SANDIWARA
Kompetensi Dasar
3.3 Menelaah naskah sandiwara.
4.3 Menulis dan menyajikan naskah sandiwara.
Ancas Pasinaon
Sewise nyinauni wulangan kiye, siswa bisa:
1. Nyimak crita sekang teks naskah sandiwara
2. Nggoleti tembung angel nang teks naskah sandiwara
3. Mangsuli lan gawe pitakonan sing ana kaitane karo isine naskah dialog sandiwara.
4. Mbenerna diksi/pilihan kata teks naskah sandiwara
5. Ngrembug isi sing kekandhut sajrone naskah dialog sandiwara
6. Nengeri ciri-cirine tokoh nang crita sandiwara
7. Nulis naskah sandiwara.
1
PAMBUKA
Sandiwara utawa sering diarani lakon uga diarani drama yakuwe jenise crita, bisa wujud
tulisan utawane ora ditulis, sing lewih utama ditujokna kanggo dipentasna tenimbang diwaca.
Sewijine lakon sing ditulis minangka jenise karya sastra sing kedadean sekang dialog antarane para
paraga karo anane kedadean. Lakon ora ditulis biasane dijukut sekang crita sing wis umum
dingerteni lan ming nyritakna secara umum alur critane karo karakter-karakter sing nang sejrone
crita kuwe. Conto karya lakon ditulis sing kondhang upamane yakuwe Andhe-andhe Lumut, Jaka
Tarub lan liya-liyane. Sewijine sandiwara bisa nganggo naskah (skenario) utawa ora. Angger ora
nganggo naskah kabeh sing dipentasna kanthi spontan karo improvisasi sing akeh.
Umume istilah "sandiwara" nang bahasa Indonesia ditegesi padha karo drama. Ningen
khususe istilah sandiwara cedhek maring seni tontonan teater drama tradisional rakyat Indonesia,
khususe nang daerah Jawa. Kelompok Sandiwara Lenong (Betawi), Kethoprak (Jawa Tengah, DIY),
Ludruk (Jawa Timur). Sandiwara asale sekang tembung sandi lan warah (Bahasa Jawa, lambang,
gegambaran). Sandi tegese wewadi pratanda lan wewarah tegese pitutur. Dadi sandiwara tegese
gegambaran sing ngemu isi pitutur/piwulang sing migunani tumrap penonton lan masyarakat.
Kompetensi Dasar
3.3 Menelaah naskah sandiwara.
Sandiwara
Indikator:
3.3.1. Mendengarkan wacana teks dialog sandiwara berbahasa Jawa
Wonten salah setunggaling desa nggih niku Desa Makmur, wonten keluarga sing gesangipun
rukun lan sae nggih niku keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan putra naminipun
Prima. Prima lare sing sopan lan alus anggenipun ngendika, nanging mergi srawung kalih lare sing
mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima sampun benten.
Kunto : “Prima….!”
Prima : (mlayu medal saking griya) “Wah sedhela ya brow aku njukut kunci motor disit.”
Rida : “Ya,,cepet ya brow!”
Kunto : “Ya, beres.
2
Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi motoripun
badhe dingge mancing.
Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibunipun.
Prima lajeng mancing kalih kanca-kancanipun. Saking senenge mancing Prima ngantos
kesupen wekdal.
Dereng ngantos dijawab, Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak, dompetipun
dhawah. Nanging Prima mboten ngertos amargi kesesa.
Sesampunipun Prima kesah, onten Nilam ingkang liwat dalan niku saking tumbas bumbu
masak.
Nilam : (Mendhet dompetipun Prima) “Dhompete sapa ya kiye? Ah ya wis gawa bali bae.”
Sesampunipun wonten griya, Nilam lajeng nyaosken bumbu masakipun dhateng ibu Nisah.
Nilam lajeng mlebet kamar. Lan bukak dompet sing ditemu wau. Dompet wau onten fotone nanging
mboten wonten identitas sinten ingkang nggadhahi dhompet niku.
Nilam : (sinambi ningali foto wonten dhompet) “Sapa ya kiye? Gantheng banget.” (mesam-
mesem)
3
Wonten dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun. Prima taken kalih
keluarganipun.
Ibu : “Kowe sih ngapa, awit mau kok mubeng-mubeng, apa ana sing ilang?”
Prima : “E…mbuh Bu! dhompetku ilang.”
Ibu : “Loh lha biasane disog nang ngendi?
