Anda di halaman 1dari 5

Nama : Velove Icha Zurida

Kelas : 8D

No. Absen : 29

“GUSTI NIKU SAE”

Ing setunggaling dinten Pak Bejo tukang ojek online, uripe pas-pasan lan gadah anak
taseh sekolah TK. Koyo biasane Pak Bejo ngeterake anake sekolah, banjur mangkal
teng pinggir dalan, ngentosi pelanggan lewat hpne seng wus rusak. “Alhamdulillah,
enek sing arep pesen?”. Atine Pak Bejo seneng banget, banjur pak Bejo nukokne nopo
sing di peseni pelanggan wau.

Sakwise Pak Bejo nukokne panganan shing dipesen pelanggane, seng wektu iku
enteke okeh banget sekitar 700 ewu lan ijik gawe duwite dewe. Pak Bejo goleki lan
delengi alamat seng podo karo alamate shing pesen, bareng wus ketemu omahe Pak
Bejo kanti sae lan santun maringne pesenan niku wau.

“Leres inggeh niki dateng Bu Suprih, niki pesenane jenengan Buk?”. Ibuke niku bingung
kok pesenane akeh, padahal meng pesen siji. “Loh, Pak niki kok katah pesenan kula,
kula niku namung pesen setunggal, nek sementen berarti telase katah Pak?” Pak Bejo
inggi melu kebingungan “La teng mriki ibuk pesene 7 porsi buk, terus niki sisane
pripun?”. Banjur ibuk wau mboten purun, amergi mboten gadah yotro 700 ewu. “Buk,
kuloniki nggih mboten gadah yotro, soale anak kula nggih butuh berobat?”.

Akhire sego 6 porsi niku dibeto Pak Bejo, banjur Ibuk wau nyuwun ngapuro dateng Pak
Bejo. Pak Bejo numpak sepeda motor karo bingung lan ngroso sedih amergi duwite
telas damel tumbas panganan niku wau.

Pak Bejo mandek ing pinggir dalan lan mampir ing masjid, Pak Bejo ngakoni sholat lan
dedongo marang Gusti Pangeran. Sak wuse Pak Bejo ndongo, Pak Bejo mbagikne
panganan wau teng bapak tukang becak, wong dodol keliling, lan sak liane. Sak wuse
niku segone diturahne setunggal damel mangan anake.
Pak Bejo kanti ngronto ningali yogane sing ijik cilik lan gadah penyakit niku, nanging
Pak Bejo mboten ngetokne kasedihane, Pak Bejo ngajak anake mangan ing pinggir
dalan, dumadakan enten tiang ikngkang lewat mriku maringi arto katang disukakne teng
amplop. Pak Bejo langsu sujud sukur marang Gusti, sampun digantos ingkang
langkung katah amerki kesabarane niku.
Nama : Lutfika Galuh Rizki

Kelas : 8C

No. Absen : 16

” Budi Anak Petani”

Budi ya iku, bocah kang taseh sekolah ing bangku SD kira-kira sampun kelas 5,
panggaweane sabendina, sak sampune wangsul sekolah mangan, sinau banjur
ngewangi bapak lan ibu ne menyang sawah damel ngramut godhongan, sing biasane di
dol ing pasar rongdina pisan. Nanging budi teng mriku mboten ngramut godhongan
nanging pados kayu damel masak boke teng gria.

Saben sore Budi ngaji TPA teng masjid ing desone nganti bengi. Budi dados bocah
kang apik lan santung marang wong shing luwih tuwo, amergi sangune ngaji lan
didikane wong tuwo ingkang sae.

“Mbok, kulo bidal sekolah riyen nggih?”. Pitakon budi karo nyalami Bapak lan Ibuke lan
nyuwun doa restu. “Oh, iyo len shing ngati-ati lan seng tenanan olehe golek ilmu”. Pas
budi mangkat sekolah enten mbah-mbah wus tuwo gowo depok isi telo teko kali, Budi
ngroso mesakne dateng mbah niku langsung ditulungi lan di terake nganti tekan omah.

