Anda di halaman 1dari 80

WULANGAN 1 : PENDIDIKAN

I. NYEMAK
Standar Kompetensi : Mampu memahami dan menangapi
berbagai ragam wacana lisan tentang
bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui
menyimak informasi dari media elektronik
maupun cerita yang disampaikan secara
langsung atau melalui rekaman.
Kompetensi Dasar : Menyimak dan menanggapi siaran dan
informasi dari media elektronik, tuturan
langsung atau pembacaan teks.

Indikator : * Mengungkapkan kembali secara lisan isi yang terdapat


dalam media ceta

* Mengungkapkan kembali secara tertulis isi


yang terdapat dalam media cetak

* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung


nilai-nilai budi pekerti

Materi : Wacana “ Salin Jaman Salin Tatanan

A. Nyemak wacan.
Salah siji siswa maca, liyane nyemak.

SALIN JAMAN SALIN TATANAN


Ing ngendi papan, wektu, jaman biyen, saiki nganti tekan besuk kabeh wong padha
nindakake tata krama. Mung wae kudu eling papan siji lan sijine, desa siji lan sijine, kutha siji
lan sijine malah negara siji lan sijine ana bedane, ora padha cak-cakane. Trep karo unen-unen:
desa mawa cara negara mawa tata, salin enggon salin tatanan. Unen-unen basa Indonesia: “
Lain ladang lain belalang, lain lubuk lain ikannya”.
Ngecakake tata krama iku kudu empan papan, aja nganti digebyah uyah. Anggone
nindakake kudu ngelingi papane, kahanane, wektune, dicocogake karo kala mangsane. Kena
diunekake salin jaman salin tatanan. Sing biyen dianggep becik, bok menawa saiki bisa
dianggep ala. Kang saiki ala bisa uga besuk kalebu becik.
Tuladhane: Dhek biyen wong omong mangan karo omong utawa mlaku iku ora becik.
Jaman saiki lumrah wae wong mangan karo omong utawa karo mloka-mlaku, kaya dene yen
jagong ing acara manten/ syukuran, bubar salaman karo sing duwe gawe banjur diacarani
dhahar prasmanan, lumrahe ing gedhung ora dicepaki kursi akeh kaya cacahe undhangan, mula
banjur ana sing dhahar karo ngadeg lan ngobrol. Biyen bocah sekolah, kudu lungguh bangku
ngrungokake lan nggatekske karo tanganne sedheku. Saikimmurid nalika ing kelas ora kudu
tumindak mangkono, bisa bebas sing penting tertib. Biyen wong mlaku ing kraton utawa
cedhak kraton karo ndhingkluk lan meneng, nanging saiki malah padha guneman, menga-
mengo, tudang-tuding karo ndeleng mrana-mrene.
Mesthi wae ana bab liya sing biyen ala saiki iya ala, umpamane: bab colong jupuk,
ngapusi utawa goroh, wani marang wong tuwa, ulangan sekolah ngepek. Mangkono uga biyen
becik saiki iya tetep becik, besuk uga tetep becik, umpamane: seneng tetulung, seneng weweh,
bekti marang wong tuwa, sregep sinau, sregep nyapu, jujur, lan sapanunggalane.
Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga.
Kabeh tumindake wong urip kuwi becik yen tansah nganggo: deduga, prayoga, pangira-ira,
pangati-ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang Sinuwun Pakubuwana IV ing
bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju
lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab duga lan prayoga iku
pirantining urip sing ora kena ditinggal. Kabeh mau sinawung ing tembang Pangkur:

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng anendra,

Ringa-ringa aywa lali.

Cekak aose sakabehing tumindake wong urip ing alam donya kudu nganggo tata
krama, tansah nganggo deduga utawa pangati-ati. Sing gelem nindakake tata krama uripr
bakal tentrem, begja, tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing bisa
migunakake tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine, dikurmati, diajeni wong
liya lan dadi tuladha urip sing utama. ( Sudiyatmana, 1994).

B. Kawruh Basa
Apa tegese tembung kang kacithak miring ing ngisor iki ?

1. Ngecakake tata krama karo sapa wae.

2. Kalamangsa dheweke sinau kelompok karo aku.

3. Aja kewanen, apike ngenggo deduga.

4. Wani karo sedulur iku ora prayoga.


5. Atur panuwun sinawung ing tembang Dhandhanggula.

6. Aywa sira gunggung dhiri, iku tan prayoga.

7. Apa perabot rumah tangga wis padha ditata ing omah anyar ?

8. Sang prabu kondur saking kedhaton banjur nendra ing pagulingan.

9. Satuhune pancen beda kahanan jaman biyen lan saiki.

10. Aja digebyah uyah, ora saben siswa ora duwe tata krama, isih akeh sing duwe
subasita.

C. Mangsuli Pitakon

1. Sapa sing kudu nindakake tata karma ?

2. Nindakake tata krama kudu dikulinakake wiwit cilik. Apa sebabe ?

3. Apa sebabe nindakake tata krama kudu nggatekake panggonan ?

4. Coba wenehana tuladhane tata krama sing kok ngerteni !

a. ing sekolah

b. ing omah

5. Aranana tuladhane tata karma :

a. Sing biyen dianggep ala saiki dianggep lumrah.

b. Biyen dianggep ala, saiki tetep dianggep ala.

c. Biyen dianggep becik, saiki lan besuk uga becik.

II. MICARA
Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam
berbagai bentuk wacana lisan dan non-lisan tentang bahasa, sastra dan
budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-
ungguh bahasa sesuai dengan konteks buaya Jawa.
Kompetensi Dasar : Memperkenalkan diri dan orang lain dengan sikap santun dan dengan
tingkat tutur yang tepat.
Indikator : * Melafalkan kalimat perkenalan berbahasa Jawa dengan tingkat tutur ngoko dan
atau krama dengan lancar dan intonasi yang sesuai denga konteks pembicaraan.
* Mengembangkan wicara perkenalan dengan menggunakan tingkat tutur ngoko
dan atau krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan dan perilaku sebagai penanda sikap
santun.
Materi : Pacelathon.

A. Pacelathon
Tindakna pacelathon iki !
Dina senin iku, dina sing wigati tumrap para siswa SMA Taruna Bakti sebab Masa
Pengenalan Sekolah diwiwiti. Sarampunge upacara pembukaan MPS, ana wektu kanggo leren
sawetara. Sinambi ngenteni kegiatan sabanjure, ana siswa kang mloka-mlaku karo kancane sing
wis kenal, ana sing mung lungguhan ing ngarep kelas, ana sing maca madding utawa koran ing
papan informasi.
Widada mung ijen ing SMA Taruna Bakti, ora ana kanca sing saka SMP sadurunge,
dheweke banjur nyedhaki bocah sing ana ing sisihe, karo ngulungake tangane, tembunge alon,
polatane grapyak lan sumanak.
Widada : “Kenalke, aku Widada kelas XB, yen kowe ?”
Andika : ”Andika, aku iya kelas XB, sajake aku wis tahu weruh kowe sadurunge, nanging
neng endi ya, aku kok lali.”
Widada : ”Lha neng endi, apa nalika ing kene njupuk formulir pendhaftaran, apa neng endi
coba eling-elingen?”
Andika : ”O, ya, apa kowe melu club basket, sajake tahu tandhing karo club basket karo
SMP ku biyen.”
Widada : “Bener, mula aku sajak wis tahu weruh kowe, omahmu ngendi An ?”
Andika : ”Desa Karangsari cedhak daleme Pak Lurah, yen kowe endi ?”
Widada : ”Yen omahku rada adoh saka kene, ing Perumahan Griya Mulya, kira-kira ya 8
km saka kene.”
Andika : ”Wah yen ngono budhalmu sekolah luwih esuk tinimbang aku ya, aku yen sekolah
mung mlaku lho.”
Widada : ”Kepenak kuwi, yen aku jam 6.15 wis kudu mangkat, ngepit alon-alon, kira-kira
jam 6.45 wis tekan.”
Andika : ”Mengko lungguhe jejer wae, kapan dolan omahku, apa mengko bali sekolah
mampir ?”
Widada : ”Ya kena wae, kae wis bel, ayo neng aula sekolah mesthine kegiyatan bakal
dibacutake.”
Andika : ”Ya ayo….”
B. Unggah-ungguh
Saka pacelathon antarane Widada lan Andika bisa kajupuk dudutan yen bocah loro iku
migunakake tata krama ingsrawunge. Sanajan migunakake basa Jawa ngoko sing prasaja, nanging
bocah loro iku tansah ajen-ingajenan. Ora migunakake tembung sing kasar sing bisa gawe seriking
ati. Tansah grapyak lan sumanak. Tembunge kepenak dirungokake lan gawe enaking ati sing
diajak srawung.
Pancen tetembunganwong guneman iku warna-warna. Ana sing mboseni utawa gawe gela
sebab tembunge nylekit, gawe serik. Tetembungan bisa ngraketake paseduluran, nanging bisa
methalake kekadangan. Yen ora ngeti-ati, tembung sakecap bisa gawe serik selawase urip.
Ana tembung sing bisa natoni utawa nyilakani wong liya. Ana tembung kang landhep,
landhepe ngungkuli pedhang. Mula diati-ati ing saben ucap, tembung lan gunem. Mung wae,
banjur aja wedi guneman. Becike guneman saperlune, lumrah lan sacukupe wae.
Sing kudu digatekake wong guneman :

1. Sapa sing diajak guneman ?

2. Kapan wektune ?

3. Ing endi papan ?

4. Basa apa sing digunakake ?

5. Apa sing dirembug ?

6. Kepriye kahanane sing diajak guneman ?


Tetembungan sing diucapake nalika upacara lumrah lan cetha, banter, santak, ora gojak-
gajek. Beda karo tetembungan nalika matur guru, utawa nyuwun priksa nalika pelajaran, ukarane
becik anggone ngucapake alon/alus. Kanthi mangkono wong sing guneman bakal diajeni wong
liya sebab bisa ngetrepake karo kahanan.

C. Gawe Pacelathon

Gawea pacelathon prasaja sawise rampung banjur tindakna karo kancamu !


Bab sing digawe pacelathon bisa milih andharan iki :
a. Pitepungan Pak Basuki minangka wali kelas XB marang siswane.
b. Bu Widati minangka warga anyar tepungan karo Bu Rani.
c. Suhardi pitepungan karo kanca-kanca ing kursus komputer.
d. Pak Sugita minangka guru ekstra karawitan karo siswa kelas XA.

III. MACA
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang bahasa,
sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar : Memahami dongeng atau cerita
Indikator : * Mengungkapkan ringkasan isi dongeng atau cerita wayang denga bahasa Jawa
tingkat tu-tur krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti
dalam dongeng atau cerita wayang.
Materi : Membaca cerita wayang

A. Crita Wayang

Wacanen kanthi premati !

SEMAR
Semar iku putrane Sang Hyang Wenang lan Dewi Wiranti. Sedulure Semar ana loro
yaiku Sang Hyang Antaga ( Togog) lan Sang Hyang Manikmaya ( Bathara Guru ).
Sedulur telu iku dumadi saka cahya putih kaya dene endhog. Kulite dadi Antaga, putihe
dadi Ismaya (Semar ) lan kuninge dadi Manikmaya ( Bathara Guru). Nalika Semar manggon
ing kahyangankanthi asma Sang Hyang Ismaya.
Sesebutan Semar liyane Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Janggan Asmaransanta,
Bogajati, Boga Sampir mapan ing Karang Kedhepel. Sadurunge dadi Semar, wujud BAthara
Ismaya sing bagus lan mapan ing kahyangan. Nanging banjur dadi Semar, cendhek,
mblendhung wetenge lan rembes mripate.
Critane mangkene :
Sedulur telu yaiku Antaga, Ismaya lan Manikmaya melu sayembara. Sapa bisa ngelu
jagad bakal dadi ratuning kahyangan. Sepisan Antaga nyoba, ora bisa malah suwek lambene
banjur salin wujud dadi Togog sing amba lambene. Semar bisa ngulu jagad, nanging ora bisa
ngetokake mula wetengedai gedhe. Sing bisa mung Manikmaya, mula banjur diangkat dadi
ratuning Dewa ing kahyangan kanthi sesebutan Bathara Guru.
Dening Sang Hyang Wenang, Ismaya kadhawuhan mudhun ing ngarcapada, donyaning
manungsa dadi pamomonge satriya, kalebu leluhure Pandhawa saanak turune. Semar duwe
anak telu yaiku Gareng, Petruk, Bagong. Banjur wong papat diarani Panakawan utawa
Punakawan (pana: ngerti, kawan: kanca).
Semar tansah paring wewarah marang bendara kang lagi susah atine. Negara sing kena
pageblug, katekan Semar bisa dadi tentrem, ayem lan mulya. Tumrap para satriya Pandhawa,
Semar dianggep pepundhene dewa ngejawantah, bisa ngerti sadurunge prakara dumadi ing
donya.
Sanajan ala wujude, Semar luhur bebudene, tata kramane ganep, sabar, ora tau nesu,
tresna asih marang sapadhane lan wicaksana. Yen lagi nesu , dewa utawa manungsa ora ana
sing bisa nandhingi, kajaba Sang Hyang Wenang.
Budi Pekerti :
1. Aja mbiji manungsa saka blegere awak, nanging saka tumindake. Wong becik rupane durung
mesthi luhur budine.
2. Abdi kudu setya lan bekti marang bendara.
3. Manungsa kudu bisa nampa pepesthening / takdire Gusti.
(Jatirahayu, 2002: Mutyara Rinonce, Budi Pekerti Ing Pewayangan)

B. Kawruh Basa
Tembung ing wacan iki golekana tegese !

1. Panjenengan asmanipun sinten ?

2. Semar iku asale saka kahyangan.

3. Semar mudhun saka kahyangan menyang ngarcapada.

4. Abdina Raden Arjuna iku diarani panakawan / punakawan.

5. Ing negara Ngamarta lagi ana pageblug, kawula lara esuk, sore mati.

6. Gusti kang Maha Kuwasa kang nyiptakake jagad saisine.

7. Para guru tansah paring wewarah marang muride.

8. Para pepundhen ingkang tansah kinurmatan.

9. Semar iku dewa kang ngejawantah dadi manungsa lumrah.

10. Blegere Semar pancen ora sepiraa, nanging luhur bebudene, sekti mandraguna.

C. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana nganggo basa karma !

1. Sinten Semar menika ?

2. Sedherekipun wonten pinten, cobi kasebatna ?

3. Kadospundi dumadine Semar sesedhereipun ?

4. Sinten kemawon sesebatanipun Semar ?

5. Nalika ing kahyangan kadospundi kawontenanipun Semar ?

6. Menapa sebabipun Semar dados ala wujudipun ?


7. Menapa sebaipun Manikmaya dados ratuning dewa ?

8. Antaga lan Ismaya wujudipun dados awon, menapa sebaipun ?

9. Sinten kemawon punakawan menika ?

10. Kadospundi watakipun Semar menika ?

D. Maca Jawa
Cobi seratan Jawi menika kawaosa kanthi leres !

1.Är[mai=g[wsepiai=pmºihmemyuayuni=bwn.

2.ÄzufilkuautmknQismPu/nai=bufi.

3. ÄallnBecikHikufumunu=anaw[kK[d[w.

4.Äspllimr=kbecikKnNi=liynHikuky[kwn¿,

5.ÄaucpHikubisffijlrnKbecikKnLnJlrnNi=pti.

6.ÄmultSlirtnSh[ali=lwnWsPf.

7.Äsi=spkulintuminFkHlbklCilkauri[pP.

8.ÄbegJbegJ[nk=lliaisihbegJk=[ali=lwnWsPf.

9.Äajrum=sbisnzi=bisarum=s.

10.Ä[ynFibecikKi[w=oliytulisSenHi=wtusupy[aorgmP=lli.

IV. NULIS
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang bahasa,
sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis
Kompetensi Dasar : Menulis wacana beraksara Jawa..
Indikator : Mengalihaksarakan kata dan kalimat yang beraksara latin dalam aksara Jawa de-ngan
tepat.
Materi : Menulis aksara jawa

A. Intisarining Wacan

Cobi waosan Semar menika kaserata intisarinipun, utawi karingkes, lajeng dipunserat bab
ingkang pokok-pokok kemawon, kanthi basa ingkang sae !
B. Nulis Tata Krama

Ing mata pelajaran PKK mesthine para siswa wis tau oleh pamulangan bab tata kramane wong
mangan. Kajaba iku ing kulawarga mesthi diajari carane mangan kang becik utawa malah
duwe pengalaman tata kramane wong mangan ing omah, yen duwe tamu, utawa ing restoran.

