Anda di halaman 1dari 4

“Gusti Niku Sae”

Ing setunggaling dinten Pak Bejo tukang ojek online, uripe pas-pasan lan gadah anak
taseh sekolah TK. Koyo biasane Pak Bejo ngeterake anake sekolah, banjur mangkal
teng pinggir dalan, ngentosi pelanggan lewat hpne seng wus rusak. “Alhamdulillah,
enek sing arep pesen?”. Atine Pak Bejo seneng banget, banjur pak Bejo nukokne nopo
sing di peseni pelanggan wau.

Sakwise Pak Bejo nukokne panganan shing dipesen pelanggane, seng wektu iku
enteke okeh banget sekitar 700 ewu lan ijik gawe duwite dewe. Pak Bejo goleki lan
delengi alamat seng podo karo alamate shing pesen, bareng wus ketemu omahe Pak
Bejo kanti sae lan santun maringne pesenan niku wau.

“Leres inggeh niki dateng Bu Suprih, niki pesenane jenengan Buk?”. Ibuke niku bingung
kok pesenane akeh, padahal meng pesen siji. “Loh, Pak niki kok katah pesenan kula,
kula niku namung pesen setunggal, nek sementen berarti telase katah Pak?” Pak Bejo
inggi melu kebingungan “La teng mriki ibuk pesene 7 porsi buk, terus niki sisane
pripun?”. Banjur ibuk wau mboten purun, amergi mboten gadah yotro 700 ewu. “Buk,
kuloniki nggih mboten gadah yotro, soale anak kula nggih butuh berobat?”.

Akhire sego 6 porsi niku dibeto Pak Bejo, banjur Ibuk wau nyuwun ngapuro dateng Pak
Bejo. Pak Bejo numpak sepeda motor karo bingung lan ngroso sedih amergi duwite
telas damel tumbas panganan niku wau.

Pak Bejo mandek ing pinggir dalan lan mampir ing masjid, Pak Bejo ngakoni sholat lan
dedongo marang Gusti Pangeran. Sak wuse Pak Bejo ndongo, Pak Bejo mbagikne
panganan wau teng bapak tukang becak, wong dodol keliling, lan sak liane. Sak wuse
niku segone diturahne setunggal damel mangan anake.

Pak Bejo kanti ngronto ningali yogane sing ijik cilik lan gadah penyakit niku, nanging
Pak Bejo mboten ngetokne kasedihane, Pak Bejo ngajak anake mangan ing pinggir
dalan, dumadakan enten tiang ikngkang lewat mriku maringi arto katang disukakne teng
amplop. Pak Bejo langsung sujud sukur marang Gusti, sampun digantos ingkang
langkung katah amerki kesabarane niku.
” Budi Anak Petani”

Budi ya iku, bocah kang taseh sekolah ing bangku SD kira-kira sampun kelas 5,
panggaweane sabendina, sak sampune wangsul sekolah mangan, sinau banjur
ngewangi bapak lan ibu ne menyang sawah damel ngramut godhongan, sing biasane di
dol ing pasar rongdina pisan. Nanging budi teng mriku mboten ngramut godhongan
nanging pados kayu damel masak boke teng gria.

Saben sore Budi ngaji TPA teng masjid ing desone nganti bengi. Budi dados bocah
kang apik lan santung marang wong shing luwih tuwo, amergi sangune ngaji lan
didikane wong tuwo ingkang sae.

“Mbok, kulo bidal sekolah riyen nggih?”. Pitakon budi karo nyalami Bapak lan Ibuke lan
nyuwun doa restu. “Oh, iyo len shing ngati-ati lan seng tenanan olehe golek ilmu”. Pas
budi mangkat sekolah enten mbah-mbah wus tuwo gowo depok isi telo teko kali, Budi
ngroso mesakne dateng mbah niku langsung ditulungi lan di terake nganti tekan omah.

Budi niku tiang ingkng sae, nek teng sekolahan di senengi kalian gugu-guru lan
rencang-rencange. Najan anake wong nora duwe, nanging Budi gadah akhlak ingkang
sae, seneng tinulung, lan welas asing marang liyane.
Balapan Motor

Ing jaman saiki akeh bocak ciliki seng wes pada iso numpak motor. Salah sijine Aji. Aji ingkang
umure sawelas tahun lan lingguh ning kelas lima SD. Amergo wes tau ngrasakke kepenake
numpak motor, saiki dadi kebiasaane aji len dolan-dolan mesti nganggo motor.

Nanging miturut Negara, sing oleh numpak motor iku tiyang ingkang wis duweni SIM utowo
“Surat Ijin Mengemudi”. Ing wayah sore, kancane Aji seng jenenge Fatih moro ning omahe .

“ Ji, aji…. Aji ….” Fatih nyeluk karo bengak bengok ning ngarep omah.

“ Woi,,, sedilut “ kandhane Aji saka njero omah.

Let sadelo, ana suara pating gadebuk kaya ana lindu teko dirasake Fatih.

