.

“Ora perlu dak critakake, wong kowe mau wis mantep kepengin mrana. Ya enggal diayati lan
sing ngati-ati,” kepunggel kojahe wong lanang setengah tuwa mau, nalika bis mlebu lan parkir
ing terminal Kudus. Wong kuwi ngepuk-puk pundhake Jaiman karo mandeng landhep. Apa rasa
welas ing sunar mripate. Sabanjure pamitan mudhun sebab pancen wis tekan tujuane, kari
Jaiman ngingsed lungguhe, nunggu bis mangkat menyang Rembang. Panas wiwit sumelet nalika
ngliwati kutha Juwana, kanan keringe dalan mung tambakl-tambak uyah werna putih, gawe sulap
ing mata. Wusana liyep ngantuk sakeplasan. Ing antara ngliyepe kuwi kaya ditunggu lan diawe-
awe wanita ayu mesem manis madu. Jaiman digandheng mlebu wewangunan endah kaya kraton
jaman biyen. Gragrapan nalika kondektur bis mbengoki penumpang, yen wis tekan terminal
Rembang, terminal ing pinggir pesisir ora pati rame penumpang.

Sulur-sulur wit gedhe nambahi swasana angker ing pekuburan umum Kabongan. Senajan
srengenge ndrandhang, rasa singup kuwi tumlawung ing pasujarahan Nyi Kabongan, utawa sing
disebut Nyi Puspo Cempoko. Apamaneh yen wayahe surup utawa tengah wengi, dheweke kudu
semedhi ing papan kuwi ijen, kaya sarat sing dikandhakake enggal sugih mblegedhu, paribasan
nasak geni marong tetep dilakoni.

“Ngadhepi magrib mengko, kowe adus kramas ing sumur tuwa kae. Lagi dakter ngalap
pesugihan marang Nyi Puspo Cempoko. Tabuh kenthongan kaping rolas keprungu saka kadohan,
saka gerdhu kamling ronda desa sacedhake kuburan Kabongan, mratandhani wis tengah wengi,
sangar lan sangate wektu nenepi.

Mripate sepet kandel rasane mbliyut ngantuk. Saliyane pancen kesel ing perjalanan, uga swasana
sepi mamring ijenan tanpa rowang. Wis dipeksa ngganjel mata, nanging rasa ngantuk kuwi saya
nggandhuli, ler ngliyep kesilir angin. Ing antarane liyep ngaluyup, Jaiman rumangsa ketemu karo
paraga ayu kaya nalika keturon ing bis. Ing kono wanita sing ayune uleng-ulengan, lancir kuning
lan weweg isi kuwi, kaya ngacarani Jaiman mlebu ing pendhapa omahe. Omah sing  njenggarang
kaya kraton, omah sing endah sing durung nate ditemokake Jaiman ing ngendi bae. Omah sing
mencorong padhang, senajan tanpa lampu nanging gebyar sulak kencana tretes manikam. Esem
lan lelewa dalasan ganda wangi sing ngambar saka angane paraga ayu kuwi, ngungkat ati
lanange Jaiman makantar-kantar. Dhasare Jaiman tukang becak sing ora duwe kasil tetep, bisane
mung kenal lan srawung karo perek ciblek planyahan sing mangkal ing halte lan pinggir
ndalan                                               , yen dheweke lagi mbecak wayah wengi. Nyawang putri ayu
lelewa karo nglukar busana setengah nglegena. Birahine murub kesulut, ancang-ancang nyaut
mumpung swasana omah kaya kraton kuwi sepi.

Nanging durung nganti njangkah, paraga ayu kuwi aweh sasmita supaya Jaiman ora nyedhak.
Senajan sawangan endah panas kuwi kaya dipamerake, nanging dheweke kayadene kepaku tetep
lungguh sila sedheku. Mung panyawange kedher gawe sirahe nggliyer. Paribasan wong ngelak
lan  keluwen,  dicepaki dhahar lan unjukan sarwa mirasa, nanging ora bisa muluk lan nenggak.

“Durung wancine kang Jaiman njawat lan nyenggol aku, sebab uba rampe sing dadi paugeran
durung kok cukupi. Mengko malem Selasa Kliwon ngarep, aku sing bakal methuki kakang, ing
kono aku bakal pasrah bongkokan, lan bakal aweh pitulungan kamulyanmu. Nanging sadurunge
kakang kudu ngecap jempol perjanjen pati urip karo aku, diwaca dhisik apa sing ketulis ing
pernjanjen iki. “Manis sengaja nyenggolake payudara sing weweg nyengkir gading ing lengene
Jaiman.

Gulungan mori putih kuwi dibukak, dheweke wis ora kober lan ora kepengin maca larikan ukara
perjanjen, mung ngerti yen ing sisih ngisore wis akeh banget tandha cap jempol werna abang
getih. Nyi Puspo menehake peso cilik landhep mingis-mingis, nyasmita supaya dheweke ngiris
jempole tengen. Ilining getih dicapake ing mori putih sing wis ana jenenge dheweke. Nyi Puspo
nggulung maneh mori putih kuwi, lan sepisan maneh nyenggolake kuwi luwih mepet payudarane
ing lengene Jaiman, karo mbisiki : “Cepakna kamar lan uba rampene ing ngomahmu, kamar sing
ora kena dileboni utawa dianggo sapa bae. Malem  Selasa Kliwon ngarep aku bakal teka “leladi”
marang kakang. Saiki kakang kena bali ….. kakang kari nunggu kanugrahanku, sebab wis resmi
dadi pendherekku ….hi ….hi ….hiiii”, Nyi Puspo nyekikik mbidhung ati, mundhur saya samar
kebuntel pedhut sing nggembuleng. Jirat makam bali wening, kesaput bun lan gumeriting swara
barongan pring pinggir kuburan. Lamat-lamat kenthong lan adzan subuh ngumandhang saka
mesjid desa Kabongan.

