Anda di halaman 1dari 6

DISAMBATI SETAN

Cerdek Tegalan
Prasetyawat
Guru SMP 11 Tegal

“MAS, terusané cerita wingi endi? Enyong penasaran ish. Medéni, serem nemen,” komené
penggemaré Hartadi nang akun Facebooké.

“Dhélat maning ya? Kiyé lagi mragatna paragraf-paragraf pungkasé,” jawabé Hartadi pengarang
sing lagi moncér nang Facebook. Adong saiki kasebuté naik dhaun.

Hartadi wektu kiyé pancén lagi kenteng-kentengé nulis cerpén. Awit cerpén humor, percintaan,
horor, lan liya-liyané. Dhéwéké pancén pengarang cerpén sing akéh wawasané uga kréatf. Masalah
apa baén ditulis dadi cerpén paling yahud. Kabéh karangané disenengi penggemaré, sebab témané
bisa nyesuwékna kambén jaman saiki. Ana unsur agamané, humoré, lan ora nyrémpét-nyrémpét
unsur sara.

Tau ana penggemaré penasaran trus komén ning Facebook. Moniné kaya kiyé, “Mas, wektu
sampéyan nulis cerita horor apa ora wedi ditekani utawa diprotés daning tokoh sing ditulis?”

“Ya kadang-kadang enyong mikir kaya kuwé. Tapi trus tak pasrahna kambén sing gawé urip.
Kabéh wis ana sing ngatur,” jawabé Hartadi dhénak.

Ana maning penggemar liyané uga takon, “Mas, sampéyan éntuk idhé sing endi? Ka bisa nulis
cerpén kaya kuwé. Apa pengalamané dhéwék ya?”

Kabéh pitakonan penggemaré dijawab santé lan ceplas-ceplos.

*****

Bengi kuwé kira-kirané jam sawelas, Bapa – Ibuné wis angler neng kamaré, adhiné sing turu
sekamar uga wis ngorok senggar-senggur neng kasur sebelah kasuré Hartadi. Sing kadohan keprungu
suwara kodhok patng ceblung saur-sauran. Kodhok-kodhok kuwé padha pésta ning endongan banyu
sing ana nang sawah bubar dipanén watara seminggunan. Hawané krasa ats por sebab awit soré
udan ora mandheg-mandheg. Kayané pancén wis mangsané udan. Wong-wong laka sing nang njaba
umah. Suasanané sepi nyenyet ora ana aban-aban. Ngart-ngart ....

“Dog- dog- dog ...”

Ana suwara nggedhor-gedhor lawang ruang tamu. Hartadi ora giri-giri mbuka lawang.
Dhéwéké tau krungu critané tangga teparo, jaréné yén tengah wengi ana suwara totok-totok aja
cepet-cepet dibuka, kudu diénténi ndisit ngant suwara totok-tokok kuwé dibaléni kaping telu. Tapi
nyatané suwara kuwé mung sapisan, ora dibaléni. Atné déwéké krasa radan wedi, gitoké prindang-
prinding. Samar-samar Hartadi krungu suwara tangisan. Gitoké sangsaya mrinding. Dirungok-
rungokna kayané suwara tangisan ana neng ngarep umah. Dhéwéké mbatn, ”Sapa sing nangis bengi-
bengi kaya kiyé? Apa wong padu kamben gérélané, apa wong diganyami bojoné trus kongkon
minggat? Apa suara sét .... “

Hartadi penasaran. Arep nggugah adhiné melas wong lagi angler. Apa maning Bapa kamben
Ibuné uga lagi saré, ora kepénak lah, mbokan dadi kagét. Pol-polané Hartadi metu sing kondhong
senajané madan wedi. Dhéwéké nékad ngintp liwat langsé jendéla ruangan tamu. Hartadi kagét
nemen merga weruh nang ngingsoré wit pelem ana wong wadon lagi njongkot rambuté dawa nangis
mingseg-mingseg déwékan. Rainé ora katon merga lampu ngarep umah rada peteng. Kambén
ndonga sebisané, Hartadi nékad mbuka lawang. Ngart ana wong mbuka lawang, wong wadon sing
lagi nangis langsung nglinguk karo mlayu marani. Hartadi kagét, jebulé sing nangis tanggané dhéwék
sing umahé nang gang ngarepé. Wong wadon kuwé mbéké seminggu manggoni umah sing wis
suwung antarané setaunan. Dhéwéké manggon kamben wong lanang rada tuwa, jaréné si bojoné.

“Mas, lagi apa bengi-bengi ning njaba?” ngart-ngart adhiné Hartadi sing mau katon angler,
nglilir gén nggolét kakangé.

