Anda di halaman 1dari 7

Nama : Gempar Athiah Atas Asih

NIM : 20205244069

Prodi : Pendidikan Bahasa Daerah (D)

NYERAT KARYA SASTRA JAWI U

Tugas damel Cerkak (Kaping setunggal)

Mutiara

Jenenge Mutiara Atya Kinasih, wong wadon 23 tahun kang nuli ditimbali Ara. Ara
nyambut gawe dadi karyawan ing salah sawijining perusahaan. Ara kuwi pancen sregep lan jujur
mula Pak Widodo kang duwe perusahaan ndadekake Ara dadi tangan kanane utawa wong sing
paling dipercaya. Pak Widodo kagungan putra jenenge Rendi kang umure 4 tahun luwih tuwa
saka Ara. Rendi kuwi pagaweyane dadi pilot, amarga sibuk lan ora bisa saben minggu mulih
mulane Rendi jarang ngomongne bab jodho karo wong tuwane. Mangerteni mangkana kuwi,
mula Pak Widodo kepengen njodhohake Rendi karo Ara.

Pak Widodo nyoba nyusun rencana kanggo nemoake antara Rendi lan Ara supaya wong
loro kuwi bisa kenal. Ing dina Minggu, kebeneran pas Rendi tilik omah, Pak Widodo
nggunakake kesempatan kuwi kanggo nemoake antarane Rendi lan Ara. Bu Laksmi, garwane
Pak Widodo, ing dina Minggu esuk iki masak enak lan akeh luwih saka padatane. Mangkana
kuwi ora liya saperlu arep ngundang Ara supaya menyang daleme. Nalika wes rampung anggone
masak Bu Laksmi age- age nimbali Pak Widodo “Pak, iki masakane wis siap sedia, panjenengan
ndang telpon si Ara”, age- age Pak Widodo mundhut hapene lan nelpon Ara.

“ Halo, Assalamualaikum Ara”

“ Waalaikumussalam, wonten menapa nggih pak ?” sumaure Ara sopan

“ Awakmu dina iki ora ana acara to ?”, pitakone Pak Widodo
“ Dinten menika kula boten wonten acara pak. Wonten menapa nggih pak ? menapa
wonten pagaweyan kantor ingkang kedah dipunrampungaken dinten menika kaliyan kula ?”

“ Ora Ra, aku telpon awakmu iki dudu masalah kantor ananging aku ngundang awakmu
supaya dolan menyang omahku. Kae ibuke pumpung masak akeh. Ya kan awakmu ngerti dhewe,
yen awakmu kuwi wis tak anggep kaya anak wedokku dhewe. Mula kuwi saben ibuk masak akeh
aku ya kelingan awakmu”

(Ara ngguyu krungu ngendikane Pak Widodo) “ Waduh pak, menapa leres ? kula malah
dados boten kepenak kalih panjenengan lan ibuk”

“ Ora kepenak piye ? wis biasa wae, mrene ya tak tunggu iki ning ngomah.
Assalamualaikum” wangsulane Pak Widodo sing sajake meksa lan telpone langsung dipateni.

Ara dadi bingung. Upama ora teka menyang daleme Pak Widodo dheweke ora kepenak,
ananging yen teka dheweke ya krasa isin. Akhire Ara ngajak kanca cedhake sing uga kerja ning
kantore Pak Widodo jenenge Dinda supaya ngancani dheweke menyang daleme Pak Widodo.

Teka omahe Pak Widodo, Ara lan Dinda salam.

“Assalamualaikum, kula nuwun”

Mireng suarane salam, Bu Laksmi age- age mbukak lawang omahe.

“ Walaikumussalam, eh sidane gelem mrene tenan, ayo ndhuk kene mlebu ngomah”
ajake Bu Laksmi.

Ara lan Dinda banjur mlebu ngomah lan lungguh ing kursi ruang tamu. Sawetara wektu
Pak Widodo langsung metu saka ruang keluwargane lan nemoni Ara lan Dinda ing ruang tamu.

“Alhamdullilah, teka tenan” ngendikane Pak Widodo karo ngguyu.