Jaiman bali ing Boyolali, wis seminggu iki dheweke reresik omah cilik, tutupan gedheg payon
gendheng ndesa. Omah sing wis suwe kosong ora ana sing gelem nunggu. Kerabat lan sedulure
wis yasa omah dhewe-dhewe kepara adoh. Dadi omah tingggalan pinggir pesawahan lan kebon
jeruk kuwi nganggur lan kurang kopen. Senthong cilik sisih tengen kuwi wis dirangkepi gedheg
anyar nutupi sing pating trompong bolong dipangan umur. Sethong sing dipilih bakal dadi
kamare. Amben pring lawas dipengkuhi,  dilambari klasa pandhan anyar. Awan mau wis tuku
kembang setaman, menyan lan ratus wangi. Ora lali degan ijo lan ndhog pitik sejodho, gedhang
raja setangkep lan cowek lemah anyar. Jaiman wis tata-tata kanggo nampa tekane Nyi Puspo
Cempoko.

Tengah wengi, rembutan njlirit tanggal enom ora kuwawa madhangi wengi, senajan lintange
anjrah sumunar. Kaya swasana anjrah ing njeron senthong kamare Jaiman. Anjrah mubal atine
murub birahine dening telewane Nyi Puspo Cempoko sing netepi janji. Menehi kebutuhan lan
kepuasan biologis, uga bakal menehi ganjaran. Jaiman kayadene kapas ngambang ing awang-
awang. Wola-wali anggone ngombe banyu kanikmatan sing diwenehake Nyi Puspo. Semono uga
tandange paraga ayu kuwi ing dipan klasa pandhan, polahe kaya musafir sing garing ngelak
banyu. Paraga loro kuwi lelumban ing samodra kabirahen, ngesok keprigelan adu kasudibyan.
Banjir kringet campur ngongso lan ngangsure napas sing krenggosan. Wngi sepisanan sing
ngukir sejarah tumrape Jaiman si tukang becak.

Srengenge wis manjer ing tengah, sunar panase cumlorot nembus selane gendheng sing rada
mlongo, mblerengi mripate Jaiman sing riyep-riyep. Ngolet ngeluk boyoke sing prasasat putung-
putunga, lungkrah otot bayune kaya dilolosi. Aras-arasen gumregah tangi karo gagap-gagap
sisihe, ngrayanti sing dadi lawan tandhinge mau bengi. Tinemu wis kothong mung sandhangane
dhewe pating blasah ing jogan lemah. Thingak-thinguk karo wuda mbligung dheweke nliti meja
sing isi sesajen. Degan ijo wis kalong siji wis dipecah. Ndhog pitik sijine enggal dipecah
dilengleng isine, disurung nglonggo sisane degan ijo. Krasa seger sumyah awake. Bali otot
bayune lan balunge sing rumangsane pathing kethaklik kuwi. Didelengi cowek lemah sing
gumletak sisihe  kembang telon. Mripate mlolo bareng ngerteni cowek isi dhuwit mas saukuran
atusan logam amba, cacah telung iji. Dhuwit mas bebungah sepisanan saka Nyi Puspo Cempoko,
anggone wis saresmi mau bengi.

Telung warsa wis kawuri, wis ora kepentung malem Selasa Kliwon mlaku kaping pira. Jaiman
saiki wis malih dadi juragan sembako, ngrangkep blantik  sapi ing tlatah Boyolali lan Klaten.
Dheweke mapan ing pinggiran dalan gedhe arah Kartasura. Gedhonge magrong-magrong adu
arep karo toko lan gudhang sembakone. Kepara ngidul cedhak pesawahan watara rong atus
meteran, dibangun papan kanggo penggemukan sapi. Karyawane cacah rong puluhan, durung
kepetung sopir lan buruh lepase. Truk kanggo ngangkut hasil bumi, anyar-anyar ana lima, pick
up angkutan ana sepuluh. Mobil sedan Toyota Altis diparkir ing garasine. Jaiman wis dadi
“orang terpandang”  ing wewengkon kono. Uga klebu wong sing sosial, utamane marang bocah-
bocah yatim, piatu utawa kulawarga sing kesrakat. Mula omahe sering kanggo papan jujugan
para “golek sumbangan”.

Mung anehe bocah-bocah yatim piatu utawa wong kesrakat sisng ditulung ora gantalan sasi
tiwas. Mbuh merga kacilakan, utawa lara dadakan.  Wis cukup santer kabar kabur yen juragan
Jaiman njupuk pesugihan, lan ngorbanake wadal. Nanging  kabeh mau durung bisa dinyatakake,
sebab durung ana bukti sing nguwatake. Rada aaneh miturut kenalan, kaanca, sedulur lan tangga
teparone, nganti wektu iki Jaiman durung karep omah-omah. Yen srawung karo prawan, randha
ayu pisan, Jaiman ora sulap. Prasasat adhem tanpa reaksi. Luwih aneh maneh juragan Jaiman
sering ngomongan dhewe, kayadene caturan karo wong liya. Sok malah katon mesra barang.
Mangka ora ana sing diajak caturan. Ing wanci tinamtu yen diajak ngomong sok ndleya
jawabane, sok ora nyambung ukarane. Kejaba paraga sing dianggep sukses, Jaiman uga paraga
sing aneh.

