Anda di halaman 1dari 9

WULANGAN 1 : PENDIDIKAN

I. NYEMAK
Standar Kompetensi : Mampu memahami dan menangapi
berbagai ragam wacana lisan tentang
bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui
menyimak informasi dari media elektronik
maupun cerita yang disampaikan secara
langsung atau melalui rekaman.
Kompetensi Dasar : Menyimak dan menanggapi siaran dan
informasi dari media elektronik, tuturan
langsung atau pembacaan teks.

Indikator : * Mengungkapkan kembali secara lisan isi yang terdapat


dalam media ceta

* Mengungkapkan kembali secara tertulis isi


yang terdapat dalam media cetak

* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang


mengandung nilai-nilai budi pekerti

Materi : Wacana “ Salin Jaman Salin Tatanan

A. Nyemak wacan.
Salah siji siswa maca, liyane nyemak.

SALIN JAMAN SALIN TATANAN


Ing ngendi papan, wektu, jaman biyen, saiki nganti tekan besuk kabeh wong
padha nindakake tata krama. Mung wae kudu eling papan siji lan sijine, desa siji lan
sijine, kutha siji lan sijine malah negara siji lan sijine ana bedane, ora padha cak-cakane.
Trep karo unen-unen: desa mawa cara negara mawa tata, salin enggon salin tatanan.
Unen-unen basa Indonesia: “ Lain ladang lain belalang, lain lubuk lain ikannya”.
Ngecakake tata krama iku kudu empan papan, aja nganti digebyah uyah. Anggone
nindakake kudu ngelingi papane, kahanane, wektune, dicocogake karo kala mangsane.
Kena diunekake salin jaman salin tatanan. Sing biyen dianggep becik, bok menawa saiki
bisa dianggep ala. Kang saiki ala bisa uga besuk kalebu becik.
Tuladhane: Dhek biyen wong omong mangan karo omong utawa mlaku iku ora
becik. Jaman saiki lumrah wae wong mangan karo omong utawa karo mloka-mlaku, kaya
dene yen jagong ing acara manten/ syukuran, bubar salaman karo sing duwe gawe banjur
diacarani dhahar prasmanan, lumrahe ing gedhung ora dicepaki kursi akeh kaya cacahe
undhangan, mula banjur ana sing dhahar karo ngadeg lan ngobrol. Biyen bocah sekolah,
kudu lungguh bangku ngrungokake lan nggatekske karo tanganne sedheku. Saikimmurid
nalika ing kelas ora kudu tumindak mangkono, bisa bebas sing penting tertib. Biyen wong
mlaku ing kraton utawa cedhak kraton karo ndhingkluk lan meneng, nanging saiki malah
padha guneman, menga-mengo, tudang-tuding karo ndeleng mrana-mrene.
Mesthi wae ana bab liya sing biyen al saiki iya ala, umpamane: bab colong jupuk,
ngapusi utawa goroh, wani marang wong tuwa, ulangan sekolah ngepek. Mangkono uga
biyen becik saiki iya tetep becik, besuk uga tetep becik, umpamane: seneng tetulung,
seneng weweh, bekti marang wong tuwa, sregep sinau, sregep nyapu, jujur, lan
sapanunggalane.
Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan
prayoga. Kabeh tumindake wong urip kuwi becik yen tansah nganggo: deduga, prayoga,
pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang Sinuwun
Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku
katindakake yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab
duga lan prayoga iku pirantining urip sing ora kena ditinggal. Kabeh mau sinawung ing
tembang Pangkur:

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng anendra,

Ringa-ringa aywa lali.

Cekak aose sakabehing tumindake wong urip ing alam donya kudu nganggo tata
krama, tansah nganggo deduga utawa pangati-ati. Sing gelem nindakake tata krama uripr
bakal tentrem, begja, tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing bisa
migunakake tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine, dikurmati, diajeni
wong liya lan dadi tuladha urip sing utama. ( Sudiyatmana, 1994).

B. Kawruh Basa
Apa tegese tembung kang kacithak miring ing ngisor iki ?

1. Ngecakake tata krama karo sapa wae.

2. Kalamangsa dheweke sinau kelompok karo aku.

3. Aja kewanen, apike ngenggo deduga.

4. Wani karo sedulur iku ora prayoga.

5. Atur panuwun sinawung ing tembang Dhandhanggula.

6. Aywa sira gunggung dhiri, iku tan prayoga.

7. Apa perabot rumah tangga wis padha ditata ing omah anyar ?
8. Sang prabu kondur saking kedhaton banjur nendra ing pagulingan.