Budi niku tiang ingkng sae, nek teng sekolahan di senengi kalian gugu-guru lan
rencang-rencange. Najan anake wong nora duwe, nanging Budi gadah akhlak ingkang
sae, seneng tinulung, lan welas asing marang liyane.
Nama : Sherly Nor Alifa

Kelas : 8A

No. Absen : 29

Pitik Walek

Pak Mukidi kui, juragan sapi tapi nduwe pithik walek seng senenge ngomong lucu karo
batire. Yen ketemu phitik liyane, mesti phitik walek gawe cerito lucu lan ndagel nganti
batire nguyu kemekel.

kadang-kadang pitik walik kui yo sok ngarang cerito pengalamane deknen seng aneh
seng gurung tau dialami konco-koncone. contone yo turu neng meja terus lelungan karo
manukwulung barang.

Tingkah lakune kadang yo sok koyo badut nalikane kente’an bahan lelucon. ptike-pitek
liyane seneng nanggepi nk nalikane kumpul karo pitek walik. mestine yo ditanggapi
supoyo ngomong seng ra jelas utowo ngawur.

Sawijining dino kae pitik walik lungo neng adoh, terus umpetan neng jero guwo bare
nangis. Nganti nangise pitik walek kerungu kancil seng gek jek milah-pilih wit-witan
seng neng jero guwo.

“kowe ki ngopo lik pitik walik” pitakon kancil

” Aku ki jan sedih tetan chel. wuluku bedo mbek liyane, yaiku wuluku kwalek kongene
iki, tur yo ora rapi”

“wes rasah susah rasah sedih. meng masalah wulu kok semang di gawe mumet. awak
ku malah jan ra ndue wulu blas!” Jawabe kancil

“Aku ki saben dino kudu ngarang cerito seng aneh-aneh supoyo podo gelem cedhak
mbek aku. Konco-konco yo ra bakal gelem cerak mbek aku seng wulune koyo ngene
iki. nalikane gak iso gawe nguyu utowo lucu.

“ealah awakmu salah penerten kui! ra usah kudu lucu konco-konco tetep seneng mbek
koe kok. MAlah bakal akeh seng seneng yen saumpomo kowe gelem ngrunggokke
cerita laiyane.
Salah banget yen awakmu malah kudu lucu utawa seng unik lan menarik perhatian
supoyo di tresnani liyan”e.

Ndak ho’o chil? aku ora kudu saben dino gawe ndagel beniso di senengi karo konco-
koncoku?.

“Mugakno rasah wae! Pak mukidi juragan sapi kae to malah nyok makani aku, arep
hudu dadi ingon-ingone tur yo ra lucu. Nyatane aku ra tau ndagel yo tetep nduwe konco
akeh!.

Seng penting kwe gelem tetulungan marang lan yo gelem ngrungokke pendapate
koncomu. Kang paling utama yaiku ngandani konco ora pekewuh bab kebenaran lan
tumindak kang keliru. Nasihat seko kancil.

” Tak runggoke tenan cil kondomu iki. Koncomu luweh akeh tinimbang koncoku, masio
kowe ra iso gawe lucu. Wah tiwas aku rumongso mesti sok ngadek nalikane kumpul
karo koncoku.

“Rumangsaku nk ra iso gawe lucu arep di tinggal karo koncoku”.

“Ora bakal walik!. Ra mungkin arep di tinggal karo konco seng apik-apik. Muali saiki
kowe uripo seng normal wae koyo aku. Ngomomhng lucu oleh tapi ra usah digawe-
gawe. mesti bakal okeh seng cocok srawung karo kowe” jare kancil.

“Yo wes nk kon ngon cil, aku tak rasah mekso awakku dewe ngadek meneh. Aku raep
bakal ora aneh-aneh meneh. Sakjane aku yo wes kesel nk ndagel saben dino. Suwun
cil, Kowe pant\cen konku paling top”

Awit dino kui pitik walek wes ora mekso meneh awake kudu ndagel sabne dino. awale
yao py\tik-pitik liyone gumun marang perilakune pitik walik saiki. Nanging saiki malah
tambah akeh koncone pitik walek mergo gelem ngrunggokke ceritane konco-koncone.

Anda mungkin juga menyukai