“Ran …… aku arep menyang Semarang sedhela, mengko sore aku wis bali …aja lali cepakna
sajen kaya biyasane jangkep. Selehen ing ngarep kamar sepen kae. Yen ana sing nggoleki aku,
aturana nelpon HP ku …… nyoh iki kanggo tuku bakso pojok pasar kae”. Welinge juragan
Jaiman marang Sumiran pembantu setia, bocah yatim saka Simo sing wis melu meh telung
tahunan. Sumiran mantuk karo nampani dhuwit kanggo tuku uba rampe sajen lan turahane dadi
duweke. Atine sumringah nampani dhuwit atusanewon abang kuwi, sebab turahan susuke paling
sethithik rong puluh ewunan, mlebu kanthonge. Cengkelak nyetarter Supra Fit gadhuhane ngener
pasar Kartasura. Sumiran uga nyatheti yen saben malem Selasa Kliwon, juragane ajeg pasang
sesaji ing “kamar khusus” tanpa jendhela, mesthi ajeg kancingan, dene kuncine mung juragane
sing nyimpen. Klebu reresik kamar kuwi ora nate dipasrahake wong liya. Saklebatan Sumiran
nate ngulati nalika juragane mlebu kamar kuwi, lan dheweke nggawakake sesajen, ngulungake
ing ngarep lawang kamar tutupan kuwi.  Kamar kuwi gandane wangi lan dipasangi lampu bolp
cilik werna abang.

Tuwuh pepenginane juragane tumindak apa ing jeron kamar tutupan kuwi. Kenceng tekade
mengko bengi dheweke bakal sesidheman nginjen kahanan njeron senthong kuwi.

Rencana lumaku lancar, wiwit rampung magrib Sumiran wis mapan anteng ing ndhuwur pyan.
Bangkekane ditaleni tambang plastik, njagani yen ngantuk ora bakal tiba. Wektune saya
mrambat, rasane kaya nganti tahunan. Nanging Sumiran wis sedhiya lulur anti nyamuk, banyu
putih botolan plastik lan sawetara cemilan kanggo ganjel weteng. Lintang-lintang abyor ngiringi
rembulan ngadhepi purnama. Nyedhaki tengah wengi Sumiran krungu lawang sepen mau
dibukak juragane. Enggal dheweke mengkurep tatakan blandar, masang mripat nginjen njeron
senthong sepen. Katon juragane nguripake lampu tidur ing pojokan spring bed. Sepen kuwi
dilambari babut abang, meja marmer kuna lan kursine loro, kaca pengilon ukiran gedhe lan
spring bed ukuran medium. Lemari jati ukiran antik cedhak kaca pengilon. Sesajen komplit kaya
sing dituku ing pasar Kartasura mau, diseleh ing tampah gumlethak ing babud. Kumelun dupa
wangi hio sing ditancepake mapan ing walike lawang.

Juragan Jaiman lukar klambi lan celanane kari nganggo celdam (kancut). Sila komat-kamit
gumrenggeg maca mantra sing ora cetha, ing sangarepe tampah sesajen ngadhepi arah spring
bed. Sumiran sing nginceng ing sandhuwure krasa mengkirig githoke ndeleng swasana mistis ing
njeron snthong sepen kuwi. Ora suwe ana pedhut nggembuleng ing njeron senthong, sawetara
samar tipis. Ora ngeti sangkan parane ing ndhuwur spring bed wis turonan paraga ayu
sandhangan tipis nrawang.  Saumur-umur nembe iki Sumiran ngerti ana paraga ayu prasasat
tanpa tandhing. Pawakan semolohe mencutake lan lelewa sing bisa ngobong jiwa sing ringkih.
Alon-alon paraga ayu mau tangi, ngadheg nyedhaki silane juragane. Gemeter awake Sumiran
nyawang adegan panas ing njero kamar sapen kuwi. Paraga ayu sing ora dimangerteni mlebu
saka ngendi, awit ora ana jendhela lan lawang kamar kuwi dikancing dening juragane saka njero,
lagi uleng ngetog tenaga nuntasake kanikmatan. Sumiran jaka jemagar kuwi awake gemrobyos.

Lemes dhedhes awake Sumiran, kaya lemese pasangan paraga ing senthong ngisor. Alon-alon
Sumiran kepengin nginjen maneh, nanging nratab atine nalika ndeleng juragane sing wuda
mblejed kuwi uleng karo ula gedhe jinis puspa kajang. Nanging malah krenggosan kaya saresmi
karo ula mau. Diucak-ucek mripate dikira sulap penyawange, nyata  pancen juragane iwut
saresmi karo ula puspa kajang. Panggraitane banjur nyandhak swara-swara miring ing caturan
njaba, yen juragan Jaiman ngingu lan njupuk pesugihan.  Kawistara saka wis ana nem karyawane
sing matine kanthi cara kacilakan misterius. Sumiran dadi yakin yen juragane sugihe kuwi merga
saresmi karo ula kuwi. Atine dadi giris.

Diarah ora ninggalake swara sing bisa ngganggu juragane sing lagi iwut, Sumiran metu saka
pyan, mlipir mudhun saka gendheng ing kebonan mburi omah. Nalikane dheweke arep
nyingkirake andha sing kanggo manjat mau, sikile krasa kaya nggrenjel ngidak barang  empuk
tur lunyu. Saiba kagete nalika panyawange nyandhak blegere ula puspa kajang sing lagi
mlungker, ngolet ngeses lan nalika ula gedhe kuwi ndleser ngrambati sikile lan nggubet awake,
ora bisa polah mung ndlongop keweden. Saya kenceng gubatane ula kuwi, Sumiran tiba
glangsaran. Pas raine mapan adu arep karo cangkeme ula sing mangap ngisis siyung, ilate meled-
meled arus ndilati mripate sing mlolo. Pating krepyek swarane balung sing remuk. Tanpa swara
Sumiran jaka yatim jemagar kuwi tiwas kanthi kahanan nrenyuhake.