Tugas

Tulisen tata kramane wong mangan, yaiku :

1. Bab-bab sing kudu ditindakake nalika wong padha mangan bebarengan.

2. Bab-bab kang ora oleh katindakake nalika wong padha mangan bebarengan.

C. Nulis Jawa
Kaserata mawi aksara Jawi !

1. Antaga lan Manikmaya iku sedulure Semar.

2. Bisa ngulu jagad dadi ratu kahyangan.

3. Sedulur telu dumadi saka cahya putih.

4. Bathara Ismaya bagus rupane.

5. Lurah Badranaya mapan ing Karang Kedhepel.

6. Ismaya kadhawuhan mudhun ing donya.

7. Momong para satriya kalebu PAndhawa.

8. Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku Punakawan.

9. Bendara sing susah atine dilelipur.

Semar ala wujude nanging luhur budine

B. LKS 2
WULANGAN 2 : KASUSASTRAN

I. NYEMAK
Standar Kompetensi : Mampu memahami dan menanggapi berbagai ragam wacana
lisan tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui
menyimak informasi dari media elektronik maupun cerita yang
disampaikan secara langsung atau melalui rekaman.
Kompetensi Dasar : Menyimak dan menanggapi geguritan
Indikator : * Menceritakan kembali dengan kata-katanya sendiri mengenai isi
geguritan dalam bahasa jawa denga tingkat tutur krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung
nilai-nilai budi pekerti dalam geguritan.
Materi : Geguritan

A. Nyemak Geguritan
Geguritan menikasalah satunggaling wujud asiling kasusastran Jawi gagrag enggal
ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Nanging eman sanget boten kathah tiyang mliginipun
para anem ingkang nggatosaken. Kamangka, geguritan kathah ingkang ngemu suraos luhur,
ingkang mekaten wau saged kawastanan sastra adiluhung. Ing ngelmu kasusastran Yunani, bab
menika saged nggadhahi fungsi dulce (kaendahan) lan fungsi utile (kagunan/paedah).
Satunggaling asiling kasusastran kasebut endah lan sae yen fungsi kekalih wau saged nyawiji,
inggih menika endah yen kawaos lan migunani tumrap budi pekertining tiyang ingkang maos/
mirengaken.
Cobi geguritan menika kawaosa kanthi irama ingkang sae! Siswa sanesipun nyemak !

AJA KUWATIR PAHLAWANKU


Angitane : R. Bambang Nursinggih

Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa

Mrambat lon-lonan lumaku tumuju girilaya

Kairing swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa

Swara sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa

Bandhosa kang lagi mondhong layon

Ora perduli apa kang mentas kelakon

Panggah tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon

Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa

Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda

Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa


Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur

Kumlebete kembang setaman kacampur sadana minangka sawur

Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung

Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung

Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja

Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana

Katrima minangka amal baktine Ing Ngarsa Dalem Allah Ta’ala

Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang

“Aja kuwatir pahlawanku” arep dak terusake gegayuhanmu

Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu

Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut

Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.

( Nursinggih, 2005 )
B. Teges Tembung
Cobi kapadosana tegesipun tembung manika, saged ningali Kamus Basa Jawi.

1. Dhandhang 9. sungkawa

2. Girilaya 10. sumitra / mitra

3. Bandhosa 11. manekung

4. Kusumayudha 12. puspa

5. Sasanalaya 13. rananggana

6. Dipaelu 14. reretu

7. Ratus 15. ngayun

8. Dana

C. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana ngangge basa ingkang sae !

1. Geguritan dipunwastani puisi bebas, menapa sebabipun ?

2. Menapa sebabipun geguritan ugi kawastanan sastra adiluhung ?

3. Fungsi / paedah menapa ingkang saged kapendhet saking geguritan ?

4. Kadospundi tembung ing geguritan ?

5. Menapa sebabipun geguritan migunanitumrap tiyang gesang ?

D. Ngandharake Panemu

Kawangsulana adhedhasarpengalaman lan pamanggih para siswa:

1. Menapa para siswa remen dhateng geguritan ? Yen remen menapa dhasaripun, yen boten
remen menapa sebabipun ?

2. Kajawi geguritan, ing kasusastran Jawi, menapa ingkang dipunmangertosi para siswa ?

3. Kadospundi pamanggihipun para siswa bab pamilihing tembung ing geguritan” Aja
Kuwatir Pahlawanku” ?

4. Geguritan “Aja Kuwatir Pahlawanku” isinipun :

a. Gampil dipunpahami

b. Angel dipunpahami

5. Menapa intisarinipun geguritan “ Aja Kuwatir Pahlawanku” ?

II. Micara
Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan
tanggapan dalam berbagai bentuk wacana lisan dan non- lisan tentang bahasa,
sastra dan budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-
ungguh bahasa sesuai dengan konteks budaya Jawa.
Kompetensi Dasar: Menceritakan berbagai pengalaman berbahasa Jawa sesuai
dengan konteksnya.
Indikator : * Menceritakan secara lisan pengalaman pribadi dan atau orang lain
(yang lucu, menyenangkan, mengharukan, dsb) dengan pilihan kata
dan ekspresi yang sesuai dalam bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan
atau karma.
* Menanggapi pengalaman yang diceritakan orang lain dengan bahasa
Jawa tingkat tutur ngoko dan atau krama
Materi : Dhiskusi bab geguritan
A. Geguritan
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan 4 W:
1. Wicara = pocapan / lafal

2. Wirama = irama / lagu

3. Wiraga = solah / gerak, pasemon / raut muka

4. Wirasa = penjiwaan.
Katrangan :

Nalika maos geguritan , posapan kedah cetha, boten groyok, blero utawi mangu-mangu ( ragu-
ragu ). Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, umpaminipun mbedakaken aksara a/o;
t/th; d/dh; è/ é/ ê, lsp.

Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudut (daya tarik) tiyang ingkang
mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kalarasaken kaliyan isinipun geguritan. Geguritan
kanthi tema perjuwangan temtu anggenipun maos sora (banter), semangat. Beda kaliyan maos
geguritan isi kesusahan, kasmaran temtunipun pamaosipun langkung alon, sareh.

Ebahing badan lan pasuryan (rai) kedah dipungatosaken kedah luwes (ora kaku) lan sampun
ngantos ketingal kadamel-damel.

Wirasa kaetrepken kaliyan isining geguritan umpaminipun : nesu, gumbira, sisah, kejem,
wibawa, getun, lsp.

B. Dhiskusi.
Sawise para siswa nyemak wong / siswa / kanca maca geguritan banjur dhiskusi karo
kancamu, carane :

Gawe klompok watara bocah 4 – 5.

Sing dirembug / bahan dhiskusi umpamane :

Bab sing digatekake nalika gawe geguritan.

Bab sing digatekake nalika maca geguritan.

Bab sing kudu disingkiri nalika maca geguritan.

Kaluwihane geguritan katandhingake kasusastran liyane.

Kawigatene para mudha marang geguritan.

Carane nglestarekake geguritan.


Asile dhiskusi ditulis sing becik, bisa ditempelaku ing mading sekolah, supaya bisa diwaca
lan migunani tumrap siswa liyane.

III. Maca
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang
bahasa, sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar : 1. Membaca geguritan.
2. Melagukan dan memahami tembang Macapat
Indukator : 1. a. Membaca geguritan
b. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi
pekerti dalam geguritan
2. a. Melagukan tembang macapat.
b. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung
nilai-nilai budi pekerti dalam tembang macapat
Materi : 1. Membaca geguritan
2. Melagukan tembang macapat

A. Lomba Maca Geguritan


Carane nindakake lomba maca geguritan :
1. Gawe klompok 5 – 8 siswa.
2. Anggone lomba, bisa milih papan sing cocog, umpamane: ing taman sekolah, hall,
perpustakaan, ruang ketrampilan. Klompok siji lan sijine yen bisa aja nganti awor
panggonan.
3. Miliha salah siji siswa sing dadi ketua.
4. Geguritan sing kanggo lomba bisa disinau dhisik ing omah.
5. Saben siswa saklompok kabeh kudu maju lomba geguritan.
6. Sing dibiji 4 W, kaya katrangan ing dhuwur.
7. Saben siswa duwe biji kanca saklompoke, banjur diwenehake ketua klompoke supaya
dijumlah.
8. Bijine antarane 60-100.
9. Sing dadi juwara klompok, ditandhingake ing kelas, banjur ana juwara kelas (tata carane
padha karo lomba klompok).
10. Juwarane bisa milih klas.
Conto daftar biji geguritan :

No. Nama Siswa Wicara Wirama Wiraga Wirasa Jumlah


1.
2.
3.
Lst.
B. Bahan Lomba Geguritan
Sing dienggo lomba bahane bisa milih salah siji ing ngisor iki :
a. Geguritan anggitane Bambang Nursinggih, Aja Kuwatir Pahlawanku.
b. Geguritan anggitane Wisnoe Wardhana, Laku Utama
c. Geguritan anggitane Drs. Wahyu S.T, Piwelinge Ibu.

LAKU UTAMA

Anggitane : Wisnu Wardhana

Lakuning urip para satriya

laku yeku tata cara

tata mamrih tumatane jagad

cara murih gangsaring panindak

tumuju mring karahayon

ayuning tri buwana

lestarining kamulyan jati.

Urip teges makarti

kanthi pakarti kang pekoleh

lelambaran budi luhur

kalakon lumaku mulus

rawe-rawe rantas malang-malang putung

sagung pepalang ing marga

satriya hambengkas karya

nora mindhon gaweni

Satriya rembesing madu


solah bawa manis titis

tedhaking amara tapa

suci nora kaworan rereged

turasing andana warih

sung pepadhang myang pamudharan

Laku utama nora biyen saiki

lakuning jalma linuwih

kaluwihan tapa brata

kalebu ing jagad rame

ing ngendi ana, ana perbawa

sunaring kabecikan

aruming kaendahan

tumanduk samaning gesang

rumesep ing balung sungsum

resep idhep-idhep mantep.

PIWELINGE IBU

Anggitane : Drs. Wahyu ST

Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung

arum endah kembang bakung

kesrimpung slendang

kesandhung gelung

kagubel kalung

Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung

supaya kacekel anggonmu mbujung


aku tansah eling piwelinge ibu

nalika aku arep budhal sinau

Ngger, urip mono awujud laku

ombyaking donya aja kapaelu

aja kapilut gebyaring lampu

kang kairing jejogedan lan gumuyu

Ngger, urip kang prasaja

aja mung mburu barang donya

ditansah eling lan waspada

swarga ora dumunung ing kedheping netra

tansaha dedonga marang kang maha kwasa

Matur nuwun ibu

pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku

pindha latu mangalad-alad jroning kalbu

saengga paiting bratawali ora tau keprungu

aku setya tuhu marang piwelingmu

kang putra tansah nyuwun pangestu.

C. Tembang Macapat

Tembang macapat kalebu asiling kabudayan Jawa. Lumrah diarani puisi terikat sebab anggone
gawe nuhoni aturan tertamtu: guru lagu, guru wilangan, guru gatra.

Coba tembang Gambuh iki tembangna ijen utawa bebarengan. Yen durung bisa, bisa
ngrungokake kaset tembang macapat, ngrungokake bapak/ ibu guru nembang, utawa nyuwun
priksa marang bapak/ ibu utawa sapa wae sing bisa nembang.

GAMBUH

Cakepan: Wulang Reh, Paku Buwana IV.


3555356

Ja ngan-ti ke – ban – jur

65322355356

Sa – ba-rang po – lah kang no – ra ju – jur

2161222223165

Yen ke-ban – jur sa – yek – ti ko – jur tan be – cik

12223123

Be-cik ngu-pa – ya – a I – ku

356532312

Pi – tu – tur ing-kang sa – yek-tos

Cakepan liyane :

♣ Pitutur bener iku

Sayektine apantes tiniru

Nadyan metu saking wong sudra papeki

Lamun becik nggone muruk

Iku pates sira anggo

♣ Ana pocapanipun

Adiguna adigang adigung

Pan adigang kidamgh, adigung pan esthi

Adiguna ula iku

Telu pisan mati sampyoh

♣ Si kidang umbagipun

Ngandelaken kebat lumpatipun


Pan si gajah ngandelaken geng a inggil

Ula ngandelaken iku

Mandine kalamun nyakot.


1. Teges tembung
♣ polah : tumindak

♣ sayekti : sanyatane

♣ kojur : cilaka

♣ ngupaya : golek

♣ muruk : nuturi, mulang

♣ adigang : ngendelake kekuwatane

♣ adigung : ngendelake kaluhurane, kaluwihane

♣ adiguna : ngendelake kepinterane

♣ esthi : gajah

♣ umbag : watak

2. Mangsuli Pitakon.

Wangsulana adhedhasar pamanggihipun para siswa piyambak !

Kadospundi wekasanipun tiyang ingkang boten jujur ?

Pitutur lan tumindak ingkang kedah dipunconto ingkang kadospundi ?

Sinten ingkang dados gegambaran gadhah watak adigang, adigung lan adiguna ?

Ingkang gadhah watak adigang, adigung, adiguna bakal cilaka, menapa buktinipun ?

Piwulang menapa ingkang saged kapendhet saking tembang Gambuh ing nginggil ?

D. Maca Tulisan Jawa

Kawaosa kanthi pocapan ingkang leres !

1.Ä[w=obecikHikutnShwelsHsihlnSugihpzpurmr=spdpd.
2.ÄspllikbecikK[nNliynHi=te[mBauri[pPs_sr.

3.Ä[w=oautmbecikHi=bsalusHi=[solhbw.

4.Äsi=sugihzelM|bisg[wsen_[w=oliyaikuautm.

5.Äst(si=luwihsekTiaikufumunu=ai=ati[n[d[w.

6.Äspjuju/luau/becikKetitikHlketr.

7.Äsen_[w[whaiku[aorvebbH[kmLrt¿,

8.Ä[w=ofipe/cyam/gsktuminF[kK[d[w.

9.Ärekssaikimug-mugmul-ai=te[mBburi.

10.ÄspnnF|/zunD|hspaut=kufuby/.

IV. Nulis
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang
bahasa, sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis.
Kompetensi Dasar : 1. Membaca gancaran ( prosa)
2. Membuat geguritan
Indikator : 1. Membuat gancara ( prosa) menggunakan bahasa yang sederhana.
2. a. Menentukan tema geguritan

b. Membuat geguritan

c. Memasukan ajaran moral atau nilai-nilai budi pekerti dalam geguritan yang
dibuat.
Materi : Membuat gancaran dan menulis geguritan.

A. Gancaran

Gancaran inggih menika prosa utawi andharan bebas, kados dene yen damel karangan.

Tugas

Sekar Gambuh ing nginggil ( 4 pada ) kadamela gancaran ngangge ukara prasaja.
B. Gawe geguritan.
Gefuritan saged kawastanan puiasi bebas, sebab langkung mardika ( cacahing tembung,
larik) boten kaiket paugeran tertamtu kados tembang. Sanajan ukaranipun kathah nanging
maknanipun kempel, manunggal lan runtut. Caranipun damel geguritan kanthi damel
cengkorongan ( kerangka) utawi boten. Urut-urutanipun damel umpaminipun :
1. Nemtokaken tema
2. Milih irah-irahan ( judul) ingkang sae, narik kawigatosaning pamaos, sokur yen cekak
aos/ mentes.
3. Milih tetembungan ingkangsae
4. Antawisipun irah-irahan la nisi, kedah wonten sambungipun
5. Saged migunakaken purwokanthi, basa lan susastra.
Kadamela geguritan ingkanng temanipun ing ngnadhap menika, saged milih salah setunggal :
1. Kabudayan / kesenian
2. Kaendahan
3. Katresnan
4. Perjuwangan.

C. LKS 3
WULANGAN 3 : KEBUDAYAAN

I. Nyemak
Standar Kompetensi: Mampu memahami dan menanggapi berbagai ragam wacana lisan
tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui menyimak informasi dari media
elektronik maupun cerita yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman.
Kompetensi Dasar: Menyimak dan menanggapi cerita wayang atau kethoprak.
Indikator : * Menceritakan kembali dengan kata-katanya sendiri mengenai isi geguritan
dalam bahasa jawa denga tingkat tutur krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi
pekerti dalam geguritan

Materi : Cerita wayang

A. Crita Wayang

Salah satunggal siswa maos, sanesipun nyemak.


