Anda di halaman 1dari 13

DRAMA

SINDENRELLA LAN SANDAL JEPIT

Kelompok:
1. Erdhika Bagusanjaya P M
2. Faradilla Maurin A
3. Marshanda Zalianti
4. Rahma Diah Ayu K
5. Regisasena Heza K
6. Ria Agustina
7. Silvia Desy A
8. Via Adellia P
9. Wulan Rahmawati

XI IPA 2
Sindenrella lan Sendal Jepit
Sindenrella kuwi gadis desa sing pinter nembang, suarane apik, parase ayu,
seneng nulung, nanging uripe melasi. Ibu kandunge wis ngadep Gusti Allah.
Sindenrella nduwe ibu kuwalon anyar lan nduwe sedulur kuwalon anyar jenenge
Rahayu lan Adelia. Ibu tiri, Adelia lan Rahayu mau senenge nyiksa Sindenrella nek
langka bapake ing omah. Saben dina Sindenrella dipaksa kerja terus-terusan,
nanging Sindenrella tetep sabar.

Sindenrella nduwe kanca jenenge Tukinem. Tukinem kuwi wis dadi kancane
Sindenrela kawit cilik. Mung karo Tukinem tok, Sindenrela gelem cerita apa bae,
ora ana sing ditutupi. Apa maning masalah karo ibu tirine lan keloro kuwalone,
ora ketinggalan di ceritakake neng Tukinem.

Babak I

Esuk-esuk nang umahe Sindenrella.

Ibu tiri : “Sindeeeeen!!!! Sindenrella!!!” (lungguh ing ngarep TV karo kipas-


kipas)

Sindenrella : “Dalem, Bu?” (mlayu marani ibu tirine)

Ibu tiri : “Dolam dalem! Kowe ora ndeleng gerabah numpuk-numpuk.


Kumbahana sak iki!”

Sindenrella : “Ngapunten, Bu. Kala wau kan Ibu ndhawuhi Sinden supados
nggirah agemane Ibu. Nah menika dereng...” (Sindenrela durung rampung
ngomong, wes dipedhot ibu tirine)

Ibu tiri : “Halah, aja nggawe alasan terus! Ibu ora arep ngerti, pokoke sak iki
kabeh kudu rampung!”

Sindenrella : “Nggeh, Bu...” (karo manthuk-manthuk)

Rahayu : “Sindenrellaaaaa!”

Sindenrella : “Dalem, Mba?” (mlayu marani Rahayu)


Rahayu : “Iki klambiku gosokno. Aku arep dolan karo kanca-kancaku. Saiki!”
(mbalangke klambi marang wajahe Sindenrella)

Sindenrella : “Nanging, Mba, anu menika Sinden ajeng ngumbah agemane Ibu lan
ngumbah piring.”

Rahayu : “Terus aku kon mikir? Gosokno klambiku, saiki! Nek ora bakal tak
omongne karo ibu!”

Sindenrella : “Ampun to, Mba. Nggeh sampun Sinden gosokaken. Sekedap


malih...” (Sindenrela banjur cepet-cepet nggosok klambine Rahayu)

Adelia : “Nden… Sinden..!!!! Iki umbahno klambiku! (mbalangake klambi


marang wajahe Sindenrella) Ojo nganti rusak, ojo nganti suwek, lan siji engkas, ojo
nganti mok dol!” Sindenrella langsung ngaleh menyang sumur mburi.

Babak II

Neng kampung sebelah ning ngarep omah ana cah bagus, gagah, lan sugeh
bondho. Jenenge Jaka Kembung. Jaka Kembung pengen golek bojo sing iso nerima
dek e apa anane.

Jaka Kembung : “Sur….. Surani….”

Surani : “Dalem pangeran. Wonten napa?”

Jaka Kembung : “Aku uwes sui jomblo. Aku lek dewe terus yo ora kuat. Aku
pengen golek bojo sing iso nerima aku apa anane, ora mung mandang rupa lan
bondhoku. Tapi kepriye carane?” (Jaka Kembung sambat neng mae Surani)

Surani : (Miker) “Aha….. Kula nduweni ide pangeran. Piye lek


pangeran ngenekake acara ngundang wong wadon sing ana ing kampung
sebelah.”

