Anda di halaman 1dari 5

Salah penganten

“Waah akeh temen wong wong ing kene iki, ana perayaan opo toh?” Ucap e dian,“Biasae ya ngeneiki
loh padahal” jawab e denis “Ing Jakarta iki ancen bendinane koyok wayah e prei ya” dian ngareni
omongan.( mlaku-mlaku ) moro moro toni ngutarakno pitakon ning dian“ iku mau sopo sing nelpon
kowe tekan batam, kok moro-moro muni lek wong e ana ing bandara batam, Karo takon kowe iso nyusul
wong iku mau opo ora?” ,“oh..iku bahar ton” ucap dian. Bahar budal ning Jakarta mergane ngganteni
ibuk e sing ora isa nekani mantenane anak saka kancane sekolah bien, ibune bahar ora isa teko merga
ora enak awak.

“Diann..!” bahar mlayu saka kadohan ning arah Dian, toni, lan denis. Bahar lagi ngajak kanca cidek e
gawe ngancani bahar budal ning mantenan. Kabeh pada kaget soale sing diajak bahar iki kanca wedok.
Denis langsung saut pitakon ning kanca wedok e bahar “mbak sampeyan estrine bahar?”. Kabeh pada
guyu mergane bahar jamane isih sekolah tau muni lek ora seneng duweni kanca wedok, soale kanca-
kanca wedok e bahar bien pas jaman sekolah pada seneng ngamuk-ngamuk penggaweane. bahar nesu
mergane digudoi karo denis, padahal bahar karo tiar (kanca wedok sing mau) kuwi kanca cidek akhir-
akhir iki sing ketemu ning panggon latihan pencak silat.

“tiar iki mulai wingi arep melu aku ning Jakarta merga arep belonjo , kebetulan aku ngajak tiar ben aku
ya ana kancane pisan ning kene” ucap e bahar ben kabeh pada faham. “ yawis lek ngunu ayo aku melok
ngancani sampeyan belanja mbak” ucap e dian. Dian lan tiar akhire budal nang toko pakaian, bahar lan
sing liyane mlaku mlaku ning toko toko sekitar e. Sakwise tiar lan dian tuku klambi, tiar ndeloki dian
terus mulai teka toko pakaian sampek ning tempat makan karo wajah rodok sensi, dian sing ora nyaman
merga sifat e tiar kaya ngeneiki, akhire takon “ ana apa mba kok kaya ono sing salah yo? Sampeyan
keganggu karo aku ta?” pitakon dian ning tiar. “iyo jelas e loh, klambi sing mbo gawe saiki podo kaya
klambie bahar, terus minggu wingi pas isih nde batam arep budal, klambimu ya pada kaya bahar pisan”.
Tiar ora seneng ndelok dian lan bahar saben nggawe klambi sing model e pada. Akhire dian langsung
ganti klambi anyar sing mang dituku ning toko. Tiar ngerasa sungkan “suwun mbak, ternyata sampeyan
wong apikan”.

Sakwise kabeh maem bahar ketemu mantan kanca sakelas ibu e bien ning sekolah sing ngundang ibue
bahar nang acara pernikahan anake, jenenge pak sigit, pak singit ngajak kabeh ning omah e merga arep
diajak mangan bengi bareng bareng. “mboten menapa ta pak?” toni karo sungkan sungkan, “ iyo.. kapan
maneh sih le” tegese pak sigit.

Omah e pak sigit gedhe banget sampek tiar, bahar, toni, denis, lan tiar kaget. Pak petruk, mas saka pak
sigit nyambut tamu-tamu iki kabeh karo rasa seneng banget lan langsung ngajak kabeh mulai mangan
bengi bareng bareng. Sakwise mangan, isih nde ngarep pager omah arep muleh tekan omah e pak sigit,
kerungon suara kaca pecah saka cendala kamar sing ana ing omah e pak sigit, kabeh bali mlayu ning
omahe pak sigit cepet-cepet karo kepontal-pontal. Wis tekan ing lantai 4 omah e, ternyata salah siji
kamar ora iso dibuka, bahar lan toni akhire ndobrak lawang kamar iku kuat-kuat.
“AAAAA” tiar njerit sebanter bantere. “sopo iku bengi bengi ko jerit-jerit?” pitakon estrine pak sigit,
yaiku bu mayor. Kabeh keluarga pak sigit langsung munggah ning lantai 4, kabeh langsung kaget merga
mayat sing ana ing kamar iki mau nyatane mayat e pak sigit. Pak sigit ngetokno getih akeh nemen lan
isih tumpah-tumpah sampek saiki. Toni secepete nelfon polisi ben mayat pak sigit segera di selidiki dan
ditindak lanjuti.