Prima : “Ya nang sak, tapi mau tek tiliki wis ora ana.”
Ibu : “Jajal takon mbekayumu.”
Prima : “Mbak, ngerti dompetku ora?”
Zulfah : “Dhompet apa? Wong duwe dhompet dhewek-dhewek kok ya ribut.”
Ibu : “Oalah….mulane nek ngesog dhompet kuwe ora sak nggon-nggon. Nang umah kiye
ora ana sing arep njukut dhompetmu.”
Mifta : (Liwat sakngarepe Prima)
Prima : “Dhek..dhek…”
Mifta : “Ana apa Mas?”
Prima : “Neng ngendi dompetku?”
Mifta : “Dhompet apa Mas? Aku ora ngreti.”
Prima : (Bentak Mifta) “Ora usah nglombo! Dinggo dolanan nang ngendi dompetku, hah?”
Ibu : “Karo adhine kuwe aja kasar-kasar kaya kuwe. Karo sing luwih tuwa ora basa, karo
adhine mbentak-mbentak. Ana lelakon apa kiye….” (ngelus dhadha)
Prima : “Aah…mbuh.” (Mbanting kursi lajeng kesah)
Zulfah : “Sabar nggih Bu….”
Bapak : (Lenggahan wonten kursi) “Ana apa kiye?”
Mifta : “Pak, Bapak….mau mas Prima nakali aku karo ibu karo mbak Zulfah.”
Zulfah : “Dompetipun Prima ilang Pak, lajeng muring-muring.”
Bapak : “Ya wis ora apa-apa. Jenenge bae lagi kelangan dhompet. Wajar nek muring.”
Zulfah : “Pak, menawi Prima dilesaken matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
Bapak : “Loh loh loh…kok dadi matematika kepriwe sih?”
Zulfah : “Prima nate ngendika menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku
tiyang sing sae Pak, mengke Prima ugi lajeng diajari unggah-ungguh. Pripun Pak?”
Ibu : “Aku setuju kuwe.”
Bapak : “Ya wis nek kaya kuwe. Zul, mengko ajaken Prima nang daleme Bu Nisah!”
Zulfah : “Nggih Pak.”
Prima dijak Zulfah wonten daleme Bu Nisah. Nanging Prima dereng ngertos badhe diajak
mbakyunipun wonten pundi.
Zulfah lan Prima ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah. Nalikanipun Prima nembe dolan
kalih kanca-kancanipun, Prima nyritakaken kedadean niku.
Dinten Minggu sampun kelampahan, seniki dinten Senen. Dinten ingkang ditunggu Nilam
kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima les matematika wonten dalemipun Bu Nisah.
Ibu Nisah : “Kuwe mau materine, siki jajal soal kiye digarap!”
(Prima lajeng garap soal sing diparingi kalih Bu Nisah).
Prima : “Niki Bu, sampun.” (kalih ngaturaken garapanipun Prima)
Ibu Nisah : (Mriksa garapanipun Prima) “Kiye wis bener, kurang nulis rumuse nang dhuwure.
Ya wis, gandheng wis sore siki dicukupi bae.”
Ibu Nisah lan Prima maos hamdallah. Prima lajeng pamit kalih Bu Nisah.
Prima : “Assalamualaikum.”
Ibu Nisah : “Waalaikumussalam.”
Nilam : “Prima,,.”
Prima : “Eh, Nilam, ana apa?”
Nilam : “Aku arep takon.”
Prima : “Ya.”
Nilam : (Nuduhaken dompet) “Kiye dhompetmu apa udu Prima?”
Prima : (Gumun) “Iya bener. Kok bisa nang gonmu?”
Nilam : “Aku nemukna nang dalan cedhek kali.”
Prima : “Ow iya..aku nembe kemutan dhong aku ganu mancing.”
Nilam : (Maringke dompetipun dhateng Prima) “Maaf ya, wingi aku urung sempat
ngewehna dompet kuwe.”
Prima : “Ora apa-apa lah. Matur Nuwun ya.”
Nilam : “Ya.”
Nilam lan Prima lajeng wangsul. Sesampunipun ngertos nek Nilam lare ingkang sae, Prima
dados lare ingkang sae ugi. Kanca-kancanipun ingkang badhe ngrewangi pados dompetipun Prima
malah mboten kepanggih lan Prima mboten srawung malih kalih kanca-kancanipun ingkang mboten
sae niku. Prima kalih Nilam anggenipun kekancan tambah raket.
