Anda di halaman 1dari 3

Nyaur Utang

Ana rasa trenyuh ing atiku nyawang kahanan wong tuwa kuwi. Mesthine dheweke wis kudu
leren ana ngomah, jebul nyatane isih panggah nyambut gawe najan mung dadi wong njejaluk ing
pinggir dalan.
“Sepi, mbah?” bocah wadon udakara umur sangang taun nyedhaki wong tuwa mau karo pitakon.
Mbahne ora enggal wangsulan. Bocah mau dipangku karo diaras rambute kebak rasa asih.
Polong plastik diulungake.
Aku mesem rungu tembunge bocah wadon mau. Pitakon kaya ngono kuwi mesthine kawektu
saka bakul siji marang bakul liyane, kanggo nuduhake laris utawa orane anggone bebakulan.
Nanging awan iki sing dak krungu, pitakone bocah marang mbahne.
“Limang atus rupiah. Mung iki, mbah?” bacute sawise nampani polong semu gela. “Apa cukup
kanggo mangan awake dhewe dina iki?”
“Sabar ta ndhuk,.. Marsih. Mengko rak oleh tambah”, wangsulane wong tuwa mau karo ngelus-
elus rambute putune sing katon reged sajak suwe ora kramas’ Lha kowe dhewe wis oleh pira ta?”
bacute wong tuwa mau. Putune ngulungake plastik isi dhuwit receh. “Gene kowe Iha kok lagi
oleh pitungatus rupiyah’ celathu ne mbahne maneh. “Wis kana enggal golek maneh... aja lali
serbete digawa”
Brabat. Marsih mlayu ninggalake mbahne. Nyabrang dalan sing wektu kuwi lagi rame
kendharaan sing padha liwat. Sedhela wae daksawang Marsih wis ngadeg cedhak mobil sedhan
warna ireng sing Iagi mandheg marga lampu stopan murub abang. Tangane wiwit nyerbeti spion
mobil mau. Saka kadohan aku weruh sopir mobil ngulungake dhuwit receh saka jendhela.
Baca Juga : Cerkak Bahasa Jawa "Meh Wae"
Kekes rasane atiku tukhul maneh. Marsih, bocah sing lagi seneng-senenge dolan, pranyata wis
kudu golek dhuwit kanggo nyukupi uripe.
“Wonten menapa sepedha motore, dhik?” gragapan aku krungu pitakone wong tuwa kuwi
marang aku.
“Anu, pak. Menika Iho, bane wingking kecocog paku’ wangsulanku.
“Lha nika...wonten tukang tambal ban!”
“Nggih. . nanging.. “ora dak bacutake wangsulanku. Isin.
“Wonten napa?”
“Dhompet kula ical”
“Pinten ta, prabeyane nambal ban niku?”
“Sekawan ewu”
“Cobi sampeyan mriki” kandhane karo ngawe-awe.
Aku kaget. Jebul wong tuwa kuwi tangane ora ganep. Sing tengen drijine mung ana loro, dene
sing kiwa malah ora duwe epek-epek. Bareng aku wis cedhak, dheweke menehi plastik isi
dhuwit receh karo kandhane:
“Arta niki sampeyan ngge ongkos nambal ban, dhik”
“Ah mboten, pak”
“Sampun ta, kula lila kok. Sanes wekdal saged dipun wangsulaken. Katimbang kedangon
dumugi ndalem. Rak taksih tebih ta daleme?”
Kepeksa dhuwit tak tampani. Sawise ngaturake panuwun, aku age-age menyang tukang tambal
ban sing dhasar ora adoh saka papan kono. Ing batin, aku janji sesuk sore bakal dak balekke
dhuwit mau kanthi Iuwih akeh.
SORE iki langite katon sumilak. Sunar abang nyemburat ana jagad sisih kulon. Sedhela maneh
angslup.
Bubar bali saka nyambut gawe, aku sida arep mbalekake dhuwit marang wong tuwa sing wis
tetulung aku wingi. Nanging emane dheweke ora daktemokake ing papan kono. Bejaku, aku isih
nyumurupi Marsih sing lagi ngadeg ing dalan prapatan ngenteni lampu setopan murub abang
