Anda di halaman 1dari 10

I.

NYEMAK

Standar Kompetensi :Mampu memahami dan menangapi berbagai ragam wacana lisan
tentang bahasa, sastra dan budaya Jawa melalui menyimak informasi
dari media elektronik maupun cerita yang disampaikan secara langsung
atau melalui rekaman.

Kompetensi Dasar : Menyimak dan menanggapi siaran dan informasi dari media elektronik,
tuturan langsung atau pembacaan teks.

Indikator : * Mengungkapkan kembali secara lisan isi yang terdapat dalam media ceta

* Mengungkapkan kembali secara tertulis isi yang terdapat dalam media cetak

* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti

A. Nyemak Wacan.

Salah siji siswa maca, liyane nyemak.

SALIN JAMAN SALIN TATANAN

Ing ngendi papan, wektu, jaman biyen, saiki nganti tekan besuk kabeh wong padha nindakake
tata krama. Mung wae kudu eling papan siji lan sijine, desa siji lan sijine, kutha siji lan sijine
malah negara siji lan sijine ana bedane, ora padha cak-cakane. Trep karo unen-unen: desa
mawa cara negara mawa tata, salin enggon salin tatanan. Unen-unen basa Indonesia: “ Lain
ladang lain belalang, lain lubuk lain ikannya”.

Ngecakake tata krama iku kudu empan papan, aja nganti digebyah uyah. Anggone nindakake
kudu ngelingi papane, kahanane, wektune, dicocogake karo kala mangsane. Kena diunekake
salin jaman salin tatanan. Sing biyen dianggep becik, bok menawa saiki bisa dianggep ala.
Kang saiki ala bisa uga besuk kalebu becik.

Tuladhane: Dhek biyen wong omong mangan karo omong utawa mlaku iku ora becik. Jaman
saiki lumrah wae wong mangan karo omong utawa karo mloka-mlaku, kaya dene yen jagong
ing acara manten/ syukuran, bubar salaman karo sing duwe gawe banjur diacarani dhahar
prasmanan, lumrahe ing gedhung ora dicepaki kursi akeh kaya cacahe undhangan, mula
banjur ana sing dhahar karo ngadeg lan ngobrol. Biyen bocah sekolah, kudu lungguh bangku
ngrungokake lan nggatekske karo tanganne sedheku. Saikimmurid nalika ing kelas ora kudu
tumindak mangkono, bisa bebas sing penting tertib. Biyen wong mlaku ing kraton utawa
cedhak kraton karo ndhingkluk lan meneng, nanging saiki malah padha guneman, menga-
mengo, tudang-tuding karo ndeleng mrana-mrene.

Mesthi wae ana bab liya sing biyen al saiki iya ala, umpamane: bab colong jupuk, ngapusi
utawa goroh, wani marang wong tuwa, ulangan sekolah ngepek. Mangkono uga biyen becik
saiki iya tetep becik, besuk uga tetep becik, umpamane: seneng tetulung, seneng weweh,
bekti marang wong tuwa, sregep sinau, sregep nyapu, jujur, lan sapanunggalane.

Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga. Kabeh
tumindake wong urip kuwi becik yen tansah nganggo: deduga, prayoga, pangira-ira, pangati-
ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang Sinuwun Pakubuwana IV ing
bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju
lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab duga lan prayoga iku
pirantining urip sing ora kena ditinggal. Kabeh mau sinawung ing tembang Pangkur:

Iku parabot satuhu

Tan kena tininggala

Deduga lawan prayoga

Myang watara reringa aywa lali

Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku

Angucap meneng anendra,

Ringa-ringa aywa lali.

Cekak aose sakabehing tumindake wong urip ing alam donya kudu nganggo tata krama,
tansah nganggo deduga utawa pangati-ati. Sing gelem nindakake tata krama uripr bakal
tentrem, begja, tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing bisa migunakake
tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine, dikurmati, diajeni wong liya lan dadi
tuladha urip sing utama. ( Sudiyatmana, 1994).
B. Kawruh Basa

Apa tegese tembung kang kacithak miring ing ngisor iki ?