9. Satuhune pancen beda kahanan jaman biyen lan saiki.

10. Aja digebyah uyah, ora saben siswa ora duwe tata krama, isih akeh sing duwe
subasita.

C. Mangsuli Pitakon

1. Sapa sing kudu nindakake tata karma ?

2. Nindakake tata krama kudu dikulinakake wiwit cilik. Apa sebabe ?

3. Apa sebabe nindakake tata krama kudu nggatekake panggonan ?

4. Coba wenehana tuladhane tata krama sing kok ngerteni !

a. ing sekolah

b. ing omah

5. Aranana tuladhane tata karma :

a. Sing biyen dianggep ala saiki dianggep lumrah.

b. Biyen dianggep ala, saiki tetep dianggep ala.

c. Biyen dianggep becik, saiki lan besuk uga becik.

II. MICARA
Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam
berbagai bentuk wacana lisan dan non-lisan tentang bahasa, sastra
dan budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-
ungguh bahasa sesuai dengan konteks buaya Jawa.
Kompetensi Dasar : Memperkenalkan diri dan orang lain dengan sikap santun dan dengan
tingkat tutur yang tepat.
Indikator : * Melafalkan kalimat perkenalan berbahasa Jawa dengan tingkat tutur ngoko
dan atau krama dengan lancar dan intonasi yang sesuai denga konteks
pembicaraan.
* Mengembangkan wicara perkenalan dengan menggunakan tingkat tutur
ngoko dan atau krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan dan perilaku sebagai penanda sikap
santun.
Materi : Pacelathon.

A. Pacelathon
Tindakna pacelathon iki !
Dina senin iku, dina sing wigati tumrap para siswa SMA Taruna Bakti sebab Masa
Pengenalan Sekolah diwiwiti. Sarampunge upacara pembukaan MPS, ana wektu kanggo
leren sawetara. Sinambi ngenteni kegiatan sabanjure, ana siswa kang mloka-mlaku karo
kancane sing wis kenal, ana sing mung lungguhan ing ngarep kelas, ana sing maca madding
utawa koran ing papan informasi.
Widada mung ijen ing SMA Taruna Bakti, ora ana kanca sing saka SMP sadurunge,
dheweke banjur nyedhaki bocah sing ana ing sisihe, karo ngulungake tangane, tembunge
alon, polatane grapyak lan sumanak.
Widada : “Kenalke, aku Widada kelas XB, yen kowe ?”
Andika : ”Andika, aku iya kelas XB, sajake aku wis tahu weruh kowe sadurunge,
nanging neng endi ya, aku kok lali.”
Widada : ”Lha neng endi, apa nalika ing kene njupuk formulir pendhaftaran, apa neng
endi coba eling-elingen?”
Andika : ”O, ya, apa kowe melu club basket, sajake tahu tandhing karo club basket
karo SMP ku biyen.”
Widada : “Bener, mula aku sajak wis tahu weruh kowe, omahmu ngendi An ?”
Andika : ”Desa Karangsari cedhak daleme Pak Lurah, yen kowe endi ?”
Widada : ”Yen omahku rada adoh saka kene, ing Perumahan Griya Mulya, kira-kira
ya 8 km saka kene.”
Andika : ”Wah yen ngono budhalmu sekolah luwih esuk tinimbang aku ya, aku yen
sekolah mung mlaku lho.”
Widada : ”Kepenak kuwi, yen aku jam 6.15 wis kudu mangkat, ngepit alon-alon, kira-
kira jam 6.45 wis tekan.”
Andika : ”Mengko lungguhe jejer wae, kapan dolan omahku, apa mengko bali sekolah
mampir ?”
Widada : ”Ya kena wae, kae wis bel, ayo neng aula sekolah mesthine kegiyatan bakal
dibacutake.”
Andika : ”Ya ayo….”
B. Unggah-ungguh
Saka pacelathon antarane Widada lan Andika bisa kajupuk dudutan yen bocah loro
iku migunakake tata krama ingsrawunge. Sanajan migunakake basa Jawa ngoko sing prasaja,
nanging bocah loro iku tansah ajen-ingajenan. Ora migunakake tembung sing kasar sing bisa
gawe seriking ati. Tansah grapyak lan sumanak. Tembunge kepenak dirungokake lan gawe
enaking ati sing diajak srawung.
Pancen tetembunganwong guneman iku warna-warna. Ana sing mboseni utawa gawe
gela sebab tembunge nylekit, gawe serik. Tetembungan bisa ngraketake paseduluran, nanging
bisa methalake kekadangan. Yen ora ngeti-ati, tembung sakecap bisa gawe serik selawase
urip.
Ana tembung sing bisa natoni utawa nyilakani wong liya. Ana tembung kang landhep,
landhepe ngungkuli pedhang. Mula diati-ati ing saben ucap, tembung lan gunem. Mung wae,
banjur aja wedi guneman. Becike guneman saperlune, lumrah lan sacukupe wae.
Sing kudu digatekake wong guneman :