Jaka Kembung : “Iyo Sur. Idemu pancen apik tenan. Yowes lak ngono, gek
ndang siapno kabeh kanggo ngenekake acara lan sebarno undangane.” ( kongkon
pangeran)
Surani langsung nyiapkake keperluan kanggo acarane Jaka Kembung sing
arep ngenekake acara kanggo golek garwa. Surani langsung moro ing kampung
sebelah banjur ngekekne undangan dingge wong wadon sing ana ing kono. Ing
dalan Surani ketemu Tukinem lan Tukiyem.

Surani : “Eh mbak-mbak….” (Surani nyelok wong loro wadon kui)

Tukinem : (Marani Surani ) “Ana apa mas?”

Surani : “Iki ana undangan saka Jaka Kembung sing arep ngenekake
acara kanggo golek bojo.”

Tukinem : “Sek-sek….” (madep mburi nyingkuri Surani) “Eh mbak, Jaka


Kembung kui biyo wong seng sugih kae to?”

Tukiyem : “Hooh-hooh. Apik iki. Yowes undangane tomponen wae.”

Tukinem : (Mbalek madep Surani) “Yowes ndi kene undangane.”


(Nampa undangan terus dikekne Tukiyem siji, Surani ngaleh).

Tukiyem : “Aku nggak mungkin iso teko. Kan aku wes ndue Parno.
Undangane kekno Sindenrella ae.”

Tukinem : “Yowes sak iki aku tak marani omahe Sindenrella.”

Babak III

Sindenrella nggosok klambine mbakyune karo nangis amarga nelangsa karo


uripe sing saben dina dibeda-bedani nang omahe dewe. Sindenrela ora ngerti nek
ana Tukinem teka lewat lawang mburi.

Tukinem : “Loh, Nden? ngapa kok nangis?” (nyedhak marang Sindenrella)

Sindenrella : “Rasaku kok kesel banget ya, Nem. Aben-aben dikon nyambut gawe
kayak ngene...” (ngulapi iluhe kang netes)
Tukinem : “Sing legowo, Nden. Sing ikhlas.. Kabeh tindak-tanduke dewek mesti
dibales karo Gusti Allah. Sanajan ora ngerti kapan wektune.”

Sindenrella : “Iya, Nem. Apa kowe sing nang tangan, sing kowe cekel?” (karo
nunjuk tangan tengene Tukinem)

Tukinem : “Nah, aku arep ngomong. Iki mau ana undangan saka Jaka
Kembung. Dadi Jaka Kembung kuwi critane arep nganakake acara kanggo golek
bojo.”

Sindenrella : “Temenan apa kowe, Nem? Jaka Kembung sing omah nang desa
sebelah kae, to?” (kaget)

Tukinem : “Iya, Nden. Jaka Kembung sing kowe senengi kae. Mbog kowe tau
cerita...”

Sindenrella : “Mosok sih?”

Tukinem : “Halah...kuwe pipimu kok dadi abang? Hahahaha...” ( ngguyu


ngledo Sindenrella )

Sindenrella : “Gara-garane kowe, Nem! Ngledeki aku! Kan aku isin, to!” (nutupe
raine nganggo tangane karo ngguyu ngguyu dewe)

Tukinem : “Iya, iyaaa... iki undangane, masalah melu opo ora kowe
sembarang. Sing penting aku wis ngabari kowe, Nden.”

Sindenrella : “Aku sih kepengin melu, Nem. Tapi aku ora ngerti oleh opo ora karo
Ibu.”

Tukinem : “Pamit bae karo Bapakmu wae nangapa?”

Sindenrella : “Bapak kan lagi kerjo 2 minggu nang kota. Aku ya ora bisa matur
marang Bapak.”

Tukinem : “Oh, yawis kowe nembung disit. Mengko aku dikabari ya. Aku arep
bali disek. Assalamu’alaikum...”

Sindenrella : “Walaikumsalam...”
Rahayu : “Sindeeeen! Lagi ngapa sih, deneng suwe temen nggosoke!!

Sindenrella : “Nggeh, Mba. Niki sampun rampung.”

Rahayu : “Jan, kaya kuwe tok be kesuwen!” (njukut klambine) “Loh, kuwe apa
sing kowe cekel?”