RAMAWIJAYA
Ramawijaya utaea Ramalegawa iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama iku
putrane Dewi Raga utawa Sukasalya minangka prameswarine Prabu Dasarata. Garwane
Rama putrid saka Negara Mantili aran Dewi Sinta, sing dimenangake nalika ana sayembara
menthang langkap ( gendewa ) ing Mantili.
Sawise karma, Rama lan Sinta bali menyang Ayodya, didherekake Laksmana.
Laksmana utawa lesmana iku adhine Rama, sing lair saka garwa asma Dewi Sumitrawati.
Sedulur liyane yaiku Batara saka ibu Dewi Kekayi.
Satemene Ramawijaya minangka putra saka garwa prameswari sing bakal dadi ratu
ngganti kalengahane Ramane. Nanging nalika Dewi Kekayi dipundhut garwa dening
Dasarata duwe panyuwunan supaya putrane besuk sing dadi ratu. Dasarata janji bakal
ngabulake panyuwunane. Mula nalika Dasarata wis sepuh lan arep misudha Rama minangka
ratu ing Ayodya, Dewi Kekayi nagih janji, supaya Barata sing dadi ratu
Rama katundhung lunga lan kudu nindakake ukum buwang ing alas, kadherekake
Sinta lan Lesmana. Njalari sungkawaning penggalihe Dasarata lan njalari sedane.
Nalika ing alas Dhandhaka, Sinta dicidra Dasamuka digawa ing Alengka arep
didadekake prameswarine, nanging Sinta ora gelem, tetep nuhoni dadi wanitatama, setya
karo garwa. Rama dibiyantu Anoman (putrane Dewi Anjani) minangka senapati lan pamane
aran Sugriwa Raja Guwa Kiskendha lan wadyabala Wanara nglurug perang ing Alengka
njaluk baline Sinta. Rama bias ngalahake Dasamuka, nanging Dasamuka luput ing pati,
sanajan dipateni bola-bali yen awake isih ngambah lemah, banjur urip maneh, amarga duwe
aji pancasona. Mula nalika dipanah Rama nganggo panah Gunawijaya banjur ragane dibruki
gunung dening Anoman.
Ngalengka kalah, bubrah, Sinta banjur nyawiji karo garwane lan peputra Kusa lan
Lawa mapan ing kratone sing ana ing pucuking gunung Maliawan aran Negara Pancawati.
Nalika Rama paring pitutur marang Barata sing jumeneng nata ing Ayodya lan
Wibisana (adhine Rahwana) sing dadi nata ing Alengka, wujud piwulang wataking nata kang
sinebut Asthabrata. Astha tegese wolu, brata tegese laku, tumindak. Lakuning ratu kudu
duwe watak wolu :
1. Kisma (lemah)
Dadi ratu kudu murah lan asih marang kawulane, kaya lemah kang tansah migunani
tumrap uripe manungsa.
2. Warih (banyu)
Banyu iku tansah mili mangisor, dadi sumber panguripan, manjing ajur-ajer manut
kahanan. Kaajab ratu bisa gawe ayem, tentreming atine para kawula.
3. Maruta (angin)
Angin iku ana ing ngendi wae, bias mapan ing papan ciyut, amba, gedhe, cilik.
Karepe ratu ora mbedakake kawulane bias momong marang kawula ing papan ngendi
wae.
4. Angkasa (langit)
Ratu bisa momot prakara apa wae kaya dene angkasa sing ora bakal kebak lan sesak
kanggonan apa wae.
5. Candra ( rembulan )
Ratu kudu paring pepadhang marang kawula sing nandhang peteng (susah atine),
kaya rembulan madhangi jagad ing wayah wengi.
6. Surya (srengenge)
Maknane Manawa ratu kudu bisa paring dana marang para kawula, tumindak adil,
ora pilih asih, kaya dene srengenge sing ora mbedakake marang sapa wae nampa
sorote sing dadi sumbering panguripan.
7. Dahana (geni)
Ratu kudu bias nyingkirake / brastha angkara, kaya geni sing bakal ngobong apa wae,
lan bakal gawe sirnane tumindak ala ing alam donya.
8. Kartika (lintang)
Ratu kudu kukuh lan netepi sabda, ora mencla-mencle. Sabdane kudu nganggo
paugeran (aturan), tumindak bias kanggo patuladhan, kaya lintang sing papane ora
tau owah.
Budi Pekerti :
1. Jejering ratu / pemimpin: kudu duwe bebuden luhur, suka / murah dedana, seneng
aweh marang para kawula lan sapadha-padha, tansah tresna lan asihmarang wong
liya, tumindak lan muna-muni trep karo kahanan, seneng aweh pitulungan marang
sapa wae tanpa mbedakake kawula lan priyayi luhur, tansah adil, njejegake bebener,
wedi kanisthan, mbrastha angkara, kena dipercaya, ora mencla-mencle
pangandikane.
2. Aja cidra ing janji.
3. Yen janji kudu dipetung ala becike, aja janji sing bias gawe cilaka wong liya.
4. Garwa lan kulawarga kudu dibelani, yen perlu ditohi pati paribasan sadumuk bathuk,
sanyari bumi.
(Jatirahayu,Mutyara Rinonce, 2002: 39-40).
B. Kawruh Basa
1. Teges Tembung
Cobi tembung-tembung menika kapadosana tegesipun !
Saged madosi ing kamus.
a. Prameswari f. nata
b. Selir g. kawula
c. Sungkawa h. sabda
d. Wanitatama i. sirna
e. Wanara j. cidra
2. Dasanama
Menapa dasanamaning tembung menika:
a. Ratu f. rembulan
b. Asma g. angin
c. Lemah h. srengenge
d. Banyu i. geni
e. Langit lintang.
C. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana pitaken menika kanthi basa ingkang sae !
1. Jangkepana !

Garwanipun Prabu Dasarata:

a. ……………. minangka ………… peputra Ramawijaya


b. Dewi Kekayi minangka ..………. peputra ……………
c. ……………. minangka selir peputra ……………
2. Menapa janjinipun Dasarata dhateng Dewi Kekayi ?
3. Sinten Sinta menika ?
4. Menapa sebabipun Rama katundhung kesah saking kraton Ayodya ?
5. Sinten kemawon ingkang mbiyantu RAmawijaya perang kaliyan Alengka ?
6. Sinten Anoman menika ?
7. Menapa kaluwihanipun Dasamuka , saengga luput ing pati ?
8. Kados pundi caranipun Rama lan Anoman mejahi Dasamuka ?
9. Sesampunipun Alengka kawon, menpa ingkang dipuntindakaken Rama ?
10. Sinten ingkang dados raja sasampunipun Dasamuka pejah ?
I. Micara
Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam
berbagai bentuk wacana lisan dan non- lisan tentang bahasa, sastra
dan budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau
unggah-ungguh bahasa sesuai dengan konteks budaya Jawa
Kompetensi Dasar: Menceritakan kembali dan menanggapi cerita wayang
Indikator : * Mendhiskusikan secara lisan tentang cerita wayang dengan pilihan kata dan
ekspresi yang sesuai dalam bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan atau krama.
* Menanggapi hasil dhiskusi yang diceritakan orang lain dengan bahasa Jawa
tingkat tutur ngoko dan atau karma.
Materi : Dhiskusi tentang cerita wayang.

A. Intisarining Wacan

Sasampunipun nyemak cariyos ringgit Ramawijaya, kaserata intisarining waosan, lajeng


kacariyosna ing ngajeng kelas, siswa sanesipun mirengaken. Yen wonten kekirangan saged
suka pamrayogi (saran).

B. Budi Pekerti
Piwulang utawi budi pekerti menapa ingkang wonten ing cariyos Ramawijaya ?
Cobi kaserata :
a. Piwulang sae
b. Piwulang boten sae
Asiling seratanipun para siswa, saged kangge dhiskusi ing kelas.
C. Cariyos wayang
Wayang minangka kagunan (seni) lan kabudayan Jawi ingkang sampun pinten-pinten abad
laminipun. Wayang tuwuh nalika abad kaping 11 wonten ing kakawin Arjuna Wiwaha ing
jaman Prabu Airlangga. Wayang ugi kasebat ing Kitab Wreta Sancaya abad kaping 12, wayang
ugi kasebat ing Kitab Baratayudha karangan Empu Sedah taun 1157. Dados ngantos samenika
wayang sampun 10 abad laminipun. Kabudayan ingkang saged lestari ngantos 10 abad malah
kepara langkung mesthi gadhah kalangkungan ngedap-edapi.
Dhiskusi kanthi pitaken :
Menapa sebabipun wayang saged lestari ngantos pinten-pinten abad ?
II. Maca.
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang
bahasa, sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar: Memahami dongeng atau cerita wayang
Indikator : a. Membaca cerita wayang
b. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti dalam
cerita wayang
Materi : cerita wayang

A. Janturan

Janturan tegesipun pocapanipun Dhalang, nyariyosaken satunggaling kawontenan (Negara,


raja, wanita, lsp) limrahipun kairing swantening gamelan lirih. Cobi janturan menika
kawaosa kanthi pocapan lan irama ingkang sae !

JANTURAN JEJER NGASTINA


…. Swuh rep data pitana, hanenggih negari pundit a ingkang kaeka adi dasa purwa, eka
sawiji, adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan. Sanadyan kathah titahing dewa ingkang
kasongan ing angkasa, kasangga ing pratiwi, kaideran ing samodra, kathah ingkang sami
anggana raras`, nanging boten kadi ing Ngastina ya Negari Gajahoya.
Mila kinarya bebuka ngupayaa negari satus datan antuk kalih, sewu tan antuk sedasa.
Mila winastan negari Ngastina satuhu kedhatone Prabu Hasti. Winastan Negari Gajahoya yekti
yasanira Sang Gajahoya ing nguni.
Dhasar negari panjang punjung, pasir wukir, loh jinawi, gemah ripah karta tur raharja.
Panjang dawa pocapane, panjang luhur kawibawane, samodra, wukir gunung dene negari
ngungkuraken pegunungan, ngiringaken pasabinan, nengenaken benawi, ngayunaken
bandaran ageng, loh sugih sumber toya, marma tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang
sarwa tinumbas. Gemah kang laku dagang, rina wengi selur tan ana pedhote, labet tan ana
sangsayaning marga.
Ripah janma kang samya gegriya salebeting praja, jejel apepet tepung cukit aben taritis,
papan wiyar katingal rupak, awit saking harjaning negari. Karta kawula tetanen ingon-ingon
raja kaya pitik iwen, yen rina aglar ing panggonan sore mulih ing kandhange dhewe-dhewe,
data nana carane kandhang nganggo pepalang, lawang kinancingan, labet data nana durjana
juti. Raharja tebih ing parangmuksa, dene para punggawa mantra bupati data nana ingkang
samya lampah cecengilan, sadaya samya atut runtut saiyeg saeka kapti denira ngangkat
karyaning praja.
Dhasar negari gedhe obore, padhang jagade, jero tancebe, dhuwur kukus, adoh
kuncarane, boten naming praja ing kanan kering kewala ingkang sumuyud, sanadyan ing tebih-
tebih tanah sabrang kathah ingkang sami suwita datan karana bandayuda. Bebasan ingkang
celak mangling ingkang tebih tumiyung, samya mara seba atur bulu bekti myang glondhong
pengareng-areng, peni-peni raja peni guru bakal guru dadi, lumintir tan ana kendhate lumados
ing saben warsa. (Sudarko, 1991)

B. Upacara Adat

1. Wacanen kanthi premati !

MANTU
Mantu ditegesi duwe gawe ngomah-omahake putra-putrine sing diwasa. Diarani
ngomah-omahake sebab nyawijekake putrine (prawan) karo jejaka, banjur manggon ana
sawijining panggonan/ saomah lan urip bebarengan ing madyaningmasyarakat.
Manunggaling prawan jejaka ana ing bebrayan bisa mawohake kabagyan, kamulyan lan
putra/ anak sing bakal nerusake keturunane.
Manut tata cara Jawa, sadurunge mantu, diwiwiti rerangkening tata cara , yaiku :
a. Lamaran
Lamaran iku rerangken tata cara nalika wong tuwane jejaka sowan ing wong
tuwane bocah wadon sing dituju dadi jodhone, sing arep padha bebesanan
rembugan bab sesambungan tresna para putrane disekseni kulawarga lan sanak
sedulur.
b. Paningset lan lambing kalpika (tukar cincin)
Yen lamaran wis ditampa, banjur calon besan nemtokake wektu kanggo tata cara
paningsetan kanthi lambing kalpika, lumrahe uga dikantheni piranti liyane
umpamane dhuwit, sandhangan (jarit/rok, klambi), mas-masan (gelang, kalung,
suweng lsp), jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), who-wohan (gedhang, jeruk,
nanas, salak, apel, lsp), urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Kabeh mau minangka
lambing lan wujud tanggung jawab sing bakal ditindakake calon penganten kakung
marang calon garwane lan kulawargane, kudu nyukupi sandhang pangan lan
ubarampe kanggo panguripane, Sawise tata cara lamaran, banjur ditindakake tata
cara upacara mantu.
Tata cara upacara upacara mantu kayata:
a. Pasang tarub
Tarub, kerata basane ditata supaya katon murub. Maknane yen arep nampa tamu
lumrah nata panggonan supaya katon becik, diwenehi rerenggan supaya endah
lumrahe direnggani janur kuning. (janur = sejatine nur/ cahya).
b. Buwangan
Sing dibuwang takir (panjang ilang) isi kacang-kacangan, bumbon ( bumbu
pawon), rajangan daging, dhuwit receh. Kabeh mau minangka lambing mbuwang
sakabehing sukerta, lan pepalang supaya pakaryan sing ditindakake ora ana
alangan.
c. Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegese maneka warna tanduran sing ditata ing tarub, wujude gedhang
suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, godhong (kluwih, alang-alang, ringin), pari
sawuli, lsp. Maknane supaya temanten bias nuwuhakeurip mulya, dadi tuladhaning
kulawarga.
d. Siraman
Siraman ditindakake sedina sadurunge upacara dhaup (nikah) ancase calon
penganten resik lair lan batine, ditindakake para sesepuhing temanten.
e. Midodareni
Midodareni saka tembung widadari, maknane supaya calon penganten endahing
warna kaya widadari, sadurunge upacara nikah. Sawise tata upacara iku
katindakake banjur ditindakake upacara pawiwahan utawa pahargyan. Pawiwahan
(ijab lan upacara panggih), menawa pahargyan (pesta). Ana ing tata cara Jawa
lumrahe ana adat penganten gagrag Ngayogyakarta lan Surakarta, sing mbedakake
ing paes penganten lan tata carane panggih. Bab iki bakal diandharake ing
kalodhangan candhake.
2. Ngandharake Panemu

Andharna panemumu adhedhasar pengalamanmu dhewe-dhewe !

a. Kepriye tata carane yen ana wong duwe gawe mantu ing panggonan sakiwa
tengenmu, apa uga nindakake tata cara adat Jawa ?

b. Apa para siswa uga nate kapatah minangka paraga ing upacara penganten.
Minangka paraga apa ?

c. Jaman saiki akeh wong duwe gawe mantu mligine pahargyan (pesta) ditindakake
ing gedhung. Kepriye panemumu ?

d. Coba andharjke panemumu bab tata cara mantu adat Jawa !

e. Kajaba upacara adat mantu, upacara adat apa wae sing kok ngerteni.

IV. Nulis
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang
bahasa, sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis.

Kompetensi Dasar : Mengarang dengan tema bahasa, sastra dan budaya Jawa

Indikator : 1. Membuat karangan bertema upacara adat Jawa

2. Membuat surat berbahasa Jawa krama.

Materi :1. Karangan bertema upacara adat Jawa


2. Surat berbahasa Jawa
A. Karangan

Nindakake upacara adat padha karo salah sawijining cara nglestarekake kabudayan Jawa sing
adiluhung.

Coba gawea karangan, sing temane bisa milih andharan ing ngisor iki:

1. Nindakake upacara adat minangka cara nglestarekake kabudayan.


2. Upacara adat, kabudayan Jawa sing adiluhung.
3. Upacara adat ing jaman saiki
4. Tata cara mantu ing jaman saiki
5. Carane nglestarekake upacara adat Jawa supaya or ilang kalindhes lumakuning jaman.

Sing kudu digateksake nalika gawe karangan:

1. Nemtokake tema
2. Gawe irah-irahan (judul) cekak aos nanging bisa narik kawigatene wong liya.
3. Milih tetembungan sing becik, prasaja lan laras.
4. Migunakake ejaan kanthi bener ( bias mbedakake t/th, d/dh, a/o, lsp)
5. Sadurunge gawe karangan bisa kanthi cara gawe cengkorongan (kerangka).
6. Maca buku sing ana sambung rapete karo karangan sing bakal digawe.

B. Layang Jawa

Salah satunggaling sarana kangge sambung rembag/ komunikasi inggih menika serat.
Serat wujudipun prasaja, mirah, gampil anggenipun damel.

1. Wujudipun serat Jawi


a. Serat Ulem (undhangan)

Serat menika atur dhateng tiyang sanes, supados tiyang ingkang dipunulemi
rawuh ing papan lan wekdal ingkanng sampun katemtokaken. Umpaminipun ing
adicara: mantu, syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang tahun) lsp. Basanipun
karma, katata kanthi sae kangge ngaosi (ngajeni) tiyang ingkang dipunaturi ulem.

b. Serat Kitir (telegram)

Serat menika isinipun cekak aos menapa perlunipun, dipunkintun lumantar pos.
c. Serat Lelayu

Serat menika isi kabar kematian utawi caos kabar sedanipun satunggaling
piyantun.

d. Serat Iber-iber (laying pribadi)

Serat iber-iber isinipun prekawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa


kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.

2. Peranganing serat iber-iber ingkang jangkep:


a. Adangiyah / Adawiyah (unggah-ungguhing serat).