“Kiyé lho, ana wong nangis nang ngarep umah, aku dadi penasaran ana apa,” semauré Hartadi.

Adiné gagian takon maring wong wadon kuwé.

“Kenangapa, Mba? Bengi-bengi nangis, ana masalah?”

“Ngapurané ya Mas? Enyong ngganggu ya? Hu ... hu ... hu ....”

Wong wadon kuwé ngomong karo nangis.

“Enyong sengaja nangis nang ngarep umahé sampéyan merga ngart yén jam saméné, Mas
Hartadi dhurung turu. Mest ésih nulis crita. Kenalna ya? Arané aku Puspita,” omongé wong wadon
sing saiki wis rada reda tangisé, “enyong pan njaluk tulung karo sampéyan Mas,” jaréné maning.

“Ya, pan njaluk tulung apa? Yén enyong bisa nulungi ya tak tulungi. Ana apa dhongé?” Hartadi
takon ora sabar.

“Kaya kiyé lho, Mas. Awan mau kira-kira jam telu bojoné enyong pamit pan nang luar kota,
enyong ora olih mélu. Padhahal kan enyong ora wani turu nang umah déwékan, mergané umah kuwé
wis suwé suwung. Dhéwéké pan nang Kebumen marani bojo pertamané, jarené, anaké kecelakaan.
Mbesiki dong permasalahané bérés, enyong dikongkon nyusul mana.

Tak akoni baé Mas, enyong kiyé bojo keloro hasil nikah siri. Mau pas magrib dhéwéké télpon,
jaréné, bojo tuwané wis nrima. Akhiré, mbesiki enyong dikongkon mana. Dadi kiyé bisa ora bisa,
enyong njaluk tulung sampéyan ngater nang Kebumen.”

“Rencanané pan mana kapan, Mba? Yén saiki kan wis bengi, trus numpak apa?” Hartadi
nggenahna.

“Ya wengi kiyé baén, Mas. Enyong wis ora sabar péngin ngart kaya apa kahanan keluarga
kana,” Puspita ngomong, tapi cangkemé méwék maning.
Ndeleng wong wadon nangis, Hartadi ora téga. Terus dhéwéké rembugan kambén adhiné,
pibén apiké. Sauwisé rembugan, Hartadi ngomong, “Ya wis Mba. Sampéyan tak ater tapi enyong
ngejak adiku kiyé. Soalé ora kepénak yén lunga wong loro lanang wadon dudu muhrimé, mbokan
dadi fitnah.”

“Enyong setuju karo apa sing diomongna sampéyan, Mas.”

“Trus mbengi kaya kiyé lunga pan numpak apa?”

“Ya nganggo mobilé enyong. Mau bojoku lungané nggawa mobilé dhéwék.”

“Oh ya wis. Enyong siap-siap ndisit ya? Mba-né wis nyiapna keperluané kabéh?”

“Wis bérés, kari njukut mobilé nang garasi.”

Watara jam rolas bengi wong telu sida mangkat maring Kebumén. Sing nyetr mobil Hartadi.
Adiné njagong jéjér kakangé nang jok ngarep. Puspita nang mburi dhéwékan. Sadalan-dalan Hartadi
ngrasakna nyetr mobilé énténg nemen kaya laka jaglugan. Dalané ya rasané lurus ora ménggak-
ménggok. Dideleng sing spion, Mba Pita lagi asyik dolanan HP. Sawetara adiné wis turu angler
maning.

Ngrasa sepi, Hartadi nyetél musik seka tp sing ana nang mobil. Lagune Ebit G Ade sing judulé
“Ayah” ngumandang ndadékna suasana rada begér sattk. Kamben nyetr mobil Hartadi mikir.
“Kayané awit mau ko ora tau papagan utawa slisiban karo mobil liya ya?”

“Mas, mobilé mambuné ora énak. Tak semprot parfum sattk ya?” ujug-ujug Puspita
ngomong.

Hartadi kagét.

“I ... iya, Mbak.”

Prat-prot ... Puspita langsung nyemprotna parfum sing digawa.

“Waduh ... mambuné wangi nemen si, Mba? Aromané melat ya?”

“Iya Mas. Kiyé aroma kesenengané enyong. Sampéyan ora seneng?”

“Sabeneré si seneng, tapi bengi-bengi kaya kiyé mambu melat kaya radan pibén ngonong.”

Gitoké Hartadi prindang-prinding ngant wuluné padha ngadeg. Tapi pan ngomong géngsi
mbokan dikira wedinan.