Sindenrella : “Anu, Mba..anu...niki..eh...undangan.”

Rahayu : “Iki kan undangan acarane Jaka Kembung? Deneng kowe bisa oleh
barang? Kowe arep melu apa? Hahahahaha. Ajo ngimpi Jaka Kembung seneng
marang kowe! Jaka Kembung kuwe seneng wong wedon sing kaya aku, uduk kaya
kowe!”

Sindenrella : “Tapi kan mboten salah to Mba, menawi Sinden nderek acara
menika.”

Rahayu : “Ibuuuu! Adellll.... Mreneo!!”

Sidenrella : (bingung Rahayu meh ngapa, wedi yen wadul ibune )

Ibu tiri : “Apa to? Kok bengok-bengok?”

Adelia : “Laiya ana apa to?”

Rahayu : “Bu, menika mireng mboten menawi Jaka Kembung ngawontenaken


undangan pados garwa mangke dalu?”

Ibu tiri : “Loh apa iya? Jaka Kembung sing gagah kae?”

Rahayu : “Nggeh, Bu. Rahayu uga badhe nderek. Tapi moso Sinden nderek,
kan lucu nggeh, Bu?”

Ibu tiri : “Apa? Kowe arep melu? Ora oleh karo Ibu! Mung gawe isin tok
mengko nang kana!”

Sindenrella : “Tapi, Bu... Mba Rahayu uga pareng nderek, moso Sinden mboten
pareng?”
Ibu tiri : “Sekali ora oleh ya tetep ora! Mengko bengi, kowe nang omah,
resik-resik! Ibu karo Mbakmu sing mangkat! Titik!”

Babak V

Mlebu wayah bengi Rahayu, Adelia, karo ibu tirine Sindenrella sibuk
nganah-ngeneh kanggo persiapan menyang umaeh Jaka Kembung. Rahayu
ditukokake klambi anyar sing apik banget. Sindenrella mung bisa ndeleng sanajan
atine iri ndeleng keloro mbak kuwalone di istimewakake karo ibune. Sindenrella
sing ora bisa melu mung bisa nelangsa karo resik-resik umah.

Sindenrella : “Ya Allah, paringana sabar, paringana ikhlas...” (Sindenrella ndonga


karo nangis)

Tukinem : “Assalamu’alaikum, Nden, Sinden!” (ngetok ketok lawang omahe


Sindenrella)

Sindenrella : “Walaikumsalam, mlebu bae, Nem!”

Tukinem : “Nden, deneng kowe tesih nang umah?” (bingung ndeleng


Sindenrela kang iseh nyapu)

Sindenrella : “Aku ora ulih melu karo Ibu, Nem. Aku didhawuhi nang umah bae
resik-resik.”

Tukinem : “Wis mangkat bae saiki. Ayo karo aku mronone!” (karo narik-narik
tangane Sindenrella)

Sindenrella : “Tapi nek aku dukani Ibu piye, Nem. Aja ngawur kowe!” (nguculke
tangane kang ditarik Tukinem)

Tukinem : “Ora, ora bakal diseneni. Wis ayo mangkat!”

Sindenrella : “Tapi aku ora nduwe klambi maen, Nem...” (ndeleng klambi kang
dinggo dekne)
Tukinem : “Halah, wis mbatin aku. Wong wedon genah iya koh, repot apa-
apane! Geh aku wis nyelangake klambine mbakku. Dienggo rana!” (nyerahke tas
kresek kang isine klambi)

Sindenrella : “Tukinem pancen TOP banget. Matur nuwun ya, ora salah aku
nduwe kancan kaya kowe, Nem! Aku tak ganti disit ya...”

Tukinem : “Iya, iya, cepetan!”

Sindenrella : (metu saka kamar) “Piye, Nem? Pantes ora?”

Tukinem : “Ayu koh, Nden. Apik lan pas nang kowe! Sumpah, kowe gawe
pangling!” (ngacungake 2 jempol tangane)

Sindenrella : “Halah, ngapusi ya?”

Tukinem : “Ora kok, temenan. Wis ayo mangkat! Tapi tak boncengna numpak
sepeda onthel, piye?”

Sindenrella : “Ya ora apa-apa. Wis bisa mangkat kuwe wis Alhamdulillah. Aduh,
aku kelalen aku ora nduwe sepatu, Nem!”