“ Rendi, Rendi iki lho ana tamu” Pak Widodo nimbali Rendi

Rendi teka lan aruh- aruh marang Ara lan Dinda “Sampun dangu mbak- mbak sedaya ?”
pitakone,

“Dereng mas” jawabe Ara mbi Dinda sing isin amarga lagi pisan kuwi ketemu Rendi.
“ Ndhuk, iki anakku jenenge Rendi. Mesti urung padha weruh to? Amarga Rendi iki dadi
Pilot dadi dheweke jarang mulih”, ngendikane Pak Widodo ngenalake Rendi. Ara lan Dinda
mung manthuk- manthuk karo mesem.

Ing ruang tamu Pak Widodo ngendika apa wae tentang Ara menyang Rendi tujuane
supaya Rendi bisa kenal Ara lan semana uga Bu Laksmi ya ngendika apa wae tentang Rendi.
Kaya mangkana kuwi ndadekake Ara lan Rendi isin lan sangsaya ra kepenak. Bubar ngendikan
Bu Laksmi ngajak Ara lan Dinda supaya mangan menyang ruang makan.

“ Ara, Dinda ayo ndhuk kene ayo mangan. Iki lho ibuk wis masak lumayan akeh”

“ Aduh, Ibuk kok repot- repot to.”, Jawabe Dinda

“ Inggih buk, ampun repot- repot, kula kaliyan Dinda menika wau nggih sampun nedha”,
Ara nambahi.

“ Weh kepiye to ndhuk, awakmu iki maeng tak undhang mrene kan ya sebab ibuk masak
akeh, wis ndang mrana. Sisan awakmu Ren, kana dikancani mangan” ngendika Pak Widodo.

Ora bisa nolak, Ara lan Dinda akhire mlaku menyang ruang makan. Sakwise mangan Ara
lan Dinda ngewangi Bu Laksmi kanggo nyuci piring lan piranti liyane kang wis dinggo mangan.

“Buk, menika kula lan Dinda sampun cekap, sampun tuwuk. Matur nuwun nggih Bu,
sampun dados repote Panjenengan. Sakmenika kula nyuwun pamit amargi nggih sampun siyang”

“ Lha kok kesesa to ndhuk, ora pengin leren maneh dhisik ?” pitakone Bu Laksmi

“ Matur nuwun Buk, menika sampun siyang kula lan Dinda nyuwun pamit mawon”

“ Oh ya ya yen ngono”, sumaure Bu Laksmi karo manthuk- manthuk.

Ing ruang tamu, Isih ana Pak Widodo lungguh, sajake ngenteni bubar mangane Ara lan
Dinda. Banjur Ara lan Dinda nyuwun pamit marang Pak Widodo.

“ Pak menika sampun siyang, kula lan Ara nyuwun pamit nggih, matur nuwun sanget
sampun diundhang dhateng mriki.”, pamite Ara.

“ Oh iya yen ngono, aja kapok dolan mrene yo ndhuk. Ngati- ati ning dalan ya,”
wangsulane Pak Widodo.
Ara lan Dinda mulih numpak sepedha motor, ing dalan wong loro kui nyeritakake Rendi.
Sajakane wong loro kuwi ya padha- padha seneng karo Rendi. Rendi pancen bagus, ora neka-
neka lan nurut marang wong tuwane, lan Bu Laksmi uga crita menyang Ara lan Dinda yen Rendi
kuwi pekerja keras. Mula ra kleru upama wong loro kuwi nyenengi Rendi.

“ Ra, ora nyangka ya jebule Pak Widodo kagungan putra sing bagus tenan”

“ Hahahahahahaha, iya Din, aja- aja awakmu nyenengi wonge” jawabe Ara karo ngguyu.

“ Mungkin, masa awakmu ora ta ya?” takone Dinda

Ara kuwi bocahe luwih katutup katimbang Dinda, dadi dheweke isin ngomong karo
Dinda yen dheweke uga seneng Rendi. Akhire ning dalan sing luwih akeh cerita ya si Dinda.
wong loro kuwi rampung cerita nalika wis teka omahe Dinda. Dinda mlebu ngomah lan Ara ya
langsung mulih ora mampir omahe Dinda dhisik.

Dina senin isuk kaya biasane Ara budhal kerja. Ing kantor durung akeh karyawan,
dheweke langsung nguripake komputer lan ngrampungake catetan lan data- data sing kudu
digarap. Sawetara wektu Pak Widodo rawuh kamangka biasane durung rawuh lan langsung
nyedhak Ara.

