Anda di halaman 1dari 3

LUNGA

Dening: Sri Kustanti

Grimis udan nelesi bumi pertiwi, ngiring lungane Esa Mahendra Pratama. Bojone
enyong, sing temen-temen tak tresnani kuwe wis lunga ninggalna nyong nggo selawase. Lara
nemen, anjog balung sungsum sing paling jero. Luh sing netes nggon pipi, kelangan sing gawe
sesek ati. Bisane Gusti mbein cobaan sing abot nemen sih? Sing dongene wektu kiye kuwe lagi
demen-demene koh ujug-ujug buyar.
Mripate nyong mandheng kadohan, ngemut-emut maning sapatemon mbiyen. Lagi kuwe,
nyong lagi nggolet bahan nggo tesis neng perpustakaan daerah kota S. Njujug lurung
perpustakaan bageyan basa. Lagi pan njukut buku sing lagi tak goleti, ujug-ujug ora sengaja
tangane nyong nyenggol tangane wong liya sing arep njukut buku sing padha. Dih, kaget nemen
koh. Bareng ndengak nyong weruh rai sing bagus nemen, irunge mbangir, eseme sing bisa
nggawe sikil ora bisa mlaku, apa maning matane sing adem keton lagi mandheng raine nyong.
“Pangapunten, Kula mbetahaken buku nika,” ujarku marang wong kuwe.
“Monggo Mba, di pun pendhet mawon. Mesthi mbetahaken buku nika kagem bahan ujian
nggih?” wong lanang kuwe takon garo mesem. Nyong mung bisane mesem garo ndhingkluk,
kisinan. Durung pernah sajege urip weruh wong lanang sing apikan kaya kuwe.
“Nggih, Kula mbetahaken buku nika kagem bahan ujian tesis,” ujarku. Ujug-ujug
dheweke ngulungna tangane.
“Tepangaken, Asmanipun Kula, Esa Mahendra Pratama. Saged pun timbali, Esa.
Panjenengan piyambak, asmanipun sinten?” dheweke genti takon.
“Mm… Asmanipun Kula Arsy Dewi Puspita. Sangged pun timbali, Arsy,” ujarku
maning. Bareng wis rampung nggolet buku sing diperlokna, tuli nyong garo Esa mlaku bareng
maring petugas peminjaman buku terus diwekna ben di catet. Bare dhewek mlaku bareng
ninggalna perpustakaan nuju taman neng sisihe gedung kuwe. Neng ngisore wit sing keton
ngrembuyung, nyong garo Esa njagong neng pereke kolam iwak.
“Arsy, dhewek ora usah basa ya. ben ora kagok. Ora papa oya? Takone maning.
“Ya, ora papa,” jawabe nyong mesih garo ndhingkluk.
“Tak deleng Kowen nyilih buku-bukune akehe nggo bahasa,” takone Esa.
“Bener, Nyong njukut prodi Bahasa Indonesia neng Universitas T,” jawabe nyong
maning.
“lha Kowen dhewek sih mesih kuliah apa wis nyambut gawe?” aku takon samba
nyemplungna roti nggo makani iwak. Esa njawab garo mesem, “Nyong wis nyambut gawe.
Kebeneran dina kiye prei, dadi nggo nggolet buku. Ya mung nggo refreshing baen koh,” terang
Esa maning.
“Sih Kowen nyambut gawe neng endi? Kiye kan dudu dina Sabtu,” aku takon maning.
“Nyong nyambut gawe dadi konsultan keuangan. Dina-dina kiye keh lagi sibu-sibuke.
Dadine ora bisa preinan. Dadi ya nembe siki bisa njukut prei” jawab Esa mesih ndeleng raine
nyong. Dina wis tambah awan. Kringet wis netes neng batuk. Ora tak nyana ana wong sing
ngulap kringet mau.