Tukinem : “Loh aku juga ora nggawa. Terus piwe?”

Sindenrella : “Yawis ora masalah aku nganggo sendal jepit bae.”

Babak VI

Sindenrella diboncengna Tukinem maring omah e Jaka Kembung nang desa


sebelah. Tekan umaeh Jaka Kembung.

Tukinem : “Wis nganah mlebu, aku nang njaba bae. Mengko nek wis rampung
parani aku nang pos ronda kae ya...” (ngacungi pos ronda kang ana ing pojokan)

Sindenrella : “Tapi aku isin mlebune, Nem. Rame banget!”

Tukinem : “Lah, ora apa-apa. Kuwi kan acara bebas kanggo sapa bae. Wis
nganah!”
Sindenrella : “Yawis. Matur nuwun ya, Nem. Aku mlebu disik.” (mlaku marang
pesta ing omahe Jaka kembung)

Babak VII

Sindenrella mlebu maring umaeh Jaka Kembung. Karo isin soale Sindenrella
mung nganggo sandal jepit, padahal liyane pada nganggo sepatu apik. Tembe bae
njagong kursi Jaka Kembung nyamperi Sindenrella.

Jaka Kembung : “Sugeng rawuh, Mbak....?”

Sindenrella : “Sinden, Sindenrella.” (karo isin-isin)

Jaka Kembung : “Sindenrella. Jenengmu apik, cocok karo parasmu sing ayu.”

Sindenrella : “Mas Jaka bisa bae...” (raine Sinden abang amarga isin)

Jaka Kembung : “Bisa ya, hehe. Sampeyan maring ngeneh karo sapa?”

Sindenrella : “Karo kanca mau, Mas.”

Jaka Kembung : “Oh. Sindenrela mesti pinter nyanyi? Gelem ora nembang
selagu kanggo ngramekake acara iki. Selagu tok...”

Sindenrella : “Anu...ora, Mas. Aku ora bisa nyanyi. Mbog malah tamune
pada bubar nek aku nyanyi.”

Jaka Kembung : “Moso sih? Aku ora ngandel. Ayo nyanyi, dijajal sik.”

Sindenrella : “Ampun lah, Mas. Anu ora bisa...”

Jaka Kembung : “Ayo lah, selagu tok, Nden. Ya? Ya?”

Sindenrella : “Emm... Yawis, selagu bae ya.”

Jaka Kembung : “Cihuy...iya selagu. Ayo munggah panggung cilik kae.” (Jaka
ngacungi panggung kang ana ing ngarepan para tamu)

Sindenrella : “Iya, Mas.” (Sinden mlaku enyang panggung)


Babak VIII

Sindenrella sing dipaksa nyanyi karo Jaka kembung akhire gelem. Pas
Sindenrella lagi nyanyi, ibu tiri, Adelia, karo Rahayu metu saka lawang mburi.
Wong loro kiye mau ndeleng Sindenrella lagi nyanyi. Sindenrella juga ndeleng
ibune karo keloro kuwalone. Sindenrella kang ndhuwur panggung langsung pucet.
Sawise Sindenrella nyanyi, Sindenrella mudhun saka panggung, langsung dicegat
ibu tirine karo loro mbakyune )

Ibu tiri : “Apa-apaan kowe nang kene! Ora krungu dhawuhe Ibu apa, hah!
Wis wani siki?!” (narik-narik tangane Sindenrella)

Rahayu : “Bisa-bisane ana nang kene kowe!”

Adelia : “Laiya kowe wes wani ngelawan wong tua.”

Sindenrella : “Wau, kula, anu...”

Ibu tiri : “Halah, aja kakehan alasan! Siki bali kowe! Sedurunge pada nyadar
kowe nang kene. Cepet bali!” (nyeret Sindenrella)

Sindenrella : “Tapi, Bu...”

Rahayu : “Cepet rana! Ora usah kakehan tapi!” (ndorong Sindenrella)

Babak IX

Sindenrella cepet-cepet arep metu saka omahe Jaka Kembung. Tapi


sedurunge tekan lawang, Sindenrella tubrukan karo Jaka Kembung.