Bahar lagi nyobak mbukak lawang kamar sing didobrak iki mang nggawe kunci-kunci sing ditemokake
ning saku pakaian e pak sigit, kabeh jendela sing nde ruangan iki ketutup rapet termasuk lawang sing
mang didobrak. “Ojo nyidek barang-barang sing nde kene!, awake gausah melu-melu ben polisi ae sing
ngurus” ucap e Denis. Tapi Bahar tetep ngeyel nyobaki kunci sing iso gae mbuka lawang iki mang.

“kenopo dheweke bunuh diri?” ucap e bu mayor karo nangis, “sanes bu, semisal niki bunuh diri pasti ana
senjata sing ana ing sekitar pak sigit sakniki” saut e toni . “AAH..ora usah dipikir, aku karo Dian kudu
cepet-cepet istirahat merga mene aku lan dian arep nikah” ucap meringgih, putra e pak sigit.
“Meringgih!!, jogo omonganmu!, ora sopan nde ngarep e mayat bapakmu kowe kaya ngunuiku” teges
bu mayor.

Ting tong..ting tong.. polisi mlebu ning njeru omah gae nyelidiki kasus kematian pak sigit, “iso ae pak
sigit niki bunuh lan senjata tajem sing digae diuncalke metu jendela pas dheweke isih ana kesadaran”
ucap e polisi. “Tapi pak, iku mau aku ana ning ngarep kaleh temen-temen ndelok langsung pas kaca
kamar iki pecah dan aku ora ndelok apa-apa sing metu bareng pas jendela iku mau pecah” ujar dian

“ana opo iki, kok rame banget?” DUAKKHG.. kabeh pada ndelok pas ono wong tibo sakmarine di
gepuk , Suara iku tekan tangan e Meringgih nang adhike, “hahaha, samsull samsul... , awmu ga ndelok?
Bapakmu dino iki mati sul” ucap e meringgih nang adhik e dewe. “Meringgih kelakonanmu ngisin-ngisini
keluarga iki, guduk waktue kelahi lek kayak ngeneiki” saut pak petruk, mas e pak sigit. Kelakuan
Meringgih pancen bedo karo kelakuan dulur-dulur lan keluargae, Meringgih lair dadi wong sing kasar.

Senjata tajam sing digawe nusuk bagian dada pak sigit seharuse kudu wis ditemokke ning sekitar TKP
ujare pak polisi, tapi sampek saiki durung ditemokke barang-barang sing sekirane iso digawe nusuk kulit
sampek jeru nemen, polisi polisi sing mulai mang nggolek ning area njobo omah yo padha ora
nemukkake opo-opo. Kabeh wong pada nyadar lek ruangan iki tertutup rapet, semisal ana wong liyo
sing mlebu ning omah iki dan terus pelaku kabur wis dipastikno kuncie bakal di gowo kabur, tapi nyatane
kunci isih tetep ana ing saku pakaian pak sigit. Sakwise di cek balik karo kepolisian tentang wong sing
ana ing omah, pak petruk pas wektu kejadian ana ing njeru kamar dewean, bu mayor ana ing njeru
jedhing, Meringgih lagi moco Koran sambil ngerungokno musik, samsul lagi nggoleki kucing ning
sekitaran omah merga di utus pak petruk.

“sing paling aneh iki tunangan siti, dheweke lagi turon-turonan ing kamar karo ngenteni jemputan saka
omah e” tegese pak polisi. “apa sing aneh pak?” takon e samsul nang pak polisi, “pas bu mayor
mengajak tunangan siti iki adus bareng saka ngarep lawang, jarene ora ana jawaban opo-opo tekan
njeru kamar” jawab e pak polisi.
Sajrune polisi merikso maneh ruangan, ternyata ono setitik bekas getih ing bagean ceklekan e ganjel
jendela ,polisi nganggep ana seseorang sing mari nyekel ganjelan jendela digae metu tekan ruangan
sakwise ngelakoni pembunuhan, tapi jendela tetep ketutup lan kekunci, terus yapa carae wong
ngelakoni iki. Ing sisih liya denis nemukno bolongan cuwilik ing pecahan kaca sing semrawutan ning
balkon.

“nuwun sewu pak, adhikku sigit iki iku adik kesayangan estri kulo, semisal mboten menapa, kulo tak
cepet makamno pemakaman gawe sigit lan ngubur ing sanding e makam estri kulo, kulo yakin pasti
arwah estri kulo seneng disandingno karo adhik kulo” ucap e pak petruk, muni ning salah siji polisi sing
isih njaga pengecekkan kematian pak sigit. Polisi ora nerimo permintaan saka pak petruk karena mayat
pak sigit akan di autopsi. “Aa.. ternyata bener ceritoe ibukku” gumam bahar. “cerita apa?” saut denis.

