Siti Nurbaya crita sing dijupuk saka crita legenda sing ana ing Sumatra Barat. Crita
iki nyritakake babagan katresnan sing ora bisa bersatu. Wong sing jenenge Syamsul Bahri
iku, kajawi rupane bagus, uga asale saka keturunane wong kang pinunjul. Bapake minangka
Penghulu kang kinurmatan, yaiku Sutan Mahmud. Bocah wadon sing jenenge Siti Nurbaya
iku ayu, rambute dawa lan ditutupi jilbab satemah nambah keanggunan lan solah bawane,
anake Baginda Sulaiman.
Crita iki wiwiti saka rabine Alimah, dulur saka Siti Nurbaya
Bibi : “Nur, rungokno kancamu wis takok kapan nyusul, aja suwi-suwi. Golek wong
lanang sing mapan, sugih. Ben seneng atimu, Nur.”
Bibi :“Nur, umurmu wis tambah. Gek ndang golek jodoh. Aku balik sek ya, Lim.”
Alimah : “Awakmu sik nulis, Nur? Apa ora percuma awakmu nulis cita-citamu ing buku
kui. Ngko wayah rabi yo mandek. Podo kaya aku.”
Nurbaya : “Alimah, lembaran buku cita-citaku iki ora bakal entek amarga rabi. Apa
uripmu kuwi bakal mandek ing kono wae?”
Alimah : “Yo ora sih, nanging Nur takdir wong wadon kuwi bakal dadi bojo, dadi ibu.
Saiki jajal dak takoni, awakmu pilih cita-cita apa rabi?”
Nurbaya : “Alimah, iki uduk masalah rabine. Tapi rumangsaku ya cita-cita kuwi mung bisa
kandas nalika awake dhewe mati.”
Alimah : “Hm… setuju. Tapi ya Nur pancen pikiranmu kuwi mesti beda saka keluargane
awake dhewe.”
Nurbaya : “Wong wadon, kudune iso bebas milih ngimpi apa wae sing dipingini lan cerita
apa wae sing pingin ditulis. Setuju?”
Alimah : “Setuju..”
Konco Sam: “Awakmu kapan nyusul Saiful, Sam? Mesakne Nurbaya ngenteni.”
Samsul : “Santai ae. Awakmu ngerti dhewe yen tresna iku gelem ngenteni.”
Samsul : “Amit-amit.”
Nurbaya : “Gelem apa? Rabi? Oralah.Aku kan isih akeh kepinginan liya.”
Samsul : “Nanging pora ya biasane kepinginane wong wedok iku cepet-cepet rabi?”
Bibi : “Bung Meringgih niki keponakan kula. Siti Nurbaya putri Baginda Sulaiman
ingkang gadhah Koran cakrawala.”
Meringgih : “Duhh gusthi..ayune rek. Ayu ngene iki bisa gawe wong lanang ngendi wae
gumun.”
Konco Sam: “Mosok ora eruh Bung Meringgih, perantauan saka Padang sing jenenge
Meringgih ora ngerti Sam? Saiki dheweke pengusaha ter-gigit ing pulau Jawa.”
Nurbaya : “Tujuan Nur maos buku menika kagem dados jurnalis sanes estri tiyang.”
Meringgih : “Sakduwur-duwure kawruhe wong wadon ing akhir yo bakal ngetutne kodrate
yaiku nyenengake bojone.”
Nurbaya : “Sepurane sing akeh soal bulik mau. Awakmu ngerti dhewe ta bu lik mesti
kepengen njodohne aku. Padahal bulik wis ngerti yen aku karo awakmu.”
Nurbaya : “Apa ta? Ora. Bulik pancen seneng ngatur-ngatur uripe uwong. Padahal kan
uripku pilihanku.”
Nurbaya : “Sing ndi? Woo eling. Awakmu kepingin dadi pengacara sing adil? Bener?”
Samsul : “Bener. Nur..sakjane ngimpiku wis kejawab. Aku oleh beasiswa kanggo sinau
hukum.”
Rasa bungah tur susah kuwi rasa sing diadepi Nurbaya saiki. Rasa bungah entuk kabar
becik saka Samsul sing bisa nglanjutake sinaune kanggo ngraih impenane. Nanging rasa
susah uga diadepi Nurbaya amarga kudu pisah karo Samsul Bahri. Sawangsule saka acara
rabine Alimah, Nurbaya langsung bali menyang omah lan ndelok yen bapake wis ana ing
omah.
Omah Nurbaya
Nurbaya : “Assalamualaikum”
Bapak N : “Waalaikumsalam”
Bapak : “Bapak iku arep ngekeki kesempatan ben Samsul ora perlu sungkan.”
