Anda di halaman 1dari 11

LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK

UNGGAH- UNGGUH BASA


NYUWUN PIRSA

FASE D/BERBICARA
KELAS VII
SEMESTER GASAL
GEMPAR ATHIAH ATAS ASIH
CAPAIAN PEMBELAJARAN DAN TUJUAN PEMBELAJARAN

CAPAIAN PEMBELAJARAN
Deskripsi/ Capaian Pembelajaran

Peserta didik mampu menyampaikan gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan
dengan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah unggah-ungguh basa dan tata bahasa untuk
menyampaikan pendapat, pemecahan masalah, dan pemberian solusi secara lisan
dalam bentuk monolog dan dialog logis, kritis, dan kreatif.

TUJUAN PEMBELAJARAN
Melalui model pembelajaran Problem Based Learning (PBL) dan setelah menyimak
video contoh penerapan unggah–ungguh basa, tujuan pembelajaran yang diharapkan
setelah pembelajaran ini:
1. Peserta didik mampu menganalisis dialog Bahasa Jawa sesuai dengan kaidah
kebahasaan (paramasastra) dan unggah- ungguh nyuwun pirsa

2. Peserta didik mampu membuat teks dialog yang sesuai dengan kaidah kebahasaan
(paramasastra) dan unggah- ungguh nyuwun pirsa
PETA KONSEP
AKTIVITAS PEMBELAJARAN

Stimulus

Pertanyaan Pemantik
1. Para pelajar sinten ingkang mangertos punapa unggah ungguh iku ?
2. Nalika panjenengan wonten panggenan umum, wonten mriku panjenegan ngersakaken
dhateng jedhing, nanging boten mangertos pundi jedhingipun. Lajeng panjengan kados pundi
?
Asessment diagnostik kognitif
https://forms.gle/eC8PRYGH3nhqEWNy5

Orientasi siswa pada masalah

➢ Materi Faktual

Sumangga para siswa nyimak video saking link youtube menika


https://youtu.be/Q7QSTFb6E-g
Saking video menika menapa sampun leres patrapipun anggenipun nyuwun pirsa ?
Undha- usuking basa ingkang dipunginakaken sampun leres menapa dereng ?

Mengorganisasi Siswa Pada


Belajar

➢ Materi Konseptual

Pangertosan unggah- ungguh

Unggah-ungguh basa inggih menika paugeran utawi tata cara gineman kaliyan
tiyang ingkang dipunajak gineman Trap-trapanipun basa ingkang ngandhut surasa
pakurmatan. Unggah- ungguh ugi nerapaken tumindak kita nalika nembe pepanggihan
kaliyan tiyang sanes.
Unggah- ungguh Nyuwun Pirsa
Nyuwun pirsa
Nyuwun informasi dhateng tiyang sanes. Menawi nyuwun pirsa dhumateng
tiyang ingkang langkung sepuh mila dipunginakaken basa krama.
Ancas
Kangge madosi informasi ingkang dipunbetahaken

Tata Cara Nyuwun Pirsa


1.Salam pambuka
Dipunginakaken nalika mbuka pawicantenan dhateng tiyang ingkang dipunsuwuni pirsa.
tuladhanipun : Assalamu'alaikum, sugeng enjing, sugeng siyang, lsp
2. Nyuwun Palilah
tuladhanipun: nuwun sewu, nuwun idin lsp.
3. Mbabar pikajengan
ngandharaken ancasipun dhateng tiyang ingkang dipunsuwuni pirsa
tuladhanipun : "Bapak/Ibu kula badhe nyuwun pirsa kasilipun nilai basa jawa kalawingi
menapa wonten ingkang remidi ?"
4. Atur panuwun
dipunginakaken amargi kita sampun diparingi informasi
tuladhanipun : matur nuwun
5. Nyuwun Pangapunten
dipunginakaken amargi sampun ngresahi wekdalipun tiyang ingkang dipunsuwuni pirsa.
6. Salam Panutup

Patrap Nalika Nyuwun Pirsa


Nalika badhe nyuwun pirsa kedahipun nyerak dhateng tiyang ingkang dipunsuwuni
pirsa, kanthi sopan santun ngaturaken salam pambuka, matur kanthi cetha ngenani ancasipun
nyuwun pirsa ugi ngginakaken undha- usuk basa ingkang trep. Sasampunipun dipunparingi
informasi ampun kesupe ngaturaken panuwun amargi sampun dipunparingi informasi.