Sebenere istri pak petruk sing seda 4 tahun lalu iku aslie nyenengi pak sigit, sakdurunge pak petruk
menikah , bojone pak petruk biyen kerep teko ning omah iki, karep e nemoni pak sigit nanging pak
petruk salah pengertian, dheweke ngira wong wadon iku ning kene teko gawe dheweke, akhire pak
petruk mutusno gawe ngelamar. Wong tuo saka kedua belah pihak nyetujui pernikahan, akhire wong
wadon iku mau setuju berjodoh karo pak petruk, masio dheweke ngeroso menderita, lan pak sigit
mutusno nikah karo wong sing wis dijhodohno wong tuane masio kepeksa.

“cerita sing aneh, kinasih seorang adhik sing malah nikah karo dulure” grundel meringgih. “koyo wong
loro sing gae kalung liontin podo ing omah iki” grundel bahar, “SAMSUL karo SITI” ujar bareng bahar lan
denis. Bahar ora sengaja ndelok Siti nggae kalung liontin pas arep muleh sakwise mangan bareng ing
omah e pak sigit, denis ya ora sengaja ndelok kalung liontin sing rutuh pas meringgih nempiling Samsul.

Meow… suarae kucing metu lewat mburie mayat pak sigit “ kayane kita kudu mudhun saka balkon iki”
ujar salah siji polisi nang polisi liyane, nalika nyoba mudhun tekan balkon jebule salah siji polisi sing
nyoba mudun tekan balkon lantai 4 ning balkon lantai 3 iki meh tiba lan meh ora iso gocekkan nang
gagang tembok e balkon. Wong sing paling cidek karo pak polisi iki yaiku wong sing ana ing lantai 3
yaiku meringgih. “Hee.. sing nde lantai 3 ojo meneng ae, tulungono!!” ujar sawetara polisi sing ana ing
lantai paling isor. Samsul mlayu banter kanggo ngewangi pak polisi sing meh tibo tekan balkon, sawetara
polisi negur meringgih amarga dheweke ora ndang-ndang nulungi polisi sing meh tibo tekan balkon
lantai 4. “nuwun sewu, tapi anak kulo niki mboten saged ngewangi.dheweke wedi karo kedhuwuran
mulai cilik” ujar bu mayor.

Inspektur sing mulai mang meriksa saka lantai isor nang lantai ndukur nganti pirang-pirang jam akhire
mutusno ben kabeh wong ngumpul ning TKP, inspektur kasebut ujar manawa sing mateni pak sigit
yaiku samsul, inspektur wis nganalisa bola bali, bahar lan denis nemu barang ning nduwur wit witan sing
panggone ning ngarep persis balkon sing jarak e sekitar 1 meter saka balkon, barang kasebut yaiku kaos
putih sing ngebungkus lading, sarung tangan lan benang jait lelumuran getih. dudu pak petruk pelakune
amarga wong sing pincang sikile bakal ora iso mudhuni anak balkon karo cepet, bu mayor karo siti ya
ora mungkin amarga postur awake, meringgih ya dudu pelakune amarga meringgih iku wong sing
nduweni wedi kadhuwuran. Inspektur negesake menawa trik sing digawe pelaku yaiku trik ruang
ketutup lan uwal, seketika kabeh wong nggerundel ora percaya “hah opo iya??”. “petunjuk pertama
yaiku lubang cilik sing ana ing pecahan kaca jendela iku mau, petunjuk kedua yaiku benang jait sing
dibentuk dadi huruf U ning ujunge benang. Pertama pelaku nggantungno ujung benang sing wis
dibentuk dadi huruf U nang awak kunci jendela digawe ngunci jendela pas pelaku uwal mengko, pelaku
ngelebokno ujung benang liyane liwat bolongan cilik sing ana ing kaca iku mau, sakwise iku pelaku bakal
muduni balkon 4 nang balkon 3 secepete, terus pas kabeh wong teko ning TKP, pelaku melu nyeludup
tekan mburi koyoto ora ono opo-opo .“Dudu… samsul ora mungkin ngelakoni iki kabeh” ujare siti moro-
moro. “haH..?” nggrundel sawetara wong ning sekitare TKP, “ aku mulai mang karo samsul gawe nggolek
kucing ning sekitare omah iki” ujar siti. “ lhalek kaya ngunu, kenopo kowe ora njelasno sing pancen
bener wis kedaden mang?” saur e pak inspektur. “bisa uga marga hubungan dheweke ora pingin di
weruhi wong liyo” omonge bahar, “Hubungan?” toni kaget. Samsul lan siti nduwe kalung liontin pada,
mung kalung samsul mesti katutup klambi sing digawe dheweke, tekan kene wis ketok lek dheweke
nduweni hubungan sing kuat banget.

