Anda di halaman 1dari 13

KELOMPOK 1

1. Ahmada Iqbal Al-Faizi (X-1/01)


2. Annisa Yuwan Ramadhani (X-1/05)
3. Christian (X-1/13)
4. Devi Kirei Yuliarti (X-1/15)
5. Dzaki Nawar Heda Saputra (X-1/17)
6. Jihan Salwa Azizah (X-1/24)
7. Novemelia Wijaya (X-1/28)
8. Rifqi Afta Ronanda (X-1/30)

SMAN 2 MADIUN
TAHUN AJARAN 2018/2019
A. Penokohan
o Dzaki Nawar = Sumbing Perbangkara (Bapake Dayang
Sumbi), Narator 2, lan Jin 2
o Jihan Salwa = Wayung Hyang (Ibuke Dayang Sumbi),
Narator 5, lan Warga Desa 1
o Devi Kirei = Dayang Sumbi
o Christian = Tumang, Narator 3, lan Jin 3, Jin putih
o Ahmada Iqbal = Sangkuriang gede lan Narator 1
o Annisa Yuwan = Dayang Asih, Warga Desa 3 , lan Narator 4
o Novemelia Wijaya = Dayang Sri, Warga Desa 2, lan Narator 4
o Rifqi Afta = Sangkuriang Cilik & Jin 1, Jin Ireng

B. Alur/Plot/Lumakune Crita

SCENE 1
Kacarita, ing Desa Geger, Kraton ing Bandung, Jawa Barat, ana Raja
kang nduweni jeneng Sumbing Perbangkara lan Ratu Wayung Hyang.
Dheweke nduweni anak kang ayu, kasil tekan uyuhe Sumbing
Perbangkara kang diombe karo Ratu Wayung. Rasane legi.

(adegane Sumbing nguyuh lan diombe Wayung)

(adegane Wayung manak lan ndue anak)

Wayung : “Nyoh, iki anakmu.”

Sumbing : “Mosok iki anakku? Lha kok elek ngene?”

Wayung : “Zho, elek, koyok rupamu.” (ngalih)

Sumbing : “Nduk.. mengko nek wes gedhe ojo dadi koyo


ibukmu.. nesuan!” (ngalih)

Putrine jenenge Dayang Sumbi. Sumbi iku bocah sing gladen,


resikan, ayu, nanging ora rabi-rabi.
Ing sawijining dina, Raja lan Ratu padha lungguh lan omong-
omongan.

Sumbing P : “Hawane og puanas eram to buk.. buk.., Tak cepot


klambi ae!” (nyepot klambi)

Jin Ireng : “Heee.. Bukaen ae, wilo wes ketok sixpack.. ojo
nanggung-nanggung..”
Jin Putih : “Piye to ki.. Aurat kuwi aurat!!!!” (eyel-eyelan lan jin
ireng kalah, dijengkakne karo Sumbing)

Wayung : “Lha. Rasah dibukak. Lha yo, kraton og raenek AC-


ne. Mbok yo tukokno. Lha wong kowe iso nukokne aku ipun X regone sak
M, mosok tuku AC raiso,”

Sumbing P : “Lhayo, og puanas eram koyo sepuluh siji ae. Yowes


sesok tak tukokne. Nyoh!” (nyawer dhuwit abang)

(Dayang Asih lan Dayang Sri teko njupuki dhuwit)

Dayang Sri : (nggremeng) “Duwik og diguwak-guwak to yo.. yo..”

Dayang Asih : (uga nggremeng) “Lhayo.. eh tapi yo rapopo to


mandak sugih ae”

(arep ngalih lan diceluk karo Wayung)

Wayung : “E..e kok apikmen suoromu? Njajal balenono pisan


engkas!”(njewer_kuping)

Dayang Asih lan Sri : “E… Yo ora oleh nesu to bu ne….”

Sumbing : “Yowis mbaliko kana! Wes.. wes…” (meneng lan


ndeloki Sumbi) “Lho lho buk, kae lo, deloken anakmu.. Isone sinau ae, leh
rabi ki yo kapan?”

