Pardi : Anton
Hasna : Nur
Kaes : Suminah
Makci : Ningsih
Deril : Heru
Ing sawijining dino, ono deso sing jenenge Deso Sukramayu Kecamatan Sukra. Ing deso iki ono rondo
sing urip karo anak lanange. Dheweke urip pas-pasan, nanging anake seneng banget ngentekno
duwik. Nah, ing sawijining dino...
Nur : (nge-vape) “Yo...aku pingine seh lanjut nang hubungan sing luwih serius, mas. Tapi wong
Suminah :“Loh, Nur! Wes suwe gak tau mampir. Yaopo kabare ?”
Anton :“Wes ojo kakean takon. Iki tulung buwakno.” (ngekekno putung rokok)
Nur :“Samlekom !”
Nur :“Bener seh, Buk. lah takok sopo e, yo tak jawab jenenge. Iku mau anton pacarku."
Heru :"Tapi onok bener e awkmu, Nur. Aku mau takok sopo e, yo bener kok awkmu njawab jenenge.
Ningsih :"Gak bapak, gak anak. Podo dene. Podo sedenge, hem iki lho !"(nggawe garis nganggo driji
tengah)
Ningsih :"Rapopo, Pak. LOSS !!(salam literasi) Tapi didelok sek ngenene."(nggosok jempol ndek driji
Heru :"Ojok ngunu, Buk. Iku jenenge moroti. Gak apik iku ! Mending nyambut gawe, sek."
Sesuke, Nur lan Anton ketemuan ing warung cedhak omahe nur. bocah loro kuwi asik ngobrol ing
warung kasebut.
Anton :“Enake yaopo, wes ? Deloken tekan raiku ! Hem!!(nduding raine) Ketok guyon ta ?”
Nur :"Nek ngunu aku tukokno Hp poo, Ton ! Hpku iki wes elek ora iso gawe sosmed an"
Nur :"Ora neko neko kok, iphone pro max ae aku wes seneng kok ton."
Sakwise ngobrol ngobrol, bocah loro kuwi mulih ing omahe dewe dewe. Nalika Anton tekan omah,
dheweke langsung njukuk dhuwite ibuke kanggo tuku hp sing dipingino karo Nur. Anton wes bolak-
balik nyolong duite ibuke, sampe ibuk e mesti sambat yen duite ilang. Nah, ing sawijining dino...
Anton : " mumpung ibu isih metu tak jukuke dhuwik sing nang lemari" (njupuk ng lemari)
Anton : " lha kok mung sitik dhuwike iki, opo cukup kanggo tuku ipon gawe nur"
(sakwise njukuk dhuwike ibuke sing ana ning lemari, bu sum teko saka pasar lan langsung melbu kamare)
Suminah : "Oalah...makane duwikku gelek ilang. Adakno nang omah iki onok tuyule."
Anton : " aku butuh dhuwik buk, se aku njaluk dhuwike iki sek kurang dhuwike"
Suminah: " gawe opo se le, kowe iku mbokyo ngerti ibukmu iki melarat, kere, ora nduwe dhuwit kok
malah dijaluki dhuwit ae bendinane. Duwe anak kok cik goblok e."
Anton : " ealah buk, penting iki dhuwike. pegel aku melarat terus buk, lapo amean gak pesugihan ae?
jelas oleh dhuwik akeh iku"
Suminah : " astagfirulah....ealah blok goblok lha rumangsamu ibukmu iku opo? Wong tampang koyok
ukhti-ukhti kok mbok kongkon pesugihan.” (mbisiki anake) “Emang nangndi panggone pesugihan?"
Anton : "aku duwe kenalan buk, jenenge mbah sangkil. Sesok ayo rono"
Suminah: "dal"
Sesuke bu sum diajak karo anton menyang omahe mbah sangkil. tekan kono bu sum langsung
madhep mbah sangkil lan diwacano mantra mantra karo mbah sangkil.
Suminah : “Assalamualaikum...punten,”
Suminah : “Sekecaaken gundule, rupo kembang tok ngunu. Btw, aku kate njaluk tulung mbah.”
Suminah : “Aku iki wong kuere mbah, aku pingin duwe duit akeh.”
Mbah sangkil: “Oke.” (moco mantra karo nguncali kembang) “Wes. Engkok awakmu bakal oleh duit akeh
nang lemarimu,”
Sawise dino iku, Suminah lan anake dadi sugih. Gelang-kalung kating kemroncong nang tangane. Ing
sawijining dino, Ningsih ndelok Suminah lagi foto-foto ing ngarep omah. Ningsih kaget lan curiga
menyang Suminah.
Suminah ngeroso duwike wis entek. Akhire Suminah mbalik maneh nang Mbah Sangkil. Nanging,
Ningsih ngetuti nang mburine Suminah. Sawise Suminah metu tekan omahe Mbah Sangkil, Ningsih
langsung marani Suminah.
Ningsih : “Wes tak video loh, gausa mbijuk. Sampean nek kere iku wes kere ae, gausa kemenyek.”
Suminah : “Lololo, gaenak a? Reneo tak garape awakmu!”
Ningsih: “Terus oleh duit teko ndi maneh nek gk pesugihan? Duwike Mbah Sangkil a?”
Suminah : “Ikilo Mbah. Jarene aku pesugihan. Lak gak salah se?”
Ningsih : “Iyolah!”
(Heru teko)
Heru : “Samlekom!”
Kabeh : “Komsalam!”
Mbah Sangkil : “Loh yaopo ngene iki? Lha wong Heru ae muridku,”
Ningsih : “Ealah mas Heru mas Heru. Yowes nek ngunu mesisan ae aku pesugihan, oyi a?”
Suminah : “Heh ilingo! Bojomu ikulo ngepet. Awakmu ditawari pesugihan yo gelem ae loh!”
Nur : “Wes mboh. Males aku ambek bapak. Aku kecewa!” (Nur mulih, Anton yo mulih)
Sabanjure iku, kabeh podo mulih nang omahe dewe-dewe amarga anak-anak e ngamuk. Ing omah,
Nur banjur nelpon Anton supaya ngilingno ibuke sing salah.
Nur : “Awakmu iku yaopo se? Ibukmu pesugihan kok gak mbok cegah?!”
Anton : “Lha awakmu dewe yaopo loh? Bapakmu ngepet yo an. Podo ae!”
Nur : “Ah mboh lah. Karepmu! Mending sampek kene ae!” (Nur mateni telpon e)