Anda di halaman 1dari 4

Materi 2 : Novel Basa Jawa

Kelas : XI TKJ/ TSM

PETUNJUK PENGERJAAN

1. Pastikan nama anggota kelompok sudah ditulis pada tempat yang disediakan!
2. Bacalah perintah dengan seksama!
3. Jika terdapat perbedaan jawaban, buatlah kesepakatan untuk menentukan jawaban yang
paling tepat!

Silakan minta salah satu teman kalian untuk membacakannya dan simaklah dengan saksama.

(pethikan Novel Sumingkir – Faris Febri Utama)

“Assalamualaikum Bu…”. “E…. walaikumsalam Leee. Piye daganganmu? laris ta?”, pitakone
mak Onah marang Sidi. “Alhamdulillah Bu…pangestunipun. Dagangan kula dinten punika telas, malah
kalawau kula didhawuhi kaliyan buYayuk, garwanipun pak lurah dhusun Lumintu”, wangsulane priya
kuwi kanthi nada swara sing bungah banget. “Alhamdulillah…. Didhawuhi apa ta Le?”. “Punika lo Bu…
ndandosi gendheng dalemipun pak lurah dhusun. Panjenenganipun sampuns epuh, mila kula kadhawuhan
ndandosi. Lumayan Bu, saged kangge tambah-tambah arta kangge sekolah adhik-adhik”. “Husss...
ajangono, niate ngrewangi kuwi ora kenang arepa kepiwales kaya mengkono. Yawis…kana gek ndang
adus”. Warsidi nindakake apa sing didhawuhake biyunge lan enggal-enggal ning kali saprelu ngresiki
awake.

Dina ngancik awan. Maya lan Ipul wis bali sekolah. Adhi-adhine Warsidi padha bali kanthi gawa
kabar sing rada nggegirisi jroningati. Bocah loro kuwi mau wis dijaluk mbayar SPP ning sekolah edhewe-
dhewe. Bungah atine Warsidi dina iku dumadakan katutup dening mega mendhung saka kabar iku. Uripe
Warsidi sakulawarga pancen susah banget. Kanggo mangansa bendina wae kluwarga iku wis kangelan.
Mak Onah sing wis sepuh mung dadi buruh umbah-umbah sing bayarane ora sepira. Warsidi uga
mangkono. Sanadyan dheweke durung tuwa banget, ananging dheweke ora tamat SMP. Priya sing bagus
rupane iku wis ora mikir sekolah, nanging mikir kepriye carane supaya adhi-adhine bias sekolah. Nadyan
kaya mengkono nanging Sidi ora tau ngangkluh, dheweke tetep sabar lan usaha kanthi nyambut gawe apa
wae sing penting halal .
“Bu… kula badhe pamitke sah rumiyin, badhe sowan pak lurah dhusun Lumintu”. “Iya Le… ati-
atiya? Nek wis rampung ndang bali”, welinge mak Onah. “Inggih Bu… Assalamualaikum”. Warsidi metu
saka omahe kanthi numpak pit onthel. Dheweke lunga kanthi dedunga, supaya bias antuk gaweyan liya
sak rampunge iku, sing bisa nambahi duwit kanggo mbayar sekolah adhi-adhine.
“kulanuwun… Assalamualaikum Pak, Bu..”. Warsidi ndhodhog daleme pak kepala dhusum Lumintu.
“Walaikumsalam… eeeee, Warsidi, kene mlebukene… kae bapak ning njero”, bu Yayuk nyumanggakake
Sidi kanthi semanak. Sidi banjur guneman sedhela karo pak lurah dhusun Lumintu. Sak wise rampung
guneman dheweke banjur gagenan nglakoni apa sing dadi tugase dina iku. Sidi kanthi sabar lan ngati-ati
ndandani gendeng-gendeng iku. “Pak, Bu… gandhengpunika sampun purna kula badhe nyuwun
pamit. Sampun dipuntengga ibu ten dalem”, ature marang Bu Yayuk sakulawarga.
“Oh iya wis…matur nuwunya Di? Iki ana rejeki sithik minangka tandha panuwune
Bapak lan Ibu kanggo Kowe”. Bu Yayuk maringi sidi amplop putih sing isine dhuwit. “Walah Bu…
matur nuwun sanget, nggihpun kula pamit rumiyin, wassalamualaikum”.

Sore iku Warsidi bali menyang omahening dhusun Sidomukti sing adohe udakara limang
kilometer saka dhusun Lumintu. Sadalan-dalan dheweke tansah mikir babagan dhuwit kanggo bayaran
sekolah adhi-adhine wulan iki sing cacahe sakyuta. Lakune dumadakan mandheg amarga dheweke
penasaran karo isi neamplop putih sing diparing ibu Yayuk mau. Amplop putih sing ora sepira kandhele
iku jebule isine 100 ewu. Warsidi mung mesem. “Alhamdulillah… aku kudu golek tambahan dhuwit 900
ewu maneh kanggo mbayar sekolahe adhi-adhiku”. Sanadyan dheweke mesem, nanging kahanan atine
tansah sumelang. Sidi ora kepengin adhi-adhine medhot sekolah.