“Wah,,,, lagi teko, ngopo ae Ji kok suwe banget ?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi wae
mlayu marani Fatih.

“He.. he.. he… lagi wae madang wenak, Alhamdulillah wareg !!” jawabe Aji.

“ Awak wae sing digedheke, sekolah yo kudu didhisike!! tugas pr sekolah wes mbok rampungke
durung Ji ? “ pitakone Fatih.

“Uwes rampung ,, aman. Ana apa kowe dolan rene sore – sore Tih ?” pituture Aji.

“Mergo tugase wes mari, ayo mubeng-mubeng Ji nganggo motor. Engko balapan wes, gelem
ora ?” jawabe Fatih karo cengar cengir.

“Ayo,, sopo seng wedi !! paling koe seng kalah”

‘Wehh, ojo sombong Ji. Ayo dibuktekake bareng-bareng.” Ngajake Fatih

Sak banjure Aji melbu ing garasi, nyiapke lan ngetoake motore. “Trengg…. Teng,,, tengg…
tenggg” suarane motore Aji lan Fatih sing rame banget.

“Siap rung tih ?” pitakone Aji sing wes siap arep balapan.

“Siap ji.” Jawabe Fatih

“Siji…. Loro….. telu….”

Treng,,,,,,, trengg…. Trengg….. tengg Aji lan Fatih pada banter-banteran numpak montor
mubengi dalan desa. Wong loro iku pada salip-salipan kaya balapan motor tenanan.

Ing dalan pertelon, Aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ana bakul pentol ing lawan arah.
Aji kaget sak nalika, dheweke bingung lan gugup. “Lik… lik … lik awas minggir.”

Grubyukkkkk,,,,, klontang,…. Tlepok … tlepok…. Pentol seng ana ing rombong pada kuthak
kabeh ing lemah. Praupane Aji lan Fatih mbalek sak untara, dadi gugup lan pucet.

“Kepiye tha le le …. ? Nek numpak motor ki aja banter-banter. Daganganku khutah kabeh, terus
piye lek ngeneki ?” pituture bakul pentol karo nesu.

“Kulo nyuwun ngapunen Pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji ingkang kaweden.

“Saiki daganganku uwis ora iso di adol maneh, amerga wes kuthah kabeh. Kowe kudu ngijoli
duit”

“Enggeh Pak, kula bakale tanggung jawab. Kula pamit mantuk rumiyin mendet arta nggeh Pak,”
panyuwune Aji.
Akhire Aji lan Fatih urunan dhuwit kanggo ngijole dagangane tukang pentol kang uwis ditabrak
mau. Sakwise kejadian kasebut, Aji lan Fatih uwis ora wani numpak motor banter-banter
maneh.
Sekolah Baru

Sak uwise lulusan sekolah lan preian saiki wes wayahe kagiyatan bali kaya biyen
maneh, yaiku sekolah golek ilmu kanggo sangu mbesuk. Atiku gugup lan deg-degan,
amerga tahun ingkang anyar iki aku wes lingguh ing bangku SMP.

Alhamdulillah aku ditrimo ning sekolahan favorit seng wes aku karepne kawit SD biyen,
senajan bijine hasil ujian nasionalku pas-pasan. Yaiku sekolah SMP negeri ing kuthoku.

Tahun ajaran baru iki aku ngroso luwih deg-degan amerga aku uwis resmi dadi siswa
SMP. Seng mestine sekolahe anyar, panggone adoh saka umah, kanca anyar, bapak
lan ibu guru anyar.

Ket dino minggu Bapak lan Ibukku wes pada ngandani supoyo aku nyiapake kebutuhan
kanggo sekolah, kaya sepatu, tas, seragam, ugo kabeh alat tulis supoyo dino
pertamaku melbu sekolah SMP lancer ora keteteran.

Pertama melbu yaiku dino senin, aku seneng lan semangat. Aku gumun amerga
sekolah SMP gedhe lan amba tinimbang SD, uga murid-muride akeh banget. Kagiyatan
pertama diwiwiti upacara bendera seng dipandu marang Bapak Ibu guru uga kakang
kelas 8 lan 9. Barisan upacara seng rapi gawe bungahe atiku.

Sakwise upacara banjur diadhepake karo kagiyatan sing jenenge MOS utawa (Masa
Orientasi Siswa). Kagiyatan iki apik lan gawe aku karo murid-murid liyane ngenal
lingkungan sekolah lan kabeh kagiyatan sekolah seng bakal tak lakoni sak suwene 3
tahun.

Aku seneng lan tenanan meloni kagiyatan MOS. Aku lan murid-murid nindakake kabeh
sing diprintah saka kakang-kakang kelas. Kakang kelas seng tak kira galak, tibane
luwih becik. Ing dina akhir, kabeh dikongkon milih ekstrakurikuler sing uwes disediake
saka sekolahan.

Mugo-mugo aku iso sekolah seng tenanan, seng sregep ben iso nyenengne Bapak
Ibukku mbesuke.

Anda mungkin juga menyukai