Tumuju tiyang sepuh, tiyang ingkang kedah dipunaosi migunakaken: sembah


pangabekti, sembah sungkem, sungkem pangabekti, Lsp.

Tumuju sasami-sami, saumuran, rumaket srawungipun migunakaken salam taklim,


salam kangen, lsp.
b. Pambuka / salam pambuka

Isi kabar keslametan lan pandonga tumrap tiyang ingkang dipunkintuni serat.

c. Isi (surasaning serat) Isi pangajeng-ajeng (pangarep-arep) lan nyuwun pangapunten


yen
d. Panutup anggenipun damel serat wonten kalepatanipun.
e. Papan lan titimangsa

Papan (panggonan), titimangsa (wektu) nalika damel serat, kekalihipun saged


dipunpapanaken ing nginggil, utawi ing ngandhap.

f. Paprenahan

Tegesipun ingkang kintun serat kaprenah menapa kaliyan ingkang dipunkintuni serat
( putra, mitra, adhi, ponakan, lsp)

g. Tapak asma ( tanda tangan)

Yen tapak asta (cap jempol)

h. Nama
3. Tuladha Serat Jawi
a. Serat Kitir

Klaten, 2 Agustus 2007

Katur: Mas Satriya

Ing Semarang

Salam taklim,

Wiyose, aku ngaturi kabar panjenengan lan mbakyu menawa simbah gerah, saiki
mondhok ing R.S. Sardjito. Mula aku nganti-anti rawuh panjenengan sekaliyan, nuwun.
Ingkang rayi

Daniswari
b. Serat Lelayu

Lelayu

Ngaturi priksa, sampun katimbalan ing pangayunaning Gusti ing dinten Minggu
Pon, 20 Januari 2007 watawis tabuh 23.00 Ibu / Simbah Sarmini, kanthi kaparingan
yuswa 87 taun.

Layon badhe kasarekaken ing sasanalaya Karangsari, Jetis Bantul, ing dinten
Senen Wage, 21 Januari 2007 wanci tabuh 13.00.

Mugi sedherek kula sedaya ingkang priksa utawi mireng pawartos lelayu menika
kersa caos kabar dhateng sanak kadang lan tangga tepalih. Nuwun.

Ingkang nandhang dhuhkita,

Sumardi sakaluwarga.
Sasampunipun maos tuladha serat Jawi ing nginggil, kapadosana tuladha utawi damela
serat :

1. Ulem (pahargayan penganten, syukuran, tanggap warsa, lsp)


2. Iber-iber ( kanthi urutan ingkang jangkep) katur eyang, bapak, ibu, utawi
kangmasmu.
D. LKS 4
WULANGAN 4 : KESENIAN

I. Nyemak.
Standar Kompetensi : Mampu memahami dan menanggapi berbagai ragam wacana lisan tentang
bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui menyimak informasi dari media
elektronik maupun cerita yang disampaikan secara langsung atau melalui
rekaman.
Kompetensi Dasar: Menyimak dan menanggapi Campursari
Indikator : * Menceritakan kembali dengan kata-katanya sendiri mengenai isi lagu campursari
dalam bahasa jawa denga tingkat tutur krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi
pekerti dalam lagu campursari
Materi : lagu campursari

A. Lelagon Campursari

CAMPURSARI
Campursari bisa diarani lelagon, sebab anggone maca / nembang bisa kanthi cara
dilagokake (kanthi solah bawa). Campursari uga bias wujud macapat, gendhing, langgam lan
tembang liyane. Lelagon campursari iku ora duwe aturan sing baku utawa gumathok, sing
mesthi bias gawe gumyak lan seneng sing ngrungokake lan bias kanggo nglelipur ati.
Cakepane uga prasaja lan gampang diapalake, disenengi para mudha lan sepuh, malah kepara
disenengi bocah-bocah.
Sing ngiringi dumadi saka gamelan (instrument tradisional) kayata: kendhang, saron,
demung lsp, lan alat music kayata: gitar, bas, drum, organ, lsp; loro-lorone ditabuh bebarengan
kanthi laras lan kepenak dirungokake.
Penyanyi sing kondhang kayata: Manthous, Didi Kempot, Sunyahni, Sony Joss, Cak
Dikin lsp. Isine lelagon campursari bias manekawarna, umpamane nggambarake: katresnan,
papan wisata, susahing ati, lelucon ,lsp.
Coba tuladha lelagon campursari iki tembangna. Bisa kanthi ijen utawa bebarengan.
Yen durung bisa kanthi cara ngrungokake kaset campursari.
1. Wujud langgam

YEN ING TAWANG


(Bawa Sekar Macapat Sinom)

Yen ing tawang ana lintang,

cah ayu aku ngenteni,

marang mega ing akasa,

sun takon warta nireki,

janji-janjiku eling,

sumedhot raseng tyas ingsun,

nimas ingsun prasapa,

sineksenan bumi langit,

tangising tyas ngenteni padhang rembulan.

Langgam

YEN ING TAWANG


Yen ing tawang ana lintang cah ayu, aku ngenteni tekamu

Marang mega ing akasa nimas, sun takoke pawartamu

Janji-janji aku eling cah ayu, sumedhot rasaning ati

Lintang-lintang ngiwi-ngiwi nimas, tresnaku sundhul wiyati

Reff. Dhek semana janjiku disekseni

Mega kartika kairing rasa trena asih

Yen ing tawang ana lintang cah ayu, rungokna tangising ati

Binarungswaraning ati nimas, ngenteni mbulan ndadari.


Katrangan :

Bawa tegese wong nembang ijen ( tanpa diiringi gamelan ), kanggo miwiti gendhing,
langgam. Sing nembang bias lanang utawa wadon.

Teges tembung:
Tyas : ati

Tawang : langit

Ingsun : aku

Prasapa : janji

CAPING GUNUNG
(Bawa Sekar Macapat Pangkur)

Saben bengi nyawang kunang

Yen memajang mung karo janur kuning

Kembang wae weton nggunung

Pacitan sarwi jenang

Panas udan aling-aling caping nggunung

Nadyan wadon sarta lanang

Inumane banyu bening.

Langgam

CAPING NGGUNUNG
Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang,

Biyen tak openi, ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang keturutan sing digadhang

Biyen nate janji ning saiki apa lali

Reff. Neng nggunung tak cadhongi sega jagung


Yen mendhung tak silihi caping nggunung

Sokur bisa nyawang, gunung desa dadi reja

Dene ora ilang nggone padha lara lapa.

2. Wujud Lelagon

GETHUK
Sore-sore padhang mbulan

Ayo kanca padha dolanan

Rene-rene bebarengan

Rame-rame e dha gegojegan

Kae-kae rembulane

Yen disawang kok ngawe-awe

Kaya-kaya ngelingake

Kanca kabeh aja turu sore-sore

Reff. Neng nggunung tak cadhongi sega jagung

Yen mendhung tak silihi caping nggunung

Sokur bias nyawang , nggunung desa dadi reja

Dene ora ilang nggone padha lara apa.

CINTA TAK TERPISAHKAN


Wiraswara : Dhuh Denok gandhulane ati tegane nyulayani

Janjimu sehidup semati among ana ing lathi

Rasa sayangmu sudah pergi tak menghiraukan aku lagi

Dhuh Denok gandhulaning ati tegane nyulayani.

Swarawati (*) : Dhuh Kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga
Ati ra kuwat nandhang rasa, rasa keranta-ranta

Cintakmu sudah tak beneran, aku hanya buat mainan

Dhuh Kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga.

Wiraswara : Tresna iki dudu mung dolanan

Kabeh mau amarga kahanan

Sing tak jaluk among kesabaran

Mugi Gusti paring kasembadan

Swarawati : Nggo ngedhem atiku

ben aku ra mlayu

Ning tanggung jawabmu

Itu palsu

Wiraswara : Denok aku cinta beneran

Pasti kan kubuktikan

Ayah ibuku akan datang

Malamar dikau sayang

Swarawati : Hatiku turut mendoakan

Semoga Tuhan mengabulkan

Swarawati+

Wiraswara : Cinta kita tak terpisahkan walau di akhir zaman ( wangsul (*))

B. Kawruh Basa
1. Dasanama
Panganggenipun tembung-tembung dasanama kedah trep kaliyan pilihan tembung
sanesipun. Menawi tembungipun dasanama ngoko, inggih tembung-tembung sanesipun
ugi, menawi karma, tembung sanesipun ugi karma, menawi dasanamanipun tembung
kawi, tembung sanesipun ugi dipuntambah kawi.
Conto :

Anak : putra, siwi, sunu, atmaja

Jeneng : aran, asma, jejuluk.

Conto ing ukara :


a. Anakku sekolah ing SMK kelas 1. (leres)
b. Sunu panjenengan sekolah wonten pundit ? (kiranng leres)

Putra panjenengan sekolah wonten pundit ? (leres)

c. Lesmana Mndrakumara atmaja saking Prabu Duryudana. (leres)


d. Sapa jenengmu Dhik ? (leres)

Jejulukmu sapa Dhik ? (kirang leres)

e. Ratu ing Ngawangga jejuluk Adipati Basukarna. (leres)

Cak-sakanipun dasanama menika leres menapa boten ?


a. Esuk-esuk bagaskara wis jumedhul saka wetan.
b. Sinten asma panjenengan Mas ?
c. Bapak indak dhatenng Surabaya.
d. Ibu lunga dhateng Jakarta.
e. Rembulane padhang banget ing wayah wengi.
Cobi kapadosana dasanamaning tembung menika:
a. Tawang
b. Lintang
c. Tyas
d. Bumi
e. Rembulan

2. Tembung Garba
Tembung garba utwi tembung sandi, inggih menika tembung kalih utawi langkung
kagandheng dados setunggal, kanthi nyuda cacahing wanda (suku kata), limrah pinanggih ing
tembang (utawi geguritan), kangge ngetrapaken cacahing guru wilangan.
Tuladha :
a. Wartanireki = warta + nira +iki

Warta = kabar

Nira = kowe

Wartanireki = kabarnu, kabar saka kowe.

b. Rasengtyas = rasa + ing + tyas

Tyas = ati

Rasengtyas = rasaning ati

Cobi tembung Garba menika kaudharana kados tuladha ing nginggil:


a. aneng
b. aranireki
c. lemebeng
d. jalwestri
e. lagyaning
f. sang maharsi mertapa ing gunung Indrakila
g. prapteng wisma si Pocung muntah guwaya
h. negaraku bakal dakbelani tumekeng pati.
i. sang nata lenggah siniwaka ing sitinggil binata rata.
j. prajurit iku duwe watak wiratama.
3. Teges Tembung
Cobi kapadosana tegesing tembung-tembung kang kacithak miring menika!
a. Ingsun ora bakal cidra janji marang sira.
b. Ana pawarta apa saka Jakarta?
c. Binarung swaraning gendhing, tembang endah dirungokake.
d. Dakgadhang kowe bias urip mulya.
e. Seksenana aku bakal prasapa marang sira.
f. Wanci ratri lintange abyor.
g. Udan-udan, ngombe kopi pacitane tela goreng.
h. Yen arep mantu banjur majang janur kuning.
i. Yen aku mrene mesthi dicadhong senenganku, yaiku sega abang.
j. Dak rewangi lara lapa, anakku supaya bias urip mulya besuke.

II. Micara
Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan
dalam berbagai bentuk wacana lisan dan non- lisan tentang
bahasa, sastra dan budaya Jawa dengan menggunakan santun
bahasa atau unggah-ungguh bahasa sesuai dengan konteks
budaya Jawa
Kompetensi Dasar : Menceritakan kembali dan menanggapi campursari
Indikator : * Mengemukakan pendapat secara lisan tentang lagu campursari dengan
pi-lihan kata dan ekspresi yang sesuai dalam bahasa Jawa
tingkat tutur ngoko dan atau krama.
* Menanggapi hasil dhiskusi yang diceritakan orang lain
dengan bahasa Jawa tingkat tutur ngoko dan atau krama
Materi : lagu campursari.
B. Ngandharake Panemu
Cobi kaandharaken pamanggihipun para siswa lajeng kawaos ing ngajeng, siswa sanesipun
saged suka pamanggih lan pamrayogi.
1. Kawontenan lagu campursari ing jaman samenika
2. Syair lan lagu campursari
3. Penyanyi lan pangripta campursari
4. Kadospudi pamanggihipun para siswa (pribadi) bab lelagon campursari ? Cobi kaandharna
dhasaripun !
5. Lelagon campursari kalebet asiling kabuidayan Jawi ingkang kedah dipunlestantunaken
(dilestarekake).

C. Mangsuli Pitakon
Wangsulana nganggo basa sing becik.
1. Sawise mangerteni tuladhane lelagon campursari (langgam, lagon), kira-kira apa isine
lelagon ?
a. Gethuk
b. CTT ( Cinta Tak Terpisahkan)
c. Yen Ing Tawang
d. Caping Nggunung
2. Kepriye pamilihe tembung-tembunge ing lelagon campursari ing wacan ?
3. Kajaba tuladha ing ndhuwur, apa ana lelagon campursari sing kok senengi lan sapa sing
nembang ?
4. Coba aranana music campursari kuwi apa ?
5. Apa sing dadi sebabe lelagon campursari disenengi wong ing jaman saiki, kabukten akeh
penyanyi campursari dadi kondhang manggung ing sadhengah papan, lan kaset campursari
uga laris diedol ?

III. Maca
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang
bahasa, sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar: Melagukan dan memahami lelagon lan gendhing
Indikator : a. Membaca cerita wayang
b. Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi
pekerti dalam cerita wayang
Materi : Lelagon lan gendhing

A. Ajar Nembang

1. Lelagon

Lelagon iki tembangna kanthi ijen utawa bebarengan!

RAMA ANA MALING


Anggitane : Titiek Puspa

..6666.16...2356

Ma, ma, ma, ma Ra-ma a-na ma-ling

..6532.23161312

Tu-lung-a-na pu-tra-mu sing ke-ma-ling-an

..5555.65...2356
Ma, ma, ma, ma Ra – ma a-na ma-ling

..556.1.216532653

Yen a- ku e – dan a – pa Ra-ma ra ke-lang-an

..6666.16...2356

Ma, ma, ma, ma Ra-ma a-na ma-ling

..6532.23161312

The – lak the-lik a – ti – ku o – ra ka – ru-wan

..6666.16...2356

Ma, ma, ma, ma Ra-ma a – na ma – ling

..56.1.216532356

Ndang ce – kel – en ga – wa mre-ne ja di – la- wan

Reff.

.3.2.3..6362.3.6

(Ma – ra – ma ra-ma a-na ma – ling)

....1111.13166122

Nye- kel ma- ling pan- tes- e ya di- ge- bu- gi

....123156121621

a – dhuh ra – ma lu – wih be – cik a – ku ma – ti

....111.113166533

ndhuk ndhuk gen-dhuk ma – ling – e a – ngge – gi – ri – si

....35.6.162162165

To-bat ra – ma ma-ling – e ni – ku edi – pe-ni

....55535656121621
Sing di – gon- dhol a – pa ni – ki sing ge-man-dhul ni – ki

....55535656121621

Ge-man-dhul ing en-di ni-ki sing teng j e – ro ni – ki

....555356131661312

a-na je-ro en-di ni-ki lho sing teng je- ro dha-dha

.131661312

a – ti ku – la di-gon-dhol lu-nga

....55356.561221621

Ngo-no ya ngo-no ngo-na ngo-no ning a – ja ngo-no

2. Gendhing

Gendhing menika lelagon ingkang kairing gamelan.

Lancaran GUGUR GUNUNG

2727272735763276

a-yo kan-ca a-yo kan-ca nga-yah-i kar-ya-ning pra-ja

2323232327656253

Ke-ne ke-ne ke-ne ke-ne gu-gur gu-nung tan-dang ga-we

..56666623565765

Sa-yuk sa-yuk ru-kun be-ba-reng-an sak-kan-ca-ne

. . 23 3 3 3 3 5 6 7 5 6 5 3 2

li-la lan le-ga-wa kang-go mul-ya-ning ne-ga-ra

27272727..356666

Si-ji lo-ro te-lu pa-pat ma-ju pa-pat pa-pat

.36763332765333
di-u-lang u-lung-a-ke mes-thi eng-gal ram-pung-e

.66666.66.55555.55

Ho-lo-bis kun-tul ba- ris Ho-lo-bis kun-tul ba- ris

.33333.33.72653.22

Ho-lo-bis kun-tul ba- ris Ho-lo-bis kun-tul ba- ris

Piwulang Budi pekerti ing tembang Gugur Gunung :


1. Sing rukun karo kanca, tangga, sedulur.
2. Nyambut gawe yen ditindakake bebarengan, enggal rampung
3. Gotong royong bisa ngraketake paseduluran
4. Yen nyambut gawe kudu eklas ( lila legawa) supaya oleh rahmating Gusti.
5. Warga kudu labuh Negara, supaya Negara lan bangsa mulya raharja.

