Anda di halaman 1dari 16

AKSARA JAWA LAN

AKSARA BALI
Asmanipun anggota kelompok :
1. Adrik Izza (01)
2. Farhan Arfani Pangestu (10)
3. M. Hammam Nasrudin (21)
4. Sosa Kinsty (30)
A. AKSARA JAWA
Aksara Jawa Hanacaraka ngrupakne salah siji aksara sing
digunakne neng lemah Jawa lan sekitarnya, kerep karan aksara Jawa.
Aksara Hanacaraka sabenere dijupuk saka lima aksara pisan jero aksara
Jawa: “HANA CARAKA”. Aksara Jawa dhewe nyacah rong puluh
aksara,yaiku :
KANG NDUWENI MAKNA :
 Ha = Hana hurip wening suci – adanya hidup adalah kehendak dari yang
Maha Suci
 Na = Nur candra, gaib candra, warsitaning candara – pengharapan manusia
hanya selalu ke sinar Illahi
 Ca = Cipta wening, cipta mandulu, cipta dadi – arah dan tujuan pada Yang
Maha Tunggal
 Ra = Rasaingsun handulusih – rasa cinta sejati muncul dari cinta kasih nurani
 Ka = Karsaningsun memayuhayuning bawana
 Da = Dumadining dzat kang tanpa winangenan – menerima hidup apa adanya
 Ta = Tatas, tutus, titis, titi lan wibawa – mendasar, totalitas, satu visi, ketelitian dalam
memandang hidup
 Sa = Sifat ingsun handulu sifatullah – membentuk kasih sayang seperti kasih Tuhan
 Wa = Wujud hana tan kena kinira – ilmu manusia hanya terbatas namun implikasinya bisa
tanpa batas
 La = Lir handaya paseban jati – mengalirkan hidup semata pada tuntunan Illahi

 Pa = Papan kang tanpa kiblat – Hakekat Allah yang ada disegala arah
 Dha = Dhuwur wekasane endek wiwitane – Untuk bisa diatas tentu dimulai dari dasar
 Ja = Jumbuhing kawula lan Gusti – Selalu berusaha menyatu memahami kehendak-Nya
 Ya = Yakin marang samubarang tumindak kang dumadi – yakin atas titah/kodrat Illahi
 Nya = Nyata tanpa mata, ngerti tanpa diuruki – memahami kodrat kehidupan
 Ma = Madep mantep manembah mring Ilahi – yakin/mantap dalam
menyembah Ilahi
 Ga = Guru sejati sing muruki – belajar pada guru nurani
 Ba = Bayu sejati kang andalani – menyelaraskan diri pada gerak alam
 Tha = Tukul saka niat – sesuatu harus dimulai dan tumbuh dari niatan
 Nga = Ngracut busananing manungso – melepaskan egoisme pribadi manusia
JINIS-JINIS AKSARA JAWA
1. Aksara Carakan
Aksara Jawa carakan diarani uga nglegena (dhasar) iki cacahe ana rong
puluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya
mengkene :
2. Aksara Murda
Aksara murda tegese aksara sirah/gedhe
(kapital). Gunane kanggo pakurmatan tegese
ngurmati. Lumrahe (biasane) kanggo nulis jeneng
wong lan jeneng apa wae.

Tata cara nulis Aksara murda :


1. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda
(aksara mati padasuku kata), dadi ora kena
dipangku lan ora bisa dipasangi.
2. Aksara murda cukup ditulis sa’aksara saben
satembung, kapilih manggon ana ing ngarep,
manawa ora ana ya aksara burine, lan sapiturute.
3. Aksara murda bisa diwenehi sandhangan
4. Aksara murda duwe pasangan saengga bisa dadi
pasangan
3. Aksara Swara

Aksara swara gunane kanggo nulis swara kang dadi wanda ing tembung utamane tembung
manca (asing) kanggo nyethakake (memperjelas) pangucapane.

Tata cara nulis aksara swara :


1. Aksara swara ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana aksara sigeg (mati) ing ngarepe mula kudu
dipangku
2. Aksara swara ora kena diwenehi sandhangan swara (wulu, suku, pepet, taling, taling tarung)
3. Aksara swara uga bisa dianggep aksara gedhe (kapital), dadi bisa digunakake kanggo nulis jenenge
kutha, desa, nagara utawa wong.
4. Aksara Rekan

Aksara rekan gunane kanggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-
luwih tembung Arab.Manawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca,
mung katulis nganggo aksara lumrah bae. Aksara rekan cacahe ana lima, yaiku :
dz, f, gh, kh, z
Tuladhane :
5. Aksara Wilangan (Angka 6. Sandhangan (Tanda Baca)
Jawa)
B. AKSARA BALI
Aksara Bali asale saka basa lan aksara kang digawa saka India
nalika jaman nyebarna agama Hindu lan Budha ing nagara Indonesia.

1. Aksara Wre Sastra (aksara lagna) :

Aksara iki digunakake kanggo nyuratan basa Bali Lumprah (bahasa


sehari-hari). Aksara iki ana 18, yaiku :
ha,na,ca,ra,ka,da,ta,sa,wa,la,ma,ga,ba,nga,pa,ja,ya,nya.
2. Aksara Swalalita
Aksara iki yaiku Aksara Bali kang muat Basa Jawa kuna.
a. Aksara Swara :
Aksara swara iki dumadi saka :
- Suara Hreswa (suara cekak), yaiku : a, i, u, e, o, r, l.
- Suara Dirga (suara dawa), yaiku : a, i, e, o, r, l.
b. Aksara Wianjana :
Saking aksara iki ana 5 aksara mawasta : warga aksara (manut Panini, sastrawan
Hindu saking nagara India). Warga aksara dumadi saka :
-Warga Kantya: k, kh, g, gh.
-Warga Tawalya: c, ch, j, jh.
-Warga Murdhanya: t, th, d, dh, n.
-Warga Dantya: t, th, d, dh.
-Warga Osthya: p, ph, b, bh.
3. Aksara Modre
Aksara Modre, yaiku : aksara kanggo nyuratani rerajahan-rerajahan, maca
mantra. Tuladhane : ANG, UNG, MANG. Kang sering diucapake : A, U, M. Kang
digabung dadi : AUM.
PANGANGGE AKSARA
1. Pangangge Swara 2. Pangangge Ardaswara 3. Pangangge Tengenan
4. Wangun gempelan 5. Wangun Gantungan
• http://danang29.blogspot.co.id/2012/04/aksara-jawa.html
• https://id.wikipedia.org/wiki/Suku_(Hanacaraka)
• https://id.wikipedia.org/wiki/Aksara_Bali
• https://sorasirulo.com/2013/07/09/3562/

Anda mungkin juga menyukai