Wayung Hyang : “Anakmu w, nek ora sinau yo, insetagram an,


facebuk an, whasup an…”

(Dayang Sumbi noleh lan nyedhek)

Dayang Sumbi : “E.. e… nuwun sewu daddy lan mami, Niku FALSE!
Ingkang TRUE niku… instagram”

Sumbing lan Wayung: “I.. isetagrem??”

Dayang Sumbi :“Instagram?”

Sumbing lan Wayung: “isnetagrem?”

Dayang Sumbi : “Hiiih! Whassap?”

Sumbing lan Wayung: “Whasuup?”

Dayang Sumbi : “Niku false mami!! Facebook?”

Sumbing lan Wayung: “Facebuk??”


Dayang Sumbi :“BlackberryMassenger?”

Sumbing lan Wayung: “Blackber… Halah blegedes.. Ngenyek wong


tuwomu po piye??!!”

Dayang Sumbi : “Mboten mami.. ngeten nggih.. Sumbi badhe rabi


kaliyan tiyang jaler ingkan wonten intelek-intelek e ngoten?”

S : “Telek?? Klethong o??”

Dayang Sumbi : “Hiiiih mboten daddy!!! Intelektual niku.. tiyang


jaler ingkang senengane maos buku, ngambis, lan mboten nate leren,”

S : “Lha nek koyo ngono, mengko ngesakne bojomu to


yo.. ranate dimanja..”

W : “Heh nduk, kakean ngambis ki ora apik kanggo


percintaan. Mangkane to dadi bocah ojo ngambis ae, Akeh anake raja sing
pingin nikah karo kowe. Ngene lho, ibuk iku isin karo konco-koncone ibu,
isin karo Bu Dian, kowe wi wedok ayu nanging uwis tuwa ora ndang rabi.”

Sumbing : “Muantul sip jos sing diomongne ibumu nduk. Yo


pener kowe S telu ning oksporet, nanging kowe yo perlu mikirne bojomu
lan anakmu mengko.”

Dayang Sumbi : “Inggih Rama, Ibu.” (mikir lan ketoke bukune ilang)
“Rama lan ibu ngertos pepak basa jawa kula? Awit
kalawau, pepak kula ilang mboten ngertos wonten pundi. Benjing kula
badhe drama basa jawa niki pripun,” (mlaku lan nggoleki)

Sumbing : “Lha wi buku larang kok iso kok ilangne ki piye to


nduk.. nduk..”

Dayang Sumbi : “Aku bakal sumpah yen sapa sing iso nemokake
buku pepakku kuwi, yen wedok bakal tak dadekne dulurku. Nanging yen
wong lanang bakal tak dadekne BOJO.”

(Dayang Asih lan Dayang Sri teko karo dikiter asu (Sangkuriang) )

Dayang Asih & Sri : “TULUNGGGGG!!!!!!!! ONO ASUU!!!!” (mblayu dikiter


asu)

Tumang(asu) : guk guk guk guk..

Dayang Asih : “Paduka Raja, ku..kulaa jirih ni.. niku ana as.. ASU!!!”
(mblayu neh dikiter asu)
Dayang Sri : “Weee.. enteni to!!!” Dayang Sri lan Asih mbalyu
metu)

(Asune ora melu metu, nyokot pepak lan asune nyokot pepak e Dayang
Sumbi)

Dayang Sumbi : “Lho, iki lak pepak sing tak goleki!” (meneng lan
delok ning asu) “Nanging… KOE ASU! Rama, Ibu, kula mboten purun yen
kula rabi kalih asu!”

Sumbing P : “Anakku… Gelem ora gelem sumpah kuwi kudu


mbok laksanakake.. Senajan Bapak lan ibu ora lila yen kowe rabi karo
asu.”

(freeze)

Nanging, Tumang sing wujude asu moro-moro ngubah wujude


dadi menungso sing bagus lan gagah prakosa. Kabeh wong lan warga
pada ndomblong, salah sijine ibuke Sumbi dhewe.

Tumang : “Sugeng enjang, Paduka Raja lan Ratu. Asma kula


“TUMANG” Kula saged gantos dados wong jaler tabuh sonten, yen
srengenge ilang lan gantos dados dalu.” (ndelok DS) “Lan , kula nyuwun
restunipun kaliyan panjenengan sedaya, badhe rabi kaliyan Dayang
Sumbi.”

