Anda di halaman 1dari 7

TUGAS ANALISIS

UNSUR INTRINSIK NOVEL

"PRAU GETHEK NYEBRANG JALADRI"

Karya : Ir.H.Soekirman

Anggota Kelompok :

1. Amellia Khabibah (06)

2. Yacinta Rahma Wijaya (28)

SMA N 1 NGRAMBE

TAHUN PELAJARAN 2021/2022


LEMBAR ANALISIS

1. Judul Novel : "PRAU GETHEK NYEBRANG JALADRI" karya Ir.H.Soekirman

2. Tema Novel : Pendidikan

Bukti : "Ing desa Pagar Jati Soekirman dipunsekolahaken ing Sekolah Rakyat ngantos
dumugi taun 1962. Nalika semanten Soekirman sampun makrya wonten ing USU kanthi
jabatan Asisten Dosen pangkatipun Gol ll/b ing Fakultas Pertanian USU, Soekirman nggih
nyambi mucal ing STM Pertanian Lubuk Pakam."

3. Penokohan dan Perwatakan :

1) Soekirman

» Bukti tokoh : "Soekirman lair ing desa Tualang, Perbaungan, Serdang Bedagai, Sumatera
Utara."

» Watak Soekirman : Sholeh

» Bukti watak : "Soekirman menika bocah ingkang sregep ngaji, sholat, taraweh saha
ngayahi pakaryan kangge kebutuhan sosial kemasarakatan wonten ing desanipun."

2) Pak Subardilan

» Bukti tokoh : "Asma bapakipun Soekirman inggih menika Pak Subardilan.

» Watak Pak Subardilan : Sregep Nyambut Gawe

» Bukti watak : "Pak Subardilan pakaryanipun inggih menika tani lan laku dagang woh-
wohan."

3) Bu Isayaah

» Bukti tokoh : "Asma ibunipun Bu Isayaah.

» Watak Bu Isayaah : Sregep Nyambut Gawe

» Bukti watak : " Bu Isayaah pakaryanipun inggih menika tani lan laku dagang woh-
wohan."

4) Mbah Sajiman lan Mbah Halimah


» Bukti tokoh : "Asma simbah buyut Soekirman inggih menika Mbah Sajiman lan Mbah
Halimah."

» Watak Mbah Sajiman lan Mbah Halimah : Sregep Nyambut Gawe

» Bukti watak : "Kirang langkung taun 1900 Mbah Sajiman lan Mbah Halimah bidhal
saking Tanjung Cina Semarang boten langsung tumuju Deli, ananging mandhap riyen wonten
ing Singapura rumiyin, kekalihipun dagang panganan nganti 2 taun."

5) Mbah Jusuf lan Mbah Absah

» Bukti tokoh : "Simbahipun Soekirman inggih menika Mbah Jusuf lan Mbah Absah.

» Watak Mbah Jusuf lan Mbah Halimah : Sregep Nyambut Gawe

» Bukti watak : "Menika Mbah Jusuf lan Mbah Absah ngumbara dhateng Sumatera utalwi
Tanah Deli menika boten jelas, kinten-kinten menika kangge ngrubah nasib."

6) Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin

» Bukti tokoh : "Nalika Soekirman taksih alit antawisipun taun 1958 bapakipun Soekirman
seda, lajeng Soekirman dipunrawat dening Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin."

» Watak Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin : Kebak Katresnan

» Bukti watak : "Nalika Soekirman taksih alit antawisipun taun 1958 bapakipun Soekirman
seda, lajeng Soekirman dipunrawat dening Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin."

7) Marliah

» Bukti tokoh : "Garwanipun Soekirman menika Marliah, bidan ing Puskesmas Pagar Jati."

» Watak Marliah : Wicaksana

» Bukti watak : "Putranipun Soekirman lan Marliah sampun nate dipunruwat ngagem tata
cara adat Jawa."

4. Latar

1) Panggonan :

1. Ing Desa Tualang


» Bukti : "Soekirman lair ing Desa Tualang, Serdang Bedagai, Sumatera Utara."

2. Ing Desa Pagar Jati

» Bukti : "Ing Desa Pagar Jati Soekirman dipunsekolahaken ing Sekolah Rakyat ngantos
dumugi taun 1962."

3. Ing STM Pertanian Lubuk Pakam

» Bukti : "Nalika semanten Soekirman sampun makrya wonten ing USU kanthi jabatan
Asisten Dosen pangkatipun Gol ll/b ing Fakultas Pertanian USU, Soekirman nggih nyambi
mucal ing STM Pertanian Lubuk Pakam."

4. Ting Padesan

» Bukti : "Kanthi lembaga menika Soekirman bebas nyukani gagasan-gagasan


pembangunan partisipatif kangge ngrembakaken Swadaya Masa AKA ting Padesan."

5. Ing Kraton Surakarta

» Bukti : "Soekirman inggih asring tetuwi ing Kraton Surakarta kangge silaturahmi lan sinau
tradisi leluhur, dangu-dangu Soekirman langkung remen dateng budaya gagrak Surakarta
kang nglimputi babagan sejarah estetsi lan filosofi."

2) Wektu :

1. Taun 1958

» Bukti : "Nalika Soekirman taksih alit antawisipun taun 1958 bapakipun Soekirman seda,
lajeng Soekirman dipunrawat dening Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin."