Esuke geger ing ngomahe juragan Jaiman. Mayite Sumiran ditemokake wong golek suket, sing
biasa ngarit ing njaban tembok kebon mburine juragan Jaiman. Polisi sing teka kanthi nggawa
asu pelacak, ora bisa nuduhake alur rajapati. Dalasan laboratorium forensik ing  Surakarta, uga
ora bisa miyak penyebab kematiane sumiran, mung analisa yen balung-balunge remuk merga
ketindhihan barang sing abot. Nanging barang abot jinis apa, dhokter mung angkat bahu ora bisa
menehi wangsulan gumathok. Ing pungkasane kepolisian mung nyimpulake, matine sumiran
merga kacilakan. File sauntara ditutup, nunggu yen ana sisik melik lan data anyar minangka
bahan penyelidikan lan penyidikan.

Sapungkure patine Sumiran , juragan Jaiman kecanthol atine karo pembantu wadone. Prawan
manis umur sangalasan taun saka wewengkon Tumenggung. Dijupuk saka panti asuhan Islam,
nalika Jaiman laku dagang mbako srinthil. Mampir ing salah sijine pondhok pesantren sing ana
panti asuhane. Ing kana atine ketarik karo Marliyah, bocah manis pinter ngaji kuwi. Nembung
marang kyai pengasuhe, yen Marliyah dijaluk dadi anak asuh lan mergawe ing ngomah lan
tokone ing Boyolali. Mbah kyai ngidinake nanging kanthi janji yen Jaiman kudu nglakoni syariat
Islam, utamane shalat limang wektu. Jaiman sing kedunungan rasa marang Marliyah nyanggupi.
Kanthi diterake dhewe dening mbah kyaine, Marliyah boyongan menyang ngomahe Jaiman.

“Kamar iki suker lan omah iki kebilut hawa reged. Ana aura peteng ing ngomah iki, prayogane
awakmu sing ngati-ati ya ndhuk. Arahen sabisa-bisa juraganmu ajaken manekung marang Gusti
Allah, aja nganti nyingkur lan mlincur. Seringa wiridan yen kahanan ngidinake. Aja nyedhaki
kamar iki !” Piwelinge mbah kyai Badruddin marang Marliyah. Nalika semana mbah kyai nginep
sewengi ing ngomahe Jaiman, lan Jaiman lagingobrol gayeng karo tamu kanca bisnise.

Rong wulan wis kepungkur saka tiwase Sumiran, malah wis nyedhaki satus dinane. Wengi kuwi
malem Selasa Kliwon, wektu sapatemone Jaiman karo Nyi Puspo Cempoko. Wengi-wngi sing
endah lan wengi sing tansah diantu-antu dening Jaiman. Kejaba oleh tamba ngelake batin lan
birahi sing ngorong, uga bakal ketambahan dinar ing simpenane. Nanging wengi kuwi Jaiman
sajak aras-arasen. Batine mangro antarane kuwajiban ngladeni kridha biirahine Nyi Cempoko,lan
rasa ati sing nyanthol marang Marliyah. Prawan pondhok sing manis lugu kuwi gawe gonjing
miringe atine. Mangka nalika sembrana parikena nembung marang Marliyah dhewe, supaya
gelem dadi sisihane, prawan mau mung ndhingkluk isin. Pangirane Jaiman Marliyah gelem,
mung rada rikuh anggone njawab. Rencanane ora suwe bakal tembung liwat Baddrudin ing
Temanggung.

Tabuh rolas wis gemonthang saka jam antik ing pendhapa. Kutug kumelun dupa ratus
nggembuleng ing senthong sepen. Kaya ritual ing saben Malem Selasa Kliwon, Nyi Puspo
mesem mudhun saka peturon sring bed, mesem semringah nyedhaki Jaiman lan sabanjure
sewengi natas ngajak salulut. Wengi kuwi merga ati sing goreh merga kegodha wewayangan
Marliyah, Jaiman katon loyo. Mung sambalan wis rubuh, ora kuwat ngayati babakan sabanjure.
Nyi Puspo rumangsa kagol, esem sing manis nuwuhi ayune sing uleng-ulengan kuwi, malih dadi
esem sing kecut. Keprungu lirih tembunge:

“Kang Jaiman …… aku ngerti yen atimu ora nyawiji marang aku ….. lan aku ngerti marang sapa
atimu mangro….Kowe gawe kagolku ….. Sesuk dak tunggu tekamu ing Kabongan !”. Plas ilang
saka pandulu, putri ayu kuwi ninggalake juragan Jaiman sing nggloso kentekan daya.

Ing jeron sedan Toyota Altis-e, Jaiman sering unjal ambegan landhung mbuwang ati sing
semplah. Paling telat wanci surup kudu wis tekan keramat Kabongan ing Rembang. Papan
pasujarahan sing ditekani sepisanan watara patang taun kepungkur, nalika dheweke isih dadi
tukang becak sing mangkah ing prapatan Gendingan Semarang. Dheweke kudu kudu ngadhep
Nyi Puspo dina kuwi, kaya pakone nalika kagelan wingi bengi. Dheweke kari pasrah yen nganti
kedukan dening Nyi Puspo Cempoko. Saka pangrasane wis cukup akeh dheweke atur tumbal
wadal pesugihane. Wadal wujud nyawa saka karyawan sing melu ngupaya ing toko lan
perusahaane. Dheweke uga ngelingi  ing antarane perjanjen sing biyen dicap jempo getih, ana
ukara sing sapa sesambungan batin karo Nyi Puspo, ora kena mangro katresnan marang wanita
liya, apamaneh nganti kawin. Kutukan lan pengajaran perih bakal kesandhang dening sing njaluk
pesugihan kasebut.

