Sakwise nggawa tiket, Lusi melu antri arep mlebu strasiun. Tekan
ngarep petugas checker, Lusi ngelungke tiket lan SIM sakperlu diperiksa
kacocokane dening petugas. Bar tikete dicap dening petugas, banjur mlaku
meneh tekan lawang sing dijaga satpam. Satpam uga meriksa meneh tikete
Lusi karo ngandani menawa Sepur lodaya mengko siap ning jalur lima.
Jam wolu kurang seprapat, Sepur Lodaya teka saka Solo. Lusi mlebu
gerbong eksekutif 1, trus goleki kursi nomor 10C. Wasan ketemu kursine,
Lusi enggal-enggal ngetokke laptop, buku, lan teh Nu greentea saka tas. Bar
kuwi ngunggahke tas ning kabin sepur. Rampung tata-tata gawan, Lusi asyik
nyenuk mbukak-mbukak situs online sinambi ngombe greentea.
Ora lali Lusi ngobrol karo wong sing lingguh ning jejere, jenenge Arista,
mahasiswi ITB, ayu, putih, duwur, sing bar dolan-dolan ning Jogja ninggone
budhene. Bar kuwi ora kaya adat saben, Lusi kepengen ngruruhi wong sing
lingguh ning kursi ngarepe. Jebule wasan mengo ketok rupane si Firman. Cah
anyar sing lagi setengah tahun kerja ning kantore Lusi. Firman uga bar dolan
ning Jogja, jarene ninggone Oma.
Rampung ngobrol karo Firman, Lusi mulai mbukak-mbukak buku sing
digawa. Buku karangan Salim A Fillah sing judule Jalan Cinta para Pejuang.
Isine apik banget, nerangake bab-bab penting ning kehidupan sehari-hari saka
sudut pandang psikologi islami. Pokoke isine top markotop, kaya mbukak
tabir perilaku menungsa, lan nunjukke perilaku kang utama.
Tengah wengi Lusi nylempitke buku lan laptop ning pinggir kursi
amarga kantong sing biasa nemplek ning kursi ngarepe ora ana. Mungkin
suwek, terus dicopot tinimbang ngelek-eleki. Ora sakwetara suwe Lusi turu
nglinthek ning kursi. Tangi-tangi jam papat esuk amarga ana suarane petugas
sing lagi nariki selimut kusebab Sepur Lodaya wis arep tekan stasiun Kiara
Condong. Selimut pancen sok ditarik pas sepur arep tekan stasiun tujuan.
Wasan sepur tekan Stasiun Bandung, Lusi cepet-cepet medhun sakwise pamit
marang Arista lan Firman.
Awan-awan bar mangan siang, Lusi lagi kelingan menawa laptope mau
ditokke ning kursi sepur, lan durung dilebokke meneh ning tas. Wah gawat
iki!. Berarti laptope ketinggalan ning sepur. Wah mau bar dinggo saukur
dislempitke ning pinggir kursi ora langsung dilebokke tas meneh, dadine
malah lali.
Dina sore nalika lagi ngombe teh panas nasgithel, Lusi entuk SMS saka
Firman sing isine dheweke nemokake laptope Lusi ketinggalan, banjur
diopeni. Sesuk arep dibalekke. Firman njaluk ngapuro amarga lagi sore iso
SMS Lusi, kusebab lagi wae enthuk nomer hapene Lusi.
Wah Lusi seneng banget. Bejo tenan Lusi dino iki. Dheweke ora sido
kelangan laptop amarga diopeni dening Firman. Untung dheweke mau
ngruruhi Firman, dadi Firman ngerti menawa laptop sing ketinggalan iku
duweke Lusi. Lusi bejo kemayangan amarga bab sepele, yaiku ngururuhi
wong sing lingguh ning ngarepe.