Anda di halaman 1dari 3

KEMELEP

Jenengku Yuyun. Aku seneng banget nonton Ebeg. Ebeg kue kesenian tari daerah
banyumasan sing nganggo golek jaran, golek iki di gawe sakang anyaman pring nggo
awakke, lan ijuk kanggo rambute. Kadang nek nonton ebeg aku bisa-bisa kang esuk gutul
sore kanggo ndeleng kesenian kue, lewih-lewih nekan penari ebegke pada mulai
kesurupan. Dina iki aku bakalan nulis cerkak saking pengalaman pribadiku, sing berkaitan
tentang ebeg tapi udu tentang kesenian tari iki. Cerkak iki tentang koncoku vida, sing
nylametake uripku, konco kesayanganku.

Dina Minggu iki, aku lan kanca-kanca masku niat apan nonton ebeg neng desa sebelah.
Aku emang seneng banget budal karo kanca masku, sing akhire saking kebiasaan kue aku
jarang ndue batir dolan. Rampung adus aku cepet-cepet klamben kanggo ngetutna mase
nonton ebeg, bisa-bisa nek ora gelisan aku ditinggal masku karo kancane merga kesuen.
Pas wis rampung klamben, aku mlayu sekang kamar banter pisan, wis gutul lawang umah
ijig-ijig,

"Yun, maem sit" yah kue mbaku, sing galak lan sering prentah aku maem ben ndina.
"Mangke mba, yuyun ditinggal mas agus mengko".

Jawabku ming mbane, karo mlayu metu banter, slirik aku weruh mbaku mendelik sing
dela maning apan ngomaih. Rapapa sing penting aku bisa nonton ebeg, domaih dipikir
mengko pikirku.

"Sue temen si, cepetan mengko tak tinggal lo"

Kang kadohan masku wis mulai kesuh karo aku. Aku sing krungu langsung mlayu secepete,
tapi pas mlayu aku ra weruh ana watu. Brukk!!! Aku tiba, sikilku lecet lan klambiku kotor.
Aku rasane pengin nangis tapi di tahan mbokan lewih di tinggal nang mase.

"Koe rapapa?"

"Iya" jawabku karo nahan nangis, asih ra ngerti sapa sing nakoni kue.

"Ayuh menyat, bisa mlaku kan? Kene cekelan karo tanganku" jawab bocah kue.

Aku sing jarang ndue batir langsung penasaran sapa sing nulungi kue. Vida, batir kelasku.
Aku ra patia perek karo vida, merga aku jarang ndue batir. Ning sekolah aku juga njagong
dewekan, beda karo vida sing batire akeh lan pada seneng njagong bareng karo veda. Aku
penasaran nangapa bocah kie bisa ana neng kene, lewih-lewih nulungi aku.

"Aja nglamun, ayuh" ngommonge veda.

"Oh, iya" jawabku karo njanggleng maning.


Sekang kadohan aku weruh masku mlayu merekki, weruh kue aku langsung pasang rai
apan nangis. Tapi jebule,

"Kan, malah tiba tambah sue kie gutulle" karo nabokki klambiku sing kotor kena lemah
dalan.

"Wis mas agus, aja di omaih yuyunne jere kesuen. Ayuh!" Imbuh vida

"Ya wis, ayuh!" Jawab masku.

Akhire aku, vida karo masku mulai mlaku maning nglanjutna perjalanan ming desa
sebelah sing ngadakna ebeg. Ning nndalan aku mikir situasi kie gawe aku bingung, lewih-
lewih ngapa vida bisa neng kene lan ngapa kue bocah nulungi aku. Neng tengah-tengah
lamunanku vida mung mliriki karo cekikikan dewek,

"Tak kira yuyun mung seneng nglamun neng sekolah, ternyata neng njaba sekolah juga
seneng nglamun, lucu"

Aku kaget karo apa sing di omong. Apane sing lucu jal, aneh emang si vida. Urung
rampung tak jawab si vida ngomong maning,

"Kaget ya ana aku, mau pas aku mlaku weruh mas agus lagi apan lunga ndeleng ebeg karo
kancane. Aku juga sempet krungu koe bakal melu nonton, dadi aku langsung merekki mas
agus melu, ngomong pengin nonton ebeg juga trus neng mas agus olih dadi ya aku melu"
omong vida sing dawa ping gede ping duwur kue kaya rumus persegi panjang. Nang
mataku rai cekikikan kue asih jelas vida lakoni.

"Iya" mung kue jawabku. Rasane tenagaku entong nggo njawab vida merga kedadian tiba
mau udu sengaja mbales singkat, lewih-lewih dengkulku rasane mandan perih bekas tiba
mau.

Krungu jawabku vida langsung meneng, sekilas aku weruh rai sumringah karo cekikikan
kue mandan ilang. Apa vida jengkel aku njawab singkat pikirku. Cepet-cepet aku ilangna
pikiran kue, aku pengin cepet gutul desa sebelah apan nonton ebeg. Karo mlaku
nglanjutna perjalanan aku sempet weruh vida mlipir ming ngarep rombongan kanca
masku, tak deleng vida emang bocah sing cepet akrab karo wong lia, beda karo aku sing
menengan. Aku heran ngapa kae ijig-ijig merekki aku. Rasa penasaran kue aku ilangna
karo mlaku banter men cepet gutul.

Anda mungkin juga menyukai