“ Sugeng enjing Pak” Ara ngaruhi Pak Widodo

“ Enjing, ndhuk aku kepingin ngomong karo awakmu”

“ Ngendika menapa pak ?” takone Ara bingung

“ Awakmu wingi lak ya wis ngerti anakku to, si Rendi?” pitakone Pak Widodo.

“Inggih Pak, wonten menapa?”

“Upama awakmu tak jodhohne karo Rendi kepiye ? ya ngerti dhewe Rendi kuwi bocahe
cuek urung mikir bab jodho, kamangka umure ya wis wayah. Jujur aku karo ibuke iki bingung.”

Ara plengang- plengong krungu ngendikane Pak Widodo

“ Piye ndhuk ? kira- kira Rendi iki wes sesuai karo kriteriamu durung?” pitakone Pak
Widodo karo sajak guyon.
“ Nyuwun pangapunten Pak, kula menika bingung nggih kaget panjenengan nyuwun
pirsa menika” saure Ara

“ Sakjane aku iki wis ndhuwe karep iki saka mbiyen Ra, ananging ya lagi isa ngomong
saiki.” Wangsulane Pak Widodo.

Ara dadi bingung, sakjane dheweke yo wis seneng karo Rendi nanging kepiye dheweke
ya mikirne perasaane Dinda. Ara uga mikir durung tentu Rendi ya seneng karo dheweke.

“Ra, aku bakal seneng banget yen awakmu gelem karo Rendi” Tambahe Pak Widodo.

“Kados pundi nggih pak ? lha mas Rendi nggih dereng mesti purun kalih kula. Kula
dereng saged njawab pak”, sumaure Ara.

Krungu sumaure Ara, Pak Widodo mung manthuk- manthuk. Ara ya ngrasa ra kepenak,
dheweke nyadar undhangane Pak Widodo wingi mungkin kanggo ngenalake antarane dheweke
lan Rendi. Ing dina senin kuwi dheweke bener- bener bingung. Apa maneh Dinda ya wis cerita
wae tentang Rendi. Ara sangsaya ora wani crita menyang Dinda yen dheweke ditembung
menyang Pak Widodo. Ara wedi yen nggawe kuciwane Dinda, mula Ara pilih meneng wae.

Ing daleme, Pak Widodo nyoba takon menyang Rendi apa gelem upama Rendi
dijodhohake karo Ara.

“Ren, bapak arep takon upama awakmu tak jodhohake karo Ara bocah sing dekwingi
dolan mrene kae apa gelem ?” pitakone Pak Widodo

Rendi ngguyu “Bapak kok taksih jodho- jodhonan to, sakmenika sampun boten jamane to
Pak” sumaure Rendi.

“Lho dudu bab isih jaman orane Ren, nanging Bapak karo Ibuk iki susah lho Ren,
awakmu iki ora ndang golek bojo, bapak lan Ibuk bakal seneng banget upama awakmu gelem
karo Ara. Ara kuwi bocahe sopan banget, gegarapan yo sregep, marang sapa- sapa ya apik. Lha
arep nunggu teka kapan Ren ? Awakmu iki mung anakku siji- sijine dadi aku kepengin sing
bener- bener apik kanggo awakmu.”

Rendi mung isa ngguyu krungu ngendikane bapake, dheweke paham yen bapake wis
ngendika ngene berarti iku serius banget.
“Inggih Pak, kula paham kalih kersanipun panjenengan. Ananging kula nyuwun
panjenengan paring wekdal kangge mikir- mikir rumiyin. Menapa malih kula kaliyan Ara
menika nggih dereng kenal sanget.”

Ing sawijing dina, Pak Widodo lan keluwargane menyang omahe Ara. Saperlu
silaturahmi lan badhe nembung Ara. Ara kaget nalika weruh Pak Widodo sing rawuh. Kamangka
pas kuwi Dinda lagi dolan menyang omahe Ara kanggo latihan nggawe kue. Ara nyumanggake
Pak Widodo supaya mlebu ngomah.

Bener kaya sing wis dikira Ara, Pak Widodo dolan menyang omahe Ara iki saperlu arep
nglamar dheweke,

“ Ora liya ndhuk, awakedhewe mrene iki saperlu arep nglamar awakmu, kaya sing wis
pernah tak omongne nyang awakmu dhisik, aku iki ndhuweni karep tenan njodhohake awakmu
karo Rendi. Iki Rendi ya wis bola- bali tak takoni, lan dheweke wis njawab yen gelem karo
awakmu. Mila saka kuwi aku mrene ndhuk. Kepengin krungu kapastian saka awakmu.”
Ngendikane Pak Widodo.

