Anda di halaman 1dari 3

Cilik Kanca Gedhe Musuh

Oleh :
Alivia Mayvita Erliandari

Nalika aku isih cilik, aku seneng melu ibukku masak saben isuk. Wayah subuh ibuk
nggugah aku ben sholat bareng-bareng ning masjid. Sak wis e iku aku melu ibukku blonjo
kanggo sarapan. Biasa e ibukku takon aku arep dimasakne opo dino iki. Sak wis e blonjo ibukku
langsung masak. Naliko ibukku masak aku seneng dulinan kayu ning pawon seng gawe masak.
Wayah aku cilik, keluargaku isih masak nggawe pawon saka lemah lempung. Pawon iki nggawe
kayu seng di obong karo minyak gas. Nalika kayune wis entek, kudu di tambahi kayu maneh
ben genine gak mati. Senenganku lungguh ning nggarep pawon karo obong-obong kayu cilik
sing ono ndik sisihku.

Yen dipikir-pikir aku pancen seneng banget karo geni. Saben awan aku biasa dulinan
ning kamarku. Slambu karo lawang e tak tutup ben peteng, nggawe tenda-tendaan saka kemul
lan karo ngurupake lilin gawe lampuan e. Ibukku mesti ngilingake yen geni iku bisa dadi bahaya
yen ora ati-ati. Nalika aku dulinan karo boneka Barbie ning njero kamar, aku krungu ana sing
mbukak lawang e kamarku.

“Ta, ojo tuman dulunan lilin ning kamar tah nduk. Bahaya” omong e ibukku ning lawang karo
marani aku melbu.

“nggeh buk, kulo ati-ati niku ndeleh e.” jawabku karo nginggerno lilin sing tak deleh ning kursi.

“iku loh diparani Husna ndek ngarep. Wes liline patenono” ibukku mbukak slambu sing nutup
ben kamarku ketok padang.

“nggeh buk.” Aku nyebul lilin terus metu nemoni Husna koncoku dulinan.

Wayah sore udan mulai teko. Kabeh bocah sing dulinan ning lapangan podo bubar moleh
dewe-dewe. Udan e tambah deres dibarengi angin lan gluduk. Moro-moro “zzzlllpp” lampu mati.
Hawane koyo tambah adem. Ibukku nyumet geni ning pawon ben rada anget.

“Assalamualaikum” swarane bapakku moleh saka pasar.


“iki loh buk aku tuku telo, masakno buk koyok e enak dipangan anget-anget. Aku tak adus sek”

“nggeh pak”.

Ibukku masang dandang lan masakne telone bapakku. Aku nyidek ning pawon karo ngelungne
kayu nang ibukku ben genine tambah gedhe.

Maghrib wis liwat. Udan e wis rada reda. Grimis deres sing nandakne udan bakal awet.
Gulungan kulit telo ning piring isih semrawut ning meja. Goyang-goyang e lilin nambahi
suasana sunyi ning ruang tengah omahku. Gak ono sliwerane uwong ning embong. Sepi amergo
udan lan lampu mati.

“nduk, sampeyang ngerti ra? Benda opo sing paling rela berkorban gawe manungsa?” takon e
bapakku.

“mboten pak. Benda napa?” jawabku bingung.

“benda iku nggeh lilin tah nduk” jawab e ibukku karo njupuk banyu ning meja.

“lah napa o kok lilin tah buk?”.

“sawangen tah, lilin iku mesti gelem ngobong awak e dewe kanggo nerangi uwong yen peteng
wayah lampu mati ngene iki”

“oohhh…lah tapi lilin nggeh pancen mboten saget nolah tah pak. Wong mboten enten suarane
loh” jawabku penasaran

“owalah nduk iku ngunu kiasan loh.” Jawab e ibukku karo ngguyu

Rasane suwe olehku guyon karo bapak ibukku ngenteni wayah turu. Lelehan e lilin sing
meh entek iku ketok mbleber nang meja. Udan ndek ngarep wes terang. Tapi lampune during
murup. Sak pisan e aku dulinan ayang-ayang ku seng ketok ndek tembok. Nggawe kewan-kewan
teko tanganku. Gak suwe lilin e mati samergo wis entek. Ibukku njupuk lilin neng lemari lan di
sumet sisan ning piring cilik.

“buk kula nedi lilin e setunggal buk”

“gawe opo?” takon e ibukku


“kanggo ten kamar buk, ben padang. Nggeh?”

“ojo nggowo lilin ning kamar loh ndok, bahaya. Apa maneh pas wayah turu. Gak lampuan gak
apa apa toh nduk.” Jawab e bapakku nuturi.

Akhire aku budal turu gak lampuan. Glimpengan amerga ra iso turu. Bapak lan ibukku
wis turu. Aku tangi glagapan nang ruang tengah njupuk lilin kanggo madangi kamarku. lilin iku
tak deleh ning mejo cilik sisih e jendela kamar. Rasane kamarku rada anget lan tambah nyaman.
Sak wis e iku aku pancet gak bisa turu. Akhire aku dulinan ayang-ayang suwe, nganti keturon.
“tik.tik.tik..” abane suara jam sing isih nunjukno wayah jam 1 bengi. Awakku rasa rada panas
sing nggarakno aku tangi. Riyep-riyep mataku nyawang nang tembok. Kok prasaku ana cahaya
abang mbranang sing ketok. Aku noleh, sak kal kagetku ndelok nggenku ndeleh lilin mau
kobong. Lilin e ngobong slambu sing nyampir nang jendela amerga keterak angin.

“buuukkk..ibuukk” aku langsung bengak-bengok karo nangis kepiyer ndek kasur gak wani
mlayu sebab genine lumayan gedhe. Ibuk karo bapakku langsung nang kamarku. kaget ndelok
geni seng kobar nang sish e nggenku turu.

“ya Allah nduk” bengokan e ibukku karo mlayu njupuk aku ning kasur sing sik nangis kepiyer.
Bapakku langsung mlayu nang jading njupuk banyu sak kaleng gawe mateni geni iku mau. Gak
suwe genine mati. Aku di nengno ibukku ndek njobo. Aku pancet nangis amergo wedi yen aku di
seneni karo bapakku.

“wis tah nduk, gak papa. Wes mene” ibukku ngenengno aku karo ngusap-ngusap i rambutku.
Gak suwe bapak teko.

“mangkane tah nduk, ojo maneh-maneh nggawa lilin nang kamar. Bahaya. Ndik kamar iku akeh
barang e sing gampang kobong. Paham ra?” tutur e bapakku alon nang aku. Aku gak njawab,
mek mantuk tok amargo isih wedi nang bapak.

Dino iku kanggo pelajaran penting gawe aku. Saiki aku wes gedhe. Aku wis ngerti yen
geni iku bisa bermanfaat lek awake bener nggawene. Tapi, yen awak e sembrono lan gak ati-ati,
geni iku bisa dadi musibah sing fatal kanggo manungsa.

Anda mungkin juga menyukai