Nurbaya : “Haa..kopi mawon. Nurbaya pendetake toya pethak mawon kagem ngunjuk
obat.”
Bapak N : “Kopi..Nur.”
Pngwal pa : “Ih..si Lis apa ngerti. Yen arep oleh wong wadon kudu nganggo aji-aji.
Kula kenal bos, dukun kuat saking Klaten. Kula nate nyobi”
Pngwal pi : “Halah... Yen dheweke dukun kuat, nyapo awakmu nganthi saiki ora
laku-laku?”
Pngwal pa : “Kui amarga aku salah nulis jeneng. Kudune nulis DEWI malah malah dadi
DEWO”
Meringgih : “Ssttt meneng. Nurbaya… uripku ora bakal tenang sakdurunge aku ngentukne
kowe.”
Anton : “Leres, Bung. Sampun asring dheweke damel kritik soal protitusi lan klab dalu,
Bung.”
Anton : “Waktu badhe telas, Bung. Panjenengan yakin siasat panjenengan bakal sukses?
Pripun bungkam Si Sulaiman kaliyan Koran e, Bung.”
Meringgih : “Lakonono wae tugasmu lan ilingo aku mesti ing mburi layar.”
Meringgih : “Sstttt.”
Telung sasi wis dilewati. Rasa kangen sing dirasakake Nurbaya uga kabar ala sing
ditimpa Nurbaya ngakibatne dheweke ngirimake layang kanggo Samsul Bahri sing ana ing
Belanda.
Isi layang saka Nurbaya : “Samsul Bahri kepriye kabarmu? Tak dongakna awakmu mesti
sehat. Kabar ala arep tak omongne menyang awakmu. Ora ana dalan kang mbukak.Bapak
arep dipenjara.”
Bibi : “Wis bengi, dang balek. Cah enom ojo balek bengi-bengi.”
Bibi : “Iya”
Bibi : “Iki aku masak khusus kanggo Nur, gulai jengkol senenganmu. Ngko dimaem
yo.”
Nurbaya nampa rantang
Bibi : “Eh Nur, bulik duwe kabar apik. Ana uwong sing apik atine, ikhlas nyilihne
duwite kanggo mbebasne bapakmu saka tuntutan klab e Pak Anton.”
Bibi : “Bung Meringgih. Sing kae tak kenalne wi lo. Eling ra?”
Bibi : “Nur, iki wis dalan e sing Maha Kuasa, Bung Meringgih ora ngarepne duite
mbalik. Justru Bung Meringgih kepingen dadi bagian kaluwargane awake
dhewe.”
Bibi : “Nur, pikirna disik. Iki demi bapakmu, Nur. Bung Meringgih iku wong Minang.
Dheweke apik, bagus, sugih, Nur. Awake dhewe bisa duwe akeh emas! Nur, Bung
Meringgih iku akeh sing demen, kabeh wong wedok kepingin dipinang Bung
Meringgih. Nanging mung Nur tok sing ngiket atine.”
Nurbaya : “Tapi Nur luwih becik mati tinimbang rabi kalian tiyang jaler ingkang boten Nur
tresnani!”
Bibi : “Ndablek..”
Warga D : “Paling seneng ket biyen matane Nur iku apik banget, ayu”
Warga A : “Apa maneh bengi iki uhh ayunee. Nggawe suntiang pisan”
Warga E : “Iyo Nur, ayu banget.”
Bibi : “Oleh, oleh gawa kabeh. Tapi piring e Bulik ojo digawa mulih ya, larang
mergane.”
Lagu malam-malam
Warga A : “Yeaay”
Bibi : “Nur… mangan, bar iku leren. Sesok dina gedhine Nur, ya?
Pngwal pa :“Sugen enjing Pak, Bu… kula pengen nglaporaken soal dalem bordil Bapak
ingkang…”
Pngwal pi : “Kali jeruk” (menjawab dengan cepat)
Meringgih : “Golek-ono!”
Isabella : “Huftt, lara? Sok lara? Dina pertama pancen kayak ngono, wes biasa”(ngenyek)
Isabella : “Huhh… Aku Isabella. Garwa “Sepuh” e Tuan Meringgih.Kowe iku tipe-tipe
wong wadon sing … butuh akeh tips saka mbak seperjuanganmu iki.”
Isabella : “Njajal cerita karo aku,nyapo kowe bisa nganti tekan kene?”
Nurbaya : “Meringgih mbayar dhuwit kanggo mbebasne bapakku sing dituntut klab
wengi”
Nurbaya : “Kejebak?”