5
Sumber :http://emonzdoank.blogspot.co.id
Unsur intrinsik drama yaiku bab bab kang ana ing njero naskah drama, bisa digoleki kanthi maca
naskah drama kasebut.
unsure intrinsik :
1. Tema
Saben karya sastra pasti nduweni tema, Tema yaiku bab kang dadi dashare naskah drama digawe
Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.
2. Alur
Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti
babak terakhir. Alur diperangake :
Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndandekake masalah maslaah kang dilakoni
paraga paragane.
Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
Masalah utawa konflik, yaiku kedadean kang isine ngenani masalah masalah kang wiwit diadhepi
paraga paraga ing cerita kasebut.
Klimaks/puncak konflik, yaiku masalah sing saling angel kang diadepi paraga paraga ing crita,
yaiku kedadean kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning crita drama.
3. Pacelathon
Miturut jinise pacelathon diperangake dadi loro. Miturut panggonan (prolog lan epilog) lan miturut
cacahing paraga (monolog lan dialog)
- Miturut Panggonan :
Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong omongan )Epilog
: Pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama. Sing nyritakake prolog lan epilog diarani
narator.
- Cacahing paraga :
Dialog : Pacelathon kang diucapake sambung sinambung antarane salah sawijining paraga klawan
paraga liyane.Monolog : Pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.
4. Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)
a. Paraga ing drama diperangake dadi :
Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber critaTokoh pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog
nanging ora dadi pusat penceritaan.Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi
kaya nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan.
b. Miturut wtake, ing drama ana :
Tokoh Antagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang ala, saengga ora disenengi
penonton.Tokoh Protagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi
penonton.Tokoh Tritagonis : Yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa
antagonis, bisa duweni watak kang apik utawa ala (penengah).
6
5. Amanat
Amanat yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.
6. Latar Utawa Setting
Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.
Latar wektu : yaiku wektu kang digambarake nalika paraga paraga ngalami kedadean kedadeyan
ing panggung.
Latar panggonan : Yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.
Latar swasana : Latar swasana di perangake dadi loro yaiku :
- Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga, tuladhane : udan gerimis , swara jangkrik lagi
ngerik (bengi)
- Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was was, seneng.
Kompetensi dasar :
4.3 Menulis dan menyajikan naskah sandiwara.
TUGAS KELOMPOK
Neng sewijining desa ana bocah sekolah sing wis raket banget, yakuwe Sardi lan Jono.
Bocah loro kuwe seneng banget nggawe ulah nganti kanca-kancane padha ora gelem nyedhek
merga mesthi diusili. Wektu kuwe sewise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi : Jon, engko dolan ya ! ( Nabok pundake Jono)
Jono : Gaweanmu dolan bae . Kaya wong pinter pisan.
Sardi : Alah gayamu, gelem apa ora kowe ?
Jono : Dolan maring endi si ?
Sardi : Ya embuh... Pokoke dolan ben kaya bocah gaul lho...
Jono : Emmm.. ya ayuh nek kaya kuwe. Tapi inyong emoh nek tekan mangrib maning !
Sardi : Hehehe, ora-ora.
Jono : Lah nggawa duwit apa ora ?
Sardi : Halah, kuwe dirembug mengko bae... Ya wis aku arep bali disit ( Mlaku ngadohi
jono )
Jono : Oke-oke.... Engko kowe meng umahku ya.
Sewise kuwe Sardi karo Jono dolan. Sardi karo Jono ora kemutan nek skiye dhong kerja
kelompok drama Bahasa Jawa nggo ujian praktek kelas IX. Nang nggone Parman, Deni karo
Parman nunggu bocah loro yakuwe Sardi karo Jono sing ora genah maring ngendi lungane.
Banjur Parman maring umahe Jono. Nangkono Parman ora nemoni sapa-sapa. Akhire
Parman mbalik maning lan nerusna nggawe teks drama karo Deni. Ditunggu nganti maghrib Sardi
karo Jono ora nana sing teka sijia.
Deni bali sebab wis maghrib. Ngesuke neng sekolahan Deni karo Parman rembugan bab
drama Bahasa Jawa. Kanggo ngisi wektu karo ngenteni Jono lan Sardi bocah loro padha ngrembug
gawe musik sing arep ditampilna.
Parman : Ayuh siki nggawe musik kanggo dramane. Nganggo lagu dhaerah bae !
Deni : Ya angel lah kuwe. Kowe apa bisa ?
