Anda di halaman 1dari 2

GARUDA PUTIH

Dening : Suparto Brata


Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis
dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi
buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak
kadurjanan
Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang
mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya,
dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha
kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane
Sing njukuk aku, Garuda Putih! ana ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa
ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih
saya memba-memba.
Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh
kadurjanan dening Garuda Putih kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes
ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel.
Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak
Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah
nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi.
Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya. Ananging
bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke
Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna
amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan
Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang
tulisane Paukumane kanggo wong slingkuh. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene
Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang
disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih.
Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone
ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo

ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara
iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah
perkara-perkara kadurjanan.
Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku
penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge
disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan
Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu.
Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka.
Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.

Anda mungkin juga menyukai