*****

Kira-kira perjalanan sejam setengah, mobil mlebu daérah Krumput. Hartadi atné ora kepénak.
Déwéké kélingan critané kancané sing tau kecelakaan nang kono. Laka sebab apa-apa mobilé mlebu
jurang jeroné watara limang meter. Saking kagét lan wedi, kancané Hartadi semaput. Barang éling,
dhéwéké karo mobilé wis nang Rumah Sakit Banyumas. Anéhé, awaké laka sing tatu, mobilé uga
wutuh ora lécét sattk-ttka.
“Maaaasss .... kaé nang ngarep ana apa ya? Katoné akéh wong rubung-rubung kaya ana
kecelakaan!” Puspita gemboran ndadékna Hartadi kagét.

“Laka apa-apa ka, Mba. Enyong ora weruh!” Hartadi njawab kambén nggolét apa sing
diomongna Puspita. Matané dipendelik-pendelikna, tetep ora weruh. Ngart-ngart ana kilat nyamber
dibarengi suwara bledhég atas nemen “Gleggerrr!”. Sauwisé krungu suwara bledhég, Hartadi
langsung weruh apa sing diomongna Puspita. Kira-kira satus meter arah ngarep, akéh wong ngrubung
mobil sing mandhek nang pinggiré dalan. Hartadi langsung ngandhekna mobilé. Gagian nggugah
adhiné, diajak ndeleng ana kedadéan apa. Jebulé nang dalan aspal sebelahé mobil, ana wong lanang-
wadon ngglétak ditutupi godhong gedhang. Puspita sing njagong nang mburi gagian metu, mlayu
marani wong lanang sing ngglétak kambén njerit sarosané.

“Papaaaa ...!”

Hartadi kambén adhiné mlongo ndeleng Puspita mlayu trus mlebu maring ragané wong wadon
sing ngglétak nang sebelahé bojoné. Sauwisé kuwé, keprungu maning suwara bledég seru nemen.
Hartadi kagét sebab wong loro sing mau ngglétak nang aspal, saiki ngeclap ilang. Hartadi kambén
adiné mlayu sipat kuping ninggal panggonan kono, sonder ngémut mobilé sing kur ditnggal bying.
Barang wis krasa radan adoh, terus padha mandek kabéh, ambekané rengosan. Kakang-sadi njagong
nang pinggir dalan. Kira-kira sepuluh menitan, ana suwara wong lagi rondha. Atné radan ayem sebab
ngrasa ana kancané. Wong sing padha ronda mlaku maring arahé Hartadi kambén adhiné.

“Nuwun séwu nggih, Mas, ndalu-ndalu ko sami teng mriki ngentosi nopo?” Wong sing rondha
takon. Ditakoni kaya kuwe, Hartadi nyritakaken kedadéan sing nembé dialami awit mangkat ngant
tekan nang panggonan kono.

Wong-wong sing krungu critané pada pandeng-pandengan. Mbuh apa sebabé.

“Ngéten mawon Mas, kaliyan ngentosi énjang, njenengan kula terké dateng dalemé Pak Lurah,
pripun?”

“Nopo mangké mboten ngrépot, Pak?” Hartadi ragu-ragu.

“Mboten Mas. Sampun biasa ngoten ko,” jawabé wong sing rondha.

“Oh, nggih, matur nuwun.”

Akhiré wengi kuwé Hartadi kambén adhiné diterna warga désa maring dalemé Pak Lurah.
Sauwisé tekan, wong loro dikongkon mlebu umah, disuguhi wédang lan jajanan. Pol-polané
dikongkon istrahat nang kondhong sing kosong.

*****

“Mas ... Mas ... tangi! masa turu nang lapangan?”

Bocah-bocah sing padha ngarit nggugah Hartadi kambén adhiné sing lagi turu angler.

“Lho, kok enyong turu nang kéné?”


Hartadi kagét, sebab dhéwéké kamben adhiné mau bengi ngrasa turu nang dalemé Pak Lurah,
la ko saiki turu nang sawah. Sapa sing iseng ngelihna ....

“Astagfirullahaladziim ....”

TAMAT

Tegal, Juli 2019


Biodata Penulis

Jeneng : Prasetyawat

Luwih seneng nganggo jeneng asli kaya sing diwenehi wong tuwane. Prasetya artne
janji, Wat artne wadon. Pas karo tanggal laire yakuwe 28 Oktober, mbarengi pengetan
Sumpah Pemuda.

Wiwit cilik seneng maca apa bae, tapi mulai nyoba nulis kira-kira tahun 2018.

Karya sing wis tau diterbitna ana nang Antologi cerpen ”Kenanga”

Judule cerpene “ Untukmu, Ayah” (Penerbit Rumah Imaji, tahun 2018)

Alamat kantore : SMP Negeri 11 , Jalan Mejabung Nomer 18 Tegal.

Alamat emaile : praswatpw05@gmail.com

Anda mungkin juga menyukai