1. Ngecakake tata krama karo sapa wae.

2. Kalamangsa dheweke sinau kelompok karo aku.

3. Aja kewanen, apike ngenggo deduga.

4. Wani karo sedulur iku ora prayoga.

5. Atur panuwun sinawung ing tembang Dhandhanggula.

6. Aywa sira gunggung dhiri, iku tan prayoga.

7. Apa perabot rumah tangga wis padha ditata ing omah anyar ?

8. Sang prabu kondur saking kedhaton banjur nendra ing pagulingan.

9. Satuhune pancen beda kahanan jaman biyen lan saiki.

10. Aja digebyah uyah, ora saben siswa ora duwe tata krama, isih akeh sing duwe subasita.

C. Mangsuli Pitakon

1. Sapa sing kudu nindakake tata karma ?

2. Nindakake tata krama kudu dikulinakake wiwit cilik. Apa sebabe ?

3. Apa sebabe nindakake tata krama kudu nggatekake panggonan ?

4. Coba wenehana tuladhane tata krama sing kok ngerteni !

a. ing sekolah

b. ing omah

5. Aranana tuladhane tata karma :

a. Sing biyen dianggep ala saiki dianggep lumrah.

b. Biyen dianggep ala, saiki tetep dianggep ala.

c. Biyen dianggep becik, saiki lan besuk uga becik.


II. MICARA

Standar Kompetensi : Mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan dan tanggapan dalam


berbagai bentuk wacana lisan dan non-lisan tentang bahasa, sastra dan
budaya Jawa dengan menggunakan santun bahasa atau unggah-ungguh
bahasa sesuai dengan konteks buaya Jawa.

Kompetensi Dasar : Memperkenalkan diri dan orang lain dengan sikap santun dan dengan
tingkat tutur yang tepat.

Indikator : * Melafalkan kalimat perkenalan berbahasa Jawa dengan tingkat tutur ngoko dan
atau krama dengan lancar dan intonasi yang sesuai denga konteks pembicaraan.

* Mengembangkan wicara perkenalan dengan menggunakan tingkat tutur


ngoko dan atau krama.

* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan dan perilaku sebagai penanda sikap


santun.

Materi : Pacelathon.

A. Pacelathon

Tindakna pacelathon iki !

Dina senin iku, dina sing wigati tumrap para siswa SMA Taruna Bakti sebab Masa
Pengenalan Sekolah diwiwiti. Sarampunge upacara pembukaan MPS, ana wektu kanggo
leren sawetara. Sinambi ngenteni kegiatan sabanjure, ana siswa kang mloka-mlaku karo
kancane sing wis kenal, ana sing mung lungguhan ing ngarep kelas, ana sing maca madding
utawa koran ing papan informasi.

Widada mung ijen ing SMA Taruna Bakti, ora ana kanca sing saka SMP sadurunge, dheweke
banjur nyedhaki bocah sing ana ing sisihe, karo ngulungake tangane, tembunge alon, polatane
grapyak lan sumanak.

Widada : “Kenalke, aku Widada kelas XB, yen kowe ?”


Andika : ”Andika, aku iya kelas XB, sajake aku wis tahu weruh kowe sadurunge, nanging
neng endi ya, aku kok lali.”

Widada : ”Lha neng endi, apa nalika ing kene njupuk formulir pendhaftaran, apa neng endi
coba eling-elingen?”

Andika : ”O, ya, apa kowe melu club basket, sajake tahu tandhing karo club basket karo SMP
ku biyen.”

Widada : “Bener, mula aku sajak wis tahu weruh kowe, omahmu ngendi An ?”

Andika : ”Desa Karangsari cedhak daleme Pak Lurah, yen kowe endi ?”

Widada : ”Yen omahku rada adoh saka kene, ing Perumahan Griya Mulya, kira-kira ya 8 km
saka kene.”

Andika : ”Wah yen ngono budhalmu sekolah luwih esuk tinimbang aku ya, aku yen sekolah
mung mlaku lho.”

Widada : ”Kepenak kuwi, yen aku jam 6.15 wis kudu mangkat, ngepit alon-alon, kira-kira
jam 6.45 wis tekan.”

