Anda di halaman 1dari 3

Cerita Sunan Kali Jaga dalam bahasa Jawa

Jeneng asline Sunan kalijogo yoiku Raden Sahid. Putra Adipati Tuban sing jenenge Temenggung
Wilatikta. Raden Sahid kalebu keturunane Ronggolawe sing agamane Hindu, uga kanthi asma
Raden Sahur.Nalika Raden Sahid cilik, Raden Sahid wis di kenalake karo agama Islam karo
guru kadipaten Tuban. Nanging senajan deweke weruh kahanan sekitare sing beda adoh karo
uripe wong cilik sing pada ngelih. Raden Sahid banjur atine mberontak.
Wektu Raden Sahid isih bocah atine ora lila, weruh para pejabat kadipaten sing sewenawena
marang rakyat cilik. Durung meneh upeti sing di pungut kadipaten luwih saka bates kewajaran
nambahi bebane rakyat sing wektu kuwi wis kabotan anggone urip.Nalika musim ketiga dawa
nambahi nelangsane rakyat. Panen sing pada gagal amerga ora ono banyu. nanging pejabat
kadipaten pada ora peduli sing di pedulike amung piye anggone meres pajak saka rakyat cilik.
Raden Sahid putra bangsawan kuwi, dheweke luwih seneng urip sing bebas, kang nentang karo
adat istiadat kebangsawanan. Deweke luwih seneng kumpul nyawiji kalian rakyat jelata. Amarga
saka uripe kuwi deweke reti sakjeroning masyarakat Tuban.Niat kanggo ngurangi
kasengsaraane rakyat wis dikandhakake kalian bapane. Nanging bapane ora bisa apaapa.
Deweke maklum amarga bapake sing njabat dadi Adipati bawahane Majapahit. Nanging niyate
Raden Sahid ora bisa dilerem. Nalika bengi deweke seneng ngurung awake ning kamar saperlu
ngaji Al-quran.
Nalika sing jaga gudang kadipaten turu, Raden Sahid njupuk bahan pangan ning gudang sing
arep di setor marang Kerajaan Majapahit. Bahan makanan mau di bagekake marang rakyat
jelata sing butuh banget kanggo nyambung urip.Banjur rakyat sing rak reti apaapa iku mau
bingung campur seneng entuk rizki sing rak kedugodugo.
Naliko di deloke para penjaga gudang mau padha ora percaya menawa sing maling yaiku
junjungane dhewe ingkang putra Adipati Wilatikta Raden Sahid. Banjur Raden Sahid di gawa
menyang Adipati Wilatikta. Banjur kang bapa iku nesu ora percaya putra kesayangane iku mau