Pengertian Undha- Usuk Basa

Wonten sesanti "Ajining dhiri saka lathi", wonten ing sesanti kasebat lathi
menika mralambangaken pawicantenan utwai wedaling basa. Kanthi mekaten, sesanti
menika gadhah suraos bilih tiyang ingkang basanipun sae, tansah ngginakaken unggah-
ungguh basa, mesti dipunaosi dening tiyang sanes.
Ing masarakat Jawi, sanadyan ta samenika sampun kawastan modern, nanging
pancen sampun dados watak- wantunipun tiyang Jawi menika remen ngoasi dhateng
tiyang sanes. Samenika ugi sampun jamanipun demokrasi, dados status-ipun tiyang
menika inggih sami, namung wonten kasunyatanipun taksih wonten tiyang ingkang
martabat saha status-ipun inggil, inggih menika tiyang ingkang sukses, saha wonten
ingkang andhap, inggih menika kirang utawi dereng sukses. Dados taksih tetep wonten
undha- usuk basa, saboten- botenipun basa ngoko saha basa krama. Samangke basa
ngoko saha basa krama menika inggih taksih dipunperang malih dados ngoko lugu lan
ngoko alus saha krama lugu lan krama alus.

Ragam Undha- Usuk Basa


Basa Ngoko
1. Ngoko Lugu
Ngoko lugu inggih menika unggah-ungguh basa Jawa ingkang
tetembunganipun awujud ngoko saha netral (leksikon ngoko saha netral) tanpa wonten
campuran krama, krama inggil, utawi krama andhap kangge O1, O2, saha O3
(Sasangka, 2009: 102). Ragam ngoko limrahipun dipunginakaken wonten kahanan
kados makaten : a.
a) Bocah kalihan bocah
b) Tiyang sepuh marang bocah
c) Guru marang murid
d) Pejabat marang andhahane
e) Mbatin (gineman karo awake dhewe)
Tuladha :
Guru : “Cah, aja lali sesuk nggawa piranti kanggo gawe prakarya! Diwadhahi besek
ben ora mocar-macir.”
Murid : “Menawi boten gadhah besek Pak?”
Guru : “Nganggo kerdus ya kena.”
Murid : “Inggih Pak.”
2. Ngoko Alus
Ngoko alus inggih menika unggah-ungguh basa ingkang ngandhut leksikon
ngoko, leksikon netral, lan krama. Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko
Alus inggih menika :
a) Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa urmat.
b) Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging nduweni
sesambungan sing rumaket.
c) Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur, ananging
saperangan luwih asor.
d) Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur.
Tuladha :
Pak Narya kalihan Bu Dian minangka kanca kantor ingkang sesrawungnipun rumaket
ananging kangge atur pakurmatan satunggal lan satunggalipun ngginakaken basa ngoko
alus.
Pak Narya : “Bu, panjenengan ngasta payung?”
Bu Dian : “Ana neng cedhak meja.”
Pak Narya : “Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.”
Bu Dian : “Iya,panjenengan asta wae ora apa-apa.”
Pak Narya : “Lha panjenengan mengko kejawahan?”
Bu Dian : “Ora, aku ana serepe. “
Pak Narya : “Matur nuwun bu”
Basa Krama
1. Krama Lugu
Krama lugu inggih menika basa krama ingkang tembung-tembunge lugu lan
boten kecampuran tembung-tembung krama inggil dhateng tiyang ingkang dipunajak
gineman, tuladhanipun tembung kowe dados sampeyan, tembung aku dados kula.
Panganggenipun:
a) Dhateng sesamining kanca ingkang dereng supeket (akrab).
b) Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging ingkang
dipunajak gineman wau sinaosa enem nanging wajib kinurmatan.
c) Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan(drajat pangkat) inggil dhateng
andhahanipun, ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi
wajib kinurmatan.
d) Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang
limrah ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.
Tuladhanipun krama lugu inggih menika ginemanipun Pak Ketua RT dhateng
para pemudha ing parepatan (pepanggihan pemuda)
“Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturaken panuwun dhateng sampeyan
sadaya dene sampun purun dugi ing pepanggihan menika.”
2. Krama alus
Krama alus inggih menika basa krama ingkang tembung-tembungipun alus lan
kecampuran kaliyan tembung-tembung krama inggil tumrap tiyang ingkang dipunajak
gineman. Panggenanipun:
a) Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman,
lan ingkang dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang
ingkang kagungan pangkat inggil.
b) Tiyang ingkang gineman langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang
dipunajak gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
c) Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang
ingkang dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib
kinurmatan.
Tuladhanipun krama alus inggih menika ginemanipun wayah(putu) dhateng
eyangipun:
Wisnu : Kados pundi Mbah gerahipun, sampun dhangan menapa dereng? (Krama
Inggil)
Eyang : Rasane kok durung iki. Miturut kowe kepriye Le, supayane simbah cepet mari?
(Ngoko Lugu)
Wisnu : Makaten kemawon Mbah, ing mangke simbah kula dherekaken tindak dhateng
Puskesmas, kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter. (Krama Inggil)

TULADHANIPUN NYUWUN PIRSA


Nalika Ahmad didhawuhi Bu Atik mendhet buku basa jawa wonten kantor, Ahmad boten
ngertos pundi mejanipun Bu Atik, lajeng Ahmad nyuwun pirsa dhumateng Pak Endra
ingkang nembe lenggah wonten kantor.
Ahmad : " Sugeng enjing Pak,nuwun sewu kula badhe nyuwun pirsa mejanipun bu Atik
ingkang pundi nggih ? "
Pak Endra : "mejane ing pojok sisih wetan, le,"
Ahmad : "Inggih pak" (sinambi mlaku menyang mejane Bu Atik). "Sampun Bapak, matur
nuwun nyuwun pangapunten sampun ngresahi wekdalipun panjenengan, segeng enjing Pak,
Mangga."
Pak Endra : "Iya le, mangga- mangga"