B. Kawruh Ing Tembang lan Gendhing.


Kawruh ingkang magepokan kaliyan tembang lan gendhing, kapadosana tegesipun!
1. bawa
2. gerong
3. niyaga
4. sindhen
5. buka
6. wirama
7. titilaras
8. cengkok
9. cakepan
10. uyon-uyon

C. Tuladha Tembang lan Gendhing


Cobi kapadosana tuladhanipun, namaning:
1. Tembang macapat
2. Tembang dolanan
3. Campursari
4. Keroncong
5. Langgam.

IV. Nulis
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan
tentang bahasa, sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis.
Kompetensi Dasar: Mengarang dengan tema bahasa, sastra dan budaya Jawa
Indikator : 1. Mengalihbahasakan dari bahasa Jawa ngoko ke bahasa Jawa krama.
2. Mengemukakan pendapat tentang musik tradisional.
3. Membetulkan tata tulis dari lagu campursari
Materi : Alih bahasa Jawa dari bahasa Jawa ngoko ke krama.

A. Basa Krama
Ukara ingkang basanipun ngoko menika cobi kasalinana basa krama:
1. Simbah seneng ngrungokake keroncong lan langgam.
2. Aku tuku kaset campursari, sawise diwenehi dhuwit bapak.
3. Kasete dak tuduhake bapak banjur disetel.
4. Lelagon campursari iku disenengi wong tuwa lan enom.
5. Jaman saiki arang wong enom sing bisa nembang keroncong.
6. Wong ngrungokake nembang bisa kanggo nglelipur ati.
7. Keroncong iku asiling kabudayan Indonesia asli.
8. Sanajan bocah enom, aku uga seneng lelagon campursari.
9. Aja lali marang kabudayane dhewe sing adiluhung.
10. Wong manca uga akeh sing seneng tembang Jawa.

B. Ngandharake Panemu

Cobi kaandharna pamanggihipun para siswa piyambak:

1. Jinis music menapa ingkang para siswa remeni? Menapa sebabipun siswa remen jinis
menika?
2. Menapa siswa ugi remen musik tradisional?
3. Jinis musik tradisional kedah lestari. Menapa sebabipun?
4. Menapa lelagon campursari ugi isi pitutur?
5. Cobi kapadosana tuladha lelagon campursari, lajeng kaserata cakepanipun kanthi tata
tulis Jawa ingkang leres.

C. Tata Tulis

Cobi kaleresaken cakepan lelagon campursari menika, kanthi tata panyerat ingkang leres.
Gatosake bedanipun: a/o; t/th; d/dh.

OJO DIPLEROKI
Mas, mas, mas, ojo dipleroki

Mas, mas, mas, ojo dipoyoki

Karepku njaluk diesemi

Thingkah lakumu kudhu ngerti coro

Ojo ditinggal kapribaden ketimuran

Mengko gek keri ing jaman

Mbok ya sing eling, eling bab opo

E. LKS 5
WULANGAN 5 : PARIWISATA

Kompetensi Dasar :

I. Nyemak : Nyemak lan nanggapi waosan

II. Micara : Nindakaken pacelathon. Ngandaharaken pamanggih adhedhasar pengalaman

III. Maca : Damel serat perjanjen. Nyerat Jawi

IV. Nulis : Nyekar Mijil

I. NYEMAK

A. Semakan

Salah siji siswa maca, liyane nyemak kanthi premati.


TAMAN SARI
Taman Sari duwe kaluwihan Manawa ditandhingake karo obyek wisata liyane,
kajaba duwe wisata sejarah awit minangka peranganing kraton Ngayogyakarta, papane
gampang dituju, kejaba dadi asset wisata ya asset budaya, minangka peninggalan
purbakala.
Taman Sari mapan ing sisihn kidul kulon (barat daya) kraton, ing sajroning beteng.
Manut riwayate Taman Sari kabangun dening Sri Sultan Hamengku Buwana I tau 1758
Masehi, minangka papan palereman kulawarga kraton, papan rekreasi uga beteng
pertahanan. Taman Sari kabangun suwene watara 4 taun kawiwitan nalika taun 1687 (taun
Jawa) nganti 1691.
Sesebutan liyane Taman Sari yaiku water Castle utawa Isatana Air utawa Kraton
Banyu sebab ing kono ana Taman Segaran uga tandurane kembang kenanga sing wangi
banjur papan iku diarani Kraton Pulo Kenanga, minangka mapane Sri Sultan HB I nganti
HB III. Ing sisih kulon ana masjid Taman Sari sing dumadi 2 tataran, tataran sepisan papane
sholat Prameswari/ratu, tataran 2 kanggo papane sholate Sultan, ing tengahe ana sing
diarani Sumur Gumuling papan kanggo wudhu, saka Sumur Gumuling ana trowongan + -
25 km sing tembus ing Parangkusuma.
Sajrone tama nana papan padusan kanggo para putrid Sultan diarani Umbul
Kawitan, Umbul Pamuncar kanggo ratu dene Umbul Panguras papan pasiramaning Sultan.
Mapan ing antarane Umbul Pamuncar lan Umbul Panguras ana Gedhung Cemeti papane
pusaka kraton. Ing sisih kidule kraton Pulo Kenanga ana Pulo Penambung papan semedi
Sultan sisih wetan Taman Segaran, papan kanggo praon nganggo gethek la nana
wewangunan arupa plengkung diarani plengkung Taman Segaran. Nalika mlebu ing
Taman Sari ngliwati Gapura Agung (saka sisih kulon), dipungkasi Gapura Agung (sisih
wetan).
Wewangunan ing Taman Sari maneka warna cakrike, ana cakrik (model) Jawa asli,
Hindu, Budha, Islam, Cina, Eropa. Manut citra sing sumebar, ana wong Portugis aran Tegis
sing praune kesasar ing Parangtritis, sarehne wong Portugis mau bisa gawe wewangunan
(arsitek) banjur kapasrahan gawe taman lan wewangunan ing sajrone taman. Dipandhegani
Pangeran Naotokusumo (Paku Alam I)Tumenggung Mangundipuro, Prawirosentika,
(Bupati Madiun) lan Demang Tegis (wong Portugis).
Panggawening Taman Sari, saka bata campuran adhukan kapur, pasir degan (banyu
klapa) lan putihing endhog. Ing kiwa tengening wewangunan ditanduri maneka warna jinis
wit-witan, who-wohan, kekembangan sayuran lan taman obat.
Kahanane Taman Sari saiki wis akeh wewangunan sing rusak amarga gempa bumi,
udan, panasing srengenge, lan tangan jail para wisatawan. Ing sakiwa tengene akeh madeg
wewangunan omah kanggo panguripane wong kampong lan nyawiji karo Taman Sari. Yen
ora dijaga kanthi becik situs purbakala iku bisa rusak lan mbebayani tumrap keslametane
warga sing mapan ing sakiwa tengene. Senajan ana untunge dene warga mau banjur padha
ngadegake took krajinan kanggo tandha mata (cindera mata) para wisatawan sing padha
nonton situs purbakala iku.
(Tnunay, 1991)
B. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana kanthi ukara ingkang sae migunakaken basa krama !

1. Coba aranana kaluwihane Taman Sari ditandhingake papan wisata liyane!

2. Apa satemene gunane Taman Sari iku ?

3. Sinebut apa wae Taman Sari iku ?

4. Aranana wewangunan sing ana ing Taman Sari lan pigunane !

5. Sapa sing mandhegani panggawening Taman Sari ?

6. Apa sing njalari rusaking Taman Sari ?

7. Wewangunan ing Taman Sari digawe saka apa ?

8. Kejaba wewqangunan apa sing ana sajrone taman ?

9. Kepriye kahanane sakiwa tengene Taman Sari saiki ?

10. Apa untunge akeh warga sing mapan sakiwa tengene situs purbakala iku ?

C. Ngandharake panemu
Kaandharaken pamanggihipun para siswa adhedhasar pengalamanipun piyambak.
1. Taman Sari menika kalebet jinis wisata alam menapa buatan, menapa dhasaripun ?
2. Menapa sebabipun Taman Sari boten saged kapisahaken kaliyan Kraton
Ngayogyakarta ?
3. Kadospundi pamanggihipun para siswa bab wontenipun Taman Sari ing
Ngayogyakarta ? Menapa wonten ginanipun ?
4. Menapa untung lan ruginipun para warga mapan manunggal kaliyan Taman Sari?
5. Taman Sari kalebet situs purbakalaingkang kedah kajagi amrih lestari, kadospundi
caranipun njagi ?

D. Kawruh Basa

Araning Panggonan
Papan ing Taman Sari menika katerangna ginanipun :

1. Kraton Pulo Kenanga 5. Umbul Panguras

2. Sumur Gumuling 6. Gedhung Cemeti


3. Umbul Kawitan 7. Pulo Penambung

4. Umbul Pamuncar 8. Taman Segaran

E. Tegese Tembung
Menapa tegesipun tembung ing ngandhap !

1. taman 5. semedi

2. wisata 6. palereman

3. kraton 7. plengkung

4. umbul 8. gapura

II. MICARA

A. Dhiskusi

Wacanen lan gatekna andharan kanggo dhiskusi iki banjur pilihen salah siji saka
andharan iki. Gaweya klompok sing dumadi saka 4-5 siswa.
1. Kathah turis manca lan domestic ingkang dhateng ing Ngayogyakarta saperlu wisata,
kathah papan pariwisata ingkang kalebet asset budaya, nanging eman kathah asset
budaya ingkang risak. Kiranging kesadharan para wisatawan lan warga ing sakiwa
tengening papan wisata kangge njagi lestarining papan wau.
2. Kitha Ngayogyakarta kalebet gudhanging papan pariwisata wiwit saking wisata alam
lan wisata damelan. Ingkang kalebet wisata alam inggih menika wisata laut,
gunung, wisata budaya : candhi, museum, kraton, wisata damelan : kebon binatang,
taman, pasar seni.
Sawise dhiskusi banjur tulisen bab-bab sing wigati saka asile dhiskusi.

B. Crita Pengalaman

Critakna pengalamanmu kanthi basa sing becik ing sangerepe kancamu ing
ngarep kelas. Pengalaman sing kok critakake mau, bab anggonmu wisata ing sawijining
papan (papan wisata laut/segara, gunung, krajinan, wisata budaya lsp).
III. MACA
A. Crita Rakyat
1. Kawaosa kanthi premati

RADEN RANGGA
Sawijining dina, ing pendhapa Kraton Mataram, Kotagedhe Panembahan
Senopati didhep putrane.
“Apa sira ngerti, sebabe dak timbale Rangga ?” Pandangune Panembahan
Senopati.
“Boten rama, menapa wonten bab wigatos ingkang kula tindakaken
?””Sawengi aku ora bisa sare, sariraku krasa lungkrah, apa gelem mijeti
samparanku ?” Pandangune ingkang rama.
Raden Rangga nyembah, banjur wiwit mijet samparan ramane, sinambi
dipijeti, Panembahan Senopati nerusake pangandikane.
“Rangga, sira kudu sadhar, yen sing kok tindakake wingi dudu tumindak
sing becik, snajan sira ora mempan ketaman pusaka, saengga Tumbak Manggala
Tuban iku putung, lan sira males kanthi kepelan tangan sing ngremukake sirahe
utusan Sultan Hadiwijaya Pajang, uga kok ambali maneh marang utusan Banten.
Yentumindak mangkono iku kok terusake bisa tuwuh perdondi antarane aku lan
mitaku. Aku samar lan kuwatir yen tumindakmu iku bisa gawe cilakane awakmu
dhewe. Sira kudu ngerti yen gunung dhuwur, isih ana gunung liyane sing ngluwihi
dhuwure. Coba putungen drijiku iki yen sira rumangsa sekti.
Raden Rangga serik atine, rumangsa diice ramane, banjur nyoba mutung
drijine ramane, nanging ora bisa. Sanajan panas atine Raden Rangga banjur
nerusake mijeti samparane ramane.
“Rangga, paribasane Suradira Jayaningrat, lebur dening pangastuti,
sakabehing wujud tumindak ala lan angkara murka iku bakal sirna kanthi luhuring
budi lan tumindak utama, tumindakmu iku ora becik, kumalungkung, apa ta sing
sira goleki ing panguripan sira iku ? Uripe manungsa ora suwe, bakal abadi ing
alam sawise mati, becike sira singkiri tumindak sing ala lan seneng pamer iku.
Adhuh … Rangga kok apakake sikilku iki, rasane kok panas banget ?”
Samaparane ramane dipijet sarosane, minangka tandha yen Raden Rangga
ora seneng marang pangandikane ramane. Panembahan Senopati inggal nendhang
Raden Rangga nganggo samparane, saengga Raden Rangga mencelat metu nabrak
beteng kraton ngati jebol lan tiba ing desa Depokan (sing saiki mapan ing sisih
kidule Kraton Bonbin Gembira Loka).
Raden Rangga banjur mlayu ninggalake Mataram, dheweke ngerti yen
ramane duka banget, lungane tumuju ing Pati daleme pamane Wasis Jayakusuma.
Nalika iku sang paman lagi lenggah siniwaka diadhep para nayaka ing pendhapa
kadipaten. Adipati Wasis ngawe, supaya Raden Rangga nyedhak ing sajroning
pendhapa ana watu gedhe, sing ora bisa dipindhahake nalika pendhapa kabangun,
sebab ora ana dalan liyane. Raden Rangga nerjang watu gedhe iku saengga watu
iku ajur rata karo lemah. Kabeh sing ana ing kono padha gumun. Raden Rangga
banjur mapan sawetara ing Pati ndherek pamane.
Amarga wis sawetara ing Pati, Raden Rangga rumangsa kasepen, ora bisa
dolanan gatheng, watu bunder 50 kg, dheweke nimbali lan dadi bosen banjur takon
marang sawijining prajurit sing jaga regol :
“Paman, apa ana ing kene ana wong sing sekti ngluwihi aku ?”
“Wonten Raden, satunggiling pertapa ingkang sumendhe ing wit, lan elok,
wit asem wau dados garing lan pejah.”
Raden Rangga banjur diterake ing pertapa iku, banjur takon marang pertapa.
“He, sang atapa, jawaben pitakonku iki, apa sejatine tujuwane wong urip
iku, lan kepriye nasibku besuk ?”
Sarehne sing ditakoni meneng wae sang pertapa banjur ditendhang tba
klumah, sadurung tekaning pati, pertapa mangsuli lan sepata :
“He, bocah enom sing ora ngerti tata karma, wong urip iku mung bekti lan
ngawula marang Gustine, dene nasibmu ora bakal suwe uripmu, yen besuk ing
Mataram la ana ula gedhe sing gawe gendra yaiku sing bakal males tumindakmu
sing seneng milara.”
“Aku ora wedi, saiki kena, besuk ora dadi apa,“ wangsulane Raden Rangga
kumaki.
Kabeh kedadeyan sing dialami ing Pati dicritakake ramane ing Mataram.
Raden Rangga banjur kadhawuhan meguru ngaji marang eyange Ki Juru Martani,
supaya sampurna ngelmune. Sanajan ing sajroning ati ora seneng, Raden Rangga
nurut wae. Satekane ing daleme Ki Juru Martani, Raden Rangga nunggu Ki Juru
Martani lagi sholat luhur, sinambi mbolongi jun (wadhah banyu saka watu) karo
drijine. Banyune dadi mancur, Raden Rangga seneng atine. Ki Juru Martani priksa
banjur ngendika :
“Thole Rangga, apa drijimu ora lara, watu iki rak atos ?”
“Boten eyang, menika watu empuk sanget.”
“Atos, watu iku atos.” Ngendikane Ki Juru Martani. Sanalika watu dadi
atos, tangane Raden Rangga krasa lara. Raden Rangga rumangsa salah banjur
gelem meguru eyange, diwulang tata karma lan budi pekerti luhur lan ngelmu
utama.
Sawijining dina Rangga kadhawuhan nyingkirake ula gedhe sing nggaggu
warga ing Patalan Bantul. Ula sing nggubet awake bisa dikalahake, ula mati amarga
sirahe dikepak ajur dadi sawalang-walang. Raden Rangga ora ateges menang,
awake krasa lara, balunge remuk kaya dilolosi nalika digubet ula, wekasan Raden
Rangga seda, trep kaya sabdane sang atapa sing dipilara tanpa dosa.
(Mulyantara, 2000).
2. Mangsuli Pitakon
Wangsulana kanthi basa ingkang sae !

a. Apa ancase Panembahan Senapati nimbali Raden Rangga ?

b. Geneya Panembahan Senapati ora sarujuk ksaro tumindake Raden Rangga ?


c. Sapa sing dianggep mitrane Panembahan Senapati ?

d. Apa sebabe Raden Rangga serik atine marang ramane ?

e. Kepriye sawise Panembahan Senapati rumangsa dipilara putrane ?

f. Menyang endi playtune Raden Rangga, sawise wedi karo ramane ?

g. Apa sebabe sang pertapa bisa diarani sekti ?

h. Sang pertapa ditendhang dening Raden Rangga, njalari patine. Geneya Raden
Rangga tumindak mangkono ?

i. Kepriye sepatane (sabdane) sang atapa marang Raden Rangga ?

j. Ki Juru Martani luwih sekti katimbang Radeen Rangga, endi buktine ?