Andika : ”Mengko lungguhe jejer wae, kapan dolan omahku, apa mengko bali sekolah
mampir ?”

Widada : ”Ya kena wae, kae wis bel, ayo neng aula sekolah mesthine kegiyatan bakal
dibacutake.”

Andika : ”Ya ayo….”

B. Unggah-ungguh

Saka pacelathon antarane Widada lan Andika bisa kajupuk dudutan yen bocah loro iku
migunakake tata krama ingsrawunge. Sanajan migunakake basa Jawa ngoko sing prasaja,
nanging bocah loro iku tansah ajen-ingajenan. Ora migunakake tembung sing kasar sing bisa
gawe seriking ati. Tansah grapyak lan sumanak. Tembunge kepenak dirungokake lan gawe
enaking ati sing diajak srawung.
Pancen tetembunganwong guneman iku warna-warna. Ana sing mboseni utawa gawe gela
sebab tembunge nylekit, gawe serik. Tetembungan bisa ngraketake paseduluran, nanging bisa
methalake kekadangan. Yen ora ngeti-ati, tembung sakecap bisa gawe serik selawase urip.

Ana tembung sing bisa natoni utawa nyilakani wong liya. Ana tembung kang landhep,
landhepe ngungkuli pedhang. Mula diati-ati ing saben ucap, tembung lan gunem. Mung wae,
banjur aja wedi guneman. Becike guneman saperlune, lumrah lan sacukupe wae.

Sing kudu digatekake wong guneman :

1. Sapa sing diajak guneman ?

2. Kapan wektune ?

3. Ing endi papan ?

4. Basa apa sing digunakake ?

5. Apa sing dirembug ?

6. Kepriye kahanane sing diajak guneman ?

Tetembungan sing diucapake nalika upacara lumrah lan cetha, banter, santak, ora gojak-
gajek. Beda karo tetembungan nalika matur guru, utawa nyuwun priksa nalika pelajaran,
ukarane becik anggone ngucapake alon/alus. Kanthi mangkono wong sing guneman bakal
diajeni wong liya sebab bisa ngetrepake karo kahanan.

C. Gawe Pacelathon

Gawea pacelathon prasaja sawise rampung banjur tindakna karo kancamu !

Bab sing digawe pacelathon bisa milih andharan iki :

a. Pitepungan Pak Basuki minangka wali kelas XB marang siswane.

b. Bu Widati minangka warga anyar tepungan karo Bu Rani.

c. Suhardi pitepungan karo kanca-kanca ing kursus komputer.

d. Pak Sugita minangka guru ekstra karawitan karo siswa kelas XA.
III. MACA

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan tentang bahasa,
sastra dan budaya serta menganalisis struktur dan isinya.

Kompetensi Dasar : Memahami dongeng atau cerita

Indikator : * Mengungkapkan ringkasan isi dongeng atau cerita wayang denga bahasa Jawa
tingkat tu-tur krama.

* Mengidentifikasi ungkapan-ungkapan yang mengandung nilai-nilai budi pekerti


dalam dongeng atau cerita wayang.

Materi : Membaca cerita wayang

A. Crita Wayang

Wacanen kanthi premati !

SEMAR

Semar iku putrane Sang Hyang Wenang lan Dewi Wiranti. Sedulure Semar ana loro yaiku
Sang Hyang Antaga ( Togog) lan Sang Hyang Manikmaya ( Bathara Guru ).

Sedulur telu iku dumadi saka cahya putih kaya dene endhog. Kulite dadi Antaga, putihe dadi
Ismaya (Semar ) lan kuninge dadi Manikmaya ( Bathara Guru). Nalika Semar manggon ing
kahyangankanthi asma Sang Hyang Ismaya.

Sesebutan Semar liyane Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Janggan Asmaransanta, Bogajati,


Boga Sampir mapan ing Karang Kedhepel. Sadurunge dadi Semar, wujud BAthara Ismaya
sing bagus lan mapan ing kahyangan. Nanging banjur dadi Semar, cendhek, mblendhung
wetenge lan rembes mripate.