Membimbing penyelidikan siswa


secara mandiri maupun kelompok

➢ Materi Prosedural
Para siswa, saksampunipun nindakaken pamulangan wonten nginggil menika, para
siswa temtu kemawon saged bentenaken basa ngoko kalihan basa krama. Para siswa ugi
sampun mangertos saha saged ngetrapaken unggah-ungguh basa nalika nindakaken
pacelathon dening tiyang sanes.
Sasampunipun madosi ragam basa wonten video youtube kalawau, para siswa damel
teks pawicantenan , langkah- langkahipun damel teks pawicantenan mawi undha- usuk basa
ingkang trep kados ing ngandhap menika :
a) Netepaken topik utawi perkawis ingkang badhe dipunrembag ing teks pawicantenan
b) Nemtokaken paraga- paraga ingkang kalebet ing tels pawicantenan
c) Nemtokaken undha- usuk basa ingkang trep kaliyan paraga- paraga ingkang sampun
dipuntemtokaken
d) Netepaken latar utawi setting saking teks pawicantenan kasebut
e) Manggihaken tembung- tembung ingkang trep kaliyan undha- usuk ingkang
sampun dipuntemtokaken.
f) Ngrantam tetembungan ingkang sampun kapanggihaken dados ukara ing teks
pawicantenan mawi undha usuk basa.

Mengembangkan dan Menyajikan


Hasil Karya

➢ Materi Metakognitif

Damel lan praktik teks pawicantenan


Gladhen

Sasampunipun peserta didik mangertosi langkah- langkahipun damel teks
pawicantenan mawi undha- usuk, kanthi kelompokan 3-4 siswa, Cobi sakmenika
pirembagan kalihan kelompok saperlu damel pacelathon unggah-ungguh basa kanthi
tema nyuwun priksa wonten panggenan umum (pasar, rumah sakit, terminal, lsp).
Kelompok :………………………………
Kelas :………………………………
Tema :
Anggota : 1……………………………...
2. ………………………….
3……………………………
4……………………………

Paraga Pacelathon
Menganalisis dan Mengevaluasi
Pemecahan Masalah

Siswa kanthi dipunbimbing dening guru mendhet dudutan saking pasinaon bab unggah-
ungguh basa ingkang sampun kalampahaken.

Dudutan

Dudutan saking materi unggah-ungguh basa inggih menika awakipun piyambak


kedah ngugemi tatakrama kanthi ngginakaken undha-usuking basa supados saged ngurmat
utawi ngaosi dhateng tiyang sanes ingkang dipunajak pawicantenan. Kajawi menika,
anggenipun badhe matur dhateng tiyang sanes kedah tansah nggatosaken maneka warni
prekawis kadosta dhateng sinten anggenipun wicanten, ing pundi papan utawi wayahipun,
saha badhe ngginakaken unggah-ungguh basa ragam menapa. Anggenipun matur kedah
dipuntata supados prekawis ingkang badhe dipunrembag saged katampi kanthi sekecaning
manah.

Relevansi

Unggah-ungguh basa menika taksih relevan sanget menawi dipuncakaken ing gesang
padintenan. Boten namung ing lingkungan sekolah, nanging ugi ing madyaning bebrayan.
Kanthi tansah ngecakaken unggah-ungguh basa ingkang trep, hubungan utawi interaksi
antawisipun tiyang menika saged tansah rukun saha laras. Kangge siswa, menawi wicanten
ngginakaken unggah-ungguh basa ingkang trep, saged nuwuhaken karakter pribadi ingkang
sae, pribadi ingkang tansah ngugemi dhateng tatakrama, saha tansah ngurmat utawi ngaosi
dhateng sinten kemawon tiyang ingkang dipunajak pawicantenan.
KAPUSTAKAN
Rahmat, S.S.,M.A. (2022). Modul 2 Unggah-ungguh Basa Jawa. Jakarta : Kementrian
Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknolgi.
Widaryanto, Gandung. 2014. prigel basa Jawa 1. Jakarta: Erlangga.
Yatmana Sudi. 2014. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira
Yatmana Sudi. 2015. Padha Bisa Basa Jawa. Kebumen : Yudhistira
Arfianingrum, P. (2020). Penerapan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Sesuai Dengan
Konteks Tingkat Tutur Budaya Jawa. Jurnal Prakarsa Paedagogia, 3(2), 137-142.
WJS,Poerwadarminta.1939. Boesastra Djawa.J.B Wolters: Groningen Batavia.
Http://sinausastra.blogspot.com/p/kawruhbasahtml?m=1
http://kedaiceritasenja.blogspot.com/2020/11/materi-unggah-ungguh-basa-jawa.html
https://youtu.be/E717D4WLifY

Anda mungkin juga menyukai