3. Ngandharake Panemu

a. Coba aranana watake paraga ing crita Raden Rangga ?

b. Sanajan putra ratu Raden Rangga duwe watak sing ora kena kanggo conto.
Wenehana katrangan sacukupe !

c. Apa tegese Sudira Jayaningrat lebur dening pangastuti ?

d. Kadadeyan apa sing njalari Raden Rangga sadhar tumindake sing ala ?

e. Aranana budi pekerti/piwulang sing ana ing wacan Raden Rangga !

Tugas

Goleka crita rakyat liyane, banjur golekna budi pekertine ! Saben siswa saora-orane siji.
Asile banjur diklumpukake, dijilid bisa kanggo wacan bebarengan !

B. Tembang Macapat
1. Cobi sekar macapat kasekarna, saged kangge gladhen ing griya !
MIJIL Pelog Pathet Barang

356777776720

De- da – lan – e wong kang da – di mu-rid


6322372

ku – du an – dhap a – sor

672356756532

wa- ni nga – lah lu – hur we-kas – an – e

722222232760

a – ja se-neng du – we wa – tak se-rik

356666.0

bapang den sim-pang – i

56756532.0

a – na ca – tur mung – kur

2. Teges Tembung

Luhur = dhuwur drajade

Wekasane = wasana, pungkasane

Serik = lara ati

Bapang = alangan

Simpangi = singkiri

Catur = omongan, gunem

Mungkur = ora nggatekake, preduli

3. Gancaran
Coba tembang Mijil iku gancarna nganggo ukaramu dhewe !
Carane :

a. Diwaca sapada nganti rampung

b. Dipahami apa isine utawa intine


c. Yen durung paham, digoleki tegese tembung baka satembung banjur
dipahami isine kanthi wutuh

d. Isine ditulis dadi gancaran nganggo basamu dhewe

e. Bisa uga digancarake manut larik-larike, sing penting ukara runtut

f. Ditliti maneh supaya pas isine antarane tembang lan gancarane.

IV. NULIS

A. Layang

Serat (layang) wujudipun maneka warni kados ingkang kaandharaken ing ngajeng,
umpaminipun :

1. Serat iber-iber (surat pribadi)

2. Serat ulem (undangan)

3. Serat kitir (telegram)

4. Serat lelayu

5. Serat dhawuh (surat perintah)

6. Serat prajanjen (surat perjanjian)

Tuladha sawetawis :
1. Serat Prajanjen
Wujuding
2. Tuladha Serat Prajanjen
Serat

B. Karangan

Ngandharaken gagasan bisa maneka warna carane ing antarane kanthi wujud
karangan. Kanthi karangan gagasan wau bisa dingerteni/diwaca wong liya.
Wujude karangan :

1. Argumentasi (sawijining panemu adhedhasar lelandhesan gumathok, supaya wong


percaya marang panemu kasebut).

2. Deskripsi (sing dicritakake adhedhasar apa sing dideleng lan dirungu).


3. Eksposisi ( karangan iki adhedhasar panemune wong sing ngarang).

4. Narasi (adhedhasar imajinasi/daya khayal, bisa wujud prastawa sing dumadi).

Sing kudu digatekake nalika gawe karangan :

1. Nemtokake tema

2. Milih irah-irahan (judul). Judul becike nganggo tembung sing becik, cekak aos, narik
kawigaten sing maca

3. Basane sing becik.

4. Ukarane runtut (urut trep lakuning crita), yen ora runtut bisa gawe sing maca bingung,
ora ngerti karepe apa isine karangan.

5. Tulisa sing cetha, ora akeh orek-orekan (tip-ex).

6. Antaranme tema, judul la nisi tansah sesambungan, cocok (jumbuh)

7. Sadurunge ngarang bisa kanthi gawe cekorongan (kerangka).

Tugas

Gawea karangan bab papan wisata sing kok ngerteni, sokur yen siswa wis nate wisata ing
papan iku. Wujude karangan para siswa bias milih kaetrepake karo pilihanmu, basane
baku, manut ejaan basa Jawa sing bener lan migunakake unggh-ungguh basa sing becik.

C. Nulis Latin
Kawaosa lajeng kaserata latin !

1.Äai=[fovanlimsi=ka=ge[pW=otuwyaiku:.

1.Äsi=zuki/jiwrgmu.

2.Äsi=mitulu=ziskbebyautws_sr.

3.Äsi=[zo[pnNiNitnPanJlukPiwles¿,

4.Äsi=a[wh[zlM| lnKpinTe/rn¿,

5.Äsi=a[whszu[zlM| agm.

2.Äsupyl=g_psefulu/rnM|si=kufufig[tk[k.
1.Äajceqil¿,

2.Äsen_mitulu=zi.

3.Äsi=juju/aj[go[roh.

4.Äajg[wserik¿

5.ÄtnShz[jnNi.

3.ÄancrsupyauripM|mul-yaiku:.
1.ÄbekTimr=[w=otuw.
2.Ät}sNmr=sefulu/.
3.ÄmemP_zibfh.
4.Ä[aorweghan¿,

Iku budoyo, pancene bener kandamu.

F. LKS 6
WULANGAN 6 : KASUSASTRAN

Kompetensi Dasar :

I. Nyemak : Nyemak lan nanggapi waosan

II. Micara : Nindakaken pacelathon. Ngandaharaken pamanggih adhedhasar pengalaman

III. Maca : Damel serat perjanjen. Nyerat Jawi

IV. Nulis : Nyekar Mijil

I. NYEMAK

A. Nyemak Wacan

Pethikan saka Kalawarti iki wacanen, siswa liyane nyemak.

WEDHATAMA
Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV klebu sawijining karya
sastra Jawa kang wigati ing jagading kasusastran. Katitik nate kajarwakake ing Basa
Belanda, Inggris, lan Prancis. Malah kalawarti Djawa tau nganakake lomba njarwakake
menyang basa Belanda (Djawa No. 1927).
Sing dadi pemenang ing lomba kasebut Yaiku Zoetmulder (Prof. Dr. PJ
Zoetmulder) iku bangsa Jerman, ahli sastra Jawa kuna, Guru Besar Sejarah UGM, kanthi
bukune sing kondhang yaiku Kalangwan ngenani studi sastra Jawa kuna. Serat Wedhatama
awujud tembang; isine piwulang marang para mudha supaya ngucap lan tumindak becik,
nduweni jiwa satriya, nindakake lan taat marang agama lan Negara, sarta ora kelangan
falsafah kejawen. Naskah kanthi aksara Jawa iki sing asli disimpen ing Perpustakaan Reksa
Pustaka Mangkunegaran, Surakarta.
Wedhatama dumadi saka 5 pupuh, 100 pada. Pupuh Pangkur (ing pada 1-14),
Sinom (ing pada 15-32), Pocung (ing pada 33-47), Gambuh (ing pada 48-82), ing pupuh
Kinanthi (pada 83-100). Ana tembang sing kaya wis mbalung sungsum ing atine wong
Jawa, malah cakepane akeh sing apal.
Tuladhane tembang kasebut yaiku :

– Tembang Pangkur (Mingkar-mingkur ing angkara….lst)

– Tembang Sinom (Nuladha laku utma….lst)

– Tembang Pocung (Ngelmu iku kalakone kanthi laku….lst)


Tembung Wedhatama ditegesi ilmu kang utama, sengaja kaanggit wujud tembang,
amrih gampang diapalake. Ing pada kapisan, sapa wae kudu ngedohi napsu angkara kanggo
sangu nggulawentah putra. Piwulang iku ora mung katujokake kanggo para mudha nanging
uga para sepuh.
Sabanjure uga diterangake titikane wong pinter lan bodho. Yen wong bodho iku
titikane tansah nggugu karepe dhewe, yen omong cal-cul tanpa dipikir luwih dhisik,
kuminter, emoh yen dianggep bodho lan mendem aleman, akeh omonge sing tanpa guna.
Dene wong pinter, alus solah bawane, andhap asor, becik bebudene / tumindake, ora seneng
pamer, ora gampang mutung yen disaruwe, pikire wening, yen ngrampungake perkara
kebak ing kawicaksanan.
Wedhatama nelakake, apa sajatine wong sing bisa dianggep diwasa yaiku
gegondhelane agama, putus ing ilmu agama bisa nyapih hawa nepsune, mawas
manunggaling kawula Gusti. Dene para mudha lumakuwa minangka satriya Jawa (nyonto
laku utamane Panembahan Senapati, raja kapisan bumi Mataram). Titikane satriya Jawa
yaiku lila yen kelangan, sabar ing pacoban, pasrah lan tawakal mring Gusti. Ing
Wedhatama uga ana pitutur wong urip kudu nindakake tapa brata, ing jaman saiki bisa
ditegesi tirakat, urip samadya (prasaja). Ancase supaya anak putune urip kepenak, dhuwur
drajad lan pangkate. Dhasaring urip wong Jawa iku ana 3 yaiku wirya (pangkat). Arta
(sugih bandha), lan winasis (pinter). Yen urip dadi wong angguran, rekasa uripe, bodho
(ora duwe ngelmu) bebasan uripe aji godhong jati aking.
(Jayabaya no. 9 Oktober 2005, mawa besutan).

B. Tegese Tembung
Cobi kapadosana tegesing tembung menika.

1. anggitan 6. nggulawentah

2. kajarwakake 7. cakepan

3. kalawarti 8. mbalung sungsum

4. pupuh 9. disaruwe

5. pada 10. tapa brata

C. Maknane Ukara
Menapa tegesipun ukara menika ?

1. Duwe jiwa satriya

2. Ilmu kang utama

3. Alus solah bawane

4. Pikirane wening

5. Aji godhong jati aking

D. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana adhedhasar waosan, kanthi basa karma !

1. Serat Wedhatama kalebet asiling kasusastran ingkang kondhang. Menapa buktinipun


?

2. Sinten Zoetmulder menika ?

3. Menapa isinipun serat Wedhatama menika ?

4. Menapa buktinipun dene sekar macapat sampun mbalung sungsum tumrap


gesangipun tiyang Jawi ?

5. Tiyang Jawi nggadhahi dhasar kangge gesangipun, menapa kemawon dhasar menika
?

6. Kadospundi titikanipun tiyang bodho lan pinter menika ?

7. Cobi kaandharna titikanipun tiyang kaanggep dewasa manut serat Wedhatama ?


8. Menapa titikanipun satriya Jawi kados sipatipun Panembahan Senapati ?

9. Kadospundi tegesipun tirakat ing pagesangan jaman samenika ?

10. Menapa pangajeng-ajengipun tiyang sepuh dhateng putra wayahipun ?


II. MICARA
A. Sesorah (pidhato)

Cobi tuladha sesorah menika katindakna kanthi lagu ingkang sae !

(Saged milih salah setunggal)

1. Sesorah Ketua Karang Taruna


Nuwun, para sesepuhlan pinisepuh ingkang kinurmatan, mudha-mudhi
anggota karang taruna Mekar, kampung Kauman ingkang kula tresnani. Muji sokur
konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene kita sedaya saged
makempal ing wekdal saha papan menika saperlu pepanggihan utawi rapat mudha-
mudhi karang taruna Mekar.
Kula minangka ketua karang taruna Mekar, ngaturaken panuwun
dhumateng sesepuh, pinisepuh saha para rawuh sedaya ingkang sampun kersa
rawuh nglonggaraken wekdal minangkani panyuwun kula. Raos bombong lan suka
bagya tumuju dhateng sedherek kula anggota karang taruna Mekar ingkang gadhah
ancas lan gegayuhan luhur majengaken karang taruna kanthi ngadani pirembagan
bab menapa kemawon, ingkang tundhonipun saged ngasilaken pirembagan ingkang
mentes, sageda murakapi dhateng sedaya warga karang taruna Mekar mliginipun
lan masyarakat Kauman umumipun.
Para rawuh sedaya, kula suwun dhumateng panjenengan ingkang kagungan
pangertosan menapa kemawon mugi kersa ngandharaken ing rapat menika, amrih
mudha-mudhi anggota karang taruna mriki, tambah seserepan lan saged
nyengkuyung majenging paguyuban.
Warga karang taruna Mekar ingkang sutresna, mugia kersaa ing
antawisipun setunggal lan setunggalipun caos penget menawi wonten anggota
ingkang tumindak nalisir saking garising leres, sedaya sageda dados tuladha tumrap
para mudha ing kampung mriki.
Kula kinten cekap semanten atur kula, nyuwun pangapunten bilih wonten
tetembungan ingkang kirang mranani penggalih, saha solah bawa ingkang kirang
nuju prana. Ing wasana, sugeng pirembagan, mugi lancar samudayanipun,
ngasilaken satunggaling bab ingkang migunani tumrap warga karang taruna lan
masyarakat kampung Kauman umumipun. Wekdal kula aturaken saprayoginipun
dhumateng pranata cara. Matur nuwun.
2. Sesorah Ketua Panitia Bazar
Nuwun, Bapak Kepala Dhusun Karang Anom ingkang kinburmatan, Bapak
Ibu Sesepuh lan pinisepuh ingkang pantes sinudharsana. Para warga Karang Anom
dalah mudha-mudhinipun ingkang sutresna.
Raos sukur sumangga tansah kita aturaken dhumateng Gusti Ingkang Maha
Agung, dene kula lan panjenengan sedaya saged makempal ing acara bazaar
ingkang dipunwontenaken dening pakempalan mudha-mudhi dusun Karang Anom
menika.
Kula minangka ketua panitia acara bazaar menika, ngaturaken gunging
panuwun dhumateng para warga ingkang sampun kersa rawuh ing acara menika.
Dhumateng para kanca saha para warga ingkang sampun paring pambiyantu
awujud menapa kemawon, saengga acara bazaar menika saged kalampahan, mugi-
mugi kasaenan panjenengan pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Mirah.
Ing pangajab mugi-mugi bazaar menika saged lumampah kanthi sae., trep kaliyan
gegadhangan kita sedaya. Pramila para rawuh sedaya kersaa paring pambiyantu
kanthi mundhut barang ingkang kacawisaken, kanthi mekaten asiling bazaar badhe
kaginakaken kangge pembangunaning dhusun mriki.
Sasampunipun acara bazaar dipunbikak dening Bapak Kepala Dhusun,
sumangga barang ingkang kagelar dipunpriksani, menawi wonten ingkang cocok
lajeng dipunpundhut, sukur menawi kaborong sedaya.
Ing wasana boten kesupen sedaya panitia nyuwun pangapunten, menawi
anggenipun ngawontenaken bazaar, kathah kekiranganipun utawi kirang nuju prana
penggalih penjenengan sedaya, kula pribadi menawi wonten kalepatan atur saha
tindak-tanduk ingkang kirang mranani nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

B. Tegese Sesorah

Sesorah utawi pidhato tegesipun micara utawi medhar sabda, nglairaken gagasan
kanthi lisan ing sangajengipun tiyang sanes. Sesorah saged katindakaken kanthi maneka
warna cara, wonten ingkang maos teks utawi maos cathetan. Wonten ugi ingkang tanpa
maos. Tumrap ingkang nembe gladhen utawi latian, saged sesorah kanthi maos cathetan.
Menawi sampun rumaos lancer, saged sesorah tanpa maos, amargi menika langkung sae
menawi dipunpirsani tiyang sanes.
C. Ancase Sesorah
Ancas utawi tujuanipun sesorah saged kapilah :

1. Atur pambagya

Sesorah Kangge nampi rawuhipun para tamu, wonten ing acara menapa
kemawon, umpaminipun : ing pahargyan (pesta), syukuran lsp.

2. Atur kabar, pawarta utawi informasi


Informasi saged arupi palapuran utawi nyariosaken satunggaling bab
dhateng pamiarsa, pramila bab igkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Umpaminipun : sesorah ing rapat, promosi barang, lsp.

3. Atur panglipur / hiburan

Ancasipun supados ingkang mirengaken remen penggalihipun.


Umpaminipun : ing layatan, atur saking pambela sungkawa.

4. Pangajak

Ancasipun supados ingkang mirengaken pitados, kapilut manahipun


saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken tiyang ingkang
sesorah.
Umpaminipun : panyuluhan kesehatan (KB, nyegah sesakit, njagi
lingkungan, ngajak senam sehat).
D. Bab Wigati Nalika Sesorah
Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika sesorah :

1. Basa / wicara

Basa ingkang kaginakaken kedah laras kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi,


ukaranipun ingkang prasaja saengga sekeca dipunmirengaken tiyang sanes.

2. Busana

Manawi nembe sesorah prayogi migunakaken busana ingkang sopan lan


laras kaliyan kawontenan. Amrih sae lan ngremenaken menawi dipunpirsani.