Parman : Jajal ngeneh aku sing nggitar (njukut gitar sekang tangane Deni)
Deni : Halah keminter, jajal nembang apa!
Parman : (nembang Gundhul-gundhul Pacul)
Deni : Hahaha, kuwe si tembang dolanane bocah, gampang.
Parman : Sing penting lagu dhaerah.
Deni : Aja, diganti liyane lho ya.
Parman : Jajal kowe bisa apa ora ? (ngewehna gitar maring Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwe lagu apa? Deneng ijig-ijig pindhah lagu pop?
Deni : Hahaha, lha wong aku mung asal nabuh thok, ora bisa.
Parman : Ya wis nek kaya kuwe aku bae sing nggitar.
Deni : (Ngewehna gitar) Aku sing nembang ya ?
Parman : (Nembang karo Deni)
Deni : Hahaha, apik kuwe. Ya uwis siip nganggo kuwe bae.
Sing ditunggu-tunggu Jono karo Sardi teka karo mlayu. Ora rumangsa nek ditunggu.
Jono : Heh, bocah-bocah kelompok liyane wis padha latihan drama Bahasa Jawa,
kelompoke dhewek kepriwe ?
Deni & Parman : How
Sardi : lha kepriwe karepe ?
Parman : Kowe wingi maring ngendi bae ?
Sardi : Aku dolan karo Jono
Parman : Lha dhong wektune latihan kelompok kowe ora teka, mbok wis diomongi.
Sardi : Kapan golengomongi ?Aku ora krungu. ( mulai kesuh )
Parman : How, kowe wis pikun ya ?
Pak Guru : He he, ana apa si, ribut ?
Deni : Nkiye, Pak. Sardi kalih Jono wingi mboten purun latihan kelompok drama.
Pak Guru : O alah, kenang apa kowe ora melu latihankelompok ?
Jono : Lha pancen kula mboten disanjangi, Pak.
Pak Guru : Apa iya Den, ora diomongi ?
Deni : Empun Pak. Ningen mboten nggatekaken, pikirane dolan mawon, dados mboten
dugi.
Pak Guru : Lha kuwe, kowe ora teka mbok
8
Jono : Ora diomongi, koh (karo mlengos maring Deni)
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, siki gagean kelompokmu gawe drama!
Bocah papat (Parman, Deni, Jono lan Sardi) padha nggawe drama. Sebab gotong royong
lan temenanan gole nggawe, akhire bisa nampilna dramasing apik lan nyatane akeh kanca-kanca
sing padha seneng.
Sardi lan Jono wiwit ngrubah sikape. Pirang wulan sewise kuwe bocah papat ulih biji Ujian sing
paling apik dhewek. Gotong royong lan kerja keras kuwe bisa ndadekna samubarang gawe dadi
gampang lan ulih kasil sing maremna.
(kapethik sekang : Grenda Basa Jawa)
Indikator :
4.3.1 Menulis Naskah Sandiwara
Paugeran :
1. Digarap kelompok karo nggatekna paugeran gawe pacelathon, upama tema, alur, watek
paraga, setting, lan sapiturute.
2. Asile kerja kelompok dilaporna lan ditanggapi nang kelompok liya.
3. Sewise naskah sing digawe kelompok ditanggapi nang kelompok liyane, siki asil sekang
tanggapan kelompok liyane ditulis, dicathet dienggo nggenepi lan nyempurnakna naskah
kelompoke dhewek-dhewek.
4. Naskah sing wis diedhit banjur diketik nang kertas utawa ditulis nang kertas folio garis.
5. Teks dialog/pacelathon kesebut digawe kaya format ngisor kiye.
9
Paraga 2 : ………………………………………………..
Paraga 3 : ………………………………………………..
Paraga 4 : ………………………………………………..
Paraga 5 : ………………………………………………..
Paraga 6 : ………………………………………………..
Lsp.
Nyinau dialog sandiwara nganggo basa Jawa ora mung ngerti wujude dialog, nanging
kudu ngerti diksi/pilihan tembung-tembung sing digunakna nang dialog kuwe. Kejaba
ngerteni diksi uga kudu ngerti tegese tembung-tembung karo nggatekna unggah-ungguh
basane, saengga para siswa bakal ngerti karepe dialog basa jawa kesebut.
Angger para siswa arep nulis naskah sandiwara, bab-bab sing kudu digatekna
yakuwe : tema, paraga/tokoh, watak tokoh, alur, setting, dialog lan amanat.
10