1. Sapa sing diajak guneman ?

2. Kapan wektune ?

3. Ing endi papan ?

4. Basa apa sing digunakake ?

5. Apa sing dirembug ?

6. Kepriye kahanane sing diajak guneman ?


Tetembungan sing diucapake nalika upacara lumrah lan cetha, banter, santak, ora
gojak-gajek. Beda karo tetembungan nalika matur guru, utawa nyuwun priksa nalika
pelajaran, ukarane becik anggone ngucapake alon/alus. Kanthi mangkono wong sing
guneman bakal diajeni wong liya sebab bisa ngetrepake karo kahanan.

C. Gawe Pacelathon

Gawea pacelathon prasaja sawise rampung banjur tindakna karo kancamu !


Bab sing digawe pacelathon bisa milih andharan iki :
a. Pitepungan Pak Basuki minangka wali kelas XB marang siswane.
b. Bu Widati minangka warga anyar tepungan karo Bu Rani.
c. Suhardi pitepungan karo kanca-kanca ing kursus komputer.
d. Pak Sugita minangka guru ekstra karawitan karo siswa kelas XA.

III. MACA
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang bahasa,
sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.
Kompetensi Dasar : Memahami dongeng atau cerita
Indikator : * Mengungkapkan ringkasan isi dongeng atau cerita wayang denga bahasa Jawa
tingkat tu-tur krama.
* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti
dalam dongeng atau cerita wayang.
Materi : Membaca cerita wayang

A. Crita Wayang

Wacanen kanthi premati !

SEMAR
Semar iku putrane Sang Hyang Wenang lan Dewi Wiranti. Sedulure Semar ana
loro yaiku Sang Hyang Antaga ( Togog) lan Sang Hyang Manikmaya ( Bathara Guru ).
Sedulur telu iku dumadi saka cahya putih kaya dene endhog. Kulite dadi Antaga,
putihe dadi Ismaya (Semar ) lan kuninge dadi Manikmaya ( Bathara Guru). Nalika Semar
manggon ing kahyangankanthi asma Sang Hyang Ismaya.
Sesebutan Semar liyane Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Janggan Asmaransanta,
Bogajati, Boga Sampir mapan ing Karang Kedhepel. Sadurunge dadi Semar, wujud
BAthara Ismaya sing bagus lan mapan ing kahyangan. Nanging banjur dadi Semar,
cendhek, mblendhung wetenge lan rembes mripate.
Critane mangkene :
Sedulur telu yaiku Antaga, Ismaya lan Manikmaya melu sayembara. Sapa bisa
ngelu jagad bakal dadi ratuning kahyangan. Sepisan Antaga nyoba, ora bisa malah suwek
lambene banjur salin wujud dadi Togog sing amba lambene. Semar bisa ngulu jagad,
nanging ora bisa ngetokake mula wetengedai gedhe. Sing bisa mung Manikmaya, mula
banjur diangkat dadi ratuning Dewa ing kahyangan kanthi sesebutan Bathara Guru.
Dening Sang Hyang Wenang, Ismaya kadhawuhan mudhun ing ngarcapada,
donyaning manungsa dadi pamomonge satriya, kalebu leluhure Pandhawa saanak turune.
Semar duwe anak telu yaiku Gareng, Petruk, Bagong. Banjur wong papat diarani
Panakawan utawa Punakawan (pana: ngerti, kawan: kanca).
Semar tansah paring wewarah marang bendara kang lagi susah atine. Negara sing
kena pageblug, katekan Semar bisa dadi tentrem, ayem lan mulya. Tumrap para satriya
Pandhawa, Semar dianggep pepundhene dewa ngejawantah, bisa ngerti sadurunge
prakara dumadi ing donya.
Sanajan ala wujude, Semar luhur bebudene, tata kramane ganep, sabar, ora tau
nesu, tresna asih marang sapadhane lan wicaksana. Yen lagi nesu , dewa utawa manungsa
ora ana sing bisa nandhingi, kajaba Sang Hyang Wenang.
Budi Pekerti :
1. Aja mbiji manungsa saka blegere awak, nanging saka tumindake. Wong becik rupane
durung mesthi luhur budine.
2. Abdi kudu setya lan bekti marang bendara.
3. Manungsa kudu bisa nampa pepesthening / takdire Gusti.
(Jatirahayu, 2002: Mutyara Rinonce, Budi Pekerti Ing Pewayangan)