wani dadi maling ana ing omahe dhewe. Banjur Raden Sahid diukum kalian ukuman cambuk
nang tangan 200 sabetan. Ukuman sing linyane yaiku di kurung sakjrone kamar. Lan pesene
bapane aja pisanpisan meneh maling.
Sakwise nglakoni ukuman sing di wenehi saka bapane, banjur Raden Sahid mutusake metu
saka lingkungan istana. Lungo terus jarang mulih nganti biyung lan adhike kuwatir menawa ana
kedaden kang ora apik kalakoni dening Raden Sahid.Saiki Raden sahid ora trima maling
nanging dadi begal sing maling wong sugih sing enthuk rizki saka barang sing ora halal.
Anggone ngrampok Raden Sahid nganggo topeng lan busana sarwa ireng.Nanging suwe suwe
anggone nganggo busana khase dheweke iku ana isng niru.
Sang Adipati murka amarga Raden Sahid sing wis di karepake ora bakal maling meneh tanpa
bias ngowahi tumindhake. Raden Sahid diusir saka kadipaten karo Bapane. Sakwise di usir saka
kadipaten Tuban banjur Raden Sahid lunga menyang alas Jatiwangi. Pirangpirang tahun
Raden Sahid ngrampok wong sing sugih sing lewat nang alas iku nganti di juluki Brandal
Lokajaya.
Sawijining dina naliko ana wong tuo sing gawa teken lewat dhewe nglewati alas Jatiwangi.
Banjur ora nunggu suwe tongkat sing di gawa wong tuwo mau di rebut pekso nganti wong tuwo
mau tiba grubakan nang lemah.Kanthi susah wong tuwo mau tangi, matne ngetoake eluh
nanging ora ngetokake suara naliko wong nangis.
Raden Sahid kaget nalik weruh wong tuwo sakwise direbut tongkate kok nembe nangis aja
nangis meneh iki tongkatmu tak balikna. dudu tongkat iki sing tak tangisi omongane wong
tuwo mau nunjuake suket sing ana nang tlapakane. delokno! Aku wis nglakoni dosa, gawe sia
siane barang. Suket iki mau kecabut nalika aku tiba
Namung pirang lebar suket, ndadekake kowe krasane salah banget? pitakone Raden Sahid.
Ya, aku wis dosagedhe mergane aku nyabut suket iki mau tanpa ana gunane. Naliko aku ncabut
suket iki tak dadikno makanan ternak iku rak apa. Nanging barang sing di siaksiakna iku sing
marahi dosa.
Ati Raden Sahid krasanalika krungu ukara iku mau.
Cah bagus apa sing mbok karepake nang alas iki?
Kula golek bandha
Kanggo apa?
Tak keake marang wong fakir lan miskin
Hmm. Atimu sebenere mulya, nanging caramu sing kliru
He wong tuwa apa karepmu?
Oleh aku takon karo kowe? Nak kowe ngumbah pakaian nganggo banyu uyuh apa klambimu
iku mau bakale resik? Allah iku Dzat Suci, amung nrima amalan saka barang barang sing apik
lan halal. Kandhane wong tuwa mau.
Raden Sahid sansaya gemeter krungu wong tuwa mau
Akeh dalan sing di lakokake nalika kowe pengen nulung wong fakir lan miskin mau. Kowe ora
bisa ngrubah nasibe wong iku mau namung aweh pangan lan dhuwit saka ngrampok iku mau.
Kuwe peringatke pengausapenguasa sing lalim ben ngrubah carane mimpin rakyate kanthi aja
sewenangwenang. Kowe ya bisa aweh pangarep kanggo ngowahi uripe kang sengsara kanthi
luwih sregep anggone kerja.
Raden Sahid sansaya gemeter krungu sing diucapake wong tuwa mau.
Nek awakamu arep golek rizki sing halal nanging ora ngrugiake wong jupuka sing ana nang wit
iku mau, kanthi nunjuk nang wit aren iku mau.

Sakwise ngomong iku mau wit aren iku berubah dadi emas. Di penek wit aren iku mau dipetiki
uwohe. Nalika dhewe methik emas ana wit aren iku mau banjur wohe wit aren iku mau banjur
rontok ngebruki Raden Sahid nganti semaput. Nalika sadar Raden Sahid nggoleki wong tuwa
mau. Nanging wong tuwa mau wis adoh amung katon bayangane. Mlayu kebatan Raden Sahid
ngoyak wong tuwa mau niba nangi. Akhire sak pinggire kali Raden Sahid kasil nyusul wong tuwa
mau.
Nyuwun pangapunten .. nyuwun njenengan purun ngangkat kula dados murid njaluk
Raden Sahid menyang wong tuwa mau.
Kowe arep sianu bab apa karo aku?
Menapa mawon, sing penting panjenengan purun ngangkat kula dadi murid.
Abot . Sarate apa abot, apa kowe siap?
Kula siap!
Wong tuwa iku mau banjur nacepake tongkat sing di gawa mau lan Raden Sahid di kongkon
nunggu tongkat iku mau nang pinggir kali nganti dheweke balik nemoni Raden Sahid meneh.
Dongane Raden Sahid kasembadan dening Allah SWT, Raden Sahid turu kurang luwihe 3 tahun.
Nganti awake di rubungi suket lan lumut.
Sak wise telung tahun wong tuwa mau banjur teka nemoni Raden Sahid. Nanging Raden Sahid
ora isa di tangikna amarga wis ngakon dekne turu. Banjur di adzani karo wong tuwa mau kanthi
Raden Sahid mbukak matane sakwise telung taun nungguni teken si temancep nang pinggir kali.
Awake Raden Sahid di resiki diwenehi busana anyar lan di gawa menyang tiban, napa kok
Tuban amarga wong tuwa mau yoiku Kanjeng Sunan Bonang. Sakwise dina iku Raden Sahid di
kenal kalian sebuta Sunan Kali Jogo sing diartikna wong sing pernah jogo kali taunan.Nanging
ana sing ngartikna Kali Jogo artine wong sing jogo aliran akidah nang mangsa iku. Artine ora ana
akidah sing mbebayani umat.Raden Sahid utowo Sunan kalijogo di perintahake kalian Sunan
Bonang kanggo nyebarake Islam nang tanah jawi kalian njogo akidahe ben tetep murni yoiku
akidah islam.

Anda mungkin juga menyukai