Anda di halaman 1dari 4

"Kontraktor"

Dadi randha kuwi ora penak. Kudu kuwat atine krungu omongane uwong. Kudu kandel kupinge
yen dirasani lambe turah. Amarga dadi randha kuwi repot, metu ijen jare polahe ora nggenah.
Metu karo kancane, ya dicubriyani. Pokoke sarwa kleru. Mula dadi randha, apa maneh randha
kembang ngene iki, kudu bisa nata awak. Tindak tanduk ana masyarakat bener-bener kudu
dijaga. Patuta mesem wae kudu nyawang dhisik sapa sing arep di esemi. Wis patang tahun
olehku dadi randha. Sak jane wis suwe.

Yul, ndang goleka sisihan maneh. suwe-suwe olehmu ngrandha. Ora becik,” mengkono
ngendikane ibu karo ngelus — elus rambutku. Sakjane durung patut aku dadi randha. Umurku
wae isih patlikur taun. Isih kinyis-kinyis lan katon enom. Nanging mbokmenawa iki sing diarani
pesthi.

Randha kembang, kuwi julukanku. Pancen lakon ora bisa dituku, ditulak apa diendhani. Isih
kelingan kedadeyan kang nggegirisi atiku. Wektu iku kaya padatane wong ndesa yen arep mantu
kurang sesasi, tangga teparo wis padha nglumpuk saperlu rewang. Apa maneh kurang seminggu,
kabeh tumpleg bleg ana omah mburi. Ana sing mbunteli tempe, gawe tape, gawe lemper,
nggoreng brambang lan sak piturute.

Aku isih kelingan pasuryane ibu kang katon bungah, amarga arep mantu dikupeng wong akeh:
Ibu katon sumringah, ora rugi olehe rewang ngalor ngidul menyang tangga. Amarga kabeh
banjur nyaur utang bokong.

Sore kuwi kabeh nyiapake acara pambuka, yaiku kirim donga marang leluhur. Omah ramene ora
jamak. Ana sing ngelap piring, sendhok. Ana sing madhahi jajan menyang kothak, ana sing gawe
apem. Pokoke sing paling bahagia aku, amarga dening ibu aku didadekake ratu. Nyandhak apa
wae ora oleh. Nyandhak lading wedi yen keblesah lah. Arep melu tandang gawe jarene mundhak
awakku kesel. Wis pokoke dadi ratu tenan.

Swara tilpun ngagetake aku. Kuwi ngono tilpun calon maratuwa. Kok kadingaren, dudu mas
Irwan dhewe sing tilpun. Amarga isih dhines ? Sapa sing ora seneng duwe calon sisihan lulusan
Akabri ? Letnan Dua, kathik nggantheng pisan tur pangkat.

“Assalammu’alaikum salamku enggal mrucut saka lambe. Yen aku ora ngucap salam dhisik, njur
calon maratuwa mutung anake ora sida diwenehake, bisa cilaka mencit aku.

“Wa’aaikum salam Yuli ?“ swarane camer keprungu kedher.

“Inggih, ibu. Wonten dhawuh ?“ pitakonku alus.

Dumadakan ibu nangis. “Nduk.... cah ayu, kangmasmu kecelakaan. Saiki ana rumah sakit. Iki
rada parah, Ndhuk.... isih ditangani dhokter.” swarane ibu kaya bledheg nyamber—nyamber ing
wayah udan. Dumadakan aku ora eling apa-apa. Kabeh peteng ndhedhet. Lemah abang kang
ngurug jasade Mas Irwan dak sawang kaya ora kuwat-kuwata. Mbuh arane apa ? Aku wis ijab
ana kantor sesasi kepungkur. Amarga tugas, kangmas Irwan banjur bali menyang satuane. Aku
ngenteni acara resepsi. Yen ngene iki banjur sapa sing disalahne? Kabeh arane pesthi, kurang
seminggu jemuk, Mas Irwan dipundhut maneh dening sing gawe urip. Aku kudu ikhlas.

SAIKI aku terkenal dadi randha kembang. Ayu pinter tur

“Yuli... Yuli... Ana tamu...." swarane ibu ngagetake aku sinq lagi natasake rambut ana
kamar.“Dalem ibu.....” semaurku. Dina iki aku ora duwe semayan, kadingaren ana tamu kanggo
aku. Pasuryane ibu mencungul saka sak walike kamar. Dak sawang sumringah banget. Ora kaya
padatane sing ngluncum alum.“Sinten, Bu tamune ?“ pitakonku karo nyawang ibu anteb.“Wis
endang salina ageman. Tamune Pak Modin ngajak kanca kontraktor. Arep nontoni sliramu.