Rasa sing dirasakne Ara campur aduk, apa maneh ing sisihe ya ana Dinda sing mestine ya
krungu ngendikane Pak Widodo. Ara langsung noleh menyang arahe Dinda. Sak suwene iki Ara
ora tau crita apa- apa menyang Dinda, dheweke ora jujur yen Pak Widodo duwe niatan
njodhohake dheweke karo Rendi. Kamangka saben dina Dinda sing mesti crita karo Ara, lan
njaluk tulung Ara supaya iso ngewangi Dinda kanggo bisa cedhak karo Rendi. Nanging saiki
malah kaya mangkana, Ara weruh pasuryane Dinda sing katon kuciwa menyang dheweke.

“Ra, kepiye ?” pitakone ibuke Ara sing gawe kaget Ara. “piye to ndhuk, kok meneng wae
?”, tambahe.

“Nyuwun pangapunten pak, buk, lan mas Rendi. Kula boten saged nampi lamaranipun
panjenegan.” Sumaure Ara

Sumaure Ara kuwi jelas nggawe kaget saisi ruangan tamu iku. Katon jelas saka
pasuryane Pak Widodo yen kuciwa marang sumaure Ara. Ananging Pak Widodo ora bisa meksa
Ara supaya gelem karo Rendi. Pungkasane Pak Widodo lan keluwargane kondur, senajan kuciwa
nanging Pak Widodo tetep nerima apa wae kaputusane Ara lan ora bakal beda karo Ara, tetep
dadi Pak Widodo sing kaya biasane.

Sakwise Pak Widodo kondur, Dinda ya pamit mulih. Acara latihan nggawe kue ora
disidakne.

“Aku mulih ya Ra,” pamite Dinda sing beda ora kaya biasane.

“Sek ta Din, aku kepengin ngomong karo Awakmu. Awakmu iki kancaku Din, aku
ngerti, aku paham yen saiki awakmu lagi kuciwa nyang aku. Tapi sek to rungokna aku, aja mulih
dhisik aku tak crita.”, omonge Ara karo nyekel tangane Dinda supaya ora ngalih dhisik.

“Aja- aja awakmu nolak lamarane mas Rendi iku merga ora kepenak karo aku ya Ra ? Ra
ora usah ngono, aku rapapa kok yen arep mbok tampa lamarane. Wong lanang ya isih akeh.”
Sumaure Dinda ketok nesu.

“Din, awakmu iki kancaku sing paling tak tresnani. Aku wegah kelangan kanca kaya
awakmu Din, jujur asline aku ya seneng karo mas Rendi bareng kaya awakmu seneng karo
dheweke. Tapi ngerti awakmu seneng karo mas Rendi sing kaya mangkana aku pilih ngalah Din.
Aku nyoba ora ngeling- ngeling mas Rendi. Tapi aku ya ora ngerti yen ternyata Pak Widodo
nduwe niatan jodhohake aku lan mas Rendi. Aku bingung Din, kanca ndi sing wani cerita
menyang kancane yen ceritane kaya mangkana kuwi. Saumpama Pak Widodo ra nduwe niatan
kanggo jodhohake antarane aku lan Mas Rendi, mesti aku ya seneng lan ngewangi awakmu
supaya bisa karo mas Rendi Din.” Ara nyoba njelasne karo sesenggukan.

Krungu panjelasane Ara, Dinda melu nangis lan nyikep Ara. Dinda sadar saksuwene iki
dheweke egois. Ara sing mesti enek kanggo dheweke, sing mesti nampa apa wae critane
ananging dheweke jarang ngrungokne critane Ara.

“Ra, sepurane aku ya. Aku sadar saksuwene iki aku jarang ngrungokne critamu. Padahal
awakmu mesti gelem nampa apa wae critaku.”, Dinda omong karo sesenggukan.

“ Wis saiki ora perlu dibahas maneh ya Din, sing penting aku wegah ing antarane
awakedhewe iki ana kesalahpahaman.”

Akhire wong loro kui sikep- sikepan lan tetep kekancan apik.

Anda mungkin juga menyukai