Isabella : “Iya, Taman Edan ta? Akeh banget pelayan ditawari kerja sing liyane.
Mayuta-yuta cara Nur, dheweke nggawe kanggo entuk “enak-enak!” ”(karo
ngekeki kode)
Nurbaya : “Sek, maksud sampeyan, Tuan Meringgih ana hubungan e karoTaman Edan?”
Isabella : “Yoiyo. Taman Edan iku diduweni Meringgih. Saka njobo ae ketokane diduweni
Anton. Anak didik e.”
Isabella : “Nur, wong wadon sing nasib e podo kaya awakmu iku… AKEH! AKEH!”
Isabella : “Sek, yen aku ora salah ngitung ya Debora, Ling-Ling, Sundari, Ratih….. ah we
sing ke-sepuluh. Selamat ya.”
Nurbaya : “Nanging aku ora bakal dadi wong wadon ke-sepuluh sing meneng ae karo
nasib!”
Anton : “Bung!”
Anton : “Taksih katah protes ingkang damel kita niku tambah sepi. Bung.”(Anton
njupuk gelas lan diiseni wine)
Meringgih : “Anton, ora usah mumet ta. Kontes Ratu Edan. Saben taun, wong wadon ing
kene nggawe awake dhewe kebanjiran pengunjung.”
Anton : “Inggih, Bung. Nanging kula ajrih umpami rakyat bakal nolak kontes niku
Bung!”
Anton : “Bung! Jurnalis saget jenengan bungkam, Bung. Hakim ugi saget panjenengan
suap, Tapi pripun panjenengan mbingkem masyarakat Bung?”
Meringgih : “Karo dhuwit lan wanita. Eling, ora ana, sing ora bisa tak tuku karo iku. Ha?”
(Melakukancheers dengan Anton)
Tanpa sadar, Nurbaya nguping omongane Meringgih lan Anton. Dheweke dadi ngerti
apa wae sing dilakoni Meringgih ing buri Nurbaya. Amarga omongan iku, Nurbaya duweni
tekat kuat kanggo golek bukti. Meneri yen sesok setaun sedane Bapake. Nurbaya ngarepake
tekane Samsul Bahri ing gendurene bapake.
Koncone Samsul mlebu ing omah e nurbaya disik, Samsul Bahri panggah ing jobo, Wayah
kui ana Nurbaya ing jobo omah
Nurbaya : “Sam, aku butuh panulungan supaya kowe nuntut Meringgih ing pengadilan,
aku duwe bukti akeh. Dheweke nyogok hakim pas kasus e bapakku kae”
Samsul : “Terus nyapo kowe ngenteni se suwi iki kanggo nuntut Meringgih?”
Nurbaya : “Aku ora duwe pengacara Sam. Mung kowe pengacara sing dak percaya.”
Ora sui, Meringgih nyedaki nurbaya lan samsul bahri. Ngedek samsul bahri
Meringgih : “Aja wong sing wis seda kok dadekne alesan. Lan ora sakmestine we menyang
kene mung wong 2 karo bojone uwong. Nduwe adat kowe?” (karo nyurung
samsul bahri , nurbaya nulungi samsul bahri)
Meringgih : “Kowe luwih mbelani dheweke tinimbang bojomu dewe? Mulih saiki!”
Lagu
Nurbaya : “Sing manggoni taman edan, rungokna aku! Aku duwe rencana supaya kita
kabeh bisa bebas saka Meringgih.”
Lakeswara : “Akhire ana wong wadon sing gelem ngelawan Meringgih, apa ide mu?”
Nurbaya : “Kita bakal nuntut meringgih ing pengadilan, kanggo bukti sing kita kabeh
duwe. Dheweke mesti kalah.”
Nurbaya : “Awake dhewe bakal dadi saksi mbak, lek publik eruh ana kasus segedhe iki.
Hakim hakim endi sing bisa disogok meringgih?”
Lakeswara : “Bengi iki dadi puncak ratu edan, mung bengi iki kesempatane kita supaya
publik eruh kasus iki. Aku duwe ide.”
Isabella : “Nur, piye lek seumpomo kowe gagal? Apa jaminanmu yen awake dhewe bakal
menang?”
Isabella : “Sing mok omongne mesti kuwi resikone gedhe, aku ki wes kenal iblis kuwi ket
sui. Dheweke bisa ngelakoni apa wae sak geleme, mergo dheweke nduweni
kekuasaan.”
Isabella : “Nur! Takdir kuwi ora bisa ditulis ulang Nur, ora bisa! Ing kene aku mung ora
gelem bahayakake sopo ae.”