“Ma-matur nuwun. Aku balik ndisit ya. wis awan,” nyong ngomong gugup merga runtag,
tuli mlaku ninggalna Esa. Ujug-ujug tangane nyong ana sing nyekel, nggawe nyong nglinguk.
“Esa, ana apa? Bisane Nyong dandheg?” takone nyong bingung.
“Arsy, Nyong olih ketemu garo kowen maning? Olih njaluk nomer hpne? Dadi Nyong
bisa nelpon Kowen,” kandhahe maning. Tuli dhewek pada ijol-ijolan nomer hp, ngucapna salam
balik maring umah dhewek-dhewek.
Wektu wis mlaku suwe, ora krasa wis setahun nyong garo mlaku garo Esa. Siki Esa wis
dadi pacare nyong. Wong jebule apikan nemen. Kluwargane ya eman nemen. Wis pokoke dina-
dinane nyong kuwe seneng nemen lah.
Sore kuwe Esa ngejak mangan. Bareng wis tekan panggonane, pelayan tuli ngeterna
maring meja sing wis dipesen. Ora let suwe pelayan nyajikna panganan sing wis dipesen
sedurunge. Sambi mangan crita-crita uripe dhewek anjog pelayan nganterna panganan penutup
sing ketone eman dong pan dipangan.
Lagi baen mangan puding, nyong krasa ana sing atos neng ilat. Bareng tak jukt jebule ana
ali-ali sing apik nemen. Nyong mandheng Esa, dheweke mung mesem tok.
”Arsy, Kowen gelem kawin garo Nyong? Urip bareng anjog kaki nini? Nglakoni urip
susah seneng bareng?” takone Esa maring nyong. Nyong mesem garo manthuk.
“Ya Esa, Nyong gelem kawin garo Kowen. Urip bareng Kowen selawase, susah seneng
bareng dilakoni,” cepet tak jawab. Lamat-lamat keprungu lagu favorit Esa, Beautiful Girl pas Esa
nglebokna ali-ali mata biru neng drijine nyong. Nyong seneng nemen. Dina kiye, seumur urip
ora bakal tak lalikna.
Telung wulan sawise dilamar, Nyong kawin garo Esa. Komplit nemen rasa senenge. Siki
wis meh setaun nggone nyong kawinan. Kaya biyasane dong saben esuk Esa njagong neng ruang
makan ndeleng siaran warta pagi garo ngombe teh ijo karemane. Warta sing lagi viral kuwe
warta Covid-19 sing tambah nyebar nemahi masarakat Indonesia. Nyong sing krungu mrinding
nemen garo ndremimil ndonga ben di dohna sekang mala kuwe.
“Uhuk… uhuk… uhuk…”
Esa watuk bolak-balik. Garo nggawa sarapan, nyong nyandhak obat tuli nyedheki Esa.
Tak demek bathuke, rada anget.
“Mas, Njenengan gerah ya? Gagiyan, ngunjuk obat ndhisit,” ujarku garo ngulungna obat
ben cepet diombe.
“Nyong ora apa-apa, koh Ma. Mung kekeselen tok,” jawabe Esa ben nyong ora rundag.
“Iya, Mas. Tapi Mas kudu tetep ngunjuk obat, ben ora tambah parah,” nyong meksa ben
dheweke ngeleg obate.
“Ya wis, Ma. Aja kuwatir kaya kuwe oh. Nyong ora apa-apa,” kandhahe garo nginung
obate.
“Ayo, Kowen ya kudu mangan, Ma. Nyong ora pengin dong anake dhewek kurangen gizi
merga Kowen ora gelem mangan nguwatirna Nyong baen,” kandhahe garo ngelus wetenge
nyong sing wis katon gede. Ya, nyong lagi meteng wis mlaku 7 wulan.
“Iya, Mas. Mas ora usah khawatir. Mesti tak jaga anake dhewek,” ujarku garo njukutna
sega nggo Esa.
“Ma, Nyong mangkat kantor ndhisit ya. O ya, mengko awan sida priksa neng dokter?