Ngrepake tabuh sanga nalika dheweke ditinggal ijen dening juru kundi ing sangarepe jirat kijing
Nyi Puspo Cempoko. Pedhut putih ngemuli anggane juragan Jaiman. Mbaka sethithik buyar
ganti wadage Nyi Puspo sing ngadeg ing sangarepe.

“Aku wis marak sowan Nyi ….. banjur ana dhawuhapa, lan sadurunge aku nyuwun ngapura yen
wingenani bengi ….”

“Wis kakang ora perlu kok bacutake aturmu, aku wis ngerti gorehing atimu. Kowe kari
milih….nerusake sesambungan karo aku ….. apa ngeboti atimu sing miring marang prawan
podhok kuwi. Yen kowe isih kepengin sesambungan klawan Kabongan…dak jaluk patine
prawan kuwi saka tanganmu dhewe…. Carane mangsa borongo, dakwatesi wektumu mung
sepasar saka dina iki …..wis saiki dang baliya!” Rada sereng pangatage Nyi Puspo.

Sawetara iki juragan Jaiman dheleg-dheleg, nuhoni isining perjanjen utawa rasa tresna lan ora
tega. Grenang-greneng ngomong dhewe kaya wong gemblung,  yen dijak caturan ora nyambung.
Klesak-klesik santer saka para pegawene saya ndadi , yen juragane wis ketempelan merga
pesugihan. Marliyah dadi ngerti sapa satemene juragan sing bakal ngrabi dheweke kuwi. Senajan
mung nembung pribadi ora ono sing ngerteni, tumrape Marliyah juragane kuwi pancen duwe
niyat tulus ngrabi dheweke.  Ndeleng kahanane Jaiman lan rerasan kanca-kanca kerjane, rasa
cubriya bab “misteriuse” kamar sepen tutupan ing loteng kuwi saya kandel.

Nalikane Marliyah tangi saka sujud lan ngucap “Allahu Akbar”, sumiyut glathi landhep ngener
gulune. Nanging saka kersane Allah pawongan mau mbengok karo nekep dhadhane, glathi iku
mencelat ngenani kaca pengilon pecah ambyar. Kaget ndeleng juragane Jaiman sing arep
mrawasa lan mateni dheweke, saikine cekakaran karo mecicil nekep dhadhane, Marliyah jelih-
jelih njaluk tulung. Sakala dadi geger ing omah kuwi. Gemrudug pagawe lanang wadon watara
wong lima sing pancen kajibah turu ing  kono, andum gawe. Ana sing tetulung marang Marliyah
sing ngguguk trauma, ana sing ngresiki pecahan kaca beling sing sumebar lan nyingkirake
glathi.Sebagiyan ngrumat juragane sing dadi ropyan. Dokter pribadine juragan Jaiman ditelpon,
teka niti preksa nadi, keteg jantung lan liyane, banjur aweh suntikan penenang. Juragan Jaiman
digotong mudhun diturokake angler ing kamare.

Marliyah mberot wengi iku uga njaluk bali menyang Temanggung. Ora gelem disemayani,
wusana diterake nganggo pick-up  dikancani Wagiyem. Kanthi sesengukan Marliyah nyritakake
kahanan sabenere nalikane arep dipateni juragane.

Mbrabak lan getem-getem juragan Jaiman, ngerteni yen Marliyah dalasan Wagiyem lan Paidi
mlayu menyang Temanggung. Rumangsa cabar anggone bakal mateni prawan pondhok kuwi,
merga saka krenahe Nyi Puspo. Mangka wektu sing diwenehake mung kurang sedina. Ing
antarane rasa gela, tresna lan donya brana ndadekake pikirane saya kuwur limbung. Tindakane
wis kaya wong pengung, cedhak nesu adoh guyu. Apa sing ditindakake pegawene prasasat sarwa
salah.

Nalika nguman-uman ing tokone, Jaiman jengkel mbuwang tegesane. Tibane tegesan ngenani
campuran bensin sing lagi kanggo ngumbah spet plitur mebel. Mbulat geni marak tansaya
nderbala. Poyang-payingan pegawe lan wong sing lagi tetuku ing toko sembakone. Geni saya
gedhe ketiyup angin sing awan kuwi deres lan santer. Ora suwe toko saisinewismeh gusis, geni
mrambat nyaut gedhong lan mobil kesayangane. Histeris Jaiman mlayu mlebu ngomah gedhong
singwiskobar.  Pating plethok lan semburat geni mubal, kumelun keluk ireng ndedel ing awang-
awang. Lalu lintas dalan gedhe rong arah dadi macet total, mahanani tekane mobil pemadam
saka Salatiga lan Kartasura telat. Omah gedhong, toko, peternakan saisine ludhes dadi areng ora
ana sing ngukup. Saka puing-puing tinemokake jisim Jaiman.