3. Swara

Wiramaning swara/swanten ingkang sae sampun ngantos keseron,


kelirihen, kecepeten, swanten ingkang cetha, sampun kados menawi maos buku
nalika upacara.

4. Solah bawa, patrap (sikap)

Prayoginipun kanthi patrp manteb lan teteg, madhep dhateng pamriksa, asta
ngapurancang, boten kaku kados baris.

E. Urut-urutane Sesorah

Supados anggenipun sesorah saged runtut, prayoginipun nggatosaken urut-urutaning


sesorah.
1. Uluk salam / salam pambuka
Isinipun ngucapaken salam dhateng para tamu ingkang rawuh, kawiwitan
tembung : nuwun, kula nuwun, sugeng siyang, sugeng dalu utawi salam sanesipun.
2. Purwaka
Isi puji sukur dhateng Gusti, lan atur panuwun dhateng para tamu ingkang
sampun kersa rawuh ing acara menika.
3. Isi / wigatining atur
Ngandharaken ancasing acara ingkang dipuntindakaken, umpaminipun :
atur pambagya mantu, syukuran, supitan lsp.
4. Pangarep-arep
Isinipun panyuwun lan pangajeng-ajeng saking tiyang ingkang kagungan
kersa dhateng para tamu, umpaminipun : pandonga, pitutur lsp.
5. Panutup
Isi atur panuwun, awit para tamu sampun kersa rawuh ing acara menika, ugi
nyuwun pangapunten saking ingkang kagungan kersa menawi anggenipun nampi
rawuhipun para tamu wonten kekiranganipun, kapungkasi salam panutup : nuwun,
matur nuwun, sugeng dalu lsp.
(Jatirahayu, 2004. Pinter Sesorah)
Tugas

Cobi kawangsulana adhedhasar pamanggihipun para siswa :


1. Menapa kanca ingkang maos sesorah (tuladha ing nginggil) sampun sae, trep
kaliyan bab wigatos sesorah ?
2. Kawastanana urut-urutaning sesorah (ing tuladha) ingkang pundit uluk salam,
purwaka, isi, pangarep-arep lan panutup.

III. MACA

A. Tembang Macapat
Sekar Macapat ing serat Wedhatama menika kasekarna kanthi ijen utawi
sesarengan, menawi dereng saged nyekar saged gladhen kanthi mirengaken kaset sekar
macapat, utawi gladhen sesarengen kaliyan kanca sanesipun.

PANGKUR
1. Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,


Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta,

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,

Kang tumrap neng tanah Jawa,

Agama agaming aji.

2. Uripe sepisan rusak,

Nora mulur nalare pating saluwir,

Kadi ta guwa kang sirung,

Sinerang ing maruta,

Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung,

Pindha padhane si mudha,

pradene paksa kumaki.

Tegesing tembung :
Golekanan tegese tembung iki :

1. Mingkar-mingkur

2. Angkara

3. Karenan

4. Mardi

5. Siwi

6. Sinukarta

7. Pakarti

8. Sirung

9. Maruta

10. Kidung
POCUNG
1. Ngelmu iku kalakone kanthi laku,

Lekase lawan kas,

Tegese kas nyantosani,

setya budya pangekese dur angkara

2. Lila lamun kelangan nora gegetun

Trima yen kataman,

Saserik sameng dumadi,

Tri legawa nalangsa srahing bathara.

Tegese tembung :

Adhedhasar tembung kasebut, golekana tegese tembung iki :

1. Lekas

2. Lila

3. Kas

4. Gegetun

5. Nyantosani

6. Kataman

7. Budya

8. Serik

9. Pangekese

10. legawa

B. Crita Cekak
Asiling kasusastran Jawi maneka warni wujudipun. Wonten ingkang wujud
gancaran (prosa), tembang, (puisi terikat), geguritan (puisi bebas). Wujud gancaran ateges
andharan. Ingkang kalebet gancaran umpaminipun : crita cekak (cerkak), crita sambung-
sinambung (cerbung), roman novel, dongeng (fable, mite, legenda).
Cerkak limrah dumados saking 5000 – 10.000 tembung. Senajan cekak nanging
cariyosipun sampun rampung (tuntas).
Tugas

Maos cerkak utawi novel ing kalawarti basa Jawi. Sasampunipun gladhen maos lajeng
karekam ing kaset, supados saged dipunmirengaken sesarengan.
Lajeng kaserata :
1. Namaning paraga lan wewatakipun
2. Tumindakipun paraga ingkang kagolong tumindak sae lan awon.
3. Isinipun (sae, kirang sae)
4. Piwulang budi pekerti
Pamanggihipun siswa bab cerkak / novel ingkjang kawaos (saged ngandharaken :
judhul, basanipun, pamilihing tembungipun)

IV. NULIS

A. Nulis Cerkak, Geguritan

Nulisa cerkak utawa geguritan, temane pilihen manut kasenenganmu dhewe-


dhewe. Sadurunge gawe bisa maca geguritan utawa cerkak ing kalawarti basa Jawa (Jaka
Lodang, Jaya Baya) utawa antologi cerkak / geguritan kanggo gegambaran anggonmu
dhewe.

B. Nulis Latin

Tulisan Jawa iki wacanen, banjur tulisen latin

Äpitutu/luau/.

Äai=[fovaikian[r=owe/nkekrepP[nbpbiyuz¿,kpisnBpbiyu=k=kepezinHn[kKsugihl
nP=kt¿,kpi[nDobpbiyu=k=[aorke[pzinHn[kKsugihlnP=ktNzi=auripKe[pnk¿,

ÄmnutPnemumukepºi[y,ap[ynSugihlnP=ktMesQiauripKe[pnk¿,si=figyuhmnu=sa
uripMesQi[nke[pnkHuri[pPlnHugksinu=znBnD,fºjf¿,lnP=kt¿,

ÄyenKsinu=znBnDfºjpLnP=ktBisag[wbecikMr=liyn¿,[ynBism=[ko[nobisautmau
ripM|.

C. Ajar Gawe Tembang

Gawea tembang Pocung kaya tuladha ing gambar iki !

Advertisements
Report this ad
Report this ad

G. LKS 7
WULANGAN : BUDI PEKERTI

Kompetensi Dasar :

I. Nyemak : Nyemak lan nanggapi waosan

II. Micara : Nindakaken pacelathon. Ngandaharaken pamanggih adhedhasar pengalaman

III. Maca : Damel serat perjanjen. Nyerat Jawi

IV. Nulis : Nyekar Mijil

I. NYIMAK

A. Crita Wayang

Pethikan saka Kalawarti iki wacanen, siswa liyane nyemak.

BATHARA GURU
Bathara Guru iku putrane Sang Hyang Tunggal lan Dewi Wiranti, sedulure ana loro
yaiku Sang Hyang Antaga (Togog) lan Sang Hyang Ismaya (Semar). Amarga menamg
sayembara ngulu jagad, Bathara Guru bisa dadi retuning dewa lan retuning titah ig jagad
tribawana. Tribawana tegese jagad telu, yaiku Jagad Luhur mapane para dewa-dewi, Jagad
Madya mapane para manungsa, lan Jagad Andhap mapane para kewan, jin lan saisine
bumi.
Sesebutan liyane Bathara Guru yaiku Sang Hyang Manikmaya, Sangkara,
Purbawasesa, Girinata, Jagadgirinata, Jagadpratingkah, Suksma Tunggal, Catur Buja,
Dewa Bathara, Guwenda.
Nalika Sang Hyang Tunggal paring sabda marang Manikmaya yen bakal
nguwasani jagad, Manikmaya banjur duwe watak adigang, adigung, adiguna seneng
mamerake rupane sing bagus lan kasektene. Dheweke rumangs sampurna tanpa cacad,
Sang Hyang Tunggal priksa tumindake Manikmaya banjur duka, ban jur paring sabda
cacad badane supaya Manikmaya ora rumangsa sampurna lan kumalungkung. Sanalika
Manikmaya dadi cacad, gulune belang, sikile lumpuh, mawa siyung, cacahe tangan papat.
Amarga sikile lumpuh mula saben tindak-tindak nitih lembu Andini.
Garwane aran Bathari Uma, Dewi sing ayu disabda dadi raseksi (buta wadon) sing
ala rupane lan duwe siyung. Ing lakon wayang Sudamala, Sadewa (ragile Pandhawa) sing
bisa ngruwat Bathari Durga bali wujud asale widadari sing ayu rupane. Lakon Sudamala
iki nganti saiki kanggo ruwatan bocah sing dianggep sukerta. Karo Bathari Uma, Bathara
Guru peputra lima yaiku Bathara : Brahma, Indra, Bayu, Wisnu, Sambu lan sing wujud
buta aran Bathara Kala. Karo Bathari Laksmi, peputra Bathara : Sakra, Maha Dewa, lan
Asmara.
Ana ing crita pewayangan, sanajan retuning dewa, Bathara Guru kondhang
tumindak sing nerak bebener. Umpamane nate mbela Durga lan Kala, amarga garwa lan
putrane, kamangka Durga lan Kala tumindak ala sebab arep mateni Pandhawa. Uga nalika
Bathara Guru arep mbanjut (njabut nyawane lan ngangkat ragane ing kahyangan)
Wisanggeni, Werkudara, Antasena amarga tetelune dianggep murang tata sebab ora bisa
basa.
Sanajan anggone tumindak ora becik wis dielingake Narada (Patih Kahyangan)
nanging Bathara Guru ngagungake panguwasane sing bisa ngalahake mung Semar
(Ismaya). Yen dielingake Semar ora manut banjur sedulur loro iku padu, Sang Hyang
Wenang sing misah lan paring pitutur.
Budi Pekerti :
1. Paribasan “Suradira Jayadiningrat, lebur dening pangastuti”, ateges tumindak
angkara (ala) bakal kalah dening tumindak becik.
2. Sapa adigang adigung adiguna bisa cilaka.
3. Aja dumeh mundhak keweleh, aja dumeh kuwasa banjur sawiyah-wiyah marang
pepadhaning titah.
4. Tumindak sing adil, aja dumeh kulawarga (tumindak ala) banjur dibela, yen ora
bener kudu dielingake.
5. Aja duwe panganggep dhiri sampurna, mundhak cilaka.
6. Pemimpin kudu bisa ngayomi kawula dudu nguwasani.
7. Manungsa kudu bisa rumangsa, aja rumangsa bisa. Yen bisa ngrumangsani
kahanane/pribadine bakal andhap asor/lembah manah. Nanging yen rumangsa bisa,
banjur dadi umuk/kemaki, kumalungkung. (Jatirahayu ing Mutyara Rinonce)

B. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana kanthi basa krama ingkang sae !

1. Menapa sebabipun Bathara Guru saged dados retuning dewa ?

2. Menapa tegesipun jagad Tribawana ? Cobi katerangna !

3. Watak awon kadospundi igkang dipungagadhahi Bathara Guru?

4. Bathara Guru kasabda Sang Hyang Tunggal dados cacat. Menapa ingkang njalari ?

5. Sasampunipun kasabda dados cacat, menapa tumindakipun awon lajeng ical ?


Pundi buktinipun ?

C. Tegese Tembung
Kapadasana tegesiung tembung menika!

1. sayembara 6. sewiyah-wiyah

2. murang tata 7. titah

3. sabda 8. andhap asor

4. ruwatan 9. umuk

5. sukerta 10. kumalungkung

D. Kosok Balen (Antonim)


Cobi kapadosana kosok wangsulipun tembung-tembung kang kacithak miring !

1. Tiyang andhap boten gaduk mendhet rambutan, lha yen tiyang …… mesthi saged
gaduk tanpa andha.

2. Boten wonten tiyang sampurna, tiyang menika kathah ……

3. Aja seneng kekancan karo bocah kang tumindake ala mundhak ketularan, kekancana
marang marang bocah sing tumindake ……

4. Bapak sampun tindak Jakarta, ibu malah nembe …… saking Sala.

5. Wah aku jan ….. tenan, ora eling yen kowe kuwi juara pidhato basa Jawa.

6. Aku ora kuwat ngangkat watu iki, mula dak ……

7. Bocah kok murang tata, bok sing duwe ……

8. Aja wedi ing bebener, nanging wedia ing ……

9. Dadi anak kudu manut marang wong tuwa, aja …….

10. Wong seneng padu kuwi ora becik, bok sing padha ……

E. Dasanama

Menapa dasanamaning tembung menika? Lajeng kadamelna ukara ngangge salah


setunggaling tembung dasanama. Saben dasanama setunggal ukara mawon !
Conto :
Ati : manah, penggalih, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya
Ukaranipun :
– Wah atiku seneng bangewt amarga bisa nembang Jawa.
Utawi
– Menawi wonten ingkang kirang mranani ing penggalih, kula nyuwun pangapunten.
Utawi
– Ature Patih Sengkuni, datan hanuju prana ing penggalihira Sang Nata Prabu
Duryudana.
Soal :

1. ratu

2. dewa

3. bumi

4. buta

5. raga

II. MICARA
A. Pacelathon
Cobi pacelathon menika katindakna!
Ing saben dintenipun tiyang tansah srawung kaliyan tiyang sanes kangge myekapi
kabetahanipun. Salebeting srawung tiyang kedah nindakaken tata krama, sebab, tiyang
ingkang tansah nindakaken tata krama badhe mulya gesangipun lan dipunurmati tiyang
sanes. Kosok wangsulipun tiyang ingkang boten purun nindakaken tata krama badhe
rekaos gesangipun amargi boten dipunkormati lan dipunpitados tiyang sanes.
B. Ngandharake Panemu
Kaandharna pamanggihipun para siswa piyambak-piyambak !

1. Bapak lan ibu ing gambar, pirembagan ngginakaken basa krama. Menapa sebabipun
migunakaken basa krama ing pirembaganipun ?

2. Kadospundi menawi bapak (ing gambar) migunakaken basa ngoko ? Menapa wonten
bedanipun ?

3. Miturut para siswa kadospundi solah bawa (sikap) bapak lan ibu ing ngajeng nembe
pirembagan ? Menapa sebabipun kedah mekaten ?

4. Cobi kasebatna ginanipun basa krama, ing pasrawungan ?

5. Bapak kaliyan ibu ing gambar migunakaken basa krama, menapa boten ngangge basa
ngoko kemawon ?
C. Gawe lan Nindakake Pacelathon

Damela pacelathon, kanthi basa ingkang trep, sasampunipun sampun dados lajeng
dipunperagakaken kaliyan kanca (saged miloih salah setunggal).

III. MACA

A. Budi Pekerti
Waosan menika kawaosa kanthi tliti!

MARAKAKE DAWA UMURE


Wis tau diandharake Manawa tata krama iku tumuju marang raharjaning urip.
Raharja utawa slamet, slamet awake slamet keluwargane, slamet bangsane lan slamet jagad
sakabehe.
Yen wong wis suwe ora ketemu, samangsane ketemu banjur nakokake kabare :
“Kepriye kabare ? Padha slamet ta ?”

“Rak padha slamet ta ?”

“Mugi-mugi sami ginanjar wilujeng.”


Keslametan kuwi kajaba wujud kanugrahaning Gusti, uga ana gandheng cenenge
karo rekadayane manungsa. Keslametan gegayutan karo katentreman, kasarasan, kabagyan
lsp.
Saiba raharjane yen saben kulawarga padha ngerti karukunan saben makarya ing
sajroning bungah lan susah. Kabeh padha netepi pranatan, padha nindakake hak lan
kuwajibane dhewe-dhewe. Bapak, ibu lan para putra Bantu binantu mujudake karesikan
papan (omah) saengga bisa mujudake kasarasan lan kabagyan. Yen papane resik, barang-
barang tumata bakal ngresepake pandeleng.
Kamar kerep dibukak, disaponi, cendhela diengakake supaya soroting srengenge
bisa mlebu, hawa bisa ganti, sawang, bledug lan rereget diresiki. Lemari, laci, kerep
dibukak lsp.
Pekarangane resik, kalen, ilen-ilen banyone mili lancar, uwuh dibuwang ing papan
sing sumadya, yen wis akeh diobong supaya ora dadi sumbering penyakit. Bak kamar
mandhi ajeg dikuras, dikosek, diudi ajeg resik ora mambu, diwenehi kapur barus, wangi-
wangi supaya seger hawane lan gawe krasan. Sabun, sikat, sampo, ditata ing wadhahe.
Andhuk yen wis bubar dienggo diisis dijereng lsp.
Bangsa sing wis maju, duwe tata krama sing gumathok. Kuwi wis diku;linakake
wiwit cilik ing kulawarga, banjur dadi kabutuhan lan pakulinan sing otomatis. Kaya wong
mangan lan ngombe yen yen ora mangan mesthi luwe, yen ora ngombe bakal ngelak.
Mangkono uga bab nindakake karesikan, yen papan sing dideleng lan dienggoni ora resik,
rumangsa ora kepenak, ora jenjem. Umpamane omahe reged, pating blengkrah, kolah
pesing, yen ana tamu, banjur tamune duwe penemu sing duwe omah ora ngerti karesikan
lan tata krama. Pancen tata krama iku kudu dipeksa wiwitane saengga dadi kabutuhan lan
peranganing urip. Ana bab-bab sing pantes ditiru amarga pancen becik amrih uripe rahayu,
umpamane :

1. ngulinakake tangi esuk

2. ajeg olkah raga

3. aja mangan kakehan/kuwareken

4. ora ngulinakake ngrokok

5. ora ngulinakake ngombe kopi, inuman keras lsp

6. saben dina tansah senenging ati, bungah, binger, sumeh, ora gampang nesu, ora
gampang sambat lan mutung.