kaya biyasane.
“Marsih...!” celathuku sora. “Mreneya, dhik. Aku arep takon. Simbahmu ana ngendi ?’
pitakonku marang bocah mau sawise dheweke nyedhak.
“Wis ora ana” wangsulane cekak.
“Ora ana piye? Ana ngendi?”
“Wis mati’
“Mengko dhisik ta, banjur kowe urip karo sapa?” pitakonku isih durung ngerti karepe.
“Ibuku”
“Banjur omahmu ngendi?”
Marsih ora wangsulan. Malah mripate kembeng eluh. Dak cekel pundhake karo ngarih-arih
supaya gelem menehi weruh ngendi omahe, dadi aku bisa ketemu ibune Marsih Ian mangerteni
ana ngendi dununge wong tuwa sing wis nandur kebecikan marang aku wingi awan.
Sidane Marsih gelem dakboncengake pit motor tumuju omahe sing penere mangulon saka papan
kene. Bareng tumeka kreteg gedhe tur dawa, dheweke njaluk mudhun. Banjur mlaku dhisiki
nurut tanggul kali kang jembar.
Ing ngisor kreteg, ana gisiking kali, dheweke nudhuhake gubug. Jare kono kuwi omahe, banjur
klepat mlayu lunga.
Aku mlebu sawise uluk salam. Wong wadon sing isih enom mbagekake tekaku.
“Nepungaken, mbak. Kula Handoyo’
“Ngoko wae. Aku Yanti ibune Marsih.
“Ana perlu apa teka mrene?” pitakone.
“Ana ngendi wong lanang sing jarene embahe Marsih? Wangsulanku ganti takon “Aku arep
nyaur utang” kandhaku maneh karo ngandhakake larah-larahe marang Yanti.
“Pira utangmu?”
“Patang ewu. Mula gandheng aku ora bisa ketemu, dhuwit iki wenehna” wangsulanku karo
ngulungake dhuwit eketan ewun.
“Ora susah kok saur. Bapakku wis lila. Idhep-idhep kanggo sangu ning kanane”.
“Karepmu!?”
“Bapak wis tinggal donya wingi sore. Tiba saka truk sing ngangkut bapak Ian kanca-kancane
nalika kutha kene ngadani razia pengemis Ian glandhangan. Layone dirukti din iki uga” critane
Yanti.
Atiku kaya sinendhal krungu kandhane wong wadon iki. Ing batin aku ndonga, muga-muga
arwahe wong tuwa sing dakanggep luhur bebudene tinampa dening Kang Maha Kuwasa.
Nanging gumunku, anggone crita kaya ngono mau Yanti babar pisan ora nuduhake polatan kang
Sedhih. Praupane ajeg sumringah. Mulai tuwuh pitakonku marang dheweke:
“Kowe ora sedhih?”
“Apa gunane? Yen aku sedhih, nggetuni ditinggal mati wong tuwa, ateges aku Ian Marsih bakal
ora bisa mangan, amarga aku banjur ora nyambut gawe’ wangsulane isih kanthi swara canthas.
“Nyambut gawemu apa?”
“Dodolan iki’ wangsulane karo nuding perangane awak sing penere ngisor puser. Perangane
awake wanita sing sipate wewadi.
“Apa entuk yen aku tuku kuwi?”
“Kena wae. Saiki? Neng kene?”wangsulane karo wiwit nguculi penganggone. Nanging durung
wae daster sing dienggo uwal saka awake, aku mbacutake:
“Dudu kuwi karepku, Yanti’
“Banjur...?”
“Kowe dak tuku kanggo brayan urip. Kuwi yen kowe gelem dadi bojoku, sing nyambut gawe
dadi kuli bangunan’
Yanti ora wangsulan. Mripate tajem nyawang aku. Lambene sing abang digeget, terus ambruk
ing pangkonku karo nangis. Saya ora mentala nyawang kahanane. Ewasemono atiku bungah.
Kanthi mengkono rasane atiku dadi lega, aku wis bisa ngluwari nyaur utang marang bapake
Yanti.
(Cuthel)
Dening : Budi Utomo

Panjebar Semangat No.47-23 Nopember 2013

Anda mungkin juga menyukai