Ngelingi jasane Jaiman sing sering mbiyantu lan sosial kuwi, masyarakat ing kono ngrukti jisime
kanthi apik. Dina iku uga senajan nyedhaki magrib, jisim dikubur ing pekuburan umum
pedhukuhan cedhak kali. Ngelingi papan sing dirasawiskebak kijing lan cungkup, Jaiman
digawekake luweng mapan ing pereng pinggiran kali, sadedhake barongan pring ori. Langit sing
awan mau terang sumilak, wiwit mendhung lan udane riwis-riwis. Alon-alon jisim sing
mekungkung ora bisa dijejegake, senajanwismaneka cara dicakake, dilebokake ing
luwangan.Nanging ora bisa mlebu merga kurang dawa lan kurang amba. Kepeksa diunggahake
maneh, kanggo ndawani lan ngambani dhudhukan luwang kubur. Prastawa iki lumaku luwih
saka ping telu, sing layat grenengan mangkel. “Piye mbah Modin …. Yen ngene terus mbok
nganti bar Isyak ra bisa rampung, selak udane teka deres”.

Paraga tuwa sing disebut mbah Modin mau meneng muter pikir, umak-umik maca donga. “Yaa
wis ….. pancen iki lelakon lan pepeling saka Gusti Allah …. Jenaczah didhunke maneh, sing
neng njero ditambah wong loro maneh ….lha ngono ……… alon-alon dilumahake dhisik
….saiki ditekuk sikile bebarengan …… Yaaa Allahu Akbar !”. Swara krepek  balung tugel
merga ditekuk lan dipidak, keprungu cetha. Sing padha layat istighfar bola-bali, mbarengi
pocong sisih sirah lan tali-taline diuculi. Sabrebetan katon praupan ireng ireng rai gosong, mripat
mlolo lan cangkem mlongo senajan wis diiket. Ditatani gelu, papan landhakan lan diurug lemah.
Pathok dipasang mbarengi udan wiwit deres. Enggal sing layat arep bali ninggalake kuburn sing
wiwit peteng. Durung nganti pitung pecak pelayat sing paling keri ninggalake jirate Jaiman, ana
swara  kemrosak banjir teka lembak-lembak. Banyu kali kuwi santer lan ngesrong liwat kubure
Jaiman. Mbaka sethithik kuburan anyar kuwi gogos lan ambrol ketrajang banjir bandhang.
Jisime  Jaiman katut ilining banjir dadakan, sing wiwit mendha udane terang.

PS 47 – 48 / 2005

IV.       PENDALAMAN MATERI

A.    Sakwise maca crita rakyat  kasebut wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki  !

1. Piwulang apa wae sing bisa kapethik saka crita “Nyi Puspo Cempoko” ?

Wangsulana………………………………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………..

1. Menawa kabandhingake kalawan zaman saiki, kepriye kahanane. Cocok apa ora ?
Wenehana alasan sing gumathok !

Wangsulana………………………………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………..

1. Sapa wae paraga utama crita ing ndhuwur lan kepriye watake ? Duduhno mawa ukara
kang tinulis !

Wangsulana………………………………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………..

1. Ana ngendi dedununge Nyi Puspo Cempoko iku ?

Wangsulana………………………………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………..

1. Kepriye wusanane / pungkasaning crita ?

Wangsulana………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………..

B.         Gawe sinopsis crita rakyat ing ndhuwur (mawa ukaramu dhewe) kira-kira

akehe 5 paragraf !

Wangsulana………………………………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………..

V.         TUGAS

A. Ing njaba kelas

Perangan crita rakyat ing ngisor iki wacanen kanthi premati !

DAMPO  AWANG

            Dhek  abab 15 Masehi  ing Pulo Madurasa ana sawenehing krajan kang kondhang aran
krajan Buwana Keling. Krajan ing Pulo Madurasa iki kalebu krajan kang madireng pribadi kebak
kawibawan. Krajan sakupenge kono ora ana kang munasika katentremane Krajan Buwana
Keling. Kepara krajan sanjabane Pulo Madurasa iya ora ana kang wani-wani nyanyah nyunyah
nyenyamah marang Krajan Buwana Keling.

Apa sebabe dene Krajan Buwana Keling ing Pulo Madurasa iku kalokengrat ayem tentrem ora
ana mungsuh kang wani njamahake kawibawane ? Awit kang jumeneng raja ing Krajan Buwana
Keling iku sawijire pawongan kang digdaya jayeng palugon. Sang anata ing Krajan Buwana
Keling iku kaya dewa mangejawantah, nganggo gelang oyod mimang, kadang jawata lan dibala
hapsara. Raja Krajan Buwana Keling iku asmane Sang Prabu Bermanamadu.

Kaya wis dadi kondrating alam, saweneh pawongan kang minulya duwe kaluwihan bandha
donya. Umume para kulawarga lan keturunane banjur duwe watak kurang prayoga. Duwe watak
adigang adigung adiguna. Watak ngendelake gedhene pangwasane, ngendelake ketrampilane, lan
ngendelake kapinterane.

Semono uga Sang Prabu Bermanamadu kang kadigdayane prasasat ngluwihi dewa linuwih iku,
putrane uga duwe  watak longor sesongaran. Dupeh putrane raja kawasa digdaya tanpa tandhing
kuwi, banjur rumangsa duwe drajat luwih unggul satemah mbergudul.

Sang pangeran iki temen-temen diuja lan diugung dene Sang Prabu Bermanamadu. Apa
sapanjaluke kabeh dituruti wae. Mulane Sang Pangeran iki seneng banget nyuwun barang
saweneh kang aneh-aneh. Ing kalamangsa Sang Pangeran nyuwun dhestar kang duwe daya
kasiyat kena kanggo tetumpakan ing awang-awang. Senajan panjaluk kuwi nglengkara banget
nanging Sang Prabu Bermanamadu ngudi bisane nyukupi apa kang disuwun dening Pangeran
Pati Krajan Buwana Keling iku.
Sang Prabu Bermanamadu iki kalebu manungsa unusaning janma, kena diarani lagi winongwong
ing jawata, mula panyuwune putrane kang aneh lan langka iku diangep lumrah wae. Apa maneh
ibarat lelaku ing tengah wengi, anak iku ;kaya rembualan kang dadi cecolok madhangi petenge
wengi.