Jare pakulinan iku marakake dawa umure, tansah nemu keslametan,. Kasarasan, lan
kabagyan, ateges kabeh mau trep karo gegayuhaning tata krama.

(Sudiyatmana, 1992, Tentrem Raharja, mawa besutan).

B. Kawruh Basa

– gandheng ceneng = sambung rapet, sesambungan

– makarya = nyambut gaw

– pandeleng = panyawang

– diudi = diupayakake

– jenjem = tentrem, jenek, betah

– kolah = kamar mandi

– bingar = ora suntrut

– mutung = putus asa

Tugas

Maca wacan (dongeng, crita, panemu, andharan), banjur andharna panemumubab


budi pekerti sing ana ing wacan.
IV. NULIS

A. Ngandharake Panemu
Cobi kawangsulana adhedhasar pamanggihipun para siswa piyambak-piyambak !

1. Kadospundi isining cariyos/lampahan ringgit manut para siswa?

2. Bathara Guru menika putranipun Sang Hyuang Tunggal nanging Sang Hyang Tunggal
tegel nyabda Bathara Guru dados cacad. Piwulang menapa ingkang saged kapendhet?

3. Aja tumindak ala bakal cilaka. Ing waosan Bathara Guru andharan pundit ingkang
sageddados buktinipun ?

4. Ing pewayangan wonten paraga satriya lan raseksa. Minangka gegambaran menapa
paraga kekalih menika?

5. Nalika Bathara Guru tumindak awon, wonten paraga Narada, Semar, Sang Hyang
Wenang, menapa maknanipun paraga menika?

B. Ngganepi Sarasilah (silsilah)


Cobi kajangkepana sarasilahing wayang menika! Kangge njangkepi silsilah menika para
siswa pados nara sumber (dhalang, pinisepuh pandhemen wayang) buku-buku sumber
pedhalangan.

Sang Hyang Tunggal + Dewi Wiranti

..…………..… (Togog)
Manikmaya (………) + Uma
Kanastri + Ismaya (…….…)

Peputra : peputra :

1. …………….……… 6. ……………………. 1. …………….……..


2. …………………… 7. …………….……… 2. ……………………

3. …………….…….. 8. …………….……… 3. ……………………

4. …………….…….. 9. …………….……… 4. ……………………

5. …………………… 10. ……………..…….. 5. ……………………

Manikmaya (…..) + Laksmi

(Wujud Buta)

peputra angkat : peputra :

1. ……………………… 1. ……………………

2. ……………………… 2. ……………………

3. ……………………… 3. ……………………

C. Paribasan

Paribasan yaiku unen-unen sing tembung ajeg panganggone (ora kena


diowahi/diganti) mawa teges entar (arti kiasan), tetembungane lumrah (wantah) ora
nganggo gegambaran kewan, barang.

Tuladha :

1. Gemi, setiti, ngati-ati

Tegese = ora ngebreh/boros, tliti lan kebak petung tumindake.

2. Jer basuki mawa bea

Tegese = kabeh gegayuhan/pepinginan kudu nganggo ragad.

Kacocokna paribasan kanthi milih wangsulan ingkang cumawis !

No Tegesing Paribasan K Paribasan


1. Wong tuwa bakal melu ngrasakake a. Angon mangsa
tumindake anake
2. Uripe rekasa banget b. Mbuwang tilas
3. Nyambut gawe mempeng tanpa pamrih c. Pupur sadurunge benjut
4. Akeh omonge nanging mrantasi gawe d. Ketula-tula ketali
5. Melu seneng nanging ora gelem ragad e. Nabok nyilih tangan
6. Ora ngrungokake omongan sing ala f. Criwis cawis
7. Golek wektu sing prayoga g. Keplok ora tombok
8. Ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing h. Entek amek kurang golek
dilakoni
9. Tumindak ala kanthi kongkongan wong liya I. Sepi ing pamrih rame in
gawe
10. Sapa sing salah bakal konangan j. Njajah desa milangkori
11. Anggone ngunek-unekake wong sakatoge k. Ciri wanci lelai ginawa
mati
12. Ngati-ati sadurunge nemu cilaka l. Anak polah bapa
kepradhah
13. Pakulinan ala ora ilang yen during mati m. Sebaya mukti sebaya pati
14. Lelungan tekan ngendi-endi n. Ana catur mungkur
15. Rukun nganti tumekaning pati o. Sapa salah seleh
Pados tuladha paribasan sanesipun (5) lan tegesipun !

Tugas

D. Nulis Jawa
Tulisen Jawa ukara ing ngisor iki!

1. Jagad luhur mapane para dewa.

2. Aja rumangsa sampurna tanpa cacad.

3. Dewi Uma dadi buta sing duwe siyung.

4. Aja tumindak adigang adigung adiguna.

5. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.


6. Aja dumeh mundhak keweleh.

7. Aja rumangsa bisa mundhak cilaka.

8. Ciri wanci lelai ginawa mati.

9. Anak polah bapa kepradah.

10. Entek amek kurang golek.

H. LKS 8
WULANGAN 8 : POLOTIK

Kompetensi Dasar :

I. Nyemak : Nyemak lan nanggapi waosan

II. Micara : Nindakaken pacelathon. Ngandaharaken pamanggih adhedhasar pengalaman

III. Maca : Damel serat perjanjen. Nyerat Jawi

IV. Nulis : Nyekar Mijil

I. NYEMAK

A. Wacan

Waosan menika kasemaka kanthi premati.

ILIR-ILIR JAMAN REVOLUSI LAN


REFORMASI
Nalika tahun 1965 akeh wong sing padha ngadegake partai politik. Saben wektu
(esuk, awan, sore, bengi) padha nganakake kampanye. Yen wayah bengi anggone
kampanye kanthi cara gawe panggung kanggo pentas seni budaya. Acarane sarwa komplit,
wiwit hiburan kanggo bocah nganti wong tuwa. Yen bocah bisa kanthi pentas tari lan lagu
(tembang), umpamane Cublak-cublak suweng, Tukung-tukung, Jaranan, Ilir-ilir lsp.
Ana sing kandha yen Ilir-ilir iku anggitane Sunan Kalijaga, nanging ana sing
kandha ora dimangerteni pengarange, kabeh panemu sumangga, sing baku llir-ilir
kondhang lan disenengi masyarakat.
Coba gatekna tembang llir-ilir lan maknane ing jaman revolusi iki.
ILIR-ILIR
Lir-ilir tandure wis sumilir

Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar

Bocah angon, penekna blimbing kuwi

Lunyu-lunyu peneken kanggo masuh dodotira,

Dodotira, kumitir bedhah ing pinggir,

Domana jlumantana kanggo seba mengko sore,

Mumpung gedhe rembulane, mumpung jembar kalangane,

Dha suraka, surak hore


Maknane kurang luwih mangkene :

Para kawula/para mudha, pelajar wis wani berjuang (sumilir)

Senajan lagi sithik ngelmune (ijo) bab pamrentahan lan politik lanang lan wadon
(kaya temanten) padha wani berjuang.
Para kawula/rakyat (cah angon) padha belanana Negara Pancasila (blimbing sing
lingirane ana lima) minangka sandhangane (dodot).
Senajan abot lan angel (lunyu) kudu bisa sebab kanggo resiking/pulihing Negara
RI.
Jaman iku Pancasila (dodot = sandhangan bangsa Indonesia) arep diothak-athik,
njalari tumpang suh, kisruh saengga tuwuh salah paham antarane partai siji lan sijine,
klompok siji lan sijine (kumitir bedhah ing pinggir).
Nanging partai lan klompok sing beda panemu kudu dirangkul (didadekake siji)
kanggo nerusake gegayuhane bangsa Indonesia. Mumpung ana wektu sing becik lan ana
sing mitulungi (ekonomine bangsa Indonesia) yaiku Negara kulonan (Negara Barat).
Wiwit biyen nganti jaman saiki pancen tembang Ilir-ilir disenengi lan tansah
ditembangake wong Jawa, umpamane ing pagelaran wayang, kethoprak, malah saiki
kanggo ing campursari, macapatan, samroh uga kairing wujude iringan sing maneka warna
(kolaborasi), ana sing karawitan lan dangdut, band lan samroh lsp.
Nalika tahun 1999 (wiwitane reformasi) Ilir-ilir ditembangake ing HUT RI ka-54
ing tlatah Sala, malah musik Kyai Kanjeng pimpinane Emha Ainun Najib (Cak Nun) uga
nembangake.
Ana sing negesi tembang Ilir-ilir ing jaman reformasi iku mangkene :
Wektu iki akeh tuwuh (muncul) partai anyar kaya jaman biyen.
Partai anyar padha kepingin dadi pemimpin (raja) kaya dene raja sehari (temanten
anyar). Pemuda sing asale saka desa (bebasan cah angon) padha berjuang nggayuh
pepinginane dadi pemimpin.
Ora ketang abot sanggane kabeh kepingin kasembadan gegayuhane, kanggo
ngresiki jeneng lan mbalekake ajining dhiri lan kawibawane (mbasuh dodotira).
Pamarintah kaya wis kelangan kapercayan saka wargane saengga rakyat mung bisa
nyalahake marang aparat.
Sanajan mangkono kahanane, pamarintah/aparat Negara kudu bisa ngrangkul
rakyat (wong cilik) kanggo mbangun Negara sing duwe gegayuhan luhur (ing Pacasila).
Mumung ana partai /klompok sing gedhe (gelem gabung) lan antuk pitulungan Negara
manca (jembar kalangane) ayo padha duwe semangat kanggo berjuang.
(Bayu Giri, Jaya Baya 16, Desember 2005, mawa besutan)

B. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana pitakenan menika kanthi basa karma !

1. Sinten ingkang ngawontenaken pentas seni budaya menika ?

2. Menapa sebabipun lare-lare ugi ndherek pentas ?

3. Sinten ingkang nganggit lelagon ilir-ilir menika ?

4. Tanduran ingkang sumilir menika ingkang kados pundit?

5. Menapa sebabipun partai/klompok ingkang beda panemu kedah dipun rangkul


amrih nyawiji ?

6. Kangge ngayuh pulih/saening negari menika angel (jaman revolusi)


dipungambaraken kaliyan ukara menapa ?

7. Menapa buktinipun yen tembang ilir-ilir lestari ngantos dumugi sapriki ?

8. Ing jaman reformasi, pemimpin kecalan kapitadosan saking rakyat, ukara pundit
ingkang dados pralambang ?

9. Kados pundi caranipun pemimpin ngrangkul rakyat kangge mbangun negari ?

10. Ing pungkasaning sekar, sami sorak gumbira ing manah. Menapa sebabipun ?

C. Kawruh Tembung

Kapadosana tegesing tembung menika ! Salajengipun tembung wau kadamelna ukara !

1. sumilir 6. kumitir
2. sengguh 7. jlumat

3. masuh 8. angon

4. dodot 9. tuwuh

5. seba 10. wibawa

D. Ngandharake Panemu

Coba kaandharna pamanggihipun para siswa adhedhasar pengalamanipun


piyambak-piyambak !
a. Kanthi maos sejarah bangsa Indonesia (buku sejarah) menapa sampun trep
kawontenanipun negari RI ingkang dipungambaraken ing tembang ilir-ilir ? Cobi
kaandharna dasaripun !
b. Menapa kasil klompok ingkang badhe ngothak-athik didit/sandhanganing bangsa
Indonesia kados ing sekar ?
c. Kinten-kinten menapa sebabipun tembang ilir-ilir kondhang lan dipunremeni tiyang
Jawi wiwit rumiyin ngantos dumugi sapriki ?
d. Ilir-ilir ugi kangge nggambaraken kawontenan jaman reformasi, menapa sampun
makili gegambaranipun kawontenan ing jaman reformasi ?
e. Kadospundi kawontenan jaman reformasi, menapa ancas reformasi sampun
kaleksanan ?

II. MICARA

A. Dhiskusi

1. Caranipun Dhiskusi :

a. Damel klompok dhiskusi 4 – 5 siswa.

b. Pados papan/panggenan kangge dhiskusi (ing perpustakaan, ruang ketrampilan,


hall, ngandhap wit-witan ing lingkungan sekolah lsp).

c. Milih tema (ingkang dipunpilih sesarengan) ingkang trep.

d. Dhiskusi kanthi tertib.

e. Wonten ingkang dados ketua klompok dhiskusi lan sekretaris,


jejibahan/tugasipun :

Ketua : mimpin lampahing dhiskusi, mbage wekdal dhiskusi.


Sekretaris : nyerat pemanggihipun anggota dhiskusi lan damel dudutan
(simpulan) asiling dhiskusi, minangka intisarining dhiskusi.

2. Tema Dhiskusi

(saged milih salah setunggal)

a. Lampahing reformasi wiwit taun 1999 – 2007

b. Kawontenan politik sasampunipun jaman reformasi

c. Untung lan rugining reformasi tumrap rakyat/masyarakat

d. Pamanggih yen wontenipun reformasi malah dados krisis ekonomi

e. Jaman samenika kasebat jaman edan (dhasar lan buktinipun)

3. Asiling Dhiskusi

Asiling dhiskusi kaserat, salah satunggal klompok maosaken ing ngajeng


kelas. Klompok sanes saged suka pramayogi (saran), pamanggih (usul).

B. Pacelathon

Cobi pacelathon katindakna kanthi sae (iramanipun), leres (pocapan/lafalipun).

Bapak : “Saka tindak endi Bu ?

Ibu : “Blanja Pak, saka warung, wah ….. wah jan tenan”

Bapak : “Lho, lha kepriye Bu, kok sajak ora karenan panggalihe”

Ibu : “Lha kepriye to Pak, reregan barang saiki mundhak kabeh, ora mung
sembako, nanging barang kebutuhan saben dinane ora gelem kalah,
kabeh padha nututi mundhak”

Bapak : “Ya sabar Bu, ora mung awake dhewe sing ngrasakake, nanging kabeh
rakyat Indonesia, yo idhep-idhep ajar gemi lan setiti, rak becik ta Bu”

Ibu : “Bocah-bocah perlu diajak rembugan Pak, supaya bias ngirit lan tansah
petung ing sakabehing kebutuhan, sukur yen padha ajar mandhiri
supaya melu ngenthengake karepotane wong tuwa”

Bapak : “Lho Widada rak yow is ajar golek dhuwit, nampa terjemahan bahasa
Inggris malah saiki gladhen dadi pranata cara. Yen ana asile bias
kanggo nyukupi butuhe dhewe, bias mbiyantu wong tuwa”
Ibu : “Pancen bocah saiki kudu bias nampa kanyatan, narima ing pandum lan
gladhen urip prasaja aja lali Manawa awake dhewe uga kudu bias dadi
tuladha sing becik kanggo panguripane anak”

Bapak : “Lha kae Widada lan Widati wis teka, coba ditimbali mrene”

Ibu : “Ya Pak, coba dak undange mrene”

(Ora let suwe Widada lan Widati wis lungguh ing sangarepe bapak lan ibune)

Widada : “Wonten dhawuh menapa Pak ?”

Tugas

Damel pacelathon antawisipun tiyang sepuh lan para putra utawi tiyang satunggal lan
satunggalipun ingkang nrembag bab politik lan ekonomi ing jaman samenika !

III. MACA

A. Tembang Macapat

1. Gladhen Nyekar

Anggenipun gladhen nyekar saged mirengaken kaset sekar Macapat. Milih


salah satunggal, utawi kalih-kalihipun saged kasekaraken.

2. Kawruh Basa

Kadamelna ukara ngangge tembung menika ! Saderengipun damel ukara,


para siswa kedah mangertosi tegesiun tembung rumiyin.

a. Siningkur e. ngudi i. kreatif

b. Raharja f. karem j. kuwur

c. Kawula g. maedahi

d. Makarya h. produktif

3. Gancaran

Gancaraken (andharaken/kadamela prosa) tembang no. 1, 2 ngannge ukara


ingkang prasaja nanging sae lan runtut.

B. Tulisan Jawa
Kawaosa lajeng kaserata latin !

1.Änegradeds/pnCsil.

2.Äai[nFonesiymemitºk[rosizpur.

3.Äbpk¿p}si[dnTinFk¿fAtezjep=.

4.ÄzRemB|gKeamnNnNegr.

5.ÄreregnSaikipdmunDk¿,am/g[politikF|ru=mpn¿,

Anda mungkin juga menyukai