Dhusun Sidomukti, papan ana ngendi Warsidi lair, gedhe lan entuk maneka warna pengalaman
urip wis ora adoh maneh. Lakune pit onthel tuwa iku mandheg sanalika. Ora sengaja Sidi weruh ana
dhompet ireng ning pinggir ratan tumuju desane. Dhompet ireng sing rada kandel iku nuli dibukak.
Mripate Sidi dumadakan dadi melek tan kedhep nadyan mung sepisan, weruh ing dhompet iku isine
dhuwit satu sewunan sing cacahe rong puluh alias rong yuta akehe. Kakung kang bagus iku mamang
atine.

Apa sing dadi mamange Sidi kacaritakake ning mak Onah. Dhompet sing wis katemokake mau
dibukaki isine. Jebul ning njero dhompet iku ana KTP-ne sing nduwe dhompet, Arif Wicaksono jenenge.
KTP iku nyebutake menawa sing nduwe iku daleme ana ing dhusun Parang rusak, tangga dhusun
Sidomukti.

“Bu… dhompet punika isinipun arta kalih yuta, kagunganipun mas Arif Wicaksono ing kang
dalemipun wonten dhusun Para ngrusak mrika”, ature marang ibune. “Dhuwi teakehya Le?”, mak Onah
sumaur kanthi swara polos. Wanita tamatan SD iku durung nate weruh dhuwit sing akehe rong yutamau.
“Apa dhuwite iki disilih sik kanggo mbayar sekolahe adhi-adhimuya Le?”, ngendikane mak Onah marang
putrane. Krungu wangsulan iku, jantunge Warsidi kaya-kaya mandheggreg. Dheweke pancen butuh
dhuwit kanggo mbayar sekolah adhi-adhine, ananging priya iku sadar yen dhuwit sing ana ing dompet
iku dudu duweke lan ora sak mesthine dheweke nguthik-uthik nadyan mung serupiyah. “Nuwun sewu Bu,
nyuwun pangapunten. Prayoginipun dhompet punika mbenjing langsung kemawon dipun wangsulaken
dhateng alamat ing kang kaserat wonten KTP kalawau, awit dhompet punika rak nggih sanes
gadhahanipun kita. Dospundi Bu?”, pitakone Sidi. Mak Onah tan kumocap sawetara. Wanita kang wis
tuwa iku nulling unjal ambegan lan mesem. “Yawis Le, cah bagus. Yen iku dadi keputusanmu aku manut
wae. Kowe wis gedhe putraku, wis ngerti ndi sing becik lan ndi sing ala”. Jebul emak Onah sarujuk
dening apa sing dadi keputusane Sidi. Mega kang sinandhi ngrembulan wis gumanthi dening padhang
sumunaring surya. Adhi-adhine Warsidi wis padha mangkat sekolah. Dheweke mangkat dodol rada awan,
merga arep dodol ning desa Parang rusak, sekaliyan arep nggoleki alamat lan mbalekake dhompet ireng
sing ditemokake ning dalan wingi. Jam tansaya ngancik rada awan, Warsidi wis rampung anggone tata-
tata. Dina iku dheweke nganggo rasukan sing rada apik, amarga sak rampunge dodol arep nglakoni apa
sing dadi wajibe marang apa sing ditemokake. Sidi nggoleki ibune, mak Onah saprelu pamit lan nyuwun
pangestu. Nanging, isuk kang padha ngnjingglang lan isih seger dumadakan malih dadi peteng ndhedhet,
sumpeg. Mak Onah katemokake semaput dening Warsidi ning pawon kanthi getih sing ana ning tlapak
tangan lan tutuke. Warsidi enggal-enggal nggawa ibune menyang puskesmas. Rencana arep mbalik ake
dhuwit sing katemokake ning dalan mau durung sida dilakokake. Dheweke banjurng gawa mak Onah
menyang puskesmas.

(Sumber: fdokumen.com_e-book-novel-jawa-sumingkir.pdf))
Beberapa pertanyaan berikut ini didasarkan pada isi teks di atas. Bentuklah kelompok yang terdiriatas 4–5
siswa. Kemudian berdiskusilah untuk menjawab beberapa pertanyaan di bawahini.

1. Jelasna unsur-unsur intrinsik saka pethikan novel “sumingkir” !

2. Sapa wae paraga ing pethikan novel “sumingkir” !

3. Jelasna watak paraga ing pethikan novel kasebut!

4. Ing ngendi latar papan panggonane?

5. Jelasna pitutur becik saka pethikan novel kasebut!

Anda mungkin juga menyukai