Kanggo nuruti panyuwune Pangeran Pati kuwi Sang Prabu Bermanamadu kanggo sauntara
wektu banjur ninggalake Krajan Buwana Keling saperlu teteki mahashasepi ing lengkehing
Gunung Ijo iku wis oleh sawatara wulan. Ing tengah wengi kang peteng rada remeng-remeng
karana mung disoroti lintang dlemok cung iku, dumadakan ana kaki-kaki ngrawuhi Sang Prabu
Bermanamadu. Rawuhe paraga saktiku ngagetake ati.

“Ehhh-ehhh-ehhh ! Angger Prabu Bermanamadu, kejot penggalihmu ?

“Engngng …enggih Eyang, kawula kaget sanget, Andika sinten nun ?”

“Jeneng lan julukan pangaran-aran iku kanggo ora wigati. Kang luwih wigati iku nyumurupi apa
panujumu teka-teki ana kene ?”

“Dhuh Eyang ingkang tuhu nyalawadi, tamtunipun Andika pana ?”

“”Lha  yen Eyang wus pana, kanggo apa ndadak takon sliramu ?”

“Waleh-waleh punapa Eyang, inggih karana godhanipun yoga ?”

“Putramu godha ? Kang sira karepake godha iku sing kepiye ?”

“Eyang ingkang tuhu winadi. Tuhunipun buyut Andika punika nyuwun dhestar ingkang saged
dados wahana mabur wonten ngawiyat”

Eyang winadi iku banjur maringi udheng marang Sang Prabu Bermanamadu. Sakwise nguncali
udheng kuwi kaki-kai aneh iku paring piweling telung warna. Sepisan,  kang kaparingan pusaka
udheng wulung iku Sang Prabu Bermanamadu, awit kang lelaku teteki iya Sang Prabu 
Bermanamadu. Kapindho, udheng wulung iku aja kanggo longor sesorangan. Kaping telune,
udheng wulung kang kena kanggo mbru iku duwe pengapesan yaiku yen adhep-adhepan karo
saweneh jaran putih.

Saksise kasil bisa oleh udheng wulung kang kena kanggo mabur iku Sang Prabu Bermanamadu
banjur gegancangan wae koindur menyang Krajan Buwana Keling. Ing saenehing dina udheng
wulung iku diparingake marang putra pangeran pati. Bocah langan kang mrusal iku dina-ddina
mung mbeber udheng wulung ditumpaki mabur dham-dhaman ing awang-awang. Mula putra
Krajan Buwana Keling iku kalokengrat duwe julukan Sang Dhampo Awang.

Pangeran Pati Sang Dhampo Awang bareng kagungan pusaka sakti wujud udheng wulung kang
kena kanggo mabur kuwi tingkahing bebudene tansaya ngewakake banget. Ngedir-ngedirake
marang kasektene satemah dadi pawongan kang glelang-gleleng gembelengan banget.. Duwe
watak deksura sapa ingsung sapa sira ngono iku. Watak wantune Dhampo Awang kang paling
ala yaiku thukmis karem gawe dolanan bocah wadon tanpa ana tanggung jawab kang maton.

Bebarengan wektune kakro kahanan ing Krajan Buwana Keling kuwi, ing Krajan Majapahit Pulo
Jawa uga ana lelakon aneh kang gawe gegere eong sapraja Majapahit kono. Nalika kuwi kang
ngasta panguwasa ing Krajan Majapahit yaiku Sang Prabu Brawijaya ka V. Kang jejer minangka
patih asmane. Gajah Mada. Nanging  kuwi dudu Patih Gajah Mada ing jamane Prabu Hayam
Wuruk biyen. Anggone dijenengake Gajah Mada supaya Majapahit tetep wibawa kaya biyen.

Ing sawijine dina dumadakan tanpa kawruhan sebabe kuda klangenane Sang Prabu Brawijaya V
kang aran Turangga Kuda Remeng iku ucul saka pagedhogane. Banjur tetegar ing alun-alun
gawe rusake wewangunan ing alun-alun Majapahit kono. Gamel kang kajibah minangka sratine
Turangga Kuda  Remeng iku ora bisa  nyekel Turangga Kuda Remeng kang katon
mbrengangang lan galok iku.

Kahanan tansaya dadi kosek bareng para prajurit uga ora godag ngrangket Turangga Kuda
Remeng kang tansaya rongeh bengah-bengeh tetegaran ing alun-alun Krajan Majapahit kuwi.
Akeh para prajurit kang dadi kurbane. Turangga Kuda Remeng kasebut. Yen diematake
temenan. Turangga  Kuda Remeng iku kaya kesetanan. Mripate mlereh abang pendirangan
nggeririsi banget. Angele ngrangket Turangga Kuda Remeng iku ora mung sebab Kuda Remeng
iku giras lan kesit wae. Naning kang luwih angel trap-trapene  yaiku dene ana wewaler saka sang
nata, aja nganti tatu.