B. Kawruh Basa
Tembung ing wacan iki golekana tegese !

1. Panjenengan asmanipun sinten ?

2. Semar iku asale saka kahyangan.

3. Semar mudhun saka kahyangan menyang ngarcapada.

4. Abdina Raden Arjuna iku diarani panakawan / punakawan.


5. Ing negara Ngamarta lagi ana pageblug, kawula lara esuk, sore mati.

6. Gusti kang Maha Kuwasa kang nyiptakake jagad saisine.

7. Para guru tansah paring wewarah marang muride.

8. Para pepundhen ingkang tansah kinurmatan.

9. Semar iku dewa kang ngejawantah dadi manungsa lumrah.

10. Blegere Semar pancen ora sepiraa, nanging luhur bebudene, sekti mandraguna.

C. Mangsuli Pitakon
Kawangsulana nganggo basa karma !

1. Sinten Semar menika ?

2. Sedherekipun wonten pinten, cobi kasebatna ?

3. Kadospundi dumadine Semar sesedhereipun ?

4. Sinten kemawon sesebatanipun Semar ?

5. Nalika ing kahyangan kadospundi kawontenanipun Semar ?

6. Menapa sebabipun Semar dados ala wujudipun ?

7. Menapa sebaipun Manikmaya dados ratuning dewa ?

8. Antaga lan Ismaya wujudipun dados awon, menapa sebaipun ?

9. Sinten kemawon punakawan menika ?

10. Kadospundi watakipun Semar menika ?

D. Maca Jawa
Cobi seratan Jawi menika kawaosa kanthi leres !

1.Är[mai=g[wsepiai=pmºihmemyuayuni=bwn.

2.ÄzufilkuautmknQismPu/nai=bufi.

3. ÄallnBecikHikufumunu=anaw[kK[d[w.

4.Äspllimr=kbecikKnNi=liynHikuky[kwn¿,

5.ÄaucpHikubisffijlrnKbecikKnLnJlrnNi=pti.

6.ÄmultSlirtnSh[ali=lwnWsPf.
7.Äsi=spkulintuminFkHlbklCilkauri[pP.

8.ÄbegJbegJ[nk=lliaisihbegJk=[ali=lwnWsPf.

9.Äajrum=sbisnzi=bisarum=s.

10.Ä[ynFibecikKi[w=oliytulisSenHi=wtusupy[aorgmP=lli.

IV. NULIS
Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang bahasa,
sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis
Kompetensi Dasar : Menulis wacana beraksara Jawa..
Indikator : Mengalihaksarakan kata dan kalimat yang beraksara latin dalam aksara Jawa de-ngan
tepat.
Materi : Menulis aksara jawa

A. Intisarining Wacan

Cobi waosan Semar menika kaserata intisarinipun, utawi karingkes, lajeng dipunserat
bab ingkang pokok-pokok kemawon, kanthi basa ingkang sae !

B. Nulis Tata Krama

Ing mata pelajaran PKK mesthine para siswa wis tau oleh pamulangan bab tata kramane
wong mangan. Kajaba iku ing kulawarga mesthi diajari carane mangan kang becik utawa
malah duwe pengalaman tata kramane wong mangan ing omah, yen duwe tamu, utawa
ing restoran.

Tugas

Tulisen tata kramane wong mangan, yaiku :

1. Bab-bab sing kudu ditindakake nalika wong padha mangan bebarengan.

2. Bab-bab kang ora oleh katindakake nalika wong padha mangan bebarengan.

C. Nulis Jawa
Kaserata mawi aksara Jawi !

1. Antaga lan Manikmaya iku sedulure Semar.

2. Bisa ngulu jagad dadi ratu kahyangan.

3. Sedulur telu dumadi saka cahya putih.

4. Bathara Ismaya bagus rupane.


5. Lurah Badranaya mapan ing Karang Kedhepel.

6. Ismaya kadhawuhan mudhun ing donya.

7. Momong para satriya kalebu PAndhawa.

8. Semar, Gareng, Petruk, Bagong iku Punakawan.

9. Bendara sing susah atine dilelipur.

Semar ala wujude nanging luhur budine

Advertisements
Report this ad
Report this ad

Pages
 1. Profil
 2. LKS
o A. LKS 1
o B. LKS 2
o C. LKS 3
o D. LKS 4
o E. LKS 5
o F. LKS 6
o G. LKS 7
o H. LKS 8

Anda mungkin juga menyukai