Anda di halaman 1dari 7

BAHAN AJAR

Aksara

Rekan
Kangge Siswa SMA/SMK/MA
Sederajat
Kelas X Semester Ganjil
Identifikasi Masalah

MATERI FAKTUAL

Aksara Jawa menika asli kabudayan jawa


ingkang adiluhung . Jaman sakmenika kathah
sanget panyeratan ingkang ngginakaken aksara
jawa, tuladhanipun nama margi, nametag
tiyang, rasukan batik ingkang ngginakaken
aksara jawa.
Ing materi menika mangga para siswa sinau
aksara rekan.

https://youtu.be/GeFo679T_ZU

Tuladha Panganggenipun Aksara


Rekan

Nama Margi

Tuladha Sanesipun
Mengorganisasikan
peserta didik

Materi Konseptual

Aksara rekan inggih menika jinis


aksara ingkang dipunginakaken
kangge nyerat huruf serapan,
ingkang asalipun kathah saking
basa arab. Huruf serapan
menika kados huruf F, Kh, Dz
lan sapanunggalanipun.

Wujud Aksara Rekan


Membimbing Penyelidikan
Individu dan kelompok

Materi Prosedural

Paugeran Ngginakaken Aksara Rekan

Ginakaken aksara rekan menika wonten


paugeranipun, inggih menika :

1. Kangge nyerat tembung manca ingkang


dipuncethakaken, utamanipun tembung
ingkang saking basa Arab.
2. Menawi aksara rekan karaketaken kaliyan
sandhangan pepet, cecakipun tiga dumunung
ing sajroning pepet.
3. Menawi aksara rekan karaketaken kaliyan
sandhangan wulu, layar, utawi cecak, cecakipun
tiga dumunung ing sisih kiwa.
4. Aksara rekan boten kena dados pasangan,
kejawi aksara pa ingkang wujud pasanganipun
pa.
5. Menawi aksara rekan dumunung ing
sawingkingipun wanda sigeg, sigeging wanda
menika kedah dipunpangku.
Tuladha Ngginakaken Aksara Rekan
Mengembangkan dan
menjaga hasil karya

Materi Metakognitif

Sasampunipun para peserta didik sinau bab


wujudipun aksara rekan ugi pasanganipun saha tata
penyeratipun aksara rekan. Salajengipun kanthi
diskusi kelompok, para peserta didik saged sinau
anggenipun nyerat aksara Jawa saha analisis
panganggenipun aksara rekan wonten ing
salebetipun waosan. Cak-cakanipun alih aksara
saking aksara Latin dhateng aksara Jawa .
Siswa kedah sampun mangretos kados pundi
tata panyeratipun aksara Jawa mliginipun
aksara rekan.
Siswa kedah tlaten anggenipun nyerat aksara
kanthi nggatosaken panganggenipun pasangan,
sandhangan, tetenger, saha aksara rekan.
Siswa kedah saged mbedakaken tembung
ingkang kaserat mawi aksara legena saha aksara
rekan.
Sasampunipun siswa alih aksara saking Latin
dhateng Jawa, salajengipun saged nganalisis
tata panyeratipun aksara rekan wonten ing teks.

Anda mungkin juga menyukai