Anda di halaman 1dari 3

Heri Escobar

Nang dina setu esuk Agus ngudut nang ngarep pekarangan umahe. Agus kuwe pengangguran
sing ra due pegawean. Saben Agus ngelanar gawean mesti langka sing ditampa. Agus ora due
bapak ora due ibu merga kawit cilik kelas 5 sd wong tuane Agus wis Ninggal. Agus urip
dewekan langka sing ngasuh, ngasih siki umur 22 taun. Biasane Agus ngamen nang lampu
abang.
Sue-sue Agus stress merga ra bisa due gawean. Agus nduweni batir jenenge Heri. Heri kuwe
wong konglomerat sing sugih. Agus nduweni ide arep kerja nang nggone Heri, Merga Heri
kuwe kanca pereke jaman SMA. Nang dina minggu Agus teka ming umahe Heri arep takon
ngger ana gawean nggo deweke apa ora.
“ ri, Heri koe nang umah ra her, kie aku Agus kanca SMA mu ganu”. Agus ngetok lawang
umahe Heri.
“Iya kieh ana nyong, dela tek bukakna pintu disit”. Heri nyaut langsubg mbukak pintu
umahe.
“Her piwe kabare siki her?”. Agus nakoni kabare Heri.
“Sehat gus, ana apa tiba tiba ngeneh?”. Heri njawab, takon balik.
“Her nyong olih njaluk tulung ora, geh kan aku wis sue banget nganggur radue pegawean,
koe due gawean nggo nyong ora, nggo nyong bisa kerja?”. Agus melbu umahe banjur takon
apa sing arep ditakokna.
“Ana sih gus, tapi cukup risiko nggo koe. Gelem ra? Gajine juga lumayan”. Heri jawab
singkat ora kedawan.
“Nyong gelem her, sing penting nyong bisa kerja”. Agus setuju karo tawarane Heri.
“Yawis ngeneh melbu kamar kerja ku.” Heri langsung ngajak Agus ming kamare arep jelasna
apa sing diperlukna nggo Agus.

Nang umahe Heri, Agus diweih wedhang teh sing regane larang karo diweih panganan enak-
enak. Umahe Heri apike pol.
“geh, gus koe gelem ra kerja dadi kurir ganja? Lumayan nggo koe gajine gede”. Heri nawari
gawean nggo Agus.
“Cocote, moh lah nyong kaya kue. Nyong bebeh urusan karo polisi Her”. Agus kaget maring
tawarane Heri.
“Lho gelem ora koe? Timbang koe nganggur ben dina.
“Walah, yowes lah nyong gelem. Kie kerjane arep mulai kapan her?”. Agus takon maring
Heri
“Mengko ya, koe tek weih ngerti disit carane ben koe ra gampang ditangkep polisi”. Heri
njawab.
Nang kantor polisi, Suti karo Slamet nerima laporan ana sdodolan ganja. Suti karo Slamet
kesuhe pol, merga ket ganu ana laporan wong sing dodolan ganja tapi ratau ketangkep sapa
dalange kabeh. Siki Suti karo Slamet bakal serius nangkep sapa dalange sing dodolan ganja.
Wis minggu ke pitu Agus wis dadi kurir ganja. Agus siki wis dipercaya nang Heri. Ngesuk
minggu esuk Agus dikon nyupiri 1 tronton ganja sing abote 20 ton, tapi Agus kudu duwe
tumbal men bisa lolos sekang tangkepane polisi nang dalan.
Suti karo Slamet kesel, wis nindaki akeh laporan tetep ra ketemu dalange. Akhire Suti karo
Slamet olih laporan bakal ana tronton sing gawani ganja maring pelabuhan. Suti bakal
nyiapna polisi sing nggo didelah nang kabeh dalan ming pelabuhan. Slamet goleti cara men
tronton kue karo supire bisa ketangkep.
Ngesuk minggune jam 4 esuk Agus wis mangkat maring pelabuhan. Kabeh polisi wis
ditempatna nang kabeh dalan. Kabeh polisi kaget jebule ora mung 1 tronton tok sing arep
ming pelabuhan, malahan akeh ana 10an tronton sing ming pelabuhan. Kabeh polisi
kwalahan arep ngeceki kabeh tronton. 7 sekang 10 tronton dimandekna nang dalan nggo
dicek isine. Polisi kaget jebule sing dicek trontone langka isine, gari 3 tronton tok sing lolos
ming pelabuhan. Wis akeh polisi njagani pelabuhan. Agus kesuh bisa-bisane akeh polisi sing
wis jagani pelabuhan jam semene. Bar 3 trontone teka ming pelabuhan, polisi wis karo
senjatane mbukak kabeh isi tronton. Pas 2 tronton dibukak polisi kaget ijig-ijig isine prajurite
Bandar ganja kabeh.
3 jam sedurung mangkat ming pelabuhan, Agus wis ngerti nek bakal ana polisi sing nyegat
deweke nang dalan utawa nang pelabuhan. Agus njaluk ming Heri disiapna prajurit nggo
ngisi 3 tronton men bisa ngawali deweke, terus Agus juga njaluk 7 tronton sing langka isine
nggo dadi tumbal nang dalan, men 3 sisane bisa mangkat ming pelabuhan.
Prajurit sing nang jero tronton nembaki polisi sing nang ngarepe, kabeh prajurit wis pada
mudun nembaki kabeh polisi sing lagi njaga. Suti karo Slamet kaget langsung ngomong ming
polisi sing lagi jagani dalan kon merek ming pelabuhan mbantuni. Wis akeh polisi sing mati
gara-gara ditembaki prajurite bandar, Prajurit bandare juga wis akeh sing pada mati. Untunge
wis akeh polisi sing teka, prajurtie lawan pada mati kabeh sisa Agus nang jero truk sing isine
ganja.
“Bajingan!!! Kok isa ngasih kaya kie su su, mati kabeh langka sing guna”. Agus misuh nang
setir truke
“Woii mudun!!!”. Suti Karo Slamet neriyaki supir sing lagi nang njero.
Agus mudun sekang truke banjur ditangkep. Agus digawa ming kantor polisi banjur
diintrograsi, sapa sing dadi bos e. Agus diancem tapi ragelem weih ngerti bos e. Akhire
Slamet ngomong ming Agus angger ra bakal weih ngerti, Agus bakal dipateni, nanging
angger Agus weih ngerti Agus bakal kur diweih 20 taun pakunjaran nang jeruji sel. Merga
Agus wedi, akhire Agus weih ngerti sapa kur bos e karo nang ngendi umah e. Akhire, Heri
ketangkep lan banjur dipateni nang Nusa Kambangan, bisnis ganjane wis langka. Suti karo
Slamet akhire munggah pangkate nang kepolisian.

Anda mungkin juga menyukai