Wayung : “Lho lhoo ngguanteng eram to le… lha aku yo


pengen dadi bojomu”

Sumbing : “Lha aku piye?”

Wayung : “Yo minggato,”

Sumbing : “Leh yo ojo to..”

Dayang Sumbi : “Sampun-sampun, Rama kaliyan ibu, Sumbi


nyuwun restu badhe rabi kaliyan Tumang,” (mesem) “Tumang, aku bakal
nresnani kowe nganti aku mati, nganti maut medotne aku rapeduli
wujudmu opo, sing penting kowe wis iso nylametke barang dhuwekanku.

Wayung : “Yowis, aku lan Ramane Sumbi nitip anakku,


jogonen, ojo nganthi dheweke loro ati lan ana apa-apa sing rapengen
kedadeyan.”

Dayang Sumbi : “Aku tresno karo kowe, kakanda.”

Tumang : “Aku luwih tresno nang awakmu, Dayang


Sumbiku..”
(adegan nikah)

Sumbing : “Bismillahirahmanirrahim.. kula nikahaken putri


kula, kang asmane, Dayang Sumbi binti Prabu Sumbi Perbangkara kaliyan
Tumang bin Asu lan mboten enten mas kawin e iki endi iki.. Dibayar,
utang! Sah?”

KABEH : SAAAAAAHHHHH

SCENE 2
Sakwise Dayang Sumbi rabi karo Tumang, uripe dadi tentrem,
sakinah mawadah warahmah lan nduweni anak sing rambute kethel,
kulite putih, rupane bagus. Jenenge Sangkuriang. Saben dinane,
sangkuriang dolan karo Tumang sing wujude asu, lan dheweke ora ruh
yen Tumang kuwi bapake dhewe. Dayang Sumbi sengojo ora ngekeki
weruh hal iki nganthi ngenteni wektu sing trep.

Sawijining dina, Sangkuriang dolan karo dayang-dayange . Lan


Dayang Sumbi ngongkon Sangkuriang mburu atine kidang ing alas kanggo
mangan bengi.

Sangkuriang : “Sri, Sih.. Aku ki ngganteng gak?” (karo ngoco)

Dayang Sri : “Yo… piye yo tuanku.. diomong ngganteng yo ora,


diomong elek I iyo iyo.. eh tapi yo ora deng. Setandar,setandar”

Dayang Asih : “Tapi sek ngganteng bojoku sing paling tak


tresnani ing dunyo iki.” (senggal-senggolan karo dayang Sri)

Dayang Sri : “O iyo sopo wi jenenge sopo?”

Dayang Asih : “ALDY SETIO PUTRO lan KYNAN AKBAR WISESO


lan DZAKI NAWAR HEDA SAPUTRO lan HAFIZH WAHYU KUSUMO”

Dayang Sri : “Yoh akeh eram. Bojomu enek piro to jane?”

Dayang Asih : “Papat, sing telu kawin mlayu. AHAHAHA”

Dayang Sri : “Weladala.. Heh tuan.. Nggarai kowe wi cilik-cilik


wes brengosen jane yo nurun sopo…”

Sangkuriang : “Wooo.. kurang ajar! Wanimen mbek majikanmu


dewe! Tak kandakne mbokku, tak saduk tekan kene we ngko. Simbok..
Simbok…!”
Dayang Sri & Asih : “Ojo to tuanku.. Yo gusti, piye iki lak raiso mangan
awakdhewe..” (keweden)

(Dayang Sumbi lan Tumang teko)

Dayang Sumbi : “Iki ana apa to geger dewe-dewe. Anakku cah


bagus, ibu jaluk tulung kowe golekna atine kidang ning alas. Tumang sing
bakal ngancani. Iki panah gowonen lan jogonen nganti kowe iso manah
kidang , lan jupuken atine.”

Sangkuriang : “Ibukku sing ayu dewe koyok wewe.. mengke


mawon nggih.. kula badhe maos buku rumiyin, ngemil logaritma lan
sistem periodik,”

Dayang Sumbi : “Lho kok nyetir! Ibu bukan truk! Urip i ojo ngambis
ae ngerti ra! Kudu saiki! Ndang budhal kana!”

