Ulangan semester ganjil wis tak lakoni kanthi tenanan. Aku saiki kelas VII SMP
Negeri ning Kecamatanku Tarokan. Aku biasa diceluk Kiki ning kanca-kanca lan
sapanunggalane. Aku nduwe adhik kelas 3 SD jenenge Dewi, dheweke sekolah ing cedhak
omah. Bapakku kerja ing pabrik kutha. Ibukku dodolan sayur ning omah. Aku saben dina
yen arep mangkat ing sekolah mesthi ngeterne adhikku dhisik marang sekolahane, amarga
sakjalur. Aku karo adhikku ora tau akur, kaya kucing karo tikus sing gaweyane kerah bae.
Dina iki dina sing tak enteni, amarga arep andum rapot. Rapotku karo rapote adhikku sing
njupuk Ibukku amarga bapak isih kerja. Ibukku siap-siap budhal menyang sekolahane
adhikku dhisik amarga undangane dhisik nggene adhikku. Aku melu Ibukku njupuk rapote
adhikku dhisik sakdurunge njupuk rapotku.
“Dhik, kowe semester iki oleh juwara ora?” pitakonku ning adhikku.
“Wooh, ya mesthi oleh ta mbak, ngawur bae aku mesthi biji apik ya!” karo rada
anyel ning aku.
“Kowe oleh? Haha ora percaya aku dhik,” jawabku emoh kalah.
“Wis ta mbak, dhik aja tukaran bae rapote durung diandum kok wis rame dewean ta,
padha dunga bae ta men bijine apik kabeh kok malah tukaran,” Ibuk nengahi omonganku
karo adhikku.
“Mbak sik loh buk sing marai dhisik!” karo anyel duding aku.
“Wis-wis dhik aja salah-salahan ya,” pituture ibuk karo ngelus pundhake adikku.
“Sssttttt gak pareng,” ibuk nengahi maneh. Ngenteni jenenge adhikku diceluk suwi
banget.
“Mbak, dhik yen oleh juwara siji Ibuk karo Bapak wis sepakat bakal menehi hadiah
amarga rekasamu, nanging hadiah iku wujude barang sing kok butuhke men ora mubadzir.”
“Inggih buk, muga-muga aku oleh juwara siji buk,” jawabku kanthi semangat. “Aku
iya ta mbak, buk aku ya bakal juwara siji ya,” sautane adhikku emoh kalah.
“Halah, buk yen ora oleh juwara siji piye buk?” pitakonku rada melas.
“Ngene-ngene nduk anakku, yen durung oleh juwara siji ya ora papa, nanging yen
isih oleh juwara siji, loro utawa telu isih oleh hadiah nduk. Luwih saka kuwi ya durung oleh,
mbak karo adhik kudu luwih sregep sinau ya, aja gampang putus asa sing luwih semangat
meneh,” pituture Ibuk.
Praupane adhiku wis bingung lan gugup kringet anyep wis turut ing praupane. Jane
aku kudu guyu nanging yen tak guyu mesthi bakalan tukaran terus diseneni Ibuk.
“Ngapa mbak? Sajake arep ngece aku,” omongane adhikku tansah anyel karo aku.
“Mengko bae yen wis tekan omah ditiliki bareng-bareng mbak,” jawabe ibuk karo
nyikep rapote adhik.
***
Sawise njupuk rapote adhikku, banjur njupuk rapotku. Aku, adhikku dibonceng
nganggo pit motor karo ibukku ning sekolahanku. Tekan sekolahan langsung ning kelasku.
Ibukku wis telat amarga njupuk rapote adhikku dhisik. Bu Guru ya wis mlebu ning kelas
gawa gebogan rapot. Banjur ngedumke rapot siji-siji urut presensi, nanging aku urutan
tengah. Biasane Bu Guru menehi weruh urutan sing juwara, nanging iki ndengareni ora
diwacakake.
“Sstt dhik mboten pareng ya,” jawabe ibuk karo nepuk pundhake adhikku.
Ibukku banjur maju ning ngarepan. Atiku rasane koyok bedhug ditabuh kringetku
wis kaya bar adus bae. Ibukku mundhur nemoni aku, banjur ngajak aku lan adhikku mulih.
Ibukku nuturi apa bae mengko olehe kudu ikhlas amarga iku wis asile rekasane. Aku lan
adikku wis penasaran banget karo bijine. Pengin ndang teka omah terus ndelok bijiku karo
bijine adhik.
Akhire tekan omah, aku lan adhikku wis gak sabar pengen ndelok bijine. Aku lan
adhikku ganti klambi banjur mangan sik. Rampung mangan aku karo adhikku kumpul ning
ngarep tipi. Ibukku pesen apa bae asil sing penting disyukuri, aja cilik atine.
“Assalamualaikum….”.
“Pak kene tumud, niki badhe niliki bijine bocah-bocah,” ajakane ibuk marang bapak.
Bapak melu lungguh karo aku, Ibuk lan adhik. Rapote adhikku dibukak Bapak karo Ibuk.
“Alhamdulillah…. Dhik bijine sampun sae,” ngomonge Bapak karo Ibuk ning
adhikku.
Bapak lan Ibuk ganti bukak rapotku “Alhamdulillah sae mbak bijine,” ngomonge
Bapak ibuk ning aku.
“Iki mbak hadiah e sing wis dijanjine Ibuk karo Bapak, sepatune sampeyan rusak
ta?” karo menehke sepatu anyar.
“Nuwun nggih buk, Bapak,” karo ngrangkul Bapak Ibuk. Atiku tansah bungah
banget amarga wis diparingi barang sing tak pengini lan tak butuhake.
***
“Yah.. mbak terus sing oleh hadiah aku ora tau,” karo membik-membik.
“Kene-kene dhik, ibuk mau wis matur ta yen apa wae asile disyukuri nduk,” karo
ngrangkul.
“Apa-apa mbak, mbak terus Ibuk Bapak luwih sayang mbak ketimbang aku!” karo
nangis.
“Ya Allah dhik aja kaya ngono lah, mbak oleh juwara ya amarga rekasane sinau
terus ora males-malesan, kowe sregepa sinau dhik,” kandhaku karo ngelus-ngelus rambute.
“Nah ngono loh nduk ora pareng nangis ya nduk,” karo ngelap iluhe adhikku.
“Buk, Bapak, Mbak ngapunten nggih kula sampun egois,” sambi ngrangkul Ibuk,
Bapak lan aku.
“Saiki adhik kudu luwih semangat lan sregep sinau ya, men bisa ngluwihi bijine
mbak dhik,” Pituture Bapak ning adhikku.
“Umpama yen bingung nggarap tugas utawa durung jelas nyuwun warah mbak ya
dhik,” kandhaku ning adhikku.
“Iya mbak, Buk lan Bapak adhik tak sregep sinau meneh saiki,” karo semangat.
Sakwise kadadean iku, aku karo adhikku dadi akur ora kaya ndisik sing gaweyane
kerah kaya kucing karo tikus. Adhikku wis sregep takon-takon maring aku perkara tugas-
tugas utawa pambelajaran sing dheweke durung ngerti. Bapak uga ibuk seneng ngerti aku
akur karo adhikku.