Jam 10 tak pethuk,” kandhahe garo pamit metu umah. Tak terna anjog mas Esa mlebu mobil.
Mobil alon-alon mlaku ninggalna umah, tapi koh nyong krasa ana sing melu ilang. Apa ya?
mbuh kiye firasat apa. Nyong mung bisane ndonga garo Gusti Allah ben kabeh padha slamet.
Jam 10 persis, mas Esa wis siap. Tuli bareng lunga maring klinik dokter kandungan nggo
mriksakna nyong. Neng njero mobil tak deleng mas Esa raine pucet nemen. Tak demek bathuke,
daning panas nemen. Luwih panas tinimbang mau esuk.
“Uhuk… uhuk… uhuk…” bola-balik mas Esa watuk, ambegane ngos-ngosan.
“Mas, Njenengan gerah. Juh langsung maring rumah sakit baen,” nyong meksa ben mobil
muter langsung.
“Nyong ora apa-apa, Ma. Kiye mung lara biyasa merga kekeselen tok. Mengko balik
langsung ngaso,” jawabe ben nyong ora wedi. Bar priksa rampung, tuli dhewek langsung balik
umah.
Sedalan-dalan Mas Esa watuk terus, ambegane ngos-ngosan. Nyong bisane mung nangis,
ora tega weruh mas Esa sing katon kelaran. Anjog umah nyong langsung njuluk tulung garo
Mbok Nah mapah Mas Esa maring kamar. Gagiyan tak ombeni obat ben watuk garo panase
mudun. Bathuke tak kompres, tapi meksa panase ora mudun.
Bengine merga panase sansaya dhuwur, nyong nelpon ambulan nggawa Mas Esa maring
rumah sakit. Atine nyong lara nemen weruh raine Mas Esa sing biyasane mesem sumringah siki
pucet nahan lara. Dokter sing mriksa age-age mrentahna perawat nggawa Mas Esa mlebu
ruwangan khusus. Dokter nerangna dong Mas Esa kena virus Covid-19, dadine kudu di rawat
neng ruang isolasi.
Krungu keterangane dokter awake nyong lemes dedes ora ana daya. Luh wis nelesi pipi.
Tangane nyong ndredeg, nelfon wong tuwane nyong ngabarna kiye. Nelangsa nemen, wong sing
paling tak tresnani kuwe mung bisane turon. Pengin nemen rasane tak rangkul tapi merek tok be
ora olih daning dokter.
Pirang jam sawise, nyong weruh Mas Esa digawa dokter garo perawat mlebu ruwangan.
Nyong ora ngerti bojone nyong kenangapa di pindah. Ora let suwe dokter metu tuli nemoni
nyong.
“Nyonya Esa, silahkan masuk. Anda di cari suami anda,” jare dokter kuwe garo
ndelengna nyong kemelasen. Nyong mlaku mereki bojone nyong neng kana. Tak ggem tangane,
tak sun bathuke. Mripate Mas Esa mbuka tuli ngomong lirih,”Sayangku, Arsy. Nyong tresna
nemen garo kowen. Nyong beruntung nemen bisa dadi bojone Kowen. Nyong pesen, Kowen
kudu bisa njaga anake dhewek ya. Nyong bakal terus neng sisihe Kowen.”
Tak sun pipine, tulli nyong ngomong,”Nyong ya tresna nemen garo Njenengan, Mas.
Sareh ya Mas. Mesthi tak jaga putrane njenengan.”
Tak deleng mripate Mas Esa wiwit merem. Eseme ana neng lambene. Tangan sing
nggegem nyong kenceng wiwit lemes. Nyong njerit, kabeh rasane peteng.
Saiki neng kene. Neng ngarep lemah sing mesih teles. Luh mripat sing netes neng pipi
ora bisa tak tahan. “Sugeng tindak, Mas Esa. Tresnaku tumusing ati mung kanggo Kowen. Saiki
lan salawase.”

Anda mungkin juga menyukai