2. Taun 1962

» Bukti : "Ing desa Pagar Jati Soekirman dipunsekolahaken ing Sekolah Rakyat ngantos
dumugi taun 1962."

3. Nalika SMP

» Bukti : "Nalika SMP, Soekirman bidhal mantuk sekolah menika mlampah ananging
kadhang-kadhang menika nitih pit onthel."

4. Taun 1980
» Bukti : "Taun 1980 sasampunipun angsal gelar BSC ing babagan pertanian, Soekirman
dados pegawe Negri Sipil, posisinipun dados asisten dosen."

5. Taun 1983

» Bukti : "Taun 1983 namataken S1 lan golonganipun mindhak dados lll/a, lajeng
dipunangkat dados dosen Mekanisasi Pertanian."

6. Tanggal 16 Mei 2011

» Bukti : "Tanggal 16 Mei 2011, dina senen Soekirman lan garwanipun tetuwi ing
Yogyakarta, sebanjuripun tetirah marang asal-usul leluhuripun ing desa Bagelan Purworejo."

7. Tanggal 5 Juni 2011

» Bukti : "Dinten minggu tanggal 5 Juni 2011 watara tabuh 14.00 Soekirman ngadani
pagelaran wayang purwa kanthi lakom 'Wahyu Cakraningrat'."

3) Swasana :

» Syukur

» Bukti : "Syukur Alhamdulillah taun 2000 omah kontrakan menika dados hak milik
kluwarga Soekirman."

5. Alur : Campuran

» Bukti : "Nalika SMP, Soekirman bidhal mantuk sekolah menika mlampah ananging
kadhang-kadhang menika nitih pit onthel. Pengalaman ingkang boten saged dipunlalekaken
inggih menika nalika Soekirman kekancan kaliyan tiyang Batak, saengga Soekirman menika
saged basa Batak."

"Kirang langkung taun 1900 Mbah Sajiman lan Mbah Halimah bidhal saking Tanjung Cina
Semarang boten langsung tumuju Deli, ananging mandhap riyen wonten ing Singapura
rumiyin, kekalihipun dagang panganan nganti 2 taun. Salajengipun simbah buyut nyabrang
nuju Tanah Deli nyusul paklik ingkang sampun ngumbara langkung riyen. Taun 1904 simbah
buyut pindhah dhateng Perbaungan, Kesultanan Serdang, ing taun menika ugi simbahipun
Soekirman lair, inggih menika mbah Jusuf lair ing desa Tualang. Asal mulanipun sami
ngumbara dhateng Sumatera utawi Tanah Deli menika boten jelas, kinten-kinten menika
kangge ngrubah nasib."

6. Sudut Pandang : Wong Ketelu

» Pelaku Utama : Soekirman


» Bukti : "Soekirman lair ing Desa Tualang, Perbaungan, Serdang Bedagai, Sumatera Utara.
Asma Bapakipun Soekirman inggih menika Pak Subardilan , pakaryanipun inggih menika tani
lan laku dagang woh-wohan, asma ibunipun bu Isayaah. Simbah buyut Soekirman asli saking
Parakan,Temanggung Jawa Tengah, asmanipun Mbah Sajiman lan Mbah buyut putri saking
Blora inggih menika Mbah Halimah. Simbahipun Soekirman inggih menika Mbah Jusuf lan
mbah putrinipun mbah Absah."

7. Amanat :

1) Urip bebarengan karo suku liyane kanthi tentrem lan ayem.

» Bukti : "Pengalaman ingkang boten saged dipunlalekaken inggih menika nalika


Soekirman kekancan kaliyan tiyang Batak, saengga Soekirman menika saged basa Batak."

2) Tresna budaya

» Bukti : "Soekirman inggih asring tetuwi ing Kraton Surakarta kangge Silaturahmi lan
sinau tradisi leluhur, dangu-dangu Soekirman langkung remen dhateng budaya gagrak
Surakarta kang nglimputi babagan sejarah estetsi lan filosofi."

3) Ngajeni wong liya

» Bukti : "Soekirman lan ibu boten kendhat anggenipun nyukanisesorah supados putra-
putranipun njagi sopan santun dhateng tiyang ingkang langkung sepuh, piwulang agama uga
dipunwucalaken marang putra-putranipun, saliyanipun kluwarga menika uga mentingaken
pirembugan."

SINOPSIS NOVEL

Soekirman menika salah satunggaling tiyang ingkang aktif wonten ing Pujakesuma, inggih
menika organisasi warga Jawa ingkang ngumbara wonten ing Sumatera. Jawa punika
panggenanipun raos. Mula wonten kang ngarani Jawa Jiwa Kang Kajawi. Budaya abangan
condhong marang mistik, olah raos, adat, tradisi, barang-barang kuno, cagar budaya, lan
tilaran sejarah.
Menawa ditilik saking perspektif sosio linguistik, nami Soekirman jelasipun asli jawa. Su =
Endah, Kirman=Pakaryan. Ancasipun supados kang ngagem asma menika saged
nglampahaken pakaryan kanthi ati kang endah lan pungkasanipun pikantuk asil kang endah.

Wonten ing sadinten-dintenipun Soekirman sregep nindakaken syariat wiwit saking rukun
Islam , sedayanipun sampun ditindakaken kanthi jangkep lan sampurna. Ananging,
Soekirman sakluwarga boten nate nilaraken babagan ritual lan tradisi.

Anda mungkin juga menyukai