Awan iku balek sekolah rasane panas banget, kaya mletekake sirah. Aku lan Riyadi nduweni angen –
angen arepe dolanan ing kebon.
(Omah e Munir )
Munir : Yo sek! (bengok saka njero omah) Mak aku dolan sek yo
Mbak Zila : Oalah.. Nir, Nir, awakmu iki dolan ae. Awakmu ora butuh sinau ta?
Via : Nir, kuwi lo rungokne mbak mu. Mbok yo ojo dolan wae to le.. le…”
Munir : Ealah mak. Aku iki bosen sinau ae. Sak iki wayahe dolen,represing mak.”
Munir : Alah wes mak. Bapak iku wes ora ana, rasah di omongne. Dolen sek!
Alfa : E…, Nir, coba delengen ing kana ana layangan pedhot!
Alfa : Ayo, sing bisa nyekel dhisik iku sing duwe lo!
(Bocah loro padha mlayu ngoyak parane layangan sing pedhot mau)
Ing mburi omah ana Bu Ian Lan Bu Wanto lungguh ing amben ing ngisore wit klapa. Lan ora sengaja sing
kana ana Munir lan Alfa sing lagi nguber nguber layangan.
Bu Ian : Kae kok ana bocah mlayu mlayu turut kebon kae sapa, bu?
Bu Ian : Ngoyak layangan kok ngidak idak tanduran ing kebon. Mengko rak mati kabeh thukulane
jagung kae, Kurang ajar!
(Katon Alfa lan Munir padha mlayu ana kebone Bu Ian, sing duwe nututi karo duka duka)
Bu Ian : He…. Bocah ora urus, bocah ora sopan, jagung lagi arep urip padha di idak idak, Karepmu piye
ha ?
Bu Ian : Lha iku delengen iku bosah baseh tanduranku kok selak ora ngidak.
Munir : Wong niki boten njarak kok Buk. Jane ajeng ngoyak layangan nika..
Bu Ian : Kok Jarak utawa ora iku padha rasane, le. Padha padha mateni tanduran. Dhasar bocah ora
mangan sekolahan!
Alfa : Inggih… nggih.. Buk..
Ana ing latar Rizky sing liwat weruh ana montor montoran karo game board. Rumangsa ora ana wong,
dheweke nemu barang mau.
Rizky : “Wah, ana montor montoran karo dolanan apa iki. Dakgawane wae wong ora ana sing duwe,
lumayan mengko bisa kanggo dolanan karo adhiku. Tur maneh aku durung tau duwe dolanan apike kaya
ngene iki.”
Munir : “Wadhuh dolanan game boardku ya ora ana, wadhuh, aku bakal didukani bapak mengko, kojur
tenan jare..”
Nalika wis teka omahe Munir, ing ngarep omah ana ibuke Munir.
Via : “Budhal dolan nggawa dolanan, banjur mulihe kok ora nggawa
Alfa : “Wau… wau kulo nembe dolanan motor montoran kalih game board, lajeng wonten layangan
pedhot. Dolanan kula tinggal. Layangan mboten kecepeng malah didukani Bu Ian, amargi ngidak idak
tanduran jagung.”
wonten… hu…h”
Sesok e Munir, Alfa, lan Rizky mulih sekolah bareng. Rizky ngomong yen dhewek e nemu game board lan
montor – montoran. Lha jelalah…
Munir : “Aku wingi malah kelanan game board, Alfa yo kelangan dolanan e. montor – montoran e
dhewek e iku lho. Aku maleh diseneni karo Ibuku.”
Alfa : “Riz.. dolanan sing kok temu ndi gowonen rene tak delok e.”
Rizky : “oh… aku nemu game board karo monto-montoran. (nduduh ake game board lan montor-
montorane nggone Alfa lan Munir.) Ayo dolanan bareng piye?”
Munir lan Alfa : “lah iku awakmu jupuk dolananku. Wah maleng arek iki.”
Rizky : “ora. Aku ora jupuk dolananmu, aku nemu kok. Yeeeeee… HAHAHAAHA” (Ngaleh ninggalke Riyadi
lan Slamet.