Anda di halaman 1dari 3

SINOPSIS NOVEL

GARUDA PUTIH

GARUDA PUTIH
Dening : Suparto Brata
Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh
kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening
para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging
dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak
kadurjanan

Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu

kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda


Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing
toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk
bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda
Putih ninggal pesen kang tulisane Sing njukuk aku, Garuda Putih! ana

ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang


ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel
Garuda Putih saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung

beres, teka meneh kadurjanan dening Garuda Putih kang kasil mrejaya
wong selingkuh ana ing Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi digawe
budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel.
Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas
ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep

lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong


wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku
jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean
ngancani turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis kongkon

marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna


ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing
mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono
kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.

Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi


hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel.
Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane Paukumane
kanggo wong slingkuh. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene

Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku


ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg
maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni
ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing
kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke
perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip
Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu
Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel

Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi


Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak
kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo
wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan

Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang


kuat kanggo nyekel Garuda Putih.

Anda mungkin juga menyukai