Nalika samsul digawa polisi nang kantor polisi, siti nangis nyesel amarga dheweke ora ngutarakno opo
sing sebenere kedaden pas dheweke wong loroan bareng. meringgih nyidek i siti “Wislah... usapen
tangismu iku”, siti rodok ngadoh tekan awak e meringgih, “ aku tetep ngenteni awmu sampek samsul
ilang tekan pikiran karo atimu” ujare meringgih. “ kenopo dheweke ora gelem ngakoni ya, padahal jelas-
jelas dheweke dadi pelakune?” pitakon tiar, “yen mung senjata sing dugawe pelaku iku ditemukne, pasti
samsul wis ngakoni ” saur bahar.

“apa iya senjatane durung ditemokke?” ujar wong-wong ing sekitare, inspektur mutusno ben pencarian
senjata dilanjut sesok amarga saiki wis bengi, tim kepolisian karo inspektur bali nang kantore dhewe-
dhewe. Dene dian, denis, bahar, toni, lan tiar mutusno gae nginep ning omah pak sigit bareng
keluargane pak sigit.

Nalika bengi pas kabeh wong ngasuh, ono wong sing njupuk bungkusan senjata sing ana ning ndukur
wit-witan ngarep balkon, banjur wong iku nggowo lading ning njero omah yen arep dideleh nang tas e
samsul sing ana ning ruang tengah, CETEK (suara saklare lampu sing diuripi bahar)“ dadi bener, awakmu
lakune iki kabe”, weweruh ana meringgih lagi nyekel lading ing tangane, “apa sing mbo omongno?”
Takon meringgih karo gemeteran. “menurutmu sapa sing mbunuh bapakmu lek dudu awakmu?” teges e
denis, “apa maksudmu kabeh, aku mung arep ngewangi awakmu kabeh nemukno barang bukti sing ana
ning tas e samsul” ujare meringgih, “pancene bodho, mripatmu burek, jelas jelas iku tasku sing sektas
tak deleh ning kunu mergane aku karo denis arep turu ning kene”, meringgih ora iso ngomong opo-opo
maneh. “awakmu sengaja nggawe alasan wewedenmu karo panggonan dhuwur ben awakmu ono bukti
kuat, awakmu sengaja nggowo kucing nang nggen TKP ben bukti samsul ora iso dipercaya, awakmu
nekat mencolot saka balkon 4 nang balkon 3 gae nyusul awake kabeh pas ono ing TKP, awakmu sengaja
nguncal senjata sing dibungkus ning ndukure wit-witan ya amarga samsul sing biasane nggoleki kucing
ning ndukur wit-witan, awakmu mesthi ngira lhalek rencana ngefitnah adhikmu dhewe saiki berhasil,
ora segampang iku gae nipu wong liya” ujar bahar. HENING… “Iki kabeh gara-gara bapaku, aku dipeksa
mbatalno pernikahan iki, dheweke kondo arep ngomong nang paklekku tentang bisnis rusuh sing tak
lakoni amarga ngelek-eleki jeneng keluarga iki, padahal awale bapak dhewe sing ngusulno pernikahanku
karo siti, aku ora ngerti.., bapak ngawasi kesenenganku mulai aku cilik, opo ra cukup?, akhire aku
mutusno gae ndeleh kesalahan nang wong sing wis ngerebut tunanganku ” ujare meringgih karo nangis.
“samsul ora ngerebut tunanganmu, mulai awal siti nang kene mergane arep ngendangi samsul, tapi
bapakmu salah ngerti, padha kaya paklikmu biyen” ucap e bahar. “Nggoroi.., bapak ora tau ngomong
opo-opo nang aku” saur meringgih, “pak sigit ora wani ngomong amarga kuwatir awakmu loro ati, karo
wedi lhalek awakmu ora percoyo nang pak sigit maneh, amarga pak sigit dhewe sing ngusul
pernikahanmu ”, “pak sigit ora pingin ana perasaan sing ancur maneh, sing pak sigit pingin yaiku mung
awakmu mandekno pernikahan iki, ben siti lan samsul iso bebarengan saklawase. Dheweke ora pingin
sesedhihane mulang maneh nang wong liya”.

Anda mungkin juga menyukai