Sangkuriang : “Ibukku sing ayu.. ”

Dayang Sumbi : “EMBOH!”

Sangkuriang : “Ibukku sing rapati ayu asline…”

Dayang Sumbi : “OMONG OPO WE???”


Sangkuriang : “e… Injih buk, injih.”

Sakbare kuwi, Sangkuriang banjur menyang ing Alas karo Tumang,


mburu kidang lan arep dijupuk atine. Nanging ing alas kuwi…

Sangkuriang : “Duh Gusti piye iki kok ora temu-temu… Hoalah Su asu…
Jajal nek we menungsa ae, adewe ora bakal mubeng-mubeng kaya ngene.”

(Sangkuriang ndelok ana kidang lewat)

(Kabeh nyanyi, kidang lan Sangkuriang kiter-kiteran)


Kidang Talun
mangan kacang talun
mil kecemil mil kecemil
si kidang mangan lembayung

Sangkuriang : “Lho lho.. Lawi lo ana kidang!”

Tumang : “GUK GUK GUK” (kidange ngalih)

Sangkuriang : “GUOBLOK! ASU TENAN! NYAPO KIDANG KUWI


MAU MBOK JEGOKI! SAIKI, ATIMU SING BAKAL TAK JUPUK!

(Sangkuriang manah Tumang nganti mati)


Sangkuriang : “Mati to we saiki? Sokor! Dasar asu raenek guna
isone nyusahne wong ae!”

(Sangkuriang ngalih lan metu saka alas, ninggalne tumang dewean.)

SCENE 3
Sangkuriang sing pegel marang Tumang amarga ngusir kidang sing lewat
ing ngarepe, banjur mateni tumang sing asline bapake dhewe lan teko
ning omah nemoni ibune sing isih sapu-sapu.

Sangkuriang : (nyanyi lagu sayang) “Ibu… Kula sampun bali…


Saking alas ngeri.. Saiki.. tak paringi ati… Ibu..”

Dayang Sumbi : “Heh wes to suaramu nggilani. Ndi? Iki tenanan


atinekidang?”

Sangkuriang : “Kan kula mboten seneng mangan atine wong.”

Dayang Sumbi : “Anakku.. aku percoyo kowe… nanging kok bali


dewe.. Tumange ana ing ngendi..” (nyanyi lagu nada sayang)

Sangkuriang : “Ibu.. kula badhe jujur mawon.. kuwi mang.. atine


Tumang…”

(DS kaget lan ngamuk)

Dayang Sumbi : “OPO?!!! TUMANG MBOK PATENI???”

Sangkuriang : “Lha kepriye ketimbang bali mboten ngasta napa-


napa…”

Dayang Sumbi : “KUWI BAPAKMU DEWE LEEE !! WE KOK TEGA


MATENI BAPAKMU DEWE ???!!!”

Sangkuriang : “OPO? Bapakku? ORA MUNGKIN! Asu kuwi ora


mungkin bapakku! Ora sudi aku nduwe bapak kewan!!”

Dayang Sumbi : “KURANG AJAR! DASAR BOCAH ORA NDUWE


DUGA!!” (ditutuk nganggo pipo ledeng nganthi bekas ing sirahe) “METUO
KOWE TEKAN KENE!! ORA USAH MBALIK MENYANG KRATON IKI!
METU!!!”

(Sangkuriang kausir tekan kraton lan menyang alas dewenan)


SCENE 4
Banjur kuwi, Sangkuriang kausir tekan kraton. Dheweke bingung,
ora isa urip tanpa ibuke margane isih cilik. Dayang sumbi nyesel wes
ngusir anake dewe lan akhire tapa lan ndungo supaya dee dikeki umur
dawa lan awet enom lan ayu. Sakbare sangkuriang diusir, Sangkuriang
dadi cah lanang sing gedhe duwur lan bagus, uga disenengi karo dayang-
dayang ing kabeh kraton.
Sawijining dina, dheweke ngembara lan pethuk karo ibuke sing
saiki tambah ayu lan isih enom. Saklajenge, Sangkuriang akhire tresna
dening Dewi Sumbi, lan wani ngungkapake katresnanane marang dayang
sumbi. Nanging, kaloro-lorone ora padha kenal jalaran rupane wis beda.