Critane mangkene :

Sedulur telu yaiku Antaga, Ismaya lan Manikmaya melu sayembara. Sapa bisa ngelu jagad
bakal dadi ratuning kahyangan. Sepisan Antaga nyoba, ora bisa malah suwek lambene banjur
salin wujud dadi Togog sing amba lambene. Semar bisa ngulu jagad, nanging ora bisa
ngetokake mula wetengedai gedhe. Sing bisa mung Manikmaya, mula banjur diangkat dadi
ratuning Dewa ing kahyangan kanthi sesebutan Bathara Guru.

Dening Sang Hyang Wenang, Ismaya kadhawuhan mudhun ing ngarcapada, donyaning
manungsa dadi pamomonge satriya, kalebu leluhure Pandhawa saanak turune. Semar duwe
anak telu yaiku Gareng, Petruk, Bagong. Banjur wong papat diarani Panakawan utawa
Punakawan (pana: ngerti, kawan: kanca).

Semar tansah paring wewarah marang bendara kang lagi susah atine. Negara sing kena
pageblug, katekan Semar bisa dadi tentrem, ayem lan mulya. Tumrap para satriya Pandhawa,
Semar dianggep pepundhene dewa ngejawantah, bisa ngerti sadurunge prakara dumadi ing
donya.

Sanajan ala wujude, Semar luhur bebudene, tata kramane ganep, sabar, ora tau nesu, tresna
asih marang sapadhane lan wicaksana. Yen lagi nesu , dewa utawa manungsa ora ana sing
bisa nandhingi, kajaba Sang Hyang Wenang.

Budi Pekerti :

1. Aja mbiji manungsa saka blegere awak, nanging saka tumindake. Wong becik rupane
durung mesthi luhur budine.

2. Abdi kudu setya lan bekti marang bendara.

3. Manungsa kudu bisa nampa pepesthening / takdire Gusti.

(Jatirahayu, 2002: Mutyara Rinonce, Budi Pekerti Ing Pewayangan)

B. Kawruh Basa

Tembung ing wacan iki golekana tegese !

1. Panjenengan asmanipun sinten ?

2. Semar iku asale saka kahyangan.

3. Semar mudhun saka kahyangan menyang ngarcapada.

4. Abdina Raden Arjuna iku diarani panakawan / punakawan.


5. Ing negara Ngamarta lagi ana pageblug, kawula lara esuk, sore mati.

6. Gusti kang Maha Kuwasa kang nyiptakake jagad saisine.

7. Para guru tansah paring wewarah marang muride.

8. Para pepundhen ingkang tansah kinurmatan.

9. Semar iku dewa kang ngejawantah dadi manungsa lumrah.

10. Blegere Semar pancen ora sepiraa, nanging luhur bebudene, sekti mandraguna.

C. Mangsuli Pitakon

Kawangsulana nganggo basa karma !

1. Sinten Semar menika ?

2. Sedherekipun wonten pinten, cobi kasebatna ?

3. Kadospundi dumadine Semar sesedhereipun ?

4. Sinten kemawon sesebatanipun Semar ?

5. Nalika ing kahyangan kadospundi kawontenanipun Semar ?

6. Menapa sebabipun Semar dados ala wujudipun ?

7. Menapa sebaipun Manikmaya dados ratuning dewa ?

8. Antaga lan Ismaya wujudipun dados awon, menapa sebaipun ?

9. Sinten kemawon punakawan menika ?

10. Kadospundi watakipun Semar menika ?

IV. NULIS

Standar Kompetensi : Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, dan gagasan tentang


bahasa, sastra, dan budaya Jawa dalam ragam tulis

Kompetensi Dasar : Menulis wacana beraksara Jawa..

Indikator : Mengalihaksarakan kata dan kalimat yang beraksara latin dalam aksara Jawa de-
ngan tepat.

Materi : Menulis aksara jawa


A. Intisarining Wacan

Cobi waosan Semar menika kaserata intisarinipun, utawi karingkes, lajeng dipunserat bab
ingkang pokok-pokok kemawon, kanthi basa ingkang sae !

B. Nulis Jawa

Kaserata aksara Jawi!

Anda mungkin juga menyukai