Nate ana prajurit papat kang gamben-gamben diutus nyekel Turangga Kuda Remeng iku. Prajurit
papat ikut mapan ana catur loka. Tegese ana kang ana wetan, kidul, lor lan kulon. Jaran siji
dikrubut prajurit papat. Turangga Kuda Remeng tansaya bringas ngempros ngos-ngosan. Prajurit
kang maju nglimpe saka mburi ditampani

Nganggo slenthakan sikil loro mak keprok satemah glayaran tan mangga puliha. Prajurit kang
saka ngarep digejoh lan dikrokot kupinge dadi metu getihe dleweran. Prajurit kang saka
ngiringan uga ora kuwagang nyedhaki Kuda Remeng jalaran kuda giras iku minger cepet banget,
nylenthak lan nyakot sakepenake wae. Prajurit papat iku ora wurung iya kasoran.

Sarehne para prajurit wis ora ana kang bisa mrantasi, mula dipasrahake tumenggung reksa
khayawan. Saweneh tumenggung gagah prakosa iku uga mung dadi pengewan-ewanan.
Pungkasane Sang Prabu Brawijaya V pasrah marang Patih Gajah Mada nyekel Turangga Kuda
Remeng ing alun-alun iku dadi dadi warta kang narik kawigatene para kawula ing Praja
Majapahit. Ngepasi dina cak-cakane Patih Gajah Mada ngrangket Turangga Kuda Remeng iku
para kawula cilik padha nonton ing alun-alun. Iki tontonan gratis temenan.

Sadurunge ngayati nyekel Turangga Kuda Remeng iku Ki Patih Gajah Mada ndhongak
mendhuwur komat-kamit maos mantra sakti. Sawise kuwi banjur nyedhaki Turangga Kuda
Remeng. Jaran giras iku dadi lulut marang Ki Patih Gajah Mada banjur lon-lonan nyengklak ing
gigire jaran. Turangga Kuda Remeng iku banjur mlayu lon-lonan ngedrap manis banget. Wong
kang padha nonton surak keplok mbata rubuh. Nanging ora kanyana jaran giras iku nglumba
nguncalake ki Patih nganti gumebruk tiba klumah ing lemah. Patih sepuh iku banjur digejoh,
dislenthak  lan dikrokot nganti gubrah getih. Wong-wong sanalika padha cep klakep
kamitenggengen anteng pindha reca…….

Panjebar Semangat – 44/2004

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !

I.

1. Piwulang apa sing bisa kapethik saka crita ing ndhuwur !


2. Piwulang kuwi (wangsulan no 1) apa isih cocok menawa ditrapake zaman saiki ?
3. Sabenere, Dhampo Awang kuwi sapa ? lan kepriye watake ?
4. Ana ngendi latar crita ing ndhuwur ? Wenehana ukarane sing nduduhake latar crita mau !
5. coba   gawe bacutane crita kuwi sing akeh 1 utawa 2 paragraf, miturut versimu !

II. Gawea sinopsise !

1. VII.            PENILAIAN

I.  Wenehana tanda ping ana ngarepe aksara a, b, c, d,  utawa e marang  wangsulan kang paling
bener !

                “Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adhem senajan ora  njekut, nanging wis
nyebabake wong wegah metu kejaba wong kerja kantoran utawa PNS, klebu sing pancen duwe
kebutuhan ndheseg pilih njintel neng ngomah. Nyetel tv, mangan enak lan liyane maneh sing
sarwa enak.

1. Latar wektu perangan crita ing ndhuwur yaiku …..

a. mangsa rendheng

b. mangsa pancaroba

c. mangsa banjir

d. mangsa panas

e. mangsa ketiga

2. Crita “Nyi Puspo cempoko” nduweni tema …..

a. misteri                   b. sosial            c. moral            d. katresnan                  e. Kemlaratan


3. Piwulang sing bisa kapethik  saka crita “Nyi Puspo Cempoko” ana ing ngisor iki,

kajaba ….

a. urip kesrakat bisa ndadekake pawongan nekad

b. pesugihan ora ndadekake uriping manungsa barokah

c. donya brana bisa ndadekake pawongan lali marang sing agawe urip.

d. sapa sing dolanan geni bakale kobong.

e. urip sugih kuwi pancen enak banget.

4. Dununge Nyi Puspo Cempoko kuwi ana …..

a. Prapatan Gendhingan Pemuda

b. Padamaran, Pasar Johar

c. Kabongan Kidul, Rembang

d. Boyolali

e. Juwana, Pati

5. Satemene wujude Nyi Puspo Cempoko kuwi ….

a. Ula Puspo Naga

b. Ula Puspo Cempoko

c. Ula Puspo Kajang

d. Ula Puspowarna

e. Ula Puspo Kijing

6. Sapatemone Jaiman kalawan Nyi Puspo Cempoko kanggo saresmi saben dina …

a. Selasa Pon                        c. Selasa Paing

b. Selasa Wage                     d. Selasa Kliwon           e. Selasa Legi

7. Ubarampe sing kudu dicepakake Jaiman ana sajroning senthong sing bakal
dianggo saresmi ana ing ngisor iki, kajaba ….

a. kembang setaman

b. menyan lan ratus wangi

c. degan klapa ijo

d. pithik sajodho

e. ndhog pithik sajodho

8. Ing ngisor iki watak-watak kang diduweni Jaiman, kajaba …..

a. ora kuwat kesrakat            c. loma, seneng mbiyantu

b. cethil                                 d. pingin sepet sugih       e. imane ora kuwat

9. Sapa jenenge rewange Jaiman sing dadi korban digubedi ula Puspo Kajang ?

a. Marliyah   b. Sumiran        c. Wagiyem                  d. Paidi e. Bahruddin

10. Kepriye pungkasane uriping Jaiman ?

a. mati kobong

b. mati kintir / keli

c. mati nglabu

d. dipateni Nyi Puspo Cempoko

e. mati gantung dhiri

Anda mungkin juga menyukai