(Sangkuriang lan Dayang Sumbi teka saka beda arah, Sangkuriang nabrak
Dayang Sumbi, slendange dibatek Sangkuriang. Tabrakan lan pandang-
pandangan.)
Sangkuriang : “Subhanallah Gusti, kowe kok ayu men.”

Dayang Sumbi : “HEH! Opo-opoan iki? Sopo kowe? Uculne ra


slendangku!!”

Sangkuriang : “Ck. Ayu-ayu nanging kok galak eram, yowes yowes


nyoh tak culne,” (SG ngeculne DS nganthi ceblok lan lara)

Dayang Sumbi : *GDUBRAKK “Aduh.. luoro.. goblik! Ngganteng-


ngganteng kok klakuane ala!”

Sangkuriang : “Lha nek aku yo tarah ngganteng to. Padumu ae,


pengen dadi bojoku to? Yoto yoto? Yopora?”

Dayang Sumbi : “Ngapunten nggih. Yen dadi bojoku kuwi ora


sembarangan. Kudu IN-TE-LEK-TU-AL lan iso ngambis plajaran. Kowe?
model rupa,? Yo tak sebul mlipir.”

Sangkuriang : “Halah sakomongmu. Pokoke sok Sebtu kudu wes nyebar


undangan.”

Dayang Sumbi : “Lha kok penakmen lehmu omong. Deloken sek to


rambutmu ra rapi blas kok jare arep ngopeni anake wong. Kene jajal tak
sisir!”
(DS Kaget yen SG kuwi anake) (DS ngadoh)

Sangkuriang : “Lho, kok cepetmen lehmu nyisir?”

Dayang Sumbi : (ngingeti SG tekan kabeh awak) “Sek to, jenengmu


Sangkuriang?”
Sangkuriang : “He? Sopo wi Sangkuriang? Jenengku ki Totok. Om
Totok.”

Dayang Sumbi : “Heh le, kowe wi Sangkuriang, anakkku.. Kowe ki


Sangkuriang, anakku leee!!”

Sangkuriang :“Westo, nek we mumet mikir meganthropus


pitechantropus i njaluk ajar aku ae, ikhlas lair batin yayangmu iki.”

Dayang Sumbi : “Ora le.. ibu ora iso rabi karo kowe. Kowe wi
anakku sing wis tak usir ndhisik.”

Sangkuriang : “Sak omongmu. Pokoke Sebtu kudu wis nyebar


layang rabine ing warga.”

Dayang Sumbi : (mikir) “Wes, saiki aku bakal ngrabi koe nek we iso
nggae prau guedi lan kudu bar sakdurunge pitik ngokok.”

Sangkuriang : “Prau? Ngonowi yo gampil to sayangku....”

Dayang Sumbi : “Yen sarat kuwi ora iso mbok lakokne, kowe rasido
ngerabi aku. TAK CANCEL!”

Sangkuriang : “Iyo, iyo sayang… Yuh.. ayune nek mesem..”

SCENE 5
Sak wis e kuwi, Sangkuriang sirahe mumet amarga bingung apa
sing arep dilakokake. Wektu kanggo nggae prau gedi sakwengi kuwi ora
cukup. Banjur dheweke nggolek cara supaya bisa dadi praune, lan.. nyeluk
jin.

(Sangkuriang nyeluk jin karo nyebarke kembang munyeri panggonan


kuwi)
Sangkuriang : Abdi Teh… Ayeuna… Gaduh Hiji Boneka… Cik
Mangga.. tingali… boneka abdi…. Whassup.. ABDI THE AYENAA GADUH
HIJI BONEKAA CIK MANGGA TINGALI BONEKA ABDI..” (kabeh jin melu
nyanyi)

(JIN E METU ING OMAH E)

Sangkuriang : “Heh.. opo kuwiii???”

JIN 1 : “Halo om…”

JIN 2 : “Halo Tok..”

JIN 1 2 3 : “Halo om Totok..”