Nurbaya : “ Pirang pirang tahun kita dipeksa tunduk karo takdir, lek kita duwe sedina
kanggo ngubah kuwi, apa kita ya bakal panggah manut? Sedina suarane kita sing
biasane dibungkem bisa dirungokake publik. Apa iya kita panggah meneng ?
Awake dhewe bisa goreske kemenangan, lek kita bisa dadi siji. Kita kabeh kudu
gabung dadi siji.Saiki gelem ta kita songsong kemenangan iki bareng-bareng?”
Lagu kemenangan
Lakeswara : “Tuan-tuan lan puan-puan. Bebarengan, lakeswara lan Ratu Isabella bakal
mandu acara ing bengi sing paling semarak iki. Klab termegah sejagad ‘TAMAN
EDAN’ mempersembahkan RATU EDANN..!”
Lakeswara : “Lan saiki, wayahe kita kenalan karo telu kontestan ratu edan taun iki. Langsung
wae kita sambut peserta sing kapisan. Delokno keedananmu!”
Juwita : “Kula Juwita Fatamorgana 18 tahun, ayu, pinter bersolek, sregep nabung!”
Lakeswara : “Wanita hemat. Langsung wae kita sambut finalis sing kapindo. Delokno
keedananmu!”
Mutiara : “Kula Mutiara Khatulistiwa. 18 tahun, lincah, seneng, lan ditresnani wong tua.”
Lakeswara : “Bocah sing berbakti. Lan saiki kontestan terakhir bengi iki. Langsung wae kita
sambut finalis ketelu. Dudohno keedananmu!”
Nurbaya : “Kula, Siti Nurbaya lan kula salah setunggale korban ‘penjahat sing paling
edan’ para hadirin sekalian, piyambakipun wonten bareng kita ing dalu menika.
Mangga kita sambut TUAN MERINGGIH….”
Meringgih : (ngguyu) “bojoku, Siti Nurbaya! Maturnuwun kejutanne, Nur saiki kita balek,
pertunjukan wis mari.”
Meringgih : “Apa salahku, Nur? Tega kowe nuduh aku sekeji kui.Apa buktimu?”
Meringgih : “Ngapusi..”
Meringgih : “Aku bisa jelasne. Aku bisa jelasne.(madep mburi) Nurbaya mandhek..”
Nurbaya ngaleh
Sakwise Samsul maca buku sing ditulis Nurbaya, dheweke nduwe tekat kuat kanggo
nglanjutake kepingine Nurbaya yaiku golek keadilan. Samsul nglumpukake bukti
seakeh-akehe kanggo merangi Meringgih supaya kemenangan iso diintukake ing pihak sing
bener. Sakwise Samsul nglumpukake bukti-bukti lan dirasa wis cukup, Samsul banjur maju
menyang pengadilan.
Kuasa Hukum M : “Tuduhan kasebut boten leres yang mulia, niku upaya pencemaran asma
sae.”
Samsul : “INTERUPSI YANG MULIA HAKIM! Kula penasihat hukum pihak penuntut,
lan kula badhe buktekaken menawi Meringgih salah!”
Samsul :”Wonten kebeneran ingkang dereng terungkap. Dalang utama ing wingking
kasus menika kathah rahasia ingkang dereng tersingkap.”
“Kula sakniki gadhah bukti! Sakiki awakmu ora bakal menang Tuan Meringgih.”
Meringgih : “Ngapusi!”
Samsul : “Bener, jenengan ingkang gadhah taman edan? Lan kaiket prostitusi?”
Samsul : “Yang mulia hakim, kula gadhah bukti. Saksi kunci ing wingking keawonan
Meringgih, ISABELLA!”
Kuasa Hukum M : “Keaboten yang mulia, saksi enggal mboten wongten teng agenda.”
Hakim : “Kaboten ditolak. Monggo sedulur saksi.”
Isabella : “Yang mulia, aku bojone Meringgih. Sing diomongne Samsul iku bener. Aku
wis ngerti sifate Tuan Meringgih lan aku bersaksi nglawan dheweke. Tuan
Meringgih duwe akeh bojo kanggo bisnis e. Iki daftar pelanggane.”
Kuasa Hukum M: “Yang mulia, saksi menika mboten wonten dhateng agenda persidangan.”
Anton : “Kula pancen mboten bernurani. Tapi mirengna kesaksian kula.Kula Anton kaki
tangan saking sedaya keawonanipun.”
Meringgih : “Ngapusi”
Anton : “ Kula gadhah sedaya bukti, Yang Mulia. Kula badhe buktikaken sinten ingkang
ngapusi.”
Anton : “Kok piker aku sebodho kui? Ngenteni giliranku kanggo kok pateni kaya
Nurbaya?”