Jaka Kembung : “Loh, Sinden? Arep ngendi? Deneng kesusu temen?”

Sindenrella : “Anu...aku...aku pamit, Mas. Aku arep bali, anu, aku ditunggu
nang umah. Ngapurane ya, Mas.”

Jaka Kembung : (nyekel tangane Sindenrela) “Aja! Aja bali disit...”


Sindenrela : “Ora bisa, Mas. Aku kudu bali saiki.” (nguculake tangane saka
Jaka, banjur mlayu)

Jaka Kembung : “Sindeeeen!”

Sindenrela : “Aja nyegat aku, Mas. Aku ora bisa suwe-suwe nang kene...
Assalamu’alaikum.” (Sindenrella kesusu mlayu)

Jaka Kembung : “Uduk, anu, kuwi sandal jepitmu ketinggalan.


Waalaikumsalam.” (njikok sandale Sinden nanging wonge wes ora enek disek)

Sindenrela bali maring omah karo Tukinem sing gumun nangapa Sindenrella
mung sedela tok nang omah Jaka Kembung. Apa maning Sindenrella metu ora
sandalan.

Ing omahe Jaka Kembung.

Jaka Kembung : “Sur….. Surani……”

Surani : “Enten apa pangeran?”

Jaka Kembung : “Tulung singgahno sandal jepit iki! Sesok terno aku neng
omahe Sindenrella mbalekne sandhal jepite seng keri. Terus aku bakal ngelamar
dek e dadi bojoku.”

Surani : “Panjenengan napa sampun yakin pangeran?”

Jaka Kembung : “Aku wes yakin bakal ngelamar dek e dadi bojoku.”

Babak X

Esuk-esuke, umaeh Sindenrella ditekani tamu sing ora diduga karo


Sindenrela, ibu tirine, lan keloro kuwalone, amarga sing teka kuwe Jaka Kembung.
Jaka Kembung : “Assalamu’alaikum...” (ngetok tok lawang)

Sindenrella : “Walaikumsalam...” (buka lawang) “Loh? Mas Jaka??”

Jaka Kembung : “Iya, Nden. Aku arep ana perlu.”

Ibu tiri : “Eeeeh, ana Mas Jaka Kembung. Monggo, monggo mlebet!
Mesti arep nggoleki Adelia lan Rahayu ya, Mas Jaka? Rahayuuu…….. Adellll…….!!!”

Rahayu lan Adelia : “Wonten menapa to, Bu?” (metu saka kamar)

Ibu tiri : “Iki loh, ana Mas Jaka nggoleki kowe pada.”

Rahayu : “Mosok? Apa iya, Mas?”

Adelia : “Mas Jaka enek apa nggoleki aku?”

Jaka Kembung : “Ngapunten, Bu. Saestunipun kula dhateng mriki wonten


perlu kaliyan Sindenrella. Sanes kaliyan Adelia lan Rahayu.”

Ibu tiri : “Oh, ngono? Ana perlu apa to? Kok sing digoleti
Sindenrella?!”

Jaka Kembung : “Kula dhateng mriki sepisan kaperlu badhe wangsulaken


sendal jepite Sindenrella ingkang katinggalan wonten griya kula. Kaping pindo,
kula badhe ndadosaken Sindenrela dados garwa kula.”

Ibu tiri, Adelia, lan Rahayu : “Haaaaaah???????” (kaget, mlongo)

Jaka Kembung : “Nggih, leres, Bu. “

Sindenrella : “Mas Jaka lagi guyon apa pripun sih?”

Jaka Kembung : “Ora, Nden. Aku temenan arep nglamar kowe. Kowe nerima
apa ora, Nden?”

Sindenrella : “Eh, mm, anu...” (ndelokake ibu lan keloro mbakyu tirine)

Jaka Kembung : “Nden?”

Sindenrella : “Eh, i..iya, Mas...”


Jaka Kembung : “Alhamdulillah....”

Akhire Sindenrella digarwa karo Jaka Sembung. Sanajan ibu tirine, Adelia,
lan Rahayu ora seneng, nanging bapake Sindenrella wis menehi restu. Sindenrella
karo Jaka Kembung urip ayem lan tentrem adoh saka ibu lan keloro mbakyu tirine.

TAMAT

Anda mungkin juga menyukai