Sangkuriang : “Wealah… Kowe to! Saiki, kowe kabeh ta kek i tugas
nggo nggae prau lan nggawe bendungan!! Pokoke kudhu bar sesok
sakdurunge pithik e ngokok”

JIN 1 2 3 : “BETA MUNTAB INI” (mulai nggae prau)

Sangkuriang : “Wes ndang saiki!!!”

Nanging dina iku lumaku cepet banget. Dewi Sumbi njaluk wong-wong
desa kanggo nutuki lesung lan kerjo isuk-isuk supaya pithik pada tangi.

Dewi Sumbi : “Pokoke aku ora gelem nganti sangkuriang karo


makhluk alus kuwi wis bar disikan isuk iki.”

WD 1 : “Lha awakdewe kudu ngalokne opo?”

WD 2 : “Yu, aku nggowo lesung, ayo wis saiki nutuki


bareng-bareng”

WD 3 : “Lho, lha ben opo?”

WD 1 2 : “YO BEN NGOKOK PITHIKE TO YOOO!”

WD 1 : “Well.. well.. Ngetarani I ranate ngambis i yo ngene


iki, utekke ranate dingo”

WD 3 : “Halah nyocot e isomu, wes ayo ndang dilakokne”

(nutuki lesung nganthi pithike muni)

Sangkuriang : “Kerjo og suwi neram, MENDO KABEH!! Deloken


wis isuk iki lho!!!” (nesu)

Jin 1 : “Lha piye lo tuan.. iki wes kerjo ket ndeingi..”

Jin 2 : “Lhayo raenek aku yo rabakal mlaku ae lho.”

Kukuruyuk…

JIN 1 2 3` : “ANA SRENGENGEE!!!”

Jin 2 : “AYO NDANG NGALIH AE!!!”

(JIN 1,2,3 padha ngalih ninggalne sangkuriang)


Sangkuriang : “AARGHHH JIN KURANGAJAR! ORA NDUWE
DUGA!” (nendang prau nganti malik lan dadi tangkuban) “SAIKI AKU
GAGAL DADI BOJONE SUMBI. AKU ORA SIDO RABI KARO SUMBI!
AAARGGGGHHHH!!!”

Akhire, , Sangkuriang ora sida rabi karo mboke dhewe, Dayang


Sumbi amarga klakuane sing ora jujur lan ala. Prau lan wadhuk kuwi dadi
Gunung Tangkuban Prau sing ana ing Jawa Barat saiki.
Pesen sing kakandung saka crita Sangkuriang iki, yaiku sing kasiji,
ojo dadi bocah sing ngeyel lan mbangkang karo wong tuwa. Sing kaloro,
tindhak laku becik uga bakal diregani warga/wong-wong ing andinge
awakdhewe, ojo tumindhak ala, lan juju ring ngendi wae panggone. Lan
sing trakhir yaiku nurut karo pituture wong tuwa, amarga kuwi becik
kanggo kauripane awakdhewe. Lan awakdhewe bakal metik asil sing wis
ditandur.
Lan, kudu tetep gladen ngupayani kabeh tujuwan.

C. Unsur Intrinsike “Sangkuriang”


1. Tema : Epos Asmara
2. Paraga lan Penokohan :
 Sangkuriang (utama) : mbandel, sakarepe dhewe
 Dayang Sumbi (utama) : ora jujur saka awal, senengane nggaekne
wong
 Dayang Asih (pembantu) : lucu, kemayu
 Dayang Sri (pembantu) : jujur, ngomong opo eneke
 Wayung Hyang (pembantu) : peduli marang anake, lucu
 Sumbing P (pembantu) : peduli marang anake, lucu
 Jin (figuran) : gelem kerja, pengen diregani
 Warga desa (figuran) : gelem ngewangi
3. Alur : Alur Maju
4. Latar :
 Latar Panggonan = Desa Geger, Kraton ing Bandung, Jawa
Barat
 Latar Wektu = Sakdurunge ana Tangkuban Perabu
 Latar Suasana = Suasana ora tegang, ana bungah e, ana tegange
amarga adegan nesu
5. Pitutur Luhur : Manut yen dikandhani wong tuwa aja ngeyel
yen dadi bocah, nepati janji/sumpahe, gladen lan seneng resikan.
6. Sudut Pandang : Purusa katiga sarwa ruh

Anda mungkin juga menyukai