“Ibu menika sanes jaman Siti Nurbaya. Dalem mboten purun jodho dicomblangi.” Aku
mbesengut. Ibu ki kepriye ta. Kanca kuliyahku sing ngesiri aku wae nganti antri-antri durung ana
sing dak pilih. Nyangapa kok kesusu. Umurku isih durung genep selawe taun.“Ndhuk, awake
dhewe aja nguciwani Pak Modin. Wong mung kenalan wae. Apa ta salahe ? Kontraktor ndhuk,
bagus piyantune,” Ibu mesem.

Yah .... apa salahe gawe marem ibu. Aku banjur dandan, nanging ora duwe pangarep-arep
ketemu jodho saiki. Apa maneh rabi, masiya wis bubar sewu dinane Mas Irwan.Aku banjur metu
dikancani ibu. Bapak lagi tindak menyang Jakarta ana daleme mbakyu.

“Ndhuk iki ponakane bulik Narti. Kuwi Iho sing ana Denpasar. Ana kana dadi kontraktor" Pak
Modin sajak seneng nyawang aku gelem metu.

“Yuli" dak ulungake tanganku karo nyawang piyantune bagus kuwi. Aku ora selak, bagus tenan.
Nanging geneya atiku durung ana getar?

“Rudi Bacute, jagongan dadi gayeng. Lumayan sukses Rudi iki yen miturut critane. Ana Bali
dadi kontraktor perumahan. Mesthi wae dhuwite jutaan, milyaran.

Kahananku kang arep dicomblangi kuwi dak critakne kanca raketku Weni.

“Wonge bagus, Wen. Ananging aku durung kepencut. Embuh kok isih ana sing ngganjel ana
ati,” Weni iki kanca raketku kawit cilik.

“Jenenge sapa, Yul ?“ alise Weni gathuk.

“Rudi Prasetyo saiki daleme Denpasar. Ponakane bulik Narti,tanggaku.”

Dumadakan Weni mencolot, kaget.

“Mengko dhisik aku kaya tau krungu jenenge kuwi.... kontraktor uga. “ Weni tangane nyekel
sirah. Aku nyawang bingung.
“Yul.... aku saiki eling. Setaun kepungkur ana wong tukang apus — apus ana desane mbakyuku.
Jenenge uga Rudi Prasetyo. Ngakune uga kontraktor. Mbakyuku ludhes dirampog, diapusi
nganggo gendam... Omahe uga Bali. Awakmu sing ati-ati,” Weni menehi katrangan.

Alhamdulillah yen pancen tenan aku kudu ngati-ati marang Mas Rudi. Aja nganti kaluwargaku
kapusan.Wengi kuwi Mas Rudi arep dolan menyang omah. Sekesuk tilpun wae. Iki wektu kang
tepat kanggo njebak Mas Rudi. Yen pancen tukang apus-apus kudu dicekel lan digawa menyang
kelurahan.

“Assalammu’alaikum ..."

“Wa’alaikumsalam ..."

Aku dhewe sing mbukak lawang. Pancen bagus tenan Rudi iki.

“Pripuri khabare, Dik Yuli ?“ pitakone alus. Sapa wae bisa kepencut.

“Sae Mas Rudi. Panjenengan ketingal sehat,” semaurku karo mesem.

Durung nganti semaur maneh, saka lawang ngarep mlebu wong telu. Weni kancaku, Pak Modin
lan “Minah ?“ swarane Mas Rudi kaget nyawang wanita ayu ing mburine Weni.“Kok tepang ?“
Ibu wis ana mburiku.

“Inggih, ibu. Menika Mas Rudi kontraktor alias kontrak sana kontrak sini. Pendamelane namung
ngapusi lan ngeret mangsane. Pinter gendam ibu kula sampun ngalami piyambak. Sampun
ngantos, dik Yuli kenging, Meksakaken" Mbak Minah menehi katrangan.Dumadakan..
"Dhug!!!" Pak Modin njotos pipine Rudi.

“Pun, Pak Modin, dibeta dhateng kelurahan kemawon. Menika rak nggih ponakane bulik Narti ?
Sampun main hakim wonten mriki “ aku mbengok.

“Sepurane, Ndhuk. Iki jebul dudu ponakane bulik Narti. Iki tukang gendam. Aku ya wis kenekan
dhuwit sak juta,” semaure Pak Modin njaluk ngapura.

Aku thenger-thenger. Nyawang gegere wong-wong sing nggawa Rudi menyang kelurahan.
Alhamdulillah aku isih diparingi karahayon lan Sihing Gusti Allah. Tetep dak ugemi. Aku iki
randha kembang, lakuku kudu ngati-ati.

Panjebar Semangat No.42-19 Oktober 2013

Nami: Korri Aina

Kelas:XI IPA 2